Friday 21 January 2011

PUISI BAIK BAGI KESEHATAN

ini puisi buruk
tetapi baik bagi kesehatan:


sebab manusia pemakan segala
mereka hanya perlu sadar takaran
untuk menjaga kesehatan
sayur, buah, dan biji-bijian
bahkan bisa jadi obat yang menyembuhkan
tak sekadar mengenyangkan
tetapi melahap sawah dan ladang
hutan dan bebukitan
hanya akan menimbulkan penyakit
dan penderitaan tujuh turunan


ini puisi buruk
tetapi baik bagi kesehatan:


dianjurkan rajin bergerak badan
jalan kaki dan bersenam
dan janganlah harihari dilewatkan
dengan berpangku tangan

untuk kesehatan
jangan pula suka menendang
dan menyikut kiri dan kanan

ini puisi buruk
tetapi baik bagi kesehatan:


membaca puisi
atau sekadar mendengarkan
juga baik bagi kesehatan
sebab sebuah puisi adalah makanan
bagi jiwa, seperti selembar daun
sayuran bagi badan

2010

Thursday 6 January 2011

NEGARA KANG KELANGAN PUSAKA, UTAWA….

Wauta kang cinarita, anenggih Nagri Indonesia Raya. Nagri nugrahaning Gusti, kang kebegan kaskayaning bawana, wiwit ingkang warni papan subur, ilen-ilen, thethukulan, sato kewan, lan padunung rong atus yuta langkung cacahira. Estu punika nagri kang (kedahipun) panjang punjung, pasir-wukir, gemah ripah lohjinawi. Eman sanget dene dugi sapriki sedaya wau mung kandheg dumugi teori. Pratandhane: polahe jalma manungsa pindha gabah deninteri.

Wiramane sampak. Sampak kuwi wirama seseg, kemrungsung. Ya kaya mengkono kuwi candra swasanane negara iki. Tansah kemrungsung. Rampung perang kembang antarane aparat karo para mahasiswa/demonstran kang nglairake tatanan anyar ingaran reformasi kang nganti saiki ya durung cetha jluntrunge, susul-sinusul kedadeyan-kedadeyan ngeram-eramake. Ana lakon Cecak mungsuh Bajul, ana Geger Bank Century, nganti tekan prekara goyas-Gayus nglelingsemi.

Para anung-anunging praja samya udreg rebut panguwasa, samya nggugu karsaning priyangga, mengko yen kesel prekentengan ngenggar-enggar sarira plesir nyang tlatah manca sinamudana program studi banding amrih bisa disangoni negara. Rakyat mung bisa nonton polahe-tandange para penggedhe ing layar kaca.

Wauta kang kacarita. Pating bilulung polahe para kawula. Pating bleber nggendhong keba luru rombeng satepining marga, ngongkreh-ongkreh pawuhan lan ngebur peceren mbokmanawa ana kang bisa digawa.

Kang katrajang murkaning bawana samya keplantrang ing pangungsen, sambate ngaruara.

Para taruna kang jibeg nguber lowongan wekasan keplayu nyang bumi sabrang adol bahu menyang para juragan bangsa manca. Dadi jurumudi kapal misaya mina, wekasane malah kaparentah nggangsir kaskayaning samodra, nyolong iwak ing perairan Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Uga ana sing kaladuk cupeting graita, temah nglalu nguncalake ragane saka puncaking mall, pralambange urip kang keburu donya.

Sesa-sesa pethakilane wong mulya, sesa-sesa polahe wong cintraka. Uga ana kang adol kamardikane, trima dadi narapidana beteke butuh dhuwit sepuluh yuta.

Eloke, ekonomi ngrembaka nyundhul angka kang ngedap-edapi. Dhuwit ditandur ing sadhengah papan, ana kala-mangsane sinambi ngrabasa wong ringkih. Brahala winangun ing endi-endi, ing kutha, ing karang padesan. Kreta kencana pating bleber ngebaki ratan, adu dhisik kaya balapan. Pamberunge mesin wor-suh lan swarane wong pepriman.

Wiramane isih sampak. Seseg. Kemrungsung. Kapan bakal tumekane jaman kencana-rukmi, murah sandhang, murah Lombok, murah pangan, lan ora ana wong wedi kejengkang saka papan padunungane? Tanpa wilangan pawongan kang tansah kelunta-lunta saka impen siji nyang impen seje, saka impen iki nyang impen candhake, impen kang gilir5-gumanti tekane, mbarengi mangsa pilkades, pilkada, pileg, lan liya-liyane.

Negara kang candrane kaya mangkono iku, yen ing pakeliran bisa dibadhe, apa kang dadi jalarane. Padatane, pusaka andel-andeling praja lagi ilang cinidra dening mungsuh, upamane yen Negara Amarta kelangan Jamus Kalimasada, yen Ndwarawati kelangan Cakra. Utawa, ana mungsuh kang ora mung nyidra pusaka andel-andeling praja, nanging mikut Sang Narendra, banjur memba-memba dadi paraga (narendra gung binathara) kang dicidra kuwi mau.

Mula ana kang asung pratelan manawa satemene Negara Indonesia Raya titi mangsa iki lagi kelangan pusaka andel-andel kang ingaran Pancasila. Yenn isih ana murid kang apal utawa ana tulisan kang ditemplekke tembok, iku mung dhapur tulisan utawa apalan. Nanging jiwa utawa semangat Pancasila kang satemene wus oncat saka batine Bangsa Indonesia. Utawa, malah….

Dlang tak tung-tung…!