Saturday 26 September 2009

Merongrong Karst


Pas libur lebaran kemarin, saya temukan ini di Slorok,Desa Nglebeng, Kecamatan Panggul, Kabupaten Trenggalek. Kawasan ini masuk kategori pegunungan kapur (karst) selatan Jawa. Di beberapa tempat di Desa Nglebeng (setahu saya saya ada 3 lokasi) pengerukan tanah dan batu. Tampaknya para petani khawatir akan dampak terhadap sawah/ladang mereka. Tampaknya pula mereka tak pernah diajak bicara, atau ada pihak yang memaksakan kehendak sebelum mufakat dicapai, sehingga lahir protes dalam bentuk seperti dalam foto ini. Dospundi niki?

Sunday 13 September 2009

Aja mung Gupuh karo Basa Lan Sastra-ne


Sajroning adicara Ngudarasa Sastra Jawa kang digelar ing Bale Soedjatmoko (Sala, Rebo-Wage, 19 Agustus 2009) Arswendo Atmowiloto mratelakake manawa budaya Jawa kalebu budaya kang unggul. Ora prelu dikuwatirake bakal enggal kukut, amarga budaya Jawa –nganggo tembunge Arswendo: ’tansah tumimbal lair’. ’’Angger isih ana etungan pasaran Pon, Wage, Kliwon, lan sateruse (pancawara) kang tumempel ing sistem pananggalan internasional kang migunakake etungan dina Senen, Slasa, Rebo, lan sateruse (saptawara), ateges budaya Jawa isih jejeg ing antarane kabudayan-kabudayan liyane ing salumahe bumi iki.’’ Kurang-luwihe mangkono andharane KRT Arswendo Atmowiloto.


Senajan ing kutha-kutha, wektu iki isih akeh wong Jawa kang nggunakake petungan dina lan pasaran (saptawara lan pancawara) kanggo maneka warna urusan, kalebu petung nemtokake dina kanggo duwe gawe: mantu, nyelamake, ngedegake/pindhah omah utawa boyongan, lan sapiturute. Malah ing desa-desa, nenandur lan ngedegake utawa mindhah kandhang ingon-ingon: pitik, wedhus, sapi, lan sapiturute wae ya nggunakake etungan (neptu) dina lan pasaran kuwi. Kayangapa wigatine etungan neptu tumrap panguripane wong Jawa bisa katitik saka, upamane, lanang wadon kang wis padha sarujuk bakal mangun urip bebrayan bebarengan (arep nikah) bisa dibatalake amarga neptune wong sakloron kuwi tibake ketemu selawe (25).

Jantraning ekonomine bebrayan Jawa, mligine ing karang padesan uga isih akeh kang sumendhe ing pancawara. Pasar-pasar tradisional isih akeh kang nggunakake jeneng lan lumaku nganggo pancawara: Pasar Pahing, Pasar Pon, Pasar Wage, Pasar Kliwon, Pasar Legi. Yen diarani Pasar Legi adhakane ing pasaran liyane sepi utawa malah sok mati babarpisan. Mung saka sangsaya rejaning jaman, saben dina banjur urip kadidene pasar, mung banget luwih sepi tinimbang pasaran regular-e (Legi).

Yen desa kang kapanggonan Pasar Legi kuwi mau sawijing wektu dadi kutha, nut ing jaman kelakone, ora mokal manawa Pasar Legi banjur mung kari jenenge wae Pasar Legi, nanging kanyatane saben dina tansah rame kadidene pasar tradisional. Yen wis kaya mangkono, adhakane banjur ana kang kepencut, kegiwang, kumudu-kudu nyulap pasar tradisional (Pasar Legi) kuwi mau dadi pasar modern kang langgam, lagak, lageyan, lan swasanane adoh banget bedane yen dibandhingake karo pasar tradisional utawa kang sok uga diarani pasar rakyat. Saiki wis akeh contone ing saben-saben kutha gdhe, pasar tradisional kang wis owah dadi pasar modern.

Para taruna saiki uga wis akeh kang rumangsa keplorot gengsine yen saba pasar tradisional, lan luwih sengsem nyambangi pasar modern senajan ta prelune ya mung ngumbah mata. Owah-owahan sikep kang kaya mangkono iku sairing karo rasa lingsem yen kadenangan liyan lagi ngombe beras kencur, upamane, getun kok ora pas ngombe omben merek luwar negri nalika pas kadenangan liyan kuwi mau.

Lunturing kabudayan Jawa ora mung bisa katitik saka sudane kabisane wong Jawa micara nggunakake basa Jawa, nanging uga bisa katitik saka kanyatan: para taruna wektu iki padha rumangsa onjo mbokmenawa bisa ngrahapi panganan utawa omben merek manca negara sanadyan ta panganan lan omben weton padesan luwih apik daya pangaribawane tumrap kasantosaning jiwa-raga.

Mbaleni bab pancawara mau, mbokmanawa akeh kang bisa ditindakake pamarentah kadidene salah sijine pengayom kabudayan Jawa, upamane kanthi ngatutake pancawara ing akte kelahirane wong Jawa, ora mbelani sok sapaa kang adreng nyaplok pasar-pasar tradisional saperlu disulap dadi pasar modern.

Kabudayan Jawa uga digerus saka sistem tetanene wong Jawa, wiwit saka Revolusi Hijau, duk nalika manekawarha varietas pari Jawa diendhih dening varietas anyar kang dipilih dening pamarentah. Luwih-luwih saiki, wong tani kudu tuku winih (pari) kang bakal ditandur. Jan wis ora jawa tenan, ta?

Saka kanyatan kang kaya mangkono kuwi bisa digawe dudutan manawa pepenginan nguripake maneh aksara Jawa, ngrembakakake sastra Jawa, nglestarekake basa Jawa, mung bakal akeh musprane lamon kang diudreg-udreg mung basa lan sastrane, lan ora diayahi saka bab-bab kang luwih jero tebane: ya kabudayan Jawa iku. Panemu kaya ngono kuwi ing antarane wus nukulake gagasan kang banjur thukul dadi acara Festival Sastra Jawa lan Desa (wis kelakon ing Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur, 4 – 5 Agustus 2009).

Ndilalah, iki ana kabar saka Jawa Timur, suk 2011 mengko Kongres Basa Jawa kang ka-5, slenthing-slenthinge kabar bakal kababar ing Kediri. Yen ana kang ndumuk manawa saka patang kongres sadurunge kok durung ana oleh-olehane kang mingsra, mbokmanawa jalarane ya amarga olehe mung gupuh karo basa Jawa. Yen Basa Jawa we saben limang taun dikongresake kanthi prabeya kang klebu ngedap-edapi (KBJ IV Semarang kabare ngentekake wragat Rp 5 milyar lan uga samono kang dicadhangake kanggo KBJ V ing Kediri mengko?), lha kok Kongres Budaya Jawa malah… apa wis nate digelar? [wis kapacak neng Jagad Jawa, Solopos]