Showing posts with label SASTRA JAWA. Show all posts
Showing posts with label SASTRA JAWA. Show all posts

Monday, 24 June 2013

Donyane Wong Kakehan Omong

Kalungguhane basa Jawa ing bebrayan Jawa bakal tansaya santosa sauger: (1) digunakake ing bebrayan, (2) diwulangake ing bangku pasinaon, (3) ana pakulinan nulis/maca kanthi bukti anane kalawarti kang seger-kuwarasan sarta akeh buku kang kababar. Nanging, Rapat Koordinasi Implementasi Hasil Kongres Bahasa Jawa V di Jawa Timur bersama Masyarakat dan Dunia Pendidikan (Hotel Inna Tretes, 12-14 Juni 2013) kaya-kaya mung dhapur nanggapi bakal tumapake Kurikulum 2013 kang ngiwakake (yen ora entuk diarani: muthes) basa ’daerah’ kalebu basa Jawa ing pamulangan. Apa nanggapi Kurikulum 2013 iku ora penting? Wangsulane: penting banget. Ayo digatekake unine Pasal: 42 ayat 1 UU RI No 24 Taun 2009 ngenani: Gendera, Basa, lan Lambang Negara, sarta Lagu Kebangsaan: "Pemerintah Daerah wajib mengembangkan, membina, dan melindungi bahasa dan sastra daerah agar tetap memenuhi kedudukan dan fungsinya dalam kehidupan bermasyarakat sesuai dengan perkembangan zaman dan agar tetap menjadi bagian dari kekayaan budaya Indonesia," kang banjur disusul ayat (2): ”Pengembangan, pembinaan, dan pelindungan sebagaimana dimaksud pada ayat (1) dilakukan oleh pemerintah daerah di bawah koordinasi lembaga kebahasaan.”

Ing perangan ’penjelasan’ dijlentrehake mengkene: ”Yang dimaksud dengan ’pembinaan bahasa’ adalah upaya meningkatkan mutu penggunaan bahasa melalui pembelajaran bahasa di semua jenis dan jenjang pendidikan serta pemasyarakatan bahasa ke berbagai lapisan masyarakat.”

Kanthi mangkono, satemene UU No 24/2009 iku wis aweh pangayoman kanthi nibakake kuwajiban marang pamarentah (daerah) supaya bahasa daerah kalebu basa Jawa diwulangake ing: semua jenis dan jenjang pendidikan. Yen UU iku ditrapake kanthi bener, kahanane bakal luwih becik tinimbang kang gumelar saiki. Mula, yen nganti pelajaran basa Jawa disuwak saka pamulangan, masyarakat bisa kelah, gugat, lumantar jalur pengadilan kang sumadhiya. Ajamaneh kok nganti nyuwak, yen ana peraturan pemerintah (daerah) utawa naskah kurikulum kang pratela, ”Mulok (muatan lokal) dapat diisi dengan mata pelajaran bahasa daerah,” iku wis kena diarani cengkah karo UU amarga wus ngowahi saka ’wajib’ dadi ’oleh’ (oleh iya oleh ora) utawa: kok iseni basa Jawa karepmu, ora ya karepmu!

Yen pasamuan ing Tretes iku ngasilake rekomendasi kang prasasat 100% sinurung dening para paraga ing donyaning pendidikan formal (guru lan dhosen) bisa ketemu nalar. Keh-kehane sing rawuh pancen guru lan dhosen. Tur maneh, momentum-e ya pas karo swasana rada ’panas’ ngadhepi tumapake Kurikulum 2013 kang dianggep ngiwakake utawa malah nyuthat basa daerah (klebu basa Jawa) saka pamulangan. Rekomendasi saka ’Pasamuan Tretes’ satemene mung dhapur ngambali utawa mbengokake maneh saperangan rekomendasine KBJ V, supaya Pemerintah Provinsi Jawa Timur enggal mangun bebadan kang sinebut Dewan Bahasa Jawa, supaya enggal digawe perda ngenani basa daerah. Kanthi mangkono, senajan Kurikulum 2013 panggah muni: ”Basa daerah kuwi kok wulangke karepmu, ora ya karepmu,” para guru basa Jawa ora prelu kuwatir amarga basa Jawa isih kudu (wajib) diwulangake ing bangku pasinaon, kayadene kang wus lumaku ing Jawa Tengah alelandhesan perda (apa SK Gubernur?). Jawa Barat uga dikabarake wus luwih dhisik yasa lan duwe perda basa daerah (Sunda).

Ancas ngetrapake Kurikulum 2013 tan wurunga ndadekake donyane pendidikan gonjing. Para guru basa Jawa padha protes, lan Mendikbud disemprot saka kana-kene. Senajan wusanane ana pangayem-ayem manawa basa daerah, klebu basa Jawa ora disuwak warasan kanthi (bakal) tumapake Kurikulum 2013, ada-ada gawe kurikulum anyar iki nyata wus nuwuhake padudon kang mesthine ngentekake wragad ora sethithik. Aja dikira yen saben-saben rapat para penggedhe (klebu para gemedhe) ing Jakarta kuwi cukup diwaregi lan diwenehi sangu mbecak.

Tansaya ora produktif, nalika para guru (basa Jawa) banjur padha umyeg merga rumangsa bakal kelangan ”jam pelajaran” ibarate wong tani kelangan sawah lan tegalane. Ora produktif jalaran sabubare KBJ V kang mesthine ngrembug ayahan apa wae kang becik enggal katindakake ing sekolahan apadene ing sanjabane sekolahan, malah sangsaya nglantur olehe padha udreg prekara kurikulum. Mula ing ”Pasamuan Tretes” kuwi Pak Parto (Suparto Brata) kawetu pangunandikane, ”Wis ta, cekake aku ora sah rekomendasi apa-apa, ora sah perda, angger isih diparingi waras-wiris dening Gustiallah mesthi terus taktindakake ayahanku. Apa ayahanku kuwi? Nulis lan gawe buku.”

Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan (Unesa) lan Drs, Amir Mahmud, MPd. (Kepala Balai Bahasa Jawa Timur) wis ngakoni manawa durung ana langkah nyata kang mitayani saka KBJ V. Satemene, luwih nunjem maneh manawa diarani: saka KBJ kang wus dianakake kaping 5 kuwi. KBJ kuwi rak isine wong adu rembug. Yen adu rembug-adu rembug sabanjure kang diarani rapat koordinasi, sarasehan, lan sapiturute kuwi diarani ”tindak lanjut” mesthine dadi hak-e masyarakat, aktivis basa lan sastra Jawa, mitakonake: Banjur olehe tekan ngenggon kapan? Mangga, sinten ingkang badhe paring wangsulan, sadurunge ana usul supaya Pak Suparto Brata mbabar maneh novel Donyane Wong Culika kanthi ngowahi irah-irahane dadi: Donyane Wong Kakehan Omong. (Bonari Nabonenar)

Thursday, 14 March 2013

Sanggar Sastra....

Sanggar Sastra (Jawa) lan Partai (Politik) iku padha-padha wujud organisasi. Klebu bab kang mbedakake: watak lan gegayuhane.

(1)
Partai (Politik)

Partai (politik) diedegake kanggo ngranggeh kekuasaan, amrih bisa gawe utawa melu gawe program mbangun negara. Wong mlebu (dadi anggota/pengurus) partai amrih entuk bageyan kekuasaan, lan saora-orane duwe saluran aspirasi kang cetha kanggo program mbangun negara, klebu mbangun rakyate sing duwe aspirasi kuwi. Saben anggota biasane duwe kartu tanda anggota. Partai kuwi organisasi kang sipate resmi, formal. Ora ana partai kang aweh kalonggaran ing bab keanggotaan rangkap. Jenenge anggota, kader partai, kudu setya mung marang partaine, ora oleh dadi anggota partai A lan uga dadi anggota partai liyane. Wong sing arep mlebu partai biasane wis dunung marang ideologi, visi, lan misi-ne partai. Sok yen ana bengkrik njuk nganti saweneh anggota/pengurus mundur/metu saka partaine, biasane tuking prakara ana ing bab: kalungguhan/jabatan, utawa ora sapanemu karo program utawa strategi aksi-ne partai.

(2)
Sanggar Sastra

Sanggar Sastra diedegake kanggo ngiket paseduluran ing antarane wong-wong kang padha seneng nulis utawa ngarang. Sipate bisa resmi/formal, duwe akta notaris, bisa uga ora formal. Wong mlebu utawa dadi anggota (bisa uga banjur kapilih dadi pengurus) padatane kasurung dening karep entuk kanca sapepadhane pengarang/penulis lan bisa entuk wektu luwih omber kanggo ngasah kawasisane ing bab ulah kridhaning basa/sastra. Grup-grup (Basa/Sastra Jawa) kang digawe ing kacamaya pasrawungan (situs jejaring sosial) iku dakkira bisa uga diarani sanggar basa/sastra Jawa.

Ing jagad maya apadene ing jagad nyata, ora pati keprungu anane aturan: ora oleh keanggotaan rangkap. Si Suta bisa wae dadi anggota Sanggar A lan B. Yen dadi pengurus ing sanggar kene lan uga dadi pengurus ing sanggar kana, mbokmanawa pancen ewuh olehe ngayahi ing jagad nyata. Nanging, ing (sanggar) jagad maya Si Naya bisa wae dadi pengurus (admin) ing pirang-pirang grup kang nunggal sedya.

Wong sing arep mlebu grup utawa sanggar biasane ya wis dunung apa kang dikarepake, digayuh dening sanggar/grup kuwi. Saweneh anggota sanggar (dudu grup ing jagad maya) bisa mundur/metu …angger ana uleman sapatemon ora ngenyangi, upamane merga pindhah ing papan kang adoh banget, ganep ping selikur ngono penguruse rak waleh ngulemi, nanging padatane isih diakoni kadidene anggota. Lagi ora diakoni dadi anggota sanggar, di-mantan-ake, mengko yen wis kumawani padudon karo pengurus sanggar ing ruang publik? Mbokmanawa bisa uga amarga prakara seje.

Yen ing bab mlebu-metune anggota sanggar aku takon, ”Apa bersanggar iku mirip-mirip karo berpartai, ya? –upamaa aku duwe wangsulan genah ora valid. Yen ana conto mung siji-loro wong ninggalake sanggare saperlu dadi ketua ing sanggar anyar utawa nggabung sanggar seje, apa kuwi wis bisa digawe dudutan? Rak ya durung. Mula diprelokake panaliten mirunggan. [ngluwariujar.com]

Thursday, 31 January 2013

UDAN

satemene aku ora mentalan
yen kowe gelem aweh dalan
ing kitir kang takgawa saka prepat kepanasan
kacetha atur pambagya lan kabar suka marang bumi kelairan
marang manungsa
marang kewan lan thethukulan
lan kabeh kang njegreg apadene kang gegremetan

tansah semayan
aku ora teka salah papan
kowe sangsaya aleman

yen prabu rama sawadya mbendung samodra agawe dalan
kanggo mbrastha watake buta yak-yakan
kowe nawu segara kanggo nggedhekake wetenge buta

yen anoman njabel gunung
kangggo nyampurnakake patine si dasamuka ya rai sepuluh
saiki alas bosah-baseh gunung jugrug mung kanggo
njembarake raimu!

Nggalek, Januari 2013



KOMENTAR:


satemene guritan iku uga sawijine piranti kanggo ngabarake. ngabarake rasa lan angen-angene penggurite. kadidene sarana kanggo ngabarake, guritan kudune duwe cara seje, beda karo cara kang digunakake dening alat pekabaran liyane (upamane warta ringkes ing kala-/ari-warti).

ajamaneh karo "warta ringkes", selagine karo golongane anggitan kaya ta crita cekak, sandiwara (teks/naskah) wae ya kudune beda. Cethane, upamane, guritan kuwi dudu pedhotan crita cekak, utawa pawarta saka koran, kang merga ditulis kanthi tatanan aksara (tipografi) kaya salumrahe guritan wae banjur diarani guritan. malah kosokbaline, ana guritan kang becik tunilis kanthi tipografi kayadene gancaran.

tegese, kang marakake sawijining guritan dibiji becik iku ora amarga tipografine, uga ora saka akehe kedadeyan: tiba pas dhong-dhinge suwara (guru lagu), nanging amarga pangrakiting tembung dadi ukura gurit kang pancen seje, khas. kakehan tiba ing dhong-dhinge suwara kaya guritan ndhuwur iki malah ora beda karo sayur, jangan, kakehan uyah. dadine rak kasinen.

amarga pangrakiting tembung kanthi ngerigake sakehing piranti, wirama, wilangan, dhong-dhinging suwara, pralambang, pasemon, personifikasi, sanggit, lan liya-liyane (bapak/ibu dhosen lan para mahasiswa/i mesthi isih apal kabeh kuwi) padatane banjur ora sadhengah pawongan bisa enggal nampa "kabar" kang winartakake dening sawenehing guritan (kang becik). --saka kene wae wis bisa katitik manawa guritan "UDAN" iku klebu ewoning guritan kang ora becik, ora bisa ngadeg jejeg kadidene guritan, ananging mung kayadene tugelan pawarta kang ditata tharik-tharik saemper guritan.

sumangga

Wednesday, 12 December 2012

Pamarentah Nggembosi Programe Dhewe

ing Prakara: Ejaan Basa Jawa ing Aksara Latin

Atur tulisan ringkes iki wiwit diracik sinambi ngeling-eling lelakon sawatara taun kepungkur, nalika lumantar SMS (short message system) –sumangga yen arep dijawakake dadi KTT (kitir tilpun tangan)—saka saweneh sesepuh sawijining sanggar sastra Jawa. Isine ora mung nylekit, nanging melehake sakayange
Nanging, tibane malah dadi gungan saka pinisepuh marang kang luwih enom, dadi panyaruwe kang kasurung rasa tresna. Kang dadi tuke prekara nalika kuwi sawijining kaset campursari abasa Jawa kang sumebar ing Jawa Timur. Ing CD kuwi, saben ana aksara kang kudune tinulis ’a’ diganti dadi ’o’ upamane: ’aja’ dadi ’ojo’, ’kulawarga’ dadi ’kulowargo’.

Kamangka nakah asli kang diaturake marang produser kaset ora kaya mangkono. Lha, geneya kok dadine malah ngisin-isini ngono kuwi? Pranyata, pihak produser yakin banget yen naskah asli saka penulis-e kuwi luput, mula kudu ’dibenerake’ tanpa (dianggep ora prelu) nganggo taren. Ngono kuwi rak ya banjur ngelingake marang sawijining ’teori’, ”Ing negarane wong edan, yen ana wong siji-loro kang isih waras malah bakal dianggep utawa diarani edan.”

Isih saka Jawa Timur, ana tim penulis kang dhek semana mbabar buku kanthi irah-irahan Among Roso ditambahi Monografi Pengabdian Imam Utomo. Geneya kok ora ditulis ”Among Rasa” kamangka ing sajroning tim iku ana penggurit, jurnalis, redaktur saweneh majalah basa Jawa, kang bisa ngelingake manawa panulise kuwi mau luput. Pranyata, ing kene dumadi lelakon: wong siji kang bener dikalahake wong salah kang luwih akeh lan luwih kuwasa.

Pamarentah Kabupaten Ponorogo uga tau gawe baliho kanthi tulisan, ”Manunggale cipto, roso, karso agawe rahayuning Bumi Reyog,” –kudune tinulis, ”Manunggale cipta, rasa, karsa, agawe rahayuning Bumi Reyog.” Mesthine ing bab gegandhengan sikap-e pamarentah marang tatatulise basa Jawa, Pamarentah Kabupaten Ponorogo iku ora ngijeni. Akeh (lembaga) pamarentah saka tataran desa tekan provinsi kang sawiyah-wiyah marang basa Jawa kanthi nulisake sakarepe udele. Kanyatan kang mangkono iku nuduhake manawa pamarentah pranyata malah nggembosi utawa nindakake bab kang lelawanan karo program-e: nguri-uri, nglestarekake basa Jawa kang wis diwragati ora sethithik.

Iku banget mrihatinake, ngelingi yen basa Jawa kuwi satemene basa kang ’sugih’ kang uga ora sethithik sumbang-surunge marang ajuning basa Indonesia. Bisa uga diibarateke bumi (Nuswantara) kang subur, nanging ora dirumat kanthi becik, kepara malah dianiaya. Pawadan ”waton komunikatif” kerep dadi tamenge para pihak kang gawe rusak iku.


Sawise prasasat kelangan aksarane (carakan) basa Jawa sansaya rusak ora mung merga akeh kang ora nggatekake tatatulise ing aksara latin, ananging uga ing pandhapuking tembung-tembung, kaya kang ditindakake KPU (Komisi Pemilihan Umum) Jawa Tengah kanthi ukara, ”Ayo sareng-sareng ke Pilgub Jateng 2013.” Apa ora luwih nges nggunakake ’sesarengan’ tinimbang ’sareng-sareng’ (bareng-bareng)? Apa uga mung waton narik kawigaten dene banjur dipilih tembung ’ke’ lan nyisihake tembung ’tumuju’ utawa ’menyang’? Kareben diarani gaul ngono apa piye? Ana maneh semboyan, ”Bali ndeso mbangun ndeso,” kuwi gaweyane sapa?

Sajake kaluputan-kaluputan iku dumadi amarga ora ngreti lan kurang ing rasa andarbeni. Banjur tuwuh pitakon, senajan ta mung dijatah 40- 45 menit saben seminggune kanggo wulangan basa Jawa ing sekolahan (kelas 1 – 9) –ing Jawa Tengah malah tekan kelas 12? --utawa sajroning 6 – 9 taun iku kepriye kok nganti ora ana tilase? Mbokmanawa, wangsulane ora mung iki: ”Sajroning perang lumawan tumindak aniaya marang basa Jawa, para guru kudu adhep-adhepan karo ”wadyabala sewu negara” kang dumadi saka: pamarentah kang nggembosi programe dhewe mau, CD/VCD campursari/tembang Jawa kang cakepane tinulis kanthi sakarepe dhewe, langkane bahan/wacan abasa Jawa, lan liya-liyane.


Kanthi mangkono, satemene kabar manawa wulangan basa Jawa bakal disuwak saka sekolahan ora kudu ditampa kadidene kabar kang nyedhihake, sauger ana cara liya kang tumemen anggone nandangi.

Cara liya kang (sapa ngreti malah) luwih ampuh iku kaya ta: nyuburake papan utawa ngurup-urupi babare buku-buku wacan abasa Jawa, mepaki perpustakaan sekolahan kanthi sawernane buku basa Jawa, mbabar kalawarti mligi kanggo para siswa/remaja, lan sapiturute. Coba takona marang para penulis/pengarang/sastrawan Jawa, apa kang luwih nyababake padha dadi penulis/pengarang kang bisa ngugemi tatatulis basa Jawa (kanthi aksara latin) kuwi? Amarga padha tau sekolah, apa amarga padha seneng memaca? Sumangga.*

wus kapacak ing Solopos

Sunday, 18 March 2012

Sastrawan Jawa: Mati Karepe, Urip Karepe

”Miturut panemuku sawijining uwong disebut pengarang utawa sastrawan iku awit dheweke ngasilake karya. Yen sawijining pengarang wis ora ngasilake karya, ateges dheweke wis mati kreatifitase. Mula perlu digolekake tamba, supaya kreatifitase urip maneh.” [Sumono Sandy Asmoro, Panjebar Semangat, Nomer 8, 25 Februari 2012]

Miturut panemuku (Bonari), uwong diarani seniman, sastrawan, pengarang … dening uwong liyane. Sakweruhku durung ana uwong protes, upamane, ”Kok aku wis ora diarani sastrawan?” Mulane, apa paedahe canthuk-lawung nganti keraya-raya nggolekake tamba gegayutan karo pati lan uripe wong liya ing donyane kasusastran? Kejaba yen kang kawogan kuwi bengok-bengok njaluk tulung, ”Iki piye aku lara nemen utawa wis sawatara suwe mati kadidene sastrawan!”

Wong urip kuwi merdika, kanthi cathetan, kamardikane diwatesi dening hak-e liyan lan maneka warna aturan tinulis apadene kang ora tinulis kang ana ing satengahe bebrayan. Ora ana kang mangeni, apa seweneh uwong arep milih profesi ”sastrawan” utawa blantik pulsa, utawa linca-linci saka profesi siji menyang profesi seje.

Leres Budi Santosa tau nulis, ”Pengarang Sastra Jawa: Pengarang Numpang Lewat” (Jawa Pos Minggu, 28 April 2002) iku wujud kayadene lapuran asil sarasehan ing Graha Pena, Jawa Pos Surabaya. Kang kabeber ing tulisan iku mung kahanan kang gumelar, ora ana karep ngina utawa ngluputake pawongan kang diarani wus mandheg ngripta.

Sawijining wektu, mung aku lali sumbere, ana saweneh sastrawan Indonesia nampa pitakon, kurang-luwihe mengkene, ”Geneya kok ndika mandheg ngripta?” lan wangsulan kanthi ukara ngemu pitakon, ”Apa ora luwih becik aku mandheg ing kene tinimbang mung nggrujugake larahan menyang donyaning kasusatran….?” Tegese, manut ”sastrawan mandheg” kuwi, kahanane malah bakal kurang prayoga lamon dheweke meksa mbabar karya kang kuwalitase sangsaya mlorot. Iku panemu kang asifat subyektif. Ya bener, nanging ora ateges kang duwe panemu kosokbalen bisa enggal diluputake. Tumrap pengarang utawa sastrawan kang duwe panemu mangkono, malah kanthi mandheg ing titi-wanci kang dirasa becik iku dheweke aweh pakurmatan marang donyaning kasusastran. Yen kanthi mandheg kuwi nyatane dheweke malah sangsaya kocap, ya sok mangkono kuwi donyaning kasusastran, kang diwadani dening Pak Budi Darma, ”Dunia sastra, dunia jungkir balik!”

Mula, miturut panemuku, wong arep leren ngarang apa arep mbacut kuwi urusane sowang-sowang. Nganggo basa sing kasar, mati karepe, urip karepe. Apa pedahe srengen yen bisane mung kandheg srengen, mung bisa alok? Apa pamarentah lan utawa bebadan liyane wis aweh subsidi, tunjangan, bayaran marang pengarang mandheg kuwi? Apamaneh sapepadhane pengarang?

Ana maneh pratelane Sumono Sandy Asmoro sing luwih lucu, klaya kang tau dipethik dening Sunarko Budiman iki:

’’Bos, aku seneng nek ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe aku ora trima. Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh. Manut petungku sasuwene iki KBJ – KSJ padha, mung kanggo mbukak kasus beberapa gelintir wong supaya ketok duwe pamor maneh, sawetara iku sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’

(Sunarko Budiman: Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18, April, Tahun 2010)

Yen ora trima tenan ya gek ndang kelah, ta? Lha, sing arep digawe kuwi mengko pasal saka ngendi, ya?

Nuwun.

Ing Sadhengah Papan Ana Preman?

Tembung ”preman” miturut Wikipedia asale saka basa Landa ”vrijman” (= wong merdika). Ana uga kang negesi, ”wong kang pengin merdika” dhek nalikane bangsa iki isih karegem dening penjajah: Walanda. Teges kang becik iku banjur owah dadi ala sairing karo trekahe wong-wong rosa, kuwat otote, tur mbokmanawa linambaran kasekten pisan, kang banjur nggunakake kekuwatan lan kasektene kanggo tindak kadurakan. Yen preman biyen kepengin dadi ”wong merdika” saka regemane bangsa (penjajah) Walanda, tembung ”merdika” tumrap preman jaman saiki sajake mengku teges bisa (bebas/merdika) nindakake apa wae kanggo kepentingane dhewe, utawa kanggo kepentingane golongane.

Premanisme kuwi bisa diarani panjilmane watak adigang adigung adiguna. Kadidene watak kang ala mbokmanawa anane ya mbarengi utawa sapantaran karo peradaban-e manungsa. Cekake, premanisme kuwi wis ana wiwit jaman ja-majuja, wiwit jamane para nabi, jamane para wali, nganti seprene, jamane para lali (akeh wong lali) iki. Kang kerep kocap upamane Brandhal Lokajaya kang ora liya ya Raden Sahid kang sawise mertobat banjur ing tembene dadi Sunan Kalijaga. Saka tanah sabrang ana crita ngenani Samson, Robin Hood, lan liya-liyane. Ing kene, sapa kang ora tepung karo crita Si Pitung, Sarip Tambak Oso, Jaka Sembung? Jeneng-jeneng kang kasebut kuwi mau, senajan ingaran preman isih ninggalake gegambaran becik, sok malah dianggep pahlawan dening bebrayan. Beda banget karo keh-kehane preman jaman saiki, kang ngamalake watak adigang-adigung-adiguna mung kanggo awake/golongane dhewe, senajan isih ana conto: Hercules, kang ing televisi sawatara wektu kepungkur ngaku yen sasuwene dadi preman durung tau gawe pepati, lan saiki malah wis adeg yayasan pendidikan, lan nulungi wong sekeng amrih bisa sekolah kanthi gratis.

Conto liyane: HM Ramdhan Effendy kang luwih karan kanthi jeneng Anton Medan, sawuse mertobat banjur dadi juru dhakwah. Ana maneh tilas preman kang dadi penyanyi, ana kang banjur dadi pengusaha sukses, lan ora sethithik kang dadi politisi. Mbokmanawa, kejaba ana kang leren mreman sawise dadi politisi, uga ana kang lagi mreman sawise dadi politisi. Merga, yen gegandhengan karo laku premanisme, ora ngemungake wong-wong ”merdika” (kawaosa: pengangguran) kang bisa nindakake. Malahan, yen bener pandumuk manawa petrus (penembak misterius) kang nuwuhake akeh pepati dhek taun 80-an kae utusane pamarentah, ya ateges pamarentah sok uga nindakake premanisme. Nibakake ukum sawenang-wenang, tanpa proses pengadilan, iku rak cengkah karo paugeran kaya kang kinandhut ing pratelan manawa negara iki negara ukum, ta? Kamangka ciri menjilane preman iku ya manggon ing olehe ora maelu ukum, apa kuwi ukum kang tinulis lan/utawa kang ora tinulis kang lumaku ing bebrayan. Utawa, yen ana ukum kang diugemi, ya kuwi ukume dhewe, utawa ukum kang mung nguntungake golongane.

Kang banget mrihatinake lan agawe miris, saiki preman kerep nuduhake tindak wengise tanpa tedheng aling-aling, ing wektu lan papan kang bisa disekseni wong akeh kaya kang kelakon ing RSPAD Jakarta dhek 23 Februari kang sagedhagan wong loro tilar donya lan wong papat liyane nandhang tatu nemen. Sakdurunge kuwi, Irzen Octa (50) ditemokake wis tilar donya ing Gedung Menara Jamsostek, Jakarta Selatan (Selasa 29 Maret 2011), kang banjur kabukten manawa patine almarhum amarga dipulasara dening jurutagih. Jurutagih iku kudune bisa dadi pakaryan kang mulya, lamon kanthi becik bisa ngelingake yen kang utang wis wayahe nyaur, lan ora nggunakake cara-cara kasar kang malah nuwuhake pepati ngono kuwi. Nanging, kosokbaline, uga ana pawarta kang ngabarake anane jurutagih kang tilar donya merga dipulasara liyan.

Ketangkepe John Key uga sangsaya nuduhake lamon donyane preman ing negara iki wis dadi prekara kang ora kena dianggep entheng.

Laku degsiya, aniaya marang sapepadha manungsa, upamaa ora dumadi ing ngarep irung, saiki tansah ngebaki pakabaran saben dina. Kajaba ditindakake dening paraga-paraga kang pantes sinebut preman kaya kang wus katur mau, pasulayan jroning kulawarga, tawuran padha siswa, mahasiswa karo mahasiswa, prasasat ora ana lerene. Ing sawenehe desa, para warga padha sambat, rumangsa keganggu katentreman batine awit saploke ana paguron (beladhiri) anyar bola-bali dumadi tawuran.

Kang luwih agawe mrinding maneh yaiku bebadan, pakumpulan, utawa organisasi resmi kang saben-saben nuduhake yen wus kepanjingan premanisme. Kaya gawe aturan dhewe lan malah marakake tumpang suh karo aturane negara. Uga, bebadan/organisasi kang nggunakake gendera etnis, kang kudune bisa agawe ayem kanthi ngungalake samubarang kang becik khas etnise kuwi, nyatane malah saben-saben ya gawe dhak-dhakan tawuran karo golongan liya. Coba, kepriye yen kaya ngono kuwi?

Kahanane dadi sangsaya nrenyuhake, saben-saben dumadi dredah pancabakah ing antarane golongan-golongan kang wus kapanjingan premanisme kuwi nganti nuwuhake pepati. Kang aran aparat keamanan sajak isih gampang diarah lenane. Upama wis samapta sadurunge palagan mangalad-alad, wusanane kaya trima nyisih amarga kalah cacah. Kerep dikandhakake, aparat keamanan, pulisi, tansah kewuhan amarga yen kang padha ”kerah” kuwi kaladuk dikerengi, kanthi nggunakake bedhil mimis wesi (dudu mimis karet utawa mimis banyu) mengko malah pulisine sing kena pidana pelanggaran hak asasi. Dene yen ora dikerengi, dadine ya ajeg ampyak awur-awur paten-pinaten ngono kuwi.

Embuh kepriyea wae ubete, kang aran rakyat kuwi butuhe aman. Apa ora kebangeten yen urip wis kecingkrangan, isih dibruki rasa ora aman? Mesthi aran kebangeten yen, mligine ing kutha-kutha, rada wengi sithik wae uwong wis ora wani mlaku dhewekan ing kampung/lingkungane dhewe. Kahanan mangkono iku rak padha karo nalika ditrapake ”jam malam” ing mangsa darurat.perang, ta?

Yen sasuwene iki kaya luwih akeh kang ndumuk bab angele golek pegaweyan kanthi bayaran kang murwat lan urip kang kecingkrangan dadi dhak-dhakan laire premanisme, uga aja dilalekake, ukum kang ora dijejegake dening aparat-e dhewe akeh sumbang-surunge marang babar-tumangkare preman/premanisme. Lha, kepriye yen para paraga kang kudune dadi agul-agule bangsa/negara kanggo ngadhepi premanisme kuwi nyatane malah wis akeh kang kepanjingan suksmane preman?

Rakyat wis kerep ditatoni batine kanthi tontonan kanyatan: maling cilik dipatrapi ukuman abot, kosokbaline maling gedhe dipatrapi ukuman entheng. Nggih, ta? Mula ayo padha dititeni, angger ukum/pengadilan isih mung kaya oplet kang disopiri wong mendem, ya ing kono bakal kelakon jaman kencana-rukmine para preman.

Saiki kari pilih endi: dadi wong merdika saka kahanan kang sarwa nyumpekake, kang kebak laku durjana, merdika saka rasa ora aman kang didhedher para preman, apa merdika kaya preman, kang urip sakepenake dhewe? Wong-wong kang ninggalake kondom pating tlecek ing Gedung DPR-RI kuwi ya vrij man, lho! Ya kuwi, wong-wong kang kepengin bebas, sakepenake (ngisor) udele dhewe-dhewe! [Bonari Nabonenar, Sekretaris Organisasi Pengarang Sastra Jawa]

Wis kapacak ing Suara Merdeka

Thursday, 1 March 2012

AYO GAWE BUKU


Adhedhasar keputusan Rapat OPSJ (Organisasi Pengarang Sastra Jawa) ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (ing Surakarta) 25 Februari 2012, ”Penerbitan buku sastra Jawa sebisa mungkin mempertimbangkan prinsip regenerasi, di samping apresiasi terhadap mereka yang telah memiliki pergumulan lama di jagat kreasi sastra Jawa,” (Keputusan Rapat, Nomer 4) pramila sumangga sami anyengkuyung ayahan menika.

Kangge miwiti ayahan menika, para mahasiswa/i ingkang remen ngripta geguritan lan/utawi crita cekak saget ngintunaken karyanipun dhumateng “Panitia” lumantar pos-setrum: sastrajawa@yahoo.com utawi sastrajawa@gmail.com kanthi wewaton:

A. Pangripta

(1) ngantos wulan Mei 2012 taksih mahasiswa/i (diploma, S-1, S-2, S-3) lan/utawi umuripun dereng langkung saking 25 taun.

(2) WNI utawi WN pundi kemawon

(3) saget ngintunaken guritan lan/utawi crita cekak langkung saking setunggal (salajengipun badhe dipunpilih dening Panitia)

(3) Sarujuk kaliyan paugeran ingkang dipundamel dening Panitia

B. Karya

(1) wujudipun geguritan lan/utawi crita cekak

(2) saget riptan enggal utawi ingkang sampun nate kapacak ing ariwarti/kalawarti utawi babaran sanesipun kejawi buku

(3) temanipun bebas, sauger boten ngandhut samukawis bab ingkang saget dados dhak-dhakan dumadinipun dredah prekawis suku, ras, lan agami

(4) boten awujud utawi kenthel raos propaganda partai utawi ingkang sairip punika

(5) ngginakaken basa Jawa, kalebet basa Jawa Surabaya, Tegal, Banyumas, Suriname, Sala, Yogya, Bojonegoro, lan sanes-sanesipun

(6) kaserat mawi font Cambria utawi Times New Roman ukuran 14 utawi 16, spasi 1 (padhet), rata kering (kiri), lan boten prelu kinanthenan gambar utawi rerenggan sanesipun

(7) kasimpen wujud file kanthi format RTF lan kakintun mawi attachment dhumateng alamat: sastrajawa@yahoo.com utawi sastrajawa@gmail.com kinanthenan FOTO lan BIODATA pangriptanipun lan asil scan kartu Mahasiswa utawi KTP kangge mbuktekaken yen pangripta taksih dereng yuswa sanginggilipun 25 taun lan/utawi taksih mahasiswa/i

(8) Naskah dipunentosi Panitia ngantos satelat-telatipun 21 April 2012, awit kaangkah 20 Mei 2012 sampun saget wujud buku

C. Pangripta – OPSJ – Penerbit

(1) OPSJ badhe ngragati lan nggandheng penerbit anggota IKAPI kangge mbabar buku menika

(2) Pangripta badhe nampi hak-ipun wujud ”royalty” ingkang mangke badhe dipunrembag malih, kadospundi teknis-ipun. Upaminipun, menapa “royalty” saget dipun sarujuki dipunwujudaken (arupi) buku, saengga saget langsung kacaosaken, boten ngentosi pajengipun buku

(3) OPSJ lan para pangripta purun saiyeg-saekapraya ngupaya amrih buku ingkang kababar dados buku laris, kanthi ”gerakan adol buku” upaminipun, lan ngawontenaken acara sarasehan (bedhah buku) ing kampus-kampus, sanggar, saha komunitas sanesipun.

(4) OPSJ badhe yasa (mangun) kacamaya (laman) amrih sangsaya jembar tebanipun wara-wara bab buku menika mangke

(5) Sakderengipun ngintunaken karyanipun, pangripta saget miterang, bokbilih wonten bab-bab ingkang dereng kacetha ing andharan menika. Nuwun.


Malang, 1 Maret 2012

BONARI NABONENAR
sekretaris OPSJ

”Kandhang Bubrah Gagrag Anyar”

Sawijing wektu, Suparto Brata kang wis nyekseni gumelare kahanan wiwit Jaman Landa, Jaman Jepang, nganti tumapake Jaman ”Umyeg” iki, ngudarasa. Wis lali kepriye tembung mbaka tembunge, mung kira-kira mengkene, ”Negara iki bisa digambarake kayadene lagi koncatan Bathara Wisnu, dewa kang njaga rahayuning bawana. Kamangka Bathara Syiwa apadene Bathara Brahma padhadene sengkude nandangi ayahane: nyipta lan ngrusak. Gedhong kantor, omah, kreteg, dalan, lan manekawarna wewangunan digawe, nanging sajak keladuk akeh kang kaselak rusak sakdurunge tumeka ing umure.

Apamaneh yen wewangunan kuwi aran ”Rumah Sederhana” (RS) lan luwih-luwih ”Rumah Sangat Sederhana” (RSS). Akeh kang ambruk sakdurunge dipanggoni! Uga akeh kang bleger omahe katon apik, nanging drainase utawa tatanan ilen-ilene ora digarap kanthi becik. Wusanane, yen udan ora pati deres wae got utawa kalenane padha amber, banyune mblabar lan ngelebi dalane. Kamangka kang aran (dalan) aspal iku gelis banget rusake yen saben-saben dimungsuh banyu. Bola-bali ditambal, nanging uga bola-bali rusak maneh. Mula, senajan katone kerep didandani, samubarang kang rusak kuwi, kaya mung sakeplasan olehe katon becik.

Yen ana kang bola-bali ndandani, nambal, lan sapiturute, apa kuwi dudu pengawak Bathara Wisnu? Sakeplasan bisa uga katon kaya mengkono. Nanging, satemene kang nambal, kang sulam, kang dndan, kuwi kabeh ya klebu gawe: gawe tambalan, gawe sulaman. Sajroning negara iki, miturut pamawase Pak Parto mau, anane mung wong gawe karo wong ngrusak. Dalan digawe, diaspal alus. Lagi dadi wis dirusak, nganggo kendharaan nggawa momotan kliwat taker. Utawa dijoglangi kanggo mendhem kabel tilpun. Prasasat durung rampung olehe mendhem kabel tilpun, keselak didhudhah utawa dibongkar maneh jalaran ana proyek nandur pipa ledheng (saka PDAM). Mengkono sateruse. Bongkar-pasang kaya ora ana uwise.

Partai politik didegake, banjur dirusak kanthi maneka cara. Janji-janji politik digawe, lan gelis rusake amarga mung dietog kandheg ing janji wae. Angger ditagih, kaya gampang wae olehe wangsulan kanthi ukara kang wujud janji anyar. Mengkono sateruse.

Kang aran perda (peraturan daerah) malah akeh kang dadi ing kahanan ”rusak” (upamane cengkah karo UU) lan ora bisa di-sah-ake dening Mendagri, utawa enggal dijabel sawise sawatara wektu ditrapake. Perda iku uga bisa rusak lamon sawise disahake ora ditrapake kanthi becik, lan kang kaya mengkene iki padatane banjur dijuluki ”macan kertas”. Kamangka, kanggo nglairake perda siji wae dibutuhake wragat atusan yuta rupiyah. Kang gawe perda sok uga malah sangsaya seneng, awit saben gawe perda ana ongkose, ana kalodhangan ”studi banding” kang uga ateges: dhuwit.

Dhuwit! Saiki iki samubarang prekara tuk lan jog-jogane kaya ora ana liyane dhuwit. Unen-unen, ”Jer basuki mawa beya,” mesthi ora kapratelakake kanggo ngombyongi trekah nuku kalungguhan/jabatan, nuku suwara ing pemilu, kanggo nekuk ukum, lan sapanunggalane. Merga saiki kaya wis mratah bab kang mangkono kuwi, mula banjur dibutuhake beya alias dhuwit, banget luwih akeh tinimbang apa mesthine. Kabutuhan (dhuwit) kang matikel-tikel luwih akeh saka apa mesthine kuwi sengara bisane ditutup kanthi cara apa mesthine. Mula, banjur padha nempuh dalan utawa cara kang ora samesthine.

Kang diarani dalan golek dhuwit kang samesthine kuwi ya nyambutgawe, adol tenaga, adol barang, nenandur, lan sapiturute. Pokoke nyambutgawe, ngetokke kringet. Kuwi tembung gampange, senajan akeh wong nyambut gawe, kang malah luwih gedhe bayare, ora (pati) ngetokake kringet. Amarga kudu akeh lungguh ing njero ruwangan kang disentrong AC. Sing dikarepke ing kene: nempuh cara (nyambutgawe) kang miturut basa agama-ne: kalal (halal), dudu cara (nyambutgawe) kang: karam (haram). Dadi, ora angger nyambutgawe. Lha, kuwi yen urip lan kahanan lumaku kanthi apa mesthine. Gandheng urip padinan wis kebacut lumaku ora kaya mesthine, butuh prabeya tikel-tekuk luwih akehe, mula banjur mratah ”pegaweyan” kang ora kalal, wiwit saka colong-jupuk, ngrampog, ngglembuk, korupsi lan sogok-sinogok, blantik narkoba, blantik manungsa (lha iya, saiki kuwi ya mratah wong ngedol-tinukokake sapepadhane wong/manungsa, lho!) lan sapiturute.

Panandhang saka njomplange kabutuhan (dhuwit) kang bisa diranggeh karo kang kudu diwetokake (ditanjakake) kuwi ora mung prekarane wong saiki. Mula ing bebrayan Jawa ana kang diarani pesugihan. Merga kepengin gelis sugih, ora kangelan olehe keklumpuk bandha, akeh wong wani nempuh cara pesugihan senajan ditanting kudu gelem numbalake sapepadhaning manungsa, sanak kadang utawa malah anake dhewe. Ana kang ngingu thuyul, nyi blorong, ngecakake aji jaran panoleh, babi ngepet, lan sapanunggalane, nganti uga ana kang ingaran aji kandhang bubrah.

Babi ngepet, thuyul, nyi blorong, saiki kaya-kaya ngejawantah ing trekah culika ngenthit dhuwite nasabah bank, nyedhot dhuwit saka kertu ATM, nyedhot pulsa tilpun, lan sapiturute. Dene kang saiki nedheng-nedhenge dadi rembug rame ing pekabaran, obrolan warung kopi, lan cecaturan online, yaiku kang dakarani Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar, kang prebawane banget ngedab-edabi, nganti kaya-kaya ndadekake negara iki: negara kandhang bubrah!

Asline, kang ing bebrayan Jawa ingaran pesugihan kandhang bubrah iku bisa katitik saka laku: saben-saben ndandani omahe, senajan ora ana kang rusak lan prelu enggal didandani. Pokoke ana wae pawadane, apa ngganti payon, ngganti cendhela, nambah kamar, lan sapiturute. Pokoke mbubrah-lan ndandani kuwi wis dadi syarat-lakune aji pesugihan kandhang bubrah, kang ing jaman modern iki kaya-kaya ngejawantah dadi Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar.

Nitik apa kang kaandharake ing ngarep mau, kaya klebu nalar manawa Kreteg Kutai Kartanegara kang diresmekake kanthi jeneng ”Jembatan Gerbang Dayaku” iku mung umur 11 taun. Wiwit dibangun 1995, rampung 2001, lan ambruk 26 November 2012. Yen kretege kang ambruk bisa digawe maneh. Yen kelangan bandha-donya, bisa golek maneh. Nanging, nyawa kang dadi bebantene Aji Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar -- manawa mengko kabukten saperangan dhuwit kang kudune ditanjakake kanggo mangun kreteg kuwi mau dienthit kana-kene-- ora bakal bisa diijoli. Yen kepengin conto kang wus cetha, kari ngetung wae pira cacahe pangarsaning paprentahan dalah pejabat andhahane kang wus kinunjara awit saka trekahe ngorupsi ”proyek pembangunan.”

Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar kang saiki paling kemata (nyolok) yaiku kang dumadi ing Senayan, Jakarta, saka rencana mbangun gedhong anyar, ndadani ruwang rapat, kursi impor-- kang banjur diganti kursi Jepara, kakus larang, lan pananggalan (kalender) kang miturut etungane anggota dewan saka Partai Gerindra, Akbar Faisal, saben eksemplar-e rega satus ewu rupiyah luwih. Kalender kang dicetak dening saweneh penerbitan majalah abasa Jawa ing Surabaya, rega ecerane ora nganti Rp 25 ewu. Kamangka kuwi wis full-colour, ana dina lan pasaran, ngemot penanggalan Jawa lan penanggalan Masehi. Lha, apa wigatine nyithak Kalender Larang Cap Senayan kuwi, sajroning kahanan ing bebrayan akeh bocah sekolah kang ora kuwat tuku buku, malah akeh kang ora bisa sekolah merga kabotan nyangga wragate, utawa sing sekolahane ambruk katiyup barat gedhe?

Angger para agul-agul ing Senayan isih ngungalake Aji Kandhang Bubrah Gagrag Anyar-e, istingarah bakal sangsaya akeh bocah kang kengelan menyang sekolahan, ora bisa tuku buku, lan sapiturute. Bakal sangsaya tambah cacahe wong mlarat, cacahe wong bodho. Merga urip mubra-mubru lan sarwa kecukupan wis ana sing makili.*

Wis kapacak ing kaca Pamomong, Suara Merdeka

Saturday, 18 February 2012

"Tanggul Kabudayan Jawa Wis Jebol"


Nganti saiki, saben-saben ing gang-gang kang nylempit satengahe kutha gedhe kaya Surabaya, isih bisa diprangguli wong duwe gawe, kanthi adeg terob, mbunteti dalan/gang, lan nyetel kaset gamelan, utawa ludruk, utawa lagu-lagu, kanthi sound-system kang marakake suwarane jemlegur mbrebegi para tangga. Bisa dititik, iku pakulinan gawan saka desa. Nalare? Ing desa, pomahan ora padhet kaya ing kutha. Luwih-luwih dhek biyen, sadurunge wara-wara bisa dicithak/tinulis kanthi gampang, sadurunge bisa disiyarake –merga durung ana-- stasiun radio ora resmi, suwara jumlegur saka unen-unen hiburan (sadurunge mratah salon malah sound-system-e nanggo corong kang wangune memper kukusan, dipasang ing wit kang dhuwur utawa dicagaki pring) uga diangkah dadia sarana kanggo ngelingake --lan nuduhake prenahe—manawa wektu iku ana kang duwe gawe: ngundang sing padha arep buwuh utawa mbecek.


Ing, kutha gedhe, kang pomahane padhet, ora mung tepung tarirtis, nanging malah adu tembok kaya saiki, nyetel kaset kanthi suwara jumlegur ngono kuwi cetha ngganggu para tangga. Tur, yen diangkah dadi pituduh prenahe kang duwe gawe, ing layang ulem rak bisa digambar kanthi cetha. Nanging, tradhisi mengkono iku isih ana nganti saiki.

Mbokmenawa kang kaya mangkono iku kena diarani kadidene saweneh wohe ’budaya urban’. Bukti liyane manawa tradisi gawan saka desa angel ditinggalake dening bebrayan kang wus puluhan –utawa malah atusan—taun tuwuh ing kutha yaiku isih akehe pasar-pasar krempyeng, senajan secara sistemik kaendhih dening supermarket/swalayan. Papan sakupenge Mesjid Akbar Surabaya, upamane, dumadakan saben dina Akad dadi pasar krempyeng kang ngedap-edapi ramene.

Jamane wis sarwa super market
ing desamu dol tinuku panggah nyang-nyangan
golek bathi serepis kringet dleweran


Larik-larik guritane YSH iku kaya-kaya masang garis, pager, misahake kahanan kang kosokbalen antarane ing desa lan ing kutha. Kamangka, kanyatan wadhage ora kaya mangkono. Mung, yen olehe nyawang nganggo kacamata konsep budaya, pancen, mbokmanawa desa lan kutha kuwi, ing papan-papan kang diarani Jakarta, Surabaya, Bandung, lan sapiturute, wis campursari, saresmi, kawin, curiga manjing warangka, warangka manjing curiga.

Yen ngrembug prekara urbanisasi, keh-kehane pikiran banjur nyalahake wong-wong kang ndalidir saka desa-ngadesa gemrudug ngebyoki kutha, kanthi maneka-warna alasan, nanging kang paling dhisik didumuk biasane: ekonomi. Urbanisasi tinengeran kanthi undhake cacah padunung kutha saka saliyane sebab anane bayi kang lair ing kono, yaiku kanthi anane (akeh) wong kang padha neka saka karang padesan. Kejaba iku, satemene uga bisa disababake anane pemekaran wilayah (kutha). Wong-wong saka desa mili nyang kutha, kutha cilik apadene kutha gedhe. Kutha cilik uga banjur dadi kutha gedhe. Kutha gedhe sangsaya mekar. Mula banjur ana sebutan ’’kutha satelit’’. Malahan, sing maune desa kluthuk adoh lor adoh kidul bisa wae prasasat kaya disulap, dumadakan dadi kutha, yen konangan lan dikedhuk emas utawa lenga patrane.

Banjur thukul kabudayan urban. Budaya kutha kang tuwuh saka ketemune antarane ’’gawan saka desa’’ lan kahanan utawa kanyatan, adat-istiadat, tata-cara panguripan bebrayan kutha kang wis ngrembuyung sadurunge ketekan wong-wong saka desa. Mula banjur ana acara festival kang bisa dirunut saka adat padesan: metri desa, baritan, upacara panen, lan sapiturute.

Awit saka pamawas kang prasasat tansah linambaran babagan ekonomi, thukule kabudayan urban kuwi banjur kaladuk kerep ditibakake marang kang sarwa nyedhihake, upamane sangsaya akehe wong mlarat ing kutha-kutha, panguripan kang saya wengis, kadurjanan kang sangsaya mundhak, ya kerepe, ya jinise, ya bobote. Kamangka, budaya kuwi tansah thukul, ngrembaka, kanthi sendhal-sinendhal antarane kang lawas lawan kang anyar, antarane konvensi lawan inovasi kang kerep uga dipengawaki (antarane) kaum tuwa lawan kaum enom. Kanthi mengkono kabudayan lumaku kayadene layangan kang diundha nganggo tali, ora kaya layangan pedhot.

Saka lelakone Jaka Tingkir numpak gethek nut ilining bengawan kaya kacetha ing Babat Tanah Jawa lan kanyatan jaman modern ing alam Indonesia Merdika kacihna manawa kahanan gumelar kang kita prangguli dinane iki mujudake woh saka campursarine desa lan kutha, kang embuh kanthi trep apa rada mleset diarani urbanisasi kuwi. Saiki, coba ayo diwaspadakake, saka para pemimpin kang paling pucuk, para presiden, menteri, lan pejabat ndhuwuran liyane kuwi, mung pira cacahe kang ora asal saka desa?

Kanthi mangkono, senajan dikayangapaa kemrungsunge panguripan ing kutha-kutha gedhe, isih tansah ana pangarep-arep menepake rasa, entuk ngoyak nanging sareh, banter nanging ora grusa-grusu –isih ana rasa kangen marang laku urip guyup kebak rasa paseduluran kaya patrape wong desa, ora individualis kaya kang wus didadekake ciri-ne wong kutha, lan sapiturute. Mbokmanawa ya rasa kangen kang mengkono kuwi kang nyurung mayuta-yuta wong saben taun ngendhangi desa klairane: mudik, aja nganti diarani, ’’Wit kang lali marang oyote.’’

Wis telung windu tlatah iki dak tinggal
ngluru pangupa jiwa ing telenge nuswantara
Nanging atiku ora bakal bisa owal jalaran
Ari-ariku kependem ing bumi Kalitidu
Paribasane ragaku oncat tekan pucuke donya
Aku tansah wit kang ora bisa lali oyote
[Wit Kang Ora Lali Oyot]


Iku kang wujud laku wadhag. Dene laku batine, kaya kang bisa diprangguli ing meh saben guritan kang kababar ing buku iki, ing kene kaya-kaya saben wektu si ’’aku lirik’’ utawa ’’sang aku’’ tansah wira-wiri antarane desa, bumi kalairan, lan kutha papan dununge saiki. Mulane, saka Jakarta ginuritake gunung-gunung kang kurdha, nagih janji…

Gunung-gunung nagih janji marang driji kang nate nulis
proyek lestari, tangan kang nate nebang jutaan hektar alas
cangkem kang mangan wit-witan, godhong, lan kembang
[Gunung-gunung Nagih Janji, Jakarta, 2010]


Ora prelu nyemak suwe-suwe kanggo ngawruhi, ngrasakake, manawa guritan-guritane Yusuf Susilo Hartono (YSH) kebak rasa-pangrasane wong urban. Mesthi iku dudu barang aeng, merga penggurite, YSH, lair ing saweneh desa kang kepetung adoh saka kutha kabupaten kang adoh saka kutha, ibukota, Jakarta, punjering paprentahan Republik Indonesia, kang wis puluhan taun diguleti.

Nyadran

Guritan sesirah Nyadran ing buku iki ngungalake pawarta ngenani tumangkepe aku lirik marang adat lawas warisane para leluhur kang isih dileluri ing bebrayan desa kanthi sesaji lan slametan utawa kenduren ing papan-papan kramat kaya ta: kuburan, dhanyangan, mason (=belik kang banyune diaangsu). Ing larik-larik wiwitan kaya-kaya ora ana kang bakal diprekarakake.

Esem tansah ngrenggani lathi
sandhangan abang ijo biru kuning
anyar dadi kolase mranani

Ora lali sumur-sumur padha kawedhaki

papan panggonan sedhekah bumi
ora lali kuburan-kuburan kapaesan
kembang telon menyan
ora lali mbah danyang
melu kondangan


Nanging, larik sabanjure, ’’Jemah legi wanci bedhug/ ambeng nguleng ngleluri kabudayan/jarene?’’ Si ’Aku’ wiwit mitakonake. Banjur, ’’Dulur, apa prastawa mengkene iki/ jimat kang kudu dileluri?/ jimat kang kudu dimemetri/ minangka isining kabudayan mukti?’’

Iku dudu pitakon wantah, nanging satemene wujud tumanggap nulak utawa ngemohi adat utawa pakulinan run-tumurun kang satemene cengkah karo paugeran (agama) kang diugemi.
Ora mung adat warisan kang nuwuhake ’’konflik batin’’ nanging uga polah-tandange wong-wong (kutha) metropolitan. Nalika, ’’….wong-wong rebut dhucung get-jogedan,’’ si aku trima mung, ’’kepencil sangisore langit-Mu/rila urip mung ngombe tetese bun putih.’’ [Metropolitan, Jakarta, 1991]. Nitik rasa-pangrasa kang kaudhal ing larik-larik guritan sajroning buku iki, dudutane mbokmanawa ora ana liya kajaba ’’sang aku’’ milih papan ing ’’tlatah sintesa’’ antarane desa lan kutha, antarane tradisi lan modern (-isasi).

Tokyo Remeng-remeng

Guritan iku dadi guritan amarga tembung-tembung rinakit mawa rasa (gurit), ora mung waton nyuntak rasa-pangrasa. Ora mung wadhage kang wujud (tipografi) saemper guritan, nanging tumrape wong kang wus atul utawa kulina maca guritan, bakal enggal katitik, apa kang lagi diadhepi (diwaca) iku nyata-nyata guritan, apa mung ’pawarta’ kang tembung-tembunge ditata dadi larik-larik saemper guritan. Akeh ubarampen kang bisa digunakake kanggo ngrakit geguritan. Ana dhong-dhinging swara utawa guru lagu, guru wilangan, wirama, pralambang, sanepan, bebasan, lan isih huwakeh maneh.

Kang aran guru wilangan, cak-cakane ing guritan (gagrag anyar) mesthi beda karo ing guritan klasik (tembang). Mula takkira kurang trep yen ana kag kandha manawa etungan guru wilangan iku mung diprelokake nalika ngrumpaka tembang. Senajan ora ana aturan kang gumathok ngenani guru wilangan iku, penggurit kang ngrakit geguritan sinambi jroning batin ngentha-entha kepriye yen guritan iku diwaca/diwacakake ing kono mesthine kanthi otomatis petung mngenani guru wilangan iku tumanja.

Mung, cak-cakane (sajroning ngripta guritan) mesthi ora kaya jurumasak kang lagi matrapake sawernane bahan kelaebu bumbon. Tumrape penggurit, kabeh ubarampen kuwi mau mesthi wis manuksma, manjing, anyarira, sajiwa, sadurunge rinipta kang ponang gurit.

Ora mung semangate, guritan-guritan kang kababar ing buku iki uga kebak warna saka donyaning budaya klasik, sastra (Jawa) klasik, saka babagan othak-athik mathuk – ’’Gedhang susu,.ilang gedhange kari susune’’ [Gedhang Susu]-- parikan, wangsalan, pasemon, lan sapiturute, klebu macak unen-unen lawas kanthi tatanan anyar, saka: ’’sapa salah kudu seleh,’’ dadi : ’’wong salah ora gelem seleh.’’ [Kidung Pangeling-eling].

Ana maneh parikan kang disuguhake kanthi nyuplik larik pisanan, ’’Klemben-klemben roti-roti,’’ kanthi ora macak larik sabanjure: ’’biyen biyen, saiki saiki,’’ mesthine kanthi panganggep manawa kang padha maca wis padha ngreti bacute ukara parikan kuwi. Malah kurang prayoga yen di-blak-ake sawutuhe. Eloke guritan sesirah Tokyo Remeng-remeng iki, mung kanthi nyuplik larik-larik kapisane parikan kang wus dadi apalane bebrayan (Jawa), penggurit ora mung kasil nyendhal para maca marang parikan-parikan sawutuhe, nanging uga marang crita, sejarah kang nandhes banget ora mung ing batine wong Jawa, nanging uga ing batine wong (bangsa) Indonesia.

Mbengok, Takon, Ndudut

Cekak-cukupe, gumuruh ombaking rasa kang kaprebawan saka campuhe ’’kang tradisi’’ karo ’’kang modern (-isasi)’’ kawistara banget ing meh saben guritan ing buku iki. Lan ing underan gumuruhing rasa iku ’’sang aku’’ kaya-kaya wis ora bisa ngempet pembengok: ’’Tanggul kabudayan Jawa wis jebol ambrol luwih gedhe tsunami,’’ [BOJO(NE)NEGORO]. Lan, sadurunge mratelakake dudutane, Indonesia-sia-sia, ’’sang aku’’ nelakake pitakon: Bangsa Apa Iki? –Mbokmanawa para maos kagungan wangsulane? Sumangga. [Bonari Nabonenar]


Cathetan:
1) Buku Guritan Ombak Wengi nampa Hadiah Rancage 2012

2) Yen ngresakaken bukunipun, kulaaturi sesambetan kaliyan Kangmas @Yusuf Susilo Hartono. Nuwun.

Monday, 26 December 2011

JAWA: PERLU BEBERAPA KONGRES*

Oleh: Bonari Nabonenar**

Ketika Kongres Bahasa Jawa (KBJ V) berlangsung seorang pemilik akun Facebook Edie S Triwida yang juga guru bahasa Jawa di sebuah SMP itu mengunggah ”status” di Grup Sastra Jawa Gagrag Anyar: ”Dhumateng ingkang ndherek KBJV nyuwun tulung titip pesen dipunusulaken supados Jawa Timur kersaa ngawontenaken Kongres Guru Basa Jawa saben 4 taun sepindhah gentosan saben kabupaten. Bab dana kedahipun saking APBD Provinsi lajeng kandhap wonten kabupaten ingkang angsal jatah minangka penyelenggara!” Maksudnya, ia titip usulan agar Pemerintah Provinsi Jawa Timur mengagendakan Kongres Guru Bahasa Jawa (KGBJ) 4 tahun sekali dengan dana dari APBD Provinsi, dan tempat penyelenggaraannya digilir dari satu kabupaten/kota ke kabupaten/kota berikutnya.


Itu usulan yang bagus. Tentu dengan catatan, jangan meniru KBJ yang menyedot dana hingga beberapa miliaran rupiah. Saya membayangkan, dengan modal keinginan untuk melakukan yang terbaik demi profesi guru dan perbaikan sistem serta membahas berbagai problematika pengajaran bahasa Jawa di sekolah, batas tertinggi Rp 1 milyar sudah dapat digunakan untuk menggelar KGBJ. Atau, bahkan, cara berhemat model Konggres Sastra Jawa (KSJ) mungkin bisa dicontoh.

Dalam sebuah obrolan santai di luar forum persidangan, pada hari kedua KBJ V (28/11) muncul pula gagasan untuk menggelar Kongres Budaya Jawa. Ini bukan gagasan baru. Berbarengan dengan acara penganugerahan Hadiah Rancage di Surabaya di awal tahun 2000-an digelar pula Pekan Budaya Jawa, yang dimaksudkan sebagai semacam kegiatan pengantar untuk menuju ”Kongres Budaya Jawa” –yang hingga kini belum pernah terlaksana (?). Wacana mengenai perlunya menggelar Kongres Budaya Jawa antara lain muncul setelah mengetahui sering di dalam Kongres Bahasa Jawa pembicaraan dan bahkan makalah-makalah dibuat untuk lebih mendedah persoalan-persoalan kebudayaan dengan memanfaatkan bahasa sebagai alat bantu analisis, hanya sebagai contoh-contoh. Di dalam KBJ V pun begitu. Mantan Dirjen Kebudayaan Edi Sedyawati dari Universitas Indonesia dan Akademi Ilmu Pengetahuan Indonesia yang didaulat Panitia untuk menjadi salah seorang pemakalah utama pun membuat makalah berjudul ”Aktualisasi Filsafat Jawa dalam Kehidupan Pascamodern.” Ia berbicara tentang filsafat, dan bukan tentang bahasa Jawa, walau di akhir makalahnya dikutip beberapa contoh ungkapan yang memenunjukkan pedoman perilaku orang Jawa: ”mikul dhuwur mendhem jero, wani ngalah luhur wekasane, alon-alon waton kelakon, jer basuki mawa beya.” Kita pasti sepakat, makalah-makalah jenis ini pastilah sangat tepat ditampilkan di dalam Kongres Budaya, dan bukan pada Kongres Bahasa Jawa.

Sebagian besar makalah KBJ V pun lebih terasa ditulis dengan penyudutpandangan yang keliru, misal, mendedah nilai-nilai: sopan santun, kebajikan, etos, yang terkandung di dalam naskah-naskah sastra) Jawa klasik. Makalah-makalah seperti itu pasti lebih terkesan dibuat untuk meyakinkan bahwa sekarang masih penting untuk menginternalisasi nilai-nilai budaya Jawa seperti yang diwariskan para leluhur dan mengaktualisasikannnya di dalam praktik kehidupan sehari-hari. Karena itu jangan heran jika kadang muncul pula celetukan, ”Bukanlah bahasanya yang terpenting, melainkan adalah bagaimana kita, orang Jawa, berperilaku layaknya orang Jawa.” Pikiran seperti tecermin pada pernyataan seperti itulah tampaknya yang kemudian memunculkan gejala ”krama-nisasi” dalam pemakaian bahasa Indonesia. Pasti lucu bukan, jika Kongres Bahasa Jawa justru melahirkan rekomendasi yang hakikatnya adalah justru membunuh Bahasa Jawa itu sendiri? Nah, lho!

Untunglah, di luar makalah yang ditampilkan/dibahas di dalam persidangan-persidangan, Panitia KBJ V memberi oleh-oleh bagi para peserta berupa buku Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa Huruf Latin yang Disempurnakan terbitan Balai Bahasa Yogyakarta, dua keping CD (Program Alih Aksara Jawa dan Dasa Nama/Sinonim) yang diproduksi Dinas Kebudayaan Provinsi DIY, serta mendapatkan buku antologi cerpen dan puisi Jawa berjudul Pasewakan (Konggres Sastra Jawa III bersama Elma Tera) serta novel berbahasa Jawa karya Suparto Brata berjudul Donyane Wong Culika.

Memusatkan pembahasan hanya pada persoalan-persoalan bahasa Jawa dan tidak melebar ke persoalan kebudayaan, pastilah juga akan menjadi salah satu variabel untuk menekan biaya penyelenggaraan. Jumlah peserta bisa lebih dirampingkan, misalnya hanya 200 hingga 300 orang. Tempat penyelenggaraannya tidak di hotel bintang 5, dan makalah yang ditampilkan sebanyak-banyaknya 20 atau 25 saja.

Di era sekarang ini, bahasa Jawa memiliki beberapa persoalan, antara lain: [1] kesenjangan antara ragam tutur dan ragam tulisan, seperti tecermin pada kesulitan yang dihadapi banyak orang ketika harus membedakan, kapan menuliskan ”cara” dan kapan harus menuliskan ”coro”, kapan harus menuliskan ”wedi” dan kapan harus menuliskan ”wedhi.” [2] semakin tergerusnya perasaan bangga menggunakan bahasa Jawa di kalangan generasi muda Jawa, [3] ketidakpedulian lembaga-lembaga pemerintah maupun swasta pada saat menggunakan bahasa Jawa ragam tulisan, misal untuk kepentingan pembuatan kain rentang, selebaran, poster, dan lain-lain.

Lalu, persoalan tantangan. Tantangan yang dihadapi bahasa Jawa sekarang adalah, apakah ia dapat meningkatkan ”derajatnya” dari ragam tutur/lisan ke dalam ragam tulis secara signifikan atau tidak. Fakta membuktikan, di antara 130-an juta orang Jawa yang ada di Indonesia terbit tiga buah majalah berbahasa Jawa: Jaya Baya (Surabaya), Panjebar Semangat (Surabaya), dan Djaka Lodang (Yogyakarta), masing-masing terbit sekali dalam seminggu dan jika dijumlahkan total oplah ketiga majalah itu pastika tidak mencapai 100.000 eksemplar. Secara kasar, itu berarti tidak mencapai 10 % orang Jawa yang melek bacaan berbahasa Jawa. Kegetiran itu pun tergambar saat terbit buku berbahasa Jawa. Buku novel, cerpen, atau kumpulan puisi Jawa terbaik pun, yang diterbitkan dan terjual 1.000 eksemplar pada bulan pertama, kecuali yang, kalau ada: ”dipaksakan”. Apakah itu dapat dipandang sebagai bukti kegagalan pembelajaran bahasa Jawa di sekolah? Itulah antara lain pertanyaan yang mestinya dapat dijawab dalam Kongres Bahasa Jawa.

Tantangan berikutnya adalah, peningkatan ”derajat” bahasa Jawa dari sekadar sebagai bahasa ekspresi (sastra), termasuk untuk keperluan pembuatan syair tembang (Campursari, misalnya) menjadi bahasa pengetahuan. Masih belum terpenuhinya secara utuh keinginan Panitia KBJ V untuk membebaskan persidangan-persidangan, bahkan sejak acara Pembukaan hingga Penutupan dari penggunaan selain bahasa Jawa adalah bukti bahwa bahasa Jawa belum berdaya secara optimal di tengah-tengah masyarakatnya sendiri. Ironisnya, fakta membuktikan bahwa bahasa Jawa sesungguhnya jauh lebih ”analitis” daripada bahasa Indonesia. Misalnya, bahasa Jawa memiliki istilahnya masing-masing untuk: batang kelapa (glugu), daun kelapa (blarak), pucuk daun kelapa (janur), kelapa muda (degan), bunga kelapa (manggar) dan seterusnya. Orang sering masih bertanya, ”Lalu bagaimana halnya dengan istilah-istilah pengetahuan modern, termasuk istilah-istilah teknik yang tidak dimiliki bahasa Jawa? Bukankah setiap bahasa memiliki mekanisme penyerapan dari bahasa lain? Inilah pula persoalan-persoalan yang mestinya menjadi bidang garap Kongres Bahasa Jawa. Alih-alih menyelesaikan persoalan di dalam kamar-nya sendiri, Kongres Bahasa Jawa malah nggedhabyah, melebar ke urusan-urusan kebudayaan (Jawa).

Bertolak dari gambaran tadi, kiranya perlu sekalian saja diagendakan: [1] Kongres Kebudayaan Jawa, [2] Festival Budaya Jawa, [3] Konggres Sastra Jawa, [4] Festival Sastra Jawa, [5] Kongres Guru Bahasa Jawa, [Lomba Menulis Sastra dan Karya Ilmiah berbahasa Jawa]. Jika untuk tiap-tiap program itu diagendakan masing-masing dengan biaya Rp 1 milyar, diadakan 1 kali dalam 5 tahun, itu tidak akan menambah beban Pemerintah. Anggaran belanja tidak bertambah, tetapi akan semakin banyak pihak/kepentingan terakomodasi. Dan dengan demikian, kita punya tambahan alasan untuk berharap: bahasa, sastra, dan budaya Jawa akan memperoleh kejayaannya sebagai bagian dari kebhinekaan Indonesia.

*) Dipublikasikan pertama kali oleh harian Solopos


**) Bonari Nabonenar, bagian dari kepanitiaan KBJ V –tulisan ini adalah pendapat pribadinya.

KSJ III: Biyen Oposisi kok Saiki Kongsi?

Akeh pitakon kang sairip utawa malah presis kaya irah-irahane tulisan iki. Mula, sinambi ngeling-aling lelakone Konggres Sastra Jawa (KSJ) wiwit sepisanan (2001) nganti kang lagi wae digelar (28 – 30 Oktober 2011) muga-muga tulisan iki bisa atur katrangan kang trawaca, geneya kok ngono, geneya kok ngene.

Satemene, sebutan ”oposisi” apadene ”kongsi” kuwi rasane keladuk ”politis”. Nanging, sumangga kepriye olehe arep ngarani. Ana maneh kang tansah ngarep-arep supaya KSJ tansah bisa ngemban ayahan kadidene ”lembaga kontrol” tumrap Kongres Basa Jawa (KBJ) lan sokur-sokur uga tumrap kawicaksanan liyane saka Pamarentah kang gegayutan karo prakara basa lan sastra Jawa. Aran-aranan ”lembaga kontrol” iku satemene ya krasa kemelipen. Kok kaya dewan (perwakilan rakyat) wae! –senajan ta, sagaduk-gaduke KSJ tansah nindakake ”fungsi kontrol” kuwi, kanthi maneka-warna cara, klebu ngontrol saka njero, kanthi gelem melu kadhapuk dadi perangane Panitia KBJ. Mula, wiwit KSJ I nganti KSJ III, tansah ana paraga/pawongan saka unsur KSJ kang melu dhapuk dadi perangane Panitia KBJ. Geneya pitakon ”Biyen oposisi kok saiki dadi kongsi,” iku lagi njengat saiki?

Apa amarga KSJ III nampa sumbangan prabeya saka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Bojonegoro lan saka Pemerintah Provinsi Jawa Timur, kajaba saka priyantun lan bebadan swasta? Yen ditlusur, ing taun 2006 nalika bakal digelar KSJ II, Panitia KBJ III ya nawakake sumbangan dana. Mung, nalika kuwi saelingku dikantheni panjaluk, aja nggunakake tembung ”Konggres.” Rapat Panitia KSJ II banjur kabotan nampani sumbangan iku. Malah, merga kadhung kecenthok ing rasa, nalika dijabel panjaluk (nggunakake tembung ”Konggres”) lan sumbangan prabeya bakal diwenehake, Panitia KSJ II ya panggah wegah nampani. Iku bisa dadi titikan lamon sambung-rembug antarane Panitia KSJ II lan Panitia KBJ IV iku ora dumadi kanthi becik. Conto liyane, nalika sawatara paraga saka Panitia KSJ II bakal sapatemon karo Panitia KBJ IV ing Surabaya saprelu ngrembug usulan kanggo mbabar buku-buku sastra Jawa, wurung kalakon senajan sing ditilpun saka Ngayogyakarta budhal sadeg-sanyet.

Beda banget karo Panitia KBJ V, kang wiwit diwangun, wis nggoleki paraga saka unsur KSJ saprelu diajak rembugan. Kadang Sugeng Adipitoyo kang sawijining wektu mbarengi Prof Dr Djoko Saryono (Ketua Pelakasana KBJ V) nilpun ngene, ”Mas, sampeyan iki neng endi, arep takparani karo Pak Djoko Saryono.” We lhadalah! Ya gage olehku mangsuli, ”Wah, yen ngono carane aku bisa kuwalat, Mas. Sesuk wae yen Pak Djoko Saryono wis kondur menyang Malang taksowanane!”

Tenan, kelakon sapatemon karo Prof Dr Djoko Saryono M.Hum ing Kampus Universitas Negeri Malang. Rembugan ngalor-ngidul prakara lelakone KBJ lan KSJ. Pepuntopning rembug, Prof Djoko Saryono nelakake pamanggihe manawa anane Konggres Sastra Jawa kang wektune meh padha lan ing papan kang ora adoh karo Kongres Basa Jawa ora prelu didadekake prakara, kepara malah bisaa saiyeg-saekapraya amrih kabeh bisa kelakon kanthi lancar lan ngasilake pancadan kanggo ngranggeh gegayuhane. Mulane banjur disambung maneh rembugan karo sawatara paraga saka unsur KSJ. Mapan ing ruwang rapate salah sijine Asisten Gubernur Jatim, wektu kuwi saka ka unsur KSJ sing teka: Daniel Tito (Sragen), Dhanu Priyo Prabowo (Yogyakarta), Bonari Nabonenar (Malang), JFX Hoeri (Bojonegoro), Aris Sudaryanto alias Pakdhe Uban (Bojonegoro). Sing diulemi padha-padha lumantar SMS nanging ora bisa teka, Sucipto Hadi Purnomo (Semarang).

Apa kanthi mangkono para paraga saka unsur KSJ kuwi banjur kaya wong kang padha kesrimpung daya kritis-e? Mbokmanawa ora. Pratelan-pratelane Daniel Tito kang tkok-slorok, blak-blakan, upamane nalika mitakonake, ”Apa KBJ V iki mengko mung bakal kaya KBJ-KBJ sakdurunge kang katone mung kaya wong ngeceh-eceh dhuwit,” takkira bisa dadi titikan manawa para penggiat KSJ iku durung mlenceng saka gegayuhane sakawit.

Sepisan maneh, lamon dhek taun 2006 kae Panitia KSJ II gelem nampani, dhuwit bantuwan kuwi cetha saka Panitia KBJ V. Dene Panitia KSJ III ora mung arep nampani, nanging malah nyuwun bantuwan saka Pamarentah Provinsi Jawa Timur (ora saka Panitia KBJ V), merga sadhar yen rakyat kuwi duwe hak kanggo melu nanjakake dhuwit ”tabungane” kang disimpen (kanthi cara mbayar pajek lan sapiturute) lan diatur carane nggunakke dening Pamarentah. Ewadene isih ana sing mitakonake, ”Biyen oposisi kok saiki dadi kongsi?” mesthi iku pitakon ngemu pandakwa kang muncul saka pawongan kang ora bisa kanthi trawaca ngaweruhi apa kang satemene wis ditindakake dening para paraga pengiat KSJ kang uga kadhapuk dadi perangane Panitia KBJ V –sakdurunge, sajrone, lan mengko sakwise KBJ V kagelar.

Cekake, arepa dikayangapa, Panitia KBJ V kang wis gelem sapejagong karo (Panitia) KSJ III. Kuwi kudu dianggep sawijining kemajuan. Wis mundhak apik (ing tataran komunikasi) tinimbang KBJ-KBJ sakdurunge. Prekara asile jagongan utawa rembugan kuwi isih ngalor-ngidul, sairing lumakune wektu kudu tansah dijaga amrih dadi sangsaya becik. Syukur ora malah padha bali nglare, manjing kaya wong jothakan maneh. Mesthine iki ya salaras karo unen-unen pitutur, ”Yen ana rembug dirembug.” Ya merga ngajeni kang wis kasdu ngajak rembugan kuwi mula Panitia KSJ III ora kabotan nampani lan malah nyuwun sumbangan prabeya saka Pamarentah Provinsi Jawa Timur, lan senajan sabanjure entuk kabar manawa tibane etungan mung, utawa malah ora ana --separone kang nate ditawakake marang Panitia KSJ II dening Panitia KBJ IV (Semarang, 2006). Muga-muga iku bisa nambahi titikan manawa wong-wong KSJ kuwi ora mata-dhuwiten.

Kanthi mangkono uga, para paraga penggiat KSJ nuduhake manawa maneka kritik lan panyaruwe kang wis kasuntak sasuwene iki ora mung linandhesan semangat waton sulaya, ora mung ben ketok gagah dadi pemberontak. Panyaruwe iku uga ora mung katindakake saka njaba, saka kadohan, nanging uga nalika mapan ing sajerone Panitia (KBJ V). Terus apa titikane yen panyaruwe kuwi wis katindakake? Mbokmanawa sairing lumakune wektu kabeh mengko bakal kabuka. Yen saiki dijlentreh, sajake malah kurang prayoga, malah bakal katon kaya kaladuk ngalem awake dhewe.

Kang prelu dicathet maneh, yakuwi kanyatan manawa ing sajroning swasana ”dialog” kang lagi kawangun kuwi mesthi ora kabeh kawicaksanan kang sasuwene iki kabiji kurang prayoga banjur malik grembyang kaya kang dikarepake para pengritik. Mesthi ana proses. Lha, mulane, ayo saiki padaha melu dititeni, angger tindak lanjut-e KBJ V iki mengko isih panggah kaya sawise KBJ-KBJ sakdurunge: mung ana program sosialisasi lan banjur: sepi mamring, ya ayo aja kendhat-kendhat aweh panyaruwe. Syukur yen ana gerakan swadaya masyarakat kanggo bab-bab kang tundhone nggelak ajune basa lan sastra Jawa kaya kang ditindakake Suparto Brata kanthi mbabar buku-bukune, yen prelu malah ”mbayari wong kanggo maca bukune” kaya kang diandharake ing saweneh acara mapag tumapake KBJ V ing TVRI Jawa Timur sawatara wektu kepungkur, kaya kang wus katindakake sanggar-sanggar apadene paguyuban-paguyuban pamarsudi basa, sastra, lan kabudayan Jawa.

Mbokmanawa kanthi melu ngontrol kepriye lan apa kang bakal katindakake dening Pamarentah (Daerah) gegayutan karo Keputusan lan Rekomendasi KBJ V, bebrayan Jawa wiwit 2012 nganti 2015 utawa 2016 bisa nggolong-nggiligake suwara: sarujuk apa ora Program Pamarentah Provinsi Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Provinsi DIY kang aran Kongres Basa Jawa iku mengko bisa diterusake apa kudu diendhgegake ing Surabaya wingi kuwi wae. [Bonari Nabonenar, Ketua Panitia KSJ III, perangane Panitia KBJ V. –Tulisan iki panemu pribadine dhewe.]


Cathetan: sepisanan digiyarake lumantar Suara Merdeka

FOTO: DHANU PRIYO PRABOWO

Sunday, 25 December 2011

Agar Tak Jadi Kongres Omong Kosong

Menyongsong KBJ V (Surabaya, 27 – 30 Nov. 2011)

Kongres Bahasa Jawa akan digelar untukk kelima kalinya, dan karena itu selanjutnya disingkat KBJ V, akan diselenggarakan di Surabaya padha akhir November ini (27 – 30). Walau kritik tak seheboh menjelang KBJ IV (Semarang, 2006) sesungguhnya masih banyak orang pesimis, apakah proyek bernilai miliaran rupiah ini akan diikuti tindak lanjut yang sungguh-sungguh bermakna bagi (pertumbuhan dan perkembangan) bahasa Jawa itu sendiri.

Dalam kaitannya dengan hal tersebut, dalam beberapa kali kesempatan rapat, Sekretaris Panitia yang juga Kepala Bagian Kebudayaan dan Pariwisata, Biro Administrasi Kemasyarakatan, Sekretariat Daerah Provinsi Jawa Timur Drs. H. Hizbul Wathon, MM. meminta agar KBJ V ini dikawal oleh semua pihak tidak hanya sampai pada keberhasilan pelaksanaannya, melainkan hingga tindak lanjutnya. Memang, keberhasilan kongres harus dinilai dari: tindak lanjutnya, bukan dari kemewahan, kemeriahan, keserbagemerlapan kongres itu sendiri, walaupun, dalam beberapa kali rapat panitia, justru kekhawatiran akan gagal menggelar perhelatan lima tahunan ini yang lebih dominan mencuat.

KBJ V yang mengusung tema ”Bahasa dan Sastra Jawa sebagai Sumber Kearifan bagi Pebentukan Watak dan Pekerti Bangsa” bisa jadi pertaruhan terakhir, untuk kembali menimbang apakah proyek tiga daerah (Pemprov Jateng, Pemprov Jatim, dan Pemprov DIY) ini memang layak diteruskan sebagai agenda rutin 5 tahunan, ataukah lebih baik dihentikan saja –seruan yang makin menguat menjelang KBJ IV, 2006 lalu. Di sinilah pentingnya dicatat ajakan Pak Hizbul itu. Jika dalam 3 – 4 tahun mendatang suasananya adhem-ayem saja seperti setelah KBJ yang sudah-sudah, tidak terbayangkan, kalimat atau mantra mana lagi yang akan dilontarkan untuk memulihkan harapan masyarakat, sehingga KBJ VI kelak bisa diselenggarakan di Yogyakarta (sesuai gilirannya) tanpa hujan olok-olok. Tampaknya janji yang dikemas dalam retorika paling apik pun tak akan laku lagi. Maka, tidak ada lagi pilihan, setelah KBJ V ini segenap pemangku kepentingan, pemerintah dan masyarakat, harus berani melakukan hal-hal yang lebih berarti bagi pertumbuhan dan perkembangan bahasa dan sastra Jawa.

Tindak lanjut dimaksudkan di sini bukan hanya hal-hal yang sudah menjadi kegelisahan umum, misalnya menyangkut pengajaran: [1] ketersediaan guru (bahasa Jawa) yang berkualitas, [2] tersedianya ruang waktu/jam pelajaran yang cukup di sekolah. Sebagai catatan tambahan, [a] sering muncul keluhan mengenai kualitas guru bahasa Jawa di sekolah, karena dalam banyak kasus, mata pelajaran tersebut dibebankan kepada guru yang bukan fak-nya; [b] ketika pelajaran bahasa Jawa dimasukkan ke dalam kategori ”muatan lokal” ternyata juga sering diisi pelajaran teori/praktik komputer atau yang lain. [c] salah satu rekomendasi KBJ IV (?) bahwa pelajaran bahasa daerah (Jawa) akan diajarkan hingga tingkat SMU (dan sederajat) ternyata hanya ditindaklanjuti oleh Pemprov Jawa Tengah saja; [d] sering terjadi juga, menurut Sucipto Hadi Purnomo, jurnalis yang juga dosen Jurusan Bahasa Jawa Unnes, jam pelajaran bahasa Jawa di sekolah-sekolah ”dirampok” oleh bidang studi lain yang gurunya diwajibkan mengajar setidaknya 24-26 jam pelajaran dalam seminggu setelah tersertifikasi.

Dan masih banyak lagi persoalan pengajaran bahasa Jawa, sehingga kira-kira kalau mau dibahas hingga tuntas, waktu efektif kongres yang 3 hari itu pun tidak akan cukup.

Tanpa kongres pun, seharusnya persoalan-persoalan berkaitan dengan pembelajaran bahasa Jawa di sekolah bisa diselesaikan oleh instansi terkait, terutama Dinas Pendidikan, yang, apa lagi sekarang –dikaitkan lagi dengan ”Kebudayaan”. Saya justru lebih tertarik untuk menyerukan hal-hal yang tak punya ”payung” untuk sampai pada rekomendasi/keputusan dan pada akhirnya kebijakan yang diaplikasikan di luar hal-hal yang secara normatif lebih sering dibicarakan dalam forum-forum resmi.

Ketika suatu saat mendapatkan kesempatan sebagai pembicara di dalam Rapat Koordinasi menuju KBJ V, misalnya, saya beranikan diri untuk melontarkan pernyataan, ”Bagi saya, tidak begitu penting lagi apakah pelajaran bahasa Jawa diberi jam yang banyak atau tidak di sekolah-sekolah, sejauh setiap sekolah yang masih ada di lingkungan masyarakat Jawa masih memiliki fasilitas untuk bermain karawitan, bermain ketoprak, ludruk (kegiatan ekstra kurikuler), dan terutama didukung oleh perpustakaan yang dipenuhi juga dengan buku-buku karya sastra Jawa dan terbitan berkala berbahasa Jawa, itu sudah sangat cukup.

Kegiatan-kegiatan lomba penulisan, lomba nembang, termasuk lomba baca guritan seharusnya juga menjadi agenda rutin untuk para pelajar, mahasiswa, dan pengarang sastra Jawa dari tataran institusi (semisal: sekolah/kampus), lokal, regional, bahkan internasional dengan iming-iming hadiah yang pantas. Dengan demikian generasi muda akan kenal dan kemudian merasa perlu, bahkan penting untuk memiliki ketrampilan berkaitan dengan pemakaian bahasa Jawa.

Yang lebih penting lagi adalah ketersediaan media yang sekaligus dapat dimanfaatkan sebagai laboratorium pembelajaran bahasa dan sastra Jawa bagi generasi muda. Memang ada rubrik ”Sinau Ngarang” di majalah Jaya Baya. Tetapi, itu pasti jauh dari memadai. Pasti bukanlah hal yang susah jika salah satu saja di antara tiga daerah (DIY, Jateng, Jatim) mau berkomitmen untuk memerhatikan persoalan pewarisan nilai-nilai budaya Jawa kepada generasi muda dengan memberikan dukungan sepenuhnya bagi penerbitan majalah berbahasa Jawa bagi kaum muda, terutama kalangan pelajar dan mahasiswa. Semoga ini bisa digiring menjadi janji bersama untuk membuktikan bahwa KBJ bukan hanya omong kosong.

Kalau ada perjanjian tertulis bahwa setiap sekolah, baik swasta maupun negri berlangganan 1 eksemplar saja majalah yang bisa diterbitkan sekali sebulan itu (dengan harga tidak sampai Rp 25 ribu/eksemplar) pastilah ada pihak swasta yang bisa digandeng untuk menerbitkannya. Persoalannya, kembali lagi, adalah: komitmen kita! (Bonari Nabonenar, Ketua Panitia Konggres Bahasa Jawa III, juga bagian dari Panitia KBJ V. Tulisan ini adalah pendapat pribadinya).

KETERANGAN FOto: Pasewakan adalah antologi guritan dan crita cekak yang diterbitkan Panitia Konggres Sastra Jawa III, juga menjadi cindera mata bagi peserta KBJ V.

--Tulisan ini dengan sedikit editing, termasuk pada judul, pernah dimuat Jawa Pos.



Friday, 30 September 2011

Saemper Pasewakan

Ing kalangane para pengarang/penggurit, sok keprungu ukara mengkene: ’’Pengarang (utawa) penggurit Si Anu kae kok saiki ora tau metu tulisane ya?’’ Kebacute rembug, njur ditambahi ukara pitakon, ’’Gek-gek wis ora ana?’’ Utawa, tembung kasare, ’’wis mati.’’ Sing diarani pengarang utawa penggurit kuwi, diarani ana ya amarga olehe ngarang utawa nggurit. Dene yen wis ora ngarang maneh, utawa wis ora nggurit maneh, pancene ya bisa diarani wis ora ana (karyane), utawa wis mati (kreativitase). Buku kembang setaman guritan lan crita cekak iki kababar kanggo ngregengake gumelare Konggres Sastra Jawa (KSJ) III (Bojonegoro, 28 – 30 Oktober 2011). Mula, kabeh guritan lan crita cekak kapacak sajroning buku iki ora adhedhasar tintingan utawa seleksi, nanging adhedhasar uleman lan sok sapaa wae kang rumangsa kegugah dening kegiyatan (KSJ III) iki. Sawatara wulan sadurunge, wara-wara wis disebarake, mligine lumantar kacamaya kang maujud kanthi anane sambungan internet. Wong 200-an, malah luwih, diulemi dening Panitia. Nanging, nganti tumekaning titi bahan buku kudu wis mlebu percetakan, kang kasil kaimpun ana 40 crita cekak meh ora ganep, lan guritan saka penggurit cacah 74.

Mbokmenawa saemper yen ngestreni pasamuwan, adhakane ya milih klambi sing paling becik, macak mlipis, sakehe guritan apadene crita cekak kang kakirimake marang Panitia iki ya kang paling apik/prayoga miturut pengarang/penggurite. Mula, buku kembang setaman iki ya saemper pasamuwan, kang dirawuhi: saka para dhugdheng-e Sastra Jawa Gagrag Anyar nganti kang kena ingaran isih belajar, saka kang wis yuswa pensiunan puluhan taun nganti tekan bocah pelajar. Iki uga ngemu pawarta kang agawe bombong, awit kanthi mangkono cetha yen Sastra Jawa (Gagrag Anyar) ora bakal enggal cures, awit kabukten manawa proses regenerasi isih terus lumaku.

Muga-muga buku kembang setaman iki uga dadi tandha anane sambung paseduluran ing antarane para pengarang lan penggurit, dadi tandha mata kanggo para dwija, para siswa, lan sok sapaa wae kang ngaku tresna marang basa, sastra, budaya Jawa.

Ing wasana, atur panuwun katur marang para penggurit lan pengarang kang wus kersa nyumbangake karyane, ewadene malah isih ditarik iyuran, lan kanthi suka-rena maringake. Atur panuwun uga katur marang Dinas Pariwisata dan Budaya Kabupaten Bojonegoro, Yayasan Saworo Tino Triatmo, Pak JFX Hoery, Pakdhe Uban, Mas Sucipto Hadi Purnomo, Mas Dhanu Priyo Prabowo, Kang Arim Kamandaka, Dhimas Wahyu Hariyanto, lan kabeh Panitia KSJ III kang wis keraya-raya awit saking kepengine mujudake impen mbabar buku iki. Muga-muga kabeh iki gedhe paedahe.

Nuwun.


Bonari Nabonenar

Friday, 8 July 2011

OPEN MARANG KUPIYANE MASYARAKAT MURIH LESTARI LAN NGREMBAKANE BASA LAN SASTRA JAWA

Dening: Bonari Nabonenar

Tulisan ringkes iki mengko bakal ngandharake apa kang dumadi ing masyarakat (bebrayan), gegayutan karo obah-mosike basa lan Sastra Jawa (Modern). Banjur kajumbuhake karo bab kang prelu digrengsengake dening para pamengku-gati (stakeholder). Merga wujude kang ringkes, tur dudu laporan panaliten, mbokmanawa ya pating pethasil. Iki mung dhapur kumpulan usulan, dene klebu nalar apa orane ayo dionceki bebarengan.
[1]

Nyata agawe bombong apa kang ditindakake dening H. Karkono Kamajaya Partokusumo (Javanologi): nglatinake Serat Centhini. Kanthi mangkono generasi kang wus ora atul karo aksara Jawa dadi bisa maca lan nggagapi apa kang kinandhut ing kitab kang kerep sinebut uga kadidene bothekane Kabudayan Jawa iku. Kupiya kang mangkono iku banjur diterusake dening Yayasan Centhini kanthi njarwakake kitab warisan kuwi menyang basa Indonesia. Ngelingi wigatine proyek iku, mesthi dadi kabar kang nambahi bombong lamon ana katrangan manawa kabeh prabeyane ditanggung dening pamarentah.

Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY), wiwit taun 1990-an wis bisa mbabar majalah (sastra Jawa) Pagagan kanthi wragat bantuan saka Balai Bahasa Yogyakarta. Malah Dinas Kebudayaan Yogyakarta uga mbabar majalah (abasa Jawa) Sempulur, kang paring ajang kanggo para penulis/pengarang kang kulina nggunakake basa Jawa.

Kepriye wartane ing Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Timur? Ing Jawa Timur ana Sanggar Sastra Triwida (Tulungagung), Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB), Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS), lan isih akeh liyane, bebadan (lembaga swadaya masyarakat) kang padha gumregut ngleluri basa, sastra, sarta kabudayan Jawa. Balai Bahasa Jawa Timur kang lagi madeg ing taun 2000-an, yen ora kleru wis kaping 3 (saben taun) aweh pangaji-aji marang Sanggar Sastra (wis ditampa dening Sanggar Triwida, PPSJS, lan PSJB). Iku nuduhake manawa wis ana kawigaten saka pamarentah. Mung wae, sajak pantes tinakonake, apa kuwi wis nuduhake lamon antarane pihak pamarentah lan para pamengku-gati liyane wis saiyeg-saeka praya ing bab murih lestari lan ngrembakane basa lan sastra Jawa?

Ing Surabaya, kejaba Suparto Brata lan Leres Budi Santosa kang sok ngarang crita nganggo basa Jawa dialek Surabaya ana Trinil (Dr. Sri Setyowati) kang malah wus mbabar buku guritan Donga Kembang Waru (Komunitas Cantrik, Malang, 2004) lan novel Sarunge Jagung (?) kang nggunakake basa Jawa dialek Surabaya. Kang rada nrenyuhake, kok Pamarentah Kutha Surabaya sajak babarpisan ora melu keplok nelakake rasa bombong dene ana kang melu-melu ngurip-urip basa Jawa dialek Surabaya lumantar buku wacan mengkono iku. Upamaa ora melu ngragati penerbitane, sepira ta abote nyawisake papan lan klethikan samurwate kanggo ngepyakake buku iku?

Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya kadidene sanggar wae sajake ya ora ditepungi dening ’’Pamarentah Kutha Surabaya.’’ Yen sawijining wektu ana Wakil Walikota gelem nglantik pengurus PPSJS, sajake iku ora amarga saking becike sesambungan antarane Pamarentah Kutha Surabaya karo PPSJS, nanging luwih amarga padha kenale antarane para pengurus PPSJS karo Arif Afandi kang wektu iku ngepasi dadi Wakil Walikota Surabaya.

Nalika anyar-anyaran ana siaran berita Pojok Kampung ing JTV kang nggunakake basa Jawa dialek Surabaya, masyarakat padha umyeg, basane Pojok Kampung dianggep saru lan malah ana kang banjur lapuran menyang KPID kang banjur nimbali para mbaureksane Pojok Kampung. Nanging nalika ’ditantang’ supaya gawe ’’bausastra’’ basa Jawa dialek Surabaya, pamarentahe ya sajak amem wae. Yen banjur ana M. Djupri kang mbabar kamus Surabaya-an, iku ya ora amarga ana ’order’-an saka Pamarentah Kutha Surabaya; kayadene nalika Hasan Ali gawe ’’Kamus Basa Using’’ iku ya merga nekad-e Hasan Ali, ora merga kawigaten kang gedhe saka Pamarentah Kabupaten Banyuwangi marang kaskayan budayane.

Ing masyarakat uga akeh paguyuban, sanggar kesenian, kang satemene bisa diarep-arep bisa dadi jejed-wengkune basa lan sastra Jawa, upamane sanggar-sanggar macapatan, kelompok kesenian tradisional, grup musik: keroncong, campursari lan sapiturute.

Nalika mampir ing Kantor Redaksi Jawa Pos sawatara taun kepungkur, Dr. George Quinn saka ANU (Australian National University) ngendika yen para mahasiswane uga nyetel tembang-tembang campursari kang wus akeh kaunggah ing internet (kacamaya) kanggo nyinaoni basa Jawa. Mangka yen panjenengan kersa mirsani, teks tembang campursari ing video, CD, DVD, kang saperangan banjur uga kaunggahake menyang kacamaya kuwi ajeg ngandhut ejaan kang luput panulise. Yen para siswa, mahasiswa, lan bebrayan agung nyinaoni barang salah ngono kuwi banjur kepriye dadine?

Ing Surabaya, ana Suparto Brata, pengarang sastra Jawa kang wus nampa SEA Write Award (2007), sengkut banget olehe ambyur ing ’’gerakan literasi, yaiku laku nggrengsengake bebrayan kiwa-tengene amrih sangsaya melek lan rumangsa butuh maca lan nulis. Saking makantar-kantare, nganti bola-bali Suparta Brata pratela, ’’Sastra iku buku!’’ Ngono iku ya ora mung bengak-bengok ala nganggur, nanging uga kanthi aweh conto, nindakake dhewe, lan saiki tekade, saora-orane mbabar 5 buku abasa Jawa saben taune. Ana wewalere Pak Parto, saking olehe kepengin ngluhurake Sastra Jawa, yakuwi: aja nganti buku basa Jawa-ne kajarwakake marang basa Indonesia. Yen menyang basa jagadan liyane, basa Inggris upamane, malah iku kang dikepenginake. Yen ana kalodhangan ketemu karo para priyagung, apa kuwi konsulat, walikota, gubernur, utawa wong kondhang liyane, Suparto Brata kaya ora tau kelalen nyepakake buku karyane pinangka tandha mata. Upamane nalika ana kalodhangan kepethuk karo Gubernur Jawa Timur ing acara mengeti dina klairane Pancasila (Balai Pemuda, Surabaya, 6 Juni 2011) wingi kae, Suparto Brata uga ngaturake buku karyane, Riwayat Madege Propinsi Jawa Timur: Lelabuhane Gubernur Jawa Timur I, R.M.T.A. Suryo (abasa Jawa) lan buku antologi Saya Bersekolah untuk Apa? (abasa Indonesia). Sadurunge munggah panggung saprelu ngaturake buku marang Gubernur, Suparto Brata isih kober grenengan, ’’Takaturi buku Jawa mengko apa Pak Gubernur kersa maca, ya?’’ lan senajan ora presis mangsuli pitakon iku, nalika adhep-adhepan karo Suparto Brata, Pakdhe Karwo (Gubernur Jawa Timur) ngendika, ’’Pak Parto, kula taksih langganan Panjebar Semangat lan Jaya Baya lho. Kula ugi maos crita panjenengan Kadurakan ing Kidul Dringu. Sae sanget…’’

Suparto Brata uga kerep nggunakake ukara, ’’Sastra kuwi buku!’’ kanggo nyemoni para pengarang kang sajak katrem nulis kanggo kalawarti/ariwarti, lan kaya-kaya ora duwe grenjet kanggo mbabar buku. Ukara kuwi pancen akeh kurang mathuke yen ditujokake marang sok sapaa kang isih inyik ajar nulis, utawa marang para siswa ing sekolahan. Kanggo golongan kang kasebut nggon mburi kuwi mau, ukara kang paling trep mesthine ya, ’’Sastra kuwi tulis!’’ Suparto Brata kaya-kaya nganti nedhas sungsum olehe nggrantes yen ngonangi manawa pasinaon maca-nulis kuwi ora ditengenake ing sekolahan-sekolahan, lan saben-saben pengarang Donyane Wong Culika iku ngelingake manawa: Yen bangsa iki pengin maju, ya ayo digrengsengake pakulinan maca-lan nulis kuwi!’’ Yen mung ngendelake basa lisan, saweneh bangsa mesthi gelis ketinggalan jaman. ’’Yen mung pengin bisa olah tetanen kanthi becik, uwong bisa sinau saka ngrungokake radio. Nanging, yen pengin bisa gawe radio, uwong kudu maca! Ben ana sing bisa diwaca, kudu ana sing nulis!’’ Kuwi uga ukarane Suparto Brata.

Senajan ’kaliber’-e ora sababag karo Suparto Brata, satemene akeh wong kang duwe panemu ngenani wigatine ’’gerakan literasi’’ mangkono kuwi. Mung emane, kaya-kaya paraga-paraga mangkono iku isih pating slempit ing papan-papan sepi, durung manunggal golong-gilig winadhahan bebadan wadhag kang bisa mbengokake kekarepan kanthi luwih sora. Apamaneh yen diayomi dening perda utawa bisa gandheng-kunca karo pamarentah kang duwe kuwasa ’meksa’ murih ngrembakane budaya maca-nulis lan ngendhih pakulinan kang mung nengenake ’konsumerisme’, mesthi kahanane bakal dadi luwih becik.

Pakulinan maca-nulis cetha kudu diwiwiti saka bocah, ora bisa mak bedunduk muncul sawise diwasa. Sekolahan bisa kandha yen maca lan nulis kuwi ya diwulangake, dikulinakake. Pitakone, kepriye kahanane kapustakan ing sekolahan-sekolahan? Apa wacan basa Jawane wis pepak tenan, nganti buku kang babaran anyar dhewe? Sumangga, para kadang saka donyaning pamulangan, para guru, mesthi bisa paring andharan kanthi luwih trawaca. Nanging, yen wis tekan bab ’nulis,’ apa cukup mung diendhegage tekan ’tugas ngarang’ dibiji guru, terus rampung tekan kono? Apamaneh yen bener pandakwa manawa akeh guru kang luwih seneng nglumpati bab ngarang, amarga rumangsa rekasa, apamaneh ngelingi mengko bakal ngadhepi tumpukan naskah kang bisa luwih sadedege dhuwure. Elok tenan yen saka kanyatan mangkono kuwi bisa tuwuh kanthi becik bibit-bibit bakat ngarang kang banjur bisa langsung ambyur ngiseni ariwarti/kalawarti kang satemene kababar kanggo wong kang wis diwasa, kaya ta Panjebar Semangat, Jaya Baya, Djaka Lodang, lan lembaran-lembaran abasa Jawa kang sumlempit ing ariwarti Kedaulatan Rakyat (nunggak semine majalah Mekar Sari), Harian Jogja, Solo Pos, Suara Merdeka, lan sapiturute kuwi. Yen sasuwene iki sepi suwara kang nelakake rasa prihatin merga ora anane ajang kanggo madhahi karya tulisan basa Jawa-ne para siswa/taruna, ya iku tandha manawa kekarepan ngurip-urip, ngleluri, nglestarekake, lan ngrembakakake basa/sastra Jawa kuwi satemene mung lelamisan wae.

[2]

Sanggar sastra, yayasan/bebadan (LSM), kesenian tradisional, paguyuban macapatan, lan liya-liyane, kabeh iku kayadene taman sari papan tuwuh lan mekare basa sarta sastra Jawa. Mung emane, saiki akeh kang padha kurang tumanja kanthi becik kadidene perangane apa kang takarani ’’benteng pertahanan rakyat semesta’’ kanggo ngrumat basa lan sastra Jawa. Akeh kang mung dadi klangenan, utawa pakumpulan ing antarane wong-wong kang nunggal kekareman, upamane nembang, karawitan, lan sapiturute. Kamangka, sanggar-sanggar seni utawa sanggar sastra iku bakal luwih becik lamon bisa dadi posko-posko (pos komando) kanggo ’’gerakan literasi’’ kaya kang wis ditindakake dening Suparto Brata. Coba, saiba becike yen Pamarentah bisa melu mikuwati adege sanggar budaya ing saben desa kang dadi pusat kegiyatan, upamane: olah beksa, karawitan, pedhalangan, lan sarasehan kampung kang ngrembug prakara-prakara tradisi, olah tetanen, bebakulan, lan liya-liyane. Cekak-cukupe, sanggar kang bisa dadi punjer pasinaon ing sabarang reh kang gegayutan karo panguripane wong sakiwa-tengene. Lan aja lali, durung sampurna adeging sanggar iku lamon durung diganepi kanthi kapustakan kang komplit, kang ing kono bisa ditemokake, upamane, buku-buku: Centhini, Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita, Ruwatan/Murwa Kala, Pranatamangsa, Wulangreh, Wedhatama, Kalatidha, Ramalan Jaya Baya, Babad Tanah Jawi, lan buku-buku liyane, ora ngemungake kang kababar kanthi basa Jawa, nanging uga kang abasa Indonesia. Mesthine Pamarentah wajib nyukupi adeg lan lumakune ’’Sanggar Budaya’’ ing saben desa/kelurahan, kejaba yen kang diugemi panemu manawa laku maca-nulis iku ora penting kanggo kemajuaning bangsa.

Kajaba cacahe kang migunakake, sawijining basa iku kena diarani kuwat yen ngrembaka ’’tradisi tulis’’-e. Ing bab ’’tradisi tulis’’ iku basa Jawa isih kena diarani ringkih. Pancen nyata isih ana majalah lan ariwarti kang nggunakake basa Jawa. Nanging, nyatane basa Jawa isih durung bisa diarani pengkuh tenan ing tulisane (kang nganggo aksara latin). Senajan wis digawe aturan baku, akeh tembang-tembang campursari, upamane, kang isih tinulis kanthi salah. Kalawarti/ariwarti abasa Indonesia sajake uga kepenak wae methik ukara, tembung Jawa lan nulis ora nganggo aturan kang samesthine. Kamangka, yen methik tembung Inggris, luput saaksara wae wis dadi ’prekara’. Sangsaya kojur maneh manawa kang ’’tumindak luput’’ ing bab nulisake tembung Jawa iku bebadan pamarentah. Kaluputan kang kasebut keri dhewe kuwi mau ngabarake manawa saweneh bebadan pamarentah nggembosi programe dhewe (pamarentah) ing babagan ngrumat bahasa daerah. Mula, aja disemayani maneh, kudu enggal ana kang miwiti ada-ada kampanye ngurmati tatatulis kang bener lan pener iku, becik yen bisa dilekasi kanthi sapatemon ing antarane para pamengku gati: jurnalis ariwarti/kalawarti abasa Indonesia, jurnalis kalawarti basa Jawa, pengarang Jawa/Indonesia, penerbit buku, produser kaset/VCD/DVD campursari/keroncong lan sapangripta lagune pisan, karo pihak pamarentah, upamane diwakili dening Balai Bahasa kang mapan ing satengahe bebrayan Jawa.

Yen digandhengake karo kanyatan akehe kalawarti/ariwarti kang mingunakake basa Jawa, durung jejege aturan utawa tatatulis basa Jawa iku mbokmanawa dumadi amarga cacahe wong kang ajeg maca ora kubuk yen dibandhingake karo gunggung-kepruk-e wong Jawa. Banjur kepriye carane supaya luwar saka prekara iki? Pakulinan maca/nulis nggunakake basa Jawa kudu diwiwiti saka bocah, saka sekolahan lan kudu ana bahan wacan wujud buku kang nyukupi. Lan aja disepelekake, ing kahanan kaya mangkene iki mbabar kalawarti mligi kanggo para mudha-tumaruna iku banget PENTING-e.

Ayo, sapa gelem gawe ontran-ontran ing bab kang becik iki: (1) mangun sanggar budhaya ing desa-ngadesa, (2) gotong-royong mbabar majalah basa Jawa kanggo para midha-tumaruna! Ukara iku krasa kaya ajak-ajak ngrubuhake gunung, ya? Kamangka, angger wis dicantholake ing APBD, precaya kena ora precaya ya mangga: suwe mijet wohing ranti! Nuwun.

Sawojajar, Juni 2011

Sunday, 17 October 2010

Niki Pripun Wak Guss........!!!

Aku mentas nampa ulem saka Balai Bahasa Surabaya, kang binuka kanthi ukara, ’’Kami beri tahukan kepada Saudara bahwa Balai Bahasa Surabaya akan menyelenggarakan ’’Gebyar 28’’ pada tanggal 28 Oktober 2010, pukul 09.00 – 12.30, bertempat di Auditorium Balai Bahasa Surabaya. Acara tersebut diisidengan penyerahan ’’Penghargaan Sastra Balai Bahasa Surabaya’’ pada dua sanggar sastra, musikalisasi puisi, pembacaan puisi, serta bedah buku antologi geguritan ’’Layang Panantang’’ karya Sumono Sandy Asmoro.’’ Ulem utawa layang undangan iku dikantheni kitir kanthi irah-irahan, ’’Menyambut Kongres V Bahasa Jawa 2011 di Provonsi Jawa Timur, GEBYAR 28, Bedah Buku Kumpulan Geguritan Layang Panantang karya Sumono Sandy Asmoro, terbitan Balai Bahasa Surabaya.’’ Eloke, miturut Sunarko Budiman, ’’Layang Panantang’’ iku katujokake marang Kongres Basa Jawa apadene Kongres Sastra Jawa kang --banjur disarujuki dening Sumono dhewe—didakwa mung … (mangga kawaos pethikanipun menika):

Lha apa KBJ kaping 5 kang bakal kagelar ing Jawa Wetan taun 2011 mbesuk isih padha kaya dudutane dhik Mono lan sawenehing sastrawan sarta budayawan Jawa, tegese mung pinter ada-ada gawe ’kasus’ kanggo ngundhakake pamore dhiri pribadhi ’’sang pendhekar’’? Apa dadi ’’raja alas’’ iki.

Macan loreng/nggereng mrojol saka krangkeng/mlaku turut dalan sudhetan/nggoleki watu gilang/papan lungguhe sing ilang/nalika banjir bandhang//macan loreng/mung bisa mlenggong/weruh kanca-kancane ganti sandhangan/ supaya ora ditumbak wong mbebedhag/sing butuh buron alasan//macan loreng/kelangan crita, kelangan dongeng/senajan untune wis ompong/nanging sing ngati-ati, mitra/lambene isih ngemu wisa//. (Layang Panantang : 44).—kapethik saka tulisane Sunarko Budiman: ’’Markus Basa Jawa, Sumono Gugat,’’ ing Panjebar Semangat No 18, April 2010

=====================================
Estu ageng kapitunanipun bilih boten nyekseni acara menika.
--bonari nabonenar

Tuesday, 11 May 2010

Bonari Nabonenar Markus-e Sastra Jawa?

Sawise maca andharane Kang Narko (Narko ’’Sodrun’’ Budiman) Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18 Tahun 2010, aku banjur kirim SMS marang: R Djaka Prakosa (anggota Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa V kang uga Wakil Ketua PPSJS), JFX Hoery (Ketua PSJB), Suparto Brata, Tiwiek SA, Sucipto Hadi Purnomo, Keliek SW, Sunarko Budiman (Ketua Sanggar Triwida, ya kang nulis andharan kuwi mau), mengkene: ’’Iki soal Sumono menuding ada Markus di Sastra Jawa seperti dalam tulisane Narko, yen ora dicethakake malah dadi pitenah. Atau Sumono ingin mengatakan baik penggiat KBJ maupun KSJ adalah Markus? Wah!’’

Wangsulan kang daktampa werna-werna. Ana kang, ’’Wah kula mboten nggagas sing ngaten niku. Sing penting mencintai sastra jawa tanpa syarat!’’ Pak Hoery nelakake olehe ora sarujuk karo matrape tembung ’markus’, lan Pak Parto (Suparto Brata)malah ngeles kanthi paring kabar manawa bukune Sumono Layang Panantang bakal dibedhah ing Kampus Lidah (dhek tanggal 30 April wingi kae).

Geneya kok dakarani bisa dadi pitenah? Tembung ’markus’ (cekakan saka: makelar kasus) mono saiki pancen lagi munggah godhong (naik daun) kanggo ngarani paraga-paraga kang nindakake kadurakan kanthi mbiyantu para durjana amrih ora kesrimpet ukum, kang tundhone mung murih dum-duman rejeki saka para koruptor lan saandhahane. Saking mratahe markus, pamarentah kongang jibeg nganti banjur mangun bebadan Satgas Pemberantasan Mafia Hukum kang jejibahane klebu mbrastha para markus kuwi. Cekak-aose, markus kuwi leletheging jagad, ya leletheging bumi Nuswantara Indonesia Raya iki. Yen bener uga ana ing Basa Jawa (neng kene takganti Sastra Jawa) kaya pandakwane Sumono liwat Kang Narko, ya lelethege Sastra Jawa. Mulane, becike aja gumampang nuding saweneh pihak kadidene Markus Sastra Jawa, kejaba wis pawitan bukti kang trawaca.

Ing tulisane kuwi, Kang Narko (Ketua Sanggar Triwida) satemene mung dhapur madulake pandakwane Sumono, kang coba diringkes ing pratelan, ’’ 1) ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, 2) Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, 3) Sasuwene iki KBJ – KSJ padha, lan kaping 4) Sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’

Satleraman kaya-kaya pandakwa kuwi tumuju marang para panyengkuyung KBJ (Kongres Basa Jawa) apadene panyengkuyung KSJ (Kongres Sastra Jawa). Kang kasebut pungkasan kuwi (KSJ) sasuwene iki dianggep nandhingi anane KBJ. Lhah , kok kabeh ’’dimungsuhi’’? Nanging, yen diwaca kanthi rada tliti tibake ketemu, malah satemene cetha banget sapa pawongan kang dituju. Pratelan ing angka 3 lan 4 kuwi satemene mung dhapur aling-aling, mbokmenawa kareben ora melok.

Coba ta, kira-kira sapa pawongan kang ketoke mikir lan tumandang kanggo Sastra Jawa, nanging tibake mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, ’’kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh,’’ (?). Tekan kene pancen isih durung cetha sapa kang didadekake tersangka dening Sumono kang sajake diamini Kang Narko kuwi. Nanging, mangga dipun semak pratelan menika: ’’Lha iki sing kudu dipetani maneh, sapa sing saiki pamore wis mlorot banjur ada-ada gawe ’kasus’ , supaya ditanggapi, dadi polemik rame ing majalah (ora mungkin neng Tv, sebab sastra Jawa ora payu didol neng Tv). Jenenge wis suwe kasilep jamane Century, kagerus ulegane Gayus, kepingin diungkit-ungkit maneh. Iya yen ana sing nanggapi, yen ora? Utawa ada-ada gawe kajatan sing ’’berbau sastra Jawa’’ mapan ing panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa. Jebule mung dadi makelare basa (sastra) Jawa.’’

Sok sapaa kang rada tlaten njingglengi pekabaran ngenani kegiyatan Sastra Jawa mesthi bakal enggal dhamang menawa paraga markus kang dikarepake ing tulisane Kang Narko iku ora liya Bonari Nabonenar, kang ing tanggal 4 – 5 Agustus 2009 wingi gawe ada-ada nggelar Festival Sastra Jawa dan Desa, ing papan kang pancen diakoni ’’sangat terpencil’’ dening kang padha rawuh saka Jakarta, Yogya, Semarang, Banyuwangi, lan liya-liyane, yakuwi Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek (saget kawaos ing: http://ppsjs.blogspot.com/2009/10/penulis-sastra-jawa-ngumpul-ing.html).

Kang banget keladuk kuwi olehe ngarani manawa Desa Cakul ora tau kambon Sastra Jawa. Kok ngono? Sastra Jawa Kuwi apa? Apa Desa kang duwe bocah wis juwara nasional dhalang wayang kulit, sing tau duwe grup wayang uwong lan ludruk, sing isih duwe tradisi tayuban, sing duwe sindhen embuh papat apa lima kuwi bisa sakepenake udele diarani ora tau kambon sastra Jawa? Takkira iku pratelan kang degsiya. Tur malah nuduhake cupete pamawas. Apa dikira yen kang diarani Sastra Jawa kuwi mung geguritan lan crita cekak utawa crita landhung kang kapacak ing majalah?

Entuk Jeneng lan Jenang

Kang Narko uga pratela, ’’Dadi pendhekare kongres! Jenenge mumbul (embuh entuk bathi material apa ora?) ora mikiri kongres sing wragade yutan mau tumanja apa ora? Asil keputusane ana tindak-lanjute napa mboten? Ditanggapi positif lan karya nyata saka pemerintah daerah apa ora?’’ kang sangsaya nuduhake manawa kang digasak kanthi degsiya kuwi dudu KBJ, nanging KSJ. Bocah isih umbelen wae prasasate rak ngreti yen KBJ kuwi ngentekake wragat takerane M (milyar) ora mung ’yutan’ kaya KSJ.

Bonari Nabonenar nyatane entuk jeneng tenan, senajan durung tinampakake, dheweke wis diwartakake bakal nampa Rancage taun iki. Senajan wis ana sing ngarani mung saderma utah-utahan saka RM Yunani Prawiranegara (suwargi) –awit ana aturan Rancage ora bisa ditampakake marang kang wus sumare?—mesthine Yayasan Rancage ora angger. Senajan Rancage kuwi yasan pribadine Pak Ayip Rosidi, mesthi ora bakal kanthi sengaja ngucemake jenenge kanthi aweh Rancage marang wong pengawak Markus. Tur, mesthine malah ana wewaton gumathok geneya Bonari kang banjur dipilih.

Asline, Bonari dhewe rumangsa durung pantes nampa Rancage. Mula senajan ngreti yen kang nintingi para nominator ing laladan basal an sastra Jawa iku Bu Sri Widati Pradopo, nganti saiki durung kawetu matur apa-apa, saking olehe pekewuh. Nanging, mbareng maca andharane Kang Narko bab Markus ing Basa Jawa kuwi saiki Bonari wis manteb, bakal nampani sambi mbatin takon, apa mengko Kang Narko konsekuen karo kang dikandhakake, banjur nulad Mochtar Lubis, yen ora kleru, mbalekake Ramon Magsaysay bareng pirang-pirang taun candhake hadhiah kuwi tumiba marang pawongan kang miturut pamawase ora pantes nampa, yakuwi Pramoedya Ananta Tour. Yen ora gelem mbalekake, tegese Kang Narko ya rumangsa ayem awor karo golongane pawongan kang miturut dheweke Markus kuwi, ta?

Apa Kang Narko isih arep ngendha kanthi kandha ngene, ’’Lho, aku ora ngarani yen Bonari kuwi markus, kok!’’ Yen pranyata kaya mangkono takkira debat terbuka bakal luwih gelis ngrampungi prekara iki tinimbang dadi polemik kedawan-dawan ing majalah. Mesakake kang padha maca yen mung disuguhi udreg nyithengan mengkene iki.

Saora-orane, muga-muga kadangku tuwa Kang Narko ’’Sodrun Tenan’’ enggal paring katrangan kang luwih trawaca, mumpung geni kang dicipratake durung mobal tekan ngendi-endi, awit iki wis ana kang wiwit nglelimbang bakal ngajokake gugatan class action, Wong Cakul, kang didakwa ora tau kambon sastra Jawa kuwi. Nuwun. [Bonari nabonenar, sastrajawa@yahoo.com]


Panjebar Semangat No 20, 2010