Thursday, 3 January 2008

Aksara Jawa Mlebu Ha-Pe:Mimpi Kali Ye!

Sarasehan ing rerangken Sosialisasi Registrasi Unicode lan Komputerisasi Aksara Jawa digelar ing Hotel Simpang Surabaya (28 Juni 2007). Kacarita, sadurunge kuwi uga wis digelar ing Semarang, Solo, lan Jogjakarta kadidene ayahan kang dianggep penting sawise Kongres Bahasa Jawa IV (10 – 15 September 2006). Yen wis dikomputerisasi lan didhaptar kadidene Unicode, mengko aksara Jawa bisa mlebu ha-pe. Wah, kira-kira ha-pe merek apa, ya?


WUS kacetha ing judhule sarasehan, kang dadi underaning rembug yaiku: (1) komputerisasi aksara Jawa lan (2) karep ndhaptarake aksara Jawa amrih diakoni ing tataran internasional.
Dene paedahe komputerisasi aksara Jawa lan pendhaptarane ing Unicode, kacetha ing makalah: (1) carakan Jawa dadi perangane aksara tradisional ing jagad iki lan ka-install ing sistem operasi komputer saindenging donya, (2) manekawarna aplikasi kang didhasari sistem komputer bisa migunakake basa/aksara Jawa kadidene basa operasionale, kaya ta: hand phone, MP3, lan MP4, (3) Nggampangake komunikasi data digital saka komputer siji nyang komputer liyane, kanthi sambungan internet apadene ethernet, (4) Nglestarekake naskah-naskah kuna bakal luwih gampang jalaran bisa diketik maneh utawa disalin nggunakake program komputer, upamane nganggo Omnipage (kanthi di-scan luwih dhisik), lan (5) bakal nggampangake proses nyinaoni/mulangake maca-nulis aksara Jawa.

Kuwi mau takjarwakake kanthi ukaraku saka makalah kang asline ditulis nganggo aksara Latin tur basane basa Indonesia. Lha, tekan kene wis tuwuh pitakon: Selagine para jamhure, nimpunane, pakar-e, lah embuhlah apa wae sebutane kuwi wae sajak wis ora precaya marang basa Jawa [lisan apadene tulisan aksara Latin], lha kok gawe ada-ada arep memasyarakatkan aksara Jawa kuwi mengko piye dadine?

Aksara Jawa di-paten-ake, didadekake Unicode, dadi aksara kang diakoni kadidene kaskayane kabudayan Jawa dening masyarakat internasional, mborong kersa. Apamaneh wragate ditanggung dening Amerika, lan wong Jawa uga prelu ngaturake panuwun marang priyantun mancanagari: Mbakyu Dr. Deborah Anderson lan Kangmas Michael Everson kang keraya-raya mbiyantu amrih kaleksanane pendaftaran kuwi.

Mung wae, kang marakake rada ngganjel maneh, kaya kang kawedhar ing sarasehan dhek wingenane dawa kae, sajake kok bakal ana aksara-aksara (Jawa) yasan anyar awit ana panganggep manawa sawatara aksara (lambang swara) ing naskah-naskah Jawa kang didadekake aksara murda (Ind: huruf kapital). Kang nguwatirake, kepriye yen aturan anyar iku mengko bakal mahanani: sok sapaa wae kang lagi ajar lan pinter maca-nulis nganggo aksara Jawa versi Unicode malah banjur gedandapan yen diadhepi naskah-naskah lawas! Yen kaya ngono rak mengko bakal ana aksara Jawa yang disempurnakan kang dadine malah ora karu-karuwan?

Mula, aku luwih setuju manawa komputerisasi aksara Jawa kuwi luwih diarahake marang manfaat kanggo (kanthi program komputer) nglatinake aksara Jawa ing kitab-kitab Jawa, ing naskah-naskah lawas kang dadi bothekan kabudayane wong Jawa kareben bisa diwaca generasi saiki. Gegayuhan memasyarakatkan aksara Jawa, ngenteni laire generasi kang melek aksara Jawa, sajake bebasan ngenteni kereme prau gabus utawa ngenteni kumambange watu item.

Wektu iki aksara Jawa kuwi wis ora kanggo ing urip padinane bebrayan Jawa. Media cetak abasa Jawa (Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Damar Jati, Parikesit) lan rubrik abasa Jawa ing koran abasa Indonesia (Suara Merdeka, Solo Pos) kabeh nggunakake aksara Latin. Kajaba iku uga akeh kang ngakoni manawa wulangan basa Jawa ing sekolahan kahanane mrihatinake banget. Gurune akeh kang ora pati becus, ora merga saking bodhone, nanging merga anane sistem kang ora nyengkuyung, upamane keladuk mituhu aturan kang kamot ing unen-unen, ’’Bahasa pengantar di dunia pendidikan adalah bahasa Indonesia.’’ Tur, wektu pasinaone ya winates banget.

Mula, ayahan memayarakatkan aksara Jawa, gegayuhan supaya generasi kang bekal teka mengko bisa melek aksara Jawa, istingarah mung bakal dadi impen selawase lamon ora disengkuyung dening Dinas Pendidikan (ing Tanah Jawa) upamane kanthi aturan: ora bisa dilulusake saka Sekolah Dasar sok sapaa kang durung bisa maca-nulis aksara Jawa.
Mengko, yen wis lair generasi kang melek aksara Jawa, sapa kang bisa mangsuli pitakon: Banjur kabisan maca-nulis aksara Jawa kuwi arep dienggo apa? Maca buku-buku kang ditulis nganggo aksara Jawa? Kuwi buku apa, yen Kitab Adiparwa, Ramayana, Mahabarata, Centhini, Wulangreh, Wedhatama, sapiturute kuwi wis dibabar kanthi aksara Latin, lan malah wis dadi abasa Indonesia? Kira-kira apa mengko ya bakal ana kang wani mbandhani laire majalah kang mligi nggunakake basa-aksara Jawa?

Gegayuhan ’’nguripake maneh’’ aksara Jawa kudu diakoni kadidene gegayuhan kang mulya. Dakarani ’’nguripake maneh’’ jalaran miturut pamawasku aksara Jawa kuwi pancen wis mati, senajan durung mati sek. Simbahku duwe tinggalan mantra oleh-olehan saka meguru embuh menyang endi/sapa kang ditulis kanthi aksara Jawa, saperangan kanthi aksara Arab Pegon (Arab Gundhul). Wongtuwaku dhewe wis ora lancar nulis-lan maca aksara Jawa, dene pamanku bisa maca nanging ora bisa nulis. Aku dhewe bisaku mung maca nulis aksara (Jawa) nglegena. Yen wis tekan sandhangan, murda, lan sapiturute kuwi wis cep-klakep. Anakku, malah wis ora ngreti pa bengkong. Tegese wis ana jurang kang jerone 2 – 3 generasi. Sapa kang nyiptakake jurang kuwi? Lha, sumangga sapa kang bisa didumuk. Kang cetha, geneya kalawarti abasa Jawa kuwi padha ora nggunakake aksara Jawa? Malah ana kang banjur oper nganggo basa Indonesia, lho!

Mula, senajan ora kepengin nyalahake generasi kang wis ora ana, blaka suta wae, aku wis wegah yen dikon sinau maca lan nulis aksara Jawa. Apamaneh, kadidene pengarang sajake aku ora bakal ngadhepi prekara manawa mengko kelakon aksara Jawa dikomputerisasi lan mlebu Unicode. Aku cukup nulis nganggo aksara Latin, yen wis rampung kari nutul tombol (Ctrl + A) banjur nge-klik font, mindhahake saka Times New Roman menyang Ajisaka, Sekarjagad, utawa Sekarrinonce. Tulisan aksara Latin-ku bakal kanthi otomatis dadi tulisan aksara Jawa. Mengko yen wis kacithak ing majalah, aku, penulise, wis ora bisa maca! Horotoyoh!

Yen taun 2009 mengko aksara Jawa wis dadi basa pemrograman ing komputer, ing ha-pe, lan sapiturute, coba saiki wiwit dietung, ing antarane 200 – 500 sokabat Panjenengan kang kadhaptar ing fitur contacts (gek basa Jawa-ne apa iki ya?) ha-pe Panjenengan, kira-kira wong pira kang bisa ’sambung’ saupama Panjenengan kirimi SMS (pasugatan weling cekak?) kanthi aksara Jawa? Petungan sabanjure, padha-padha karepe, endi kang paling ringkes, tur mbutuhake mijet keypad luwih sethithik: aksara Latin apa aksara Jawa? Ing sarasehan wus dikandhakake manawa naskah basa Jawa aksara Latin telung kaca kuwi bisa disalin menyang aksara Jawa saringkes-ringkese dadi 5 kaca. Mula yen wis urusan karo nyithak majalah, bisa dietung pira undhake prabeya lamon mengko kudu ganti aksara (saka aksara Latin menyeng aksara Jawa).
Iki Jaman Global. Dewa kang paling sekti jenenge Pasar. Mahadewa-ne ya Pasar Global. Kang luwih kebat, luwih apik, tur luwih murah, iku kang tansah diudi. Lha, rembugan bab Nokia, Microsoft, Linux, iku luwih cedhak karo pasar apa karo kabudayan adiluhung? Mugi wonten ingkang kersa paring wangsulan. []

Saka: Suara Merdeka
piye?:

0 urun rembug: