Thursday 14 March 2013

Sanggar Sastra....

Sanggar Sastra (Jawa) lan Partai (Politik) iku padha-padha wujud organisasi. Klebu bab kang mbedakake: watak lan gegayuhane.

(1)
Partai (Politik)

Partai (politik) diedegake kanggo ngranggeh kekuasaan, amrih bisa gawe utawa melu gawe program mbangun negara. Wong mlebu (dadi anggota/pengurus) partai amrih entuk bageyan kekuasaan, lan saora-orane duwe saluran aspirasi kang cetha kanggo program mbangun negara, klebu mbangun rakyate sing duwe aspirasi kuwi. Saben anggota biasane duwe kartu tanda anggota. Partai kuwi organisasi kang sipate resmi, formal. Ora ana partai kang aweh kalonggaran ing bab keanggotaan rangkap. Jenenge anggota, kader partai, kudu setya mung marang partaine, ora oleh dadi anggota partai A lan uga dadi anggota partai liyane. Wong sing arep mlebu partai biasane wis dunung marang ideologi, visi, lan misi-ne partai. Sok yen ana bengkrik njuk nganti saweneh anggota/pengurus mundur/metu saka partaine, biasane tuking prakara ana ing bab: kalungguhan/jabatan, utawa ora sapanemu karo program utawa strategi aksi-ne partai.

(2)
Sanggar Sastra

Sanggar Sastra diedegake kanggo ngiket paseduluran ing antarane wong-wong kang padha seneng nulis utawa ngarang. Sipate bisa resmi/formal, duwe akta notaris, bisa uga ora formal. Wong mlebu utawa dadi anggota (bisa uga banjur kapilih dadi pengurus) padatane kasurung dening karep entuk kanca sapepadhane pengarang/penulis lan bisa entuk wektu luwih omber kanggo ngasah kawasisane ing bab ulah kridhaning basa/sastra. Grup-grup (Basa/Sastra Jawa) kang digawe ing kacamaya pasrawungan (situs jejaring sosial) iku dakkira bisa uga diarani sanggar basa/sastra Jawa.

Ing jagad maya apadene ing jagad nyata, ora pati keprungu anane aturan: ora oleh keanggotaan rangkap. Si Suta bisa wae dadi anggota Sanggar A lan B. Yen dadi pengurus ing sanggar kene lan uga dadi pengurus ing sanggar kana, mbokmanawa pancen ewuh olehe ngayahi ing jagad nyata. Nanging, ing (sanggar) jagad maya Si Naya bisa wae dadi pengurus (admin) ing pirang-pirang grup kang nunggal sedya.

Wong sing arep mlebu grup utawa sanggar biasane ya wis dunung apa kang dikarepake, digayuh dening sanggar/grup kuwi. Saweneh anggota sanggar (dudu grup ing jagad maya) bisa mundur/metu …angger ana uleman sapatemon ora ngenyangi, upamane merga pindhah ing papan kang adoh banget, ganep ping selikur ngono penguruse rak waleh ngulemi, nanging padatane isih diakoni kadidene anggota. Lagi ora diakoni dadi anggota sanggar, di-mantan-ake, mengko yen wis kumawani padudon karo pengurus sanggar ing ruang publik? Mbokmanawa bisa uga amarga prakara seje.

Yen ing bab mlebu-metune anggota sanggar aku takon, ”Apa bersanggar iku mirip-mirip karo berpartai, ya? –upamaa aku duwe wangsulan genah ora valid. Yen ana conto mung siji-loro wong ninggalake sanggare saperlu dadi ketua ing sanggar anyar utawa nggabung sanggar seje, apa kuwi wis bisa digawe dudutan? Rak ya durung. Mula diprelokake panaliten mirunggan. [ngluwariujar.com]

0 urun rembug: