BURUH MIGRAN INSPIRATIF

memberikan dukungan kepada mereka dalam bentuk penghormatan/penghargaan adalah PENTING untuk lebih MENGINSPIRASI seluruh anak negri ini.

IKLAN PARIWISATA

"Tuan-tuan, Nyonya-nyonya, berbondong-bondonglah ke negriku, biar awet muda, dan ceria selalu, sebab di sini banyak yang lucu...!"

Menampilkan entri terbaru dengan label CRITA CEKAK. Tampilkan entri lawas
Menampilkan entri terbaru dengan label CRITA CEKAK. Tampilkan entri lawas

Wong Wadon Bojone Dewa

WADON kuwi mesem. Embuh sepira gedhene rasa seneng kang lagi ngrujug batine. Seneng saka jinis kang bisa kanthi gampang ngundang alok, “Semprul!” saka sok sapaa kang bisa ngonangi sawutuhe. Eseme wadon iku jan nuakal banget. Ponsel1 kang mau dililing-liling sambi mesam-mesem dirogoh maneh saka sak klambine merga muni thulalit-thulalit.

’’Alo?’’

’’Hm. Maya? Jeneng aslimu sapa ta?’’

’’Maya. Mayawati Sekaringtyas.’’

’’Wah. Apik banget jenengmu. Cocok karo ayumu kang marakake aku angel turu, ning, sedina sewengi ngimpi terus!’’

’’Ah! Ngimpi apa?’’

’’Ngimpi sesandhingan karo kowe, ing sawijining omah kang ing njerone mung ana aku karo kowe. Eh, ora. Ya ana kucing, ana manuk, ana cecak kang ngrungokake rembugane awake dhewe, kang tansah nguwasi apa saparipolahe awake dhewe. Omah kuwi mapan ing ereng-erenge gunung ijo kang hawane tansah seger, kang dadi papan pangayomane sawernane kewan, ya kang ambles bumi, kang laku dharat, lan maneka iber-iberan.’’

’’Dudu gunung gundhul…’’

’’Kang mung disaba manuk gundhul….’’

’’Ih, sampeyan nuakal banget!’’

’’Hm. Pancen, pawitanku ya mung nakalku iki kok. Kang kok kangeni rak ya nakalku ta?’’

’’Mas, apa Titok iku jeneng asli sampeyan ta? Titok sapa bacute?’’

’’Iya. Merga wong tuwaku biyen jare mung pengin duwe anak sitok thok, mula aku dijenengake Titok. Genepe: Titok Siberaniantok.’’

’’Hm. Jenenge sampeyan ya apik. Aneh, kaya wonge.’’

’’Yeh, rung kepethuk kok wis bisa ngarani aneh.’’

’’Lah, disawang gambare wae wis cetha, kok.’’

’’Mula ra kepengin kepethuk. Cukup nyawangi gambar wae!’’

’’Ora ngono! Suk Setu ta? Sida ta? Kabari aku yen sida, ngko ketemu neng endi, ya?’’

’’Inggih, Jeng!’’

’’Yeee…’’

’’Chpmsh…’’

’’Mmmmuach……’’

Sanalika praupane Maya, ya Mayawati Sekaringtyas, dadi sumringah mbrengangang. Batine sajak lagi kebegan rasa seneng kang marakake wadon kang pantes sinebut prawan tuwa kuwi rumangsa kaya iber ing awang-awang, kaya wadon among tapa kang tinampa pandongane, kinabulake panjaluke, malih dadi widodari aslendhang sutra, nganglang bawana angulati satriya bagus kang lagi mobal asmarane. Merga dheweke, widodari anyaran iku, mbokmanawa wis waleh langen asmara karo para dewa kang wis padha kelangan romantisme, kaya politikus kang kuwalat dadi robot, dadi kebo, dadi jaran, merga tansah geger rebutan kursi kencana.

Pipine Maya isih semburat abang tomat, kaya pipine Dewi Kunthi duk nalika bubar diambung Bathara Surya. Merga karoban sengsem, kaya Dewi Anjani kang lagi sengsem dolanan Cupu Manik Astagina. Bejane Maya, dheweke ora prelu kaya Dewi Anjani kang rebutan cupu karo sedulure, mancing dukane ramane ya Sang Resi Gotama, wekasan cupu manik kang bisa digawe nggegem bumi, bisa kanggo nyawang poncote jagad ngendi wae kang dikarepake, bisa kanggo ngundang dewa apadene dewi kuwi dibuwang adoh, tiba dadi tlaga, Dewi Anjani, lan sedulure, Sugriwa lan Subali, rebut dhisik ambyur ing kono saka isih padha adrenge pengin nguwasani cupu kuwi, wekasan padha gagar gegayuhane malah padha mentas salin rupa, amit-amit jabangbayi, padha dadi munyuk.

Saiki barang pusaka utawa jimat saemper Cupu Manik Astagina ngono kuwi wis dadi barang pabrikan, prasasat angger irung duwe, wong regane ya ora patia larang. Mula, Mayawati Sekaringtyas ora prelu rebutan cupu saka jinis kang kondhang kanthi sebutan ponsel kuwi karo sedulur-sedulure, wong kabeh padha duwe dhewe-dhewe. Uga rama lan ibune. Mula, uga ora kudu banjur semaput nyawang awake malih dadi bleger munyuk merga rebutan cupu, ora kudu tapa mataun-taun dadi tugu kanggo mulihake wujud sakawite kadidene manungsa, malah dheweke bisa salin rupa sadhengah wektu, sakepengine: sok ya malih dadi kucing gandhik neng kursi, dadi pitik, dadi cecak, dadi coro, dadi jaran, dadi wedhus, dadi asu, kang sakeplasan bisa bali dadi manungsa kanthi jeneng asline: Mayawati Sekaringtyas, utawa gawe jeneng kanglon: Banowati, Srikandhi, Ayu Utami2, Bawuk, Prawan Kencur, Kenya Ayu, Wedokanmu, Dewi Suseksi, Prawan Kasep, Widodari, Putri Kangen, Badgirl, lan liya-liyane. Mula, sejatine jeneng asline kuwi mung dadi penting kanggo urusan administrasi, bukak rekening, gawe katepe, lan sapiturute. Ing jagad kang mung kari sagegem iki dheweke bisa wae adu arep sapejagong karo wong papat utawa lima kang padhadene sambang doh: Panggul – Denpasar - Sidney - New Zealand - Singgapura - Yokohama, kanthi jeneng kanglon luwih saka siji.

Jan, pancen sekti tenan wong wadon Mayawati Sekaringtyas kuwi. Mbokmanawa banget luwih sekti tinimbang Randha Girah, Nini Pelet, utawa Mak Lampir. Paling banter Mak Lampir bisa mabur turut alas, turut kampung. Mangka Mayawati wis mabur tekan pojok jagad ngendi wae. Wingenane dawa budhal mabur menyang Nederland, wingi teka malah crita yen wis tekan Los Angeles. Lan, yen ora ana aral suk emben dheweke ya arep mabur menyang Mexico, kemit bayi, merga kancane nalika SMP biyen, Jathil Kusumaningati kang dirabi wong Mexico rong taun kepungkur, mentas nglairake.

Prekara mabur mrana-mrene nyang pojok jagad ngendi wae kuwi isih durung sepiraa. Sapa wae angger duwe sangu cukup ya bisa nglakoni. Lah, terus olehe dhuwit kuwi lho, saka ngendi? Mangka, ajamaneh kok pangkat, pegaweyan maton wae ora duwe kok. Gawene ya mung nglencer. Tur ya katone ora tau nyekel dhuwit akeh. Lho, ngono kok ya tekan ngendi-endi? Apa duwe aji thong-thong blanthong, mula banjur bisa mlebu kapal mabur senajan ora nggawa tiket? Terus, rak ya mesakake banget ta, saupama sopir taksi kang ngeterake saka Surabaya tekan Panggul3 kuwi tibake mung digendam?

Ana maneh gosip sumebar ngebaki kampung manawa sejatine ngono Mayawati iku dirabi jin sugih. Mula yen mung butuh dhuwit utawa mas-masan lan barang-barang larang liyane ngono wae ya kaya sulapan, sakedhepan wae bisa keturutan. Embuh ngayawara embuh tenan. Lha, kok rama ibune munggah kaji nganggo ONH Plus? Yen pancen duwe mantu jin harak ya aluwung numpaki mantune wae ta?

’’Lah, iku rak mung merga wegah diarani prawan tuwa!’’ cluluke Narko nalika wong-wong kang nekani arisane Sanggar Triwida4 padha ngrasani Mayawati.

’’Lho, dadi prawan tuwa kuwi, saiki dudu bab kang ngisin-isini lho Kang!” panrambule Siti, “malah prestasi kuwi!’’

’’Ya nek wis dilombakke kuwi prestasi!’’ Narko ngeyel.

Dredah antarane Siti karo Narko ora sida kedawan-dawan jalaran Jarot kang kawit mau aring karo notebook-e dumadakan mbengok, ’’Ikiiiii….. aku ketemu Maya!’’

“Ah, tenan pa piye, Rot?” pitakone Harwi sambi nyedhaki Jarot.

Kabeh padha semranthal nyedhaki Jarot. Saking semangate, Bagus malah nyampar gelas kang isih kebak teh anget.

Neng layar monitor notebook-e Jarot ana wong ayu mesam-mesem. Ya kuwi Mayawati Sekaringtyas. Saupama notebook-e Jarot mung tembre-tembre kang ora bisa nangkep gambare Mayawati –senajan wis ngglanik ngalor-ngidul-- mesthi wae Jarot ora bakal ngreti manawa lagi sapejagong karo Mayawati kang nalika isih SMA ngekos ing omah cedhak omahe kuwi, merga Mayawati nganggo jeneng kanglon Widodari.

’’Mbak Maya, eh iki mau ana kang ngrasani sampeyan lho!’’

’’Ngrasani apa Mas Jarot?’’

’’Ora ngrasani piye-piye, ning malah padha dhebat, merga Kang Narko ora precaya yen bojone sampeyan kuwi bangsa Jin.’’

’’Bener kuwi.’’

’’Bener piye?’’

’’Bojoku dudu jin.’’

’’Lha….’’

’’Dewa.’’

’’Oooo…’’

Jarot kaya bakul rujak kelarisan. Dirubung tepung gelang. Banjur jare Narko, ’’Wis, Rot, yen wani tulisen, takona, apa bener jenenge bojone Mayawati kuwi Rengkak? Maksude, Dewa Rengkak?’’
Wong-wong isih terus umyeg rasan-rasan. Ngrasani wong wadon bojone dewa. Mayawati Sekaringtyas? Wo, dudu. Mayawati iku prawan tuwa. Kang bojone Dewa iku Widodari. []

Ketintang, Desember 2003


versi indonesianya ada di CINTA MERAH JAMBU (Alfina, Surabaya 2006)

1 Tilpun selular utawa hand-phone, biasa dicekak HP.
2 Pengarang novel abasa Indonesia Saman lan Larung.
3 sawijining desa/kecamatan ing Pesisir Kidul, kebawah Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur.
4 Papan nyawijine para pengarang sastra Jawa, mligine kang dedunung ing Kabupaten Trenggalek, Tulungagung, lan Blitar.

terus....?

SRIAMI, KUWI JAGAD SEJE

NALIKA ujian semester lagi wae rampung aku mer­lokake sowan simbah ing Panggul. Preian kang suwe­ne mung rong minggu kuwi kudu takgunakake kanthi becik. Kanggo ngedhem pikir. Tenan kok, dadi mahasiswa kuwi kesele manggon ana si­rah!

Ing surat aku wis matur simbah yen saka Surabaya aku bakal langsung menyang Panggul, ora kathik nganggo mampir Ponorogo luwih dhi­sik. Wong menyang omahe dhewe wae kok, mengko yen wis tekan Panggul rak kete­mu gampang. Sebabe, nggon­ku kedereng kesusu-susu ben ndang tekan Panggul kuwi se­jene merga pancen kangen simbah, uga karana kangen sembadraku, kuwi lho: Sri­ami! Sriami kuwi kanggoku jan ora kurang ora luwih ora keri ora kliwat saka Sembadra; ireng manis, gan­des, luwes, merak ati. Na­nging repote aku dhewe durung yakin tenan, aku iki sapa: Arjuna apa Burisrawa!

Biyen, telung taunan ke­pungkur, kang ngenalke aku karo Sriami kuwi ya simbah. Wektu kuwi aku dhong so­wan simbah, kebeneran Sri­ami kang saiki dadi semba­draku kuwi diutus ibune ngeterake jajan malem seli­kuran.
“Kenalna iki lho ndhuk, putuku kang nate takcritakake kae,” ngono dhawuhe simbah. Nanging, Sriami malah katon mengkeret. Si­dane aku kang ora sranta, dheweke tak cedhaki, lan tanganku karo tangane banjur padha salaman sawise aku nyebutakejenengku.

Dina riayane luwih akeh nggonku dolan karo Sriami. Aku dhewe ya gumun, kok jroning wektu ora nganti rong minggu wae aku wis raket banget karo dheweke. Sedina muput dheweke takjak dolan neng Konang ya gelem wae. Dolanan prau tambang ana pancer ngeling­ake aku marang lakon Sem­badra Larung. Batinku, ya iki Sembadra kang kudu enggal taklarung jironing atiku, ben kentir dening ka­tresnanku, ben dadi Sembadraku!
Wayah tengange Sriami ngejak bali. Mesthi was aku ora gelem, lha wong durung katog.

’’Panas banget Mas, ayo bali wae?!’’ dheweke setengah ngajak setengah taren.

’’Panas ya ngiyup ta? Ning aja bali dhisik. Mengko yen jaringe wis mentas awake dhewe lagi bali, nggawa iwak, ben katon kang bisa kanggo alasan yen dianggep kesuwen.’’

’’Apa yen ora nggawa iwak ora katon yen ana kang di­purih?’’

’’Katon wae. Lha, ya kuwi kang ora kena ana kang weruh; njur iwak kuwi mengko rak kena nggo nutupi.’’
Sidane mulih sore tenan. Tekan daleme simbah wis surup. Kamangka aku kudu banjur ngeterake Sriami. O­mahe kira-kira setengahan ki­lo saka daleme simbah. Ora adoh. Ya, amarga anggone ora adoh kuwi, mula gampang rakete!

Sajake simbah ya tanggap ing sasmita. Ngerti yen aku saya raket karo Sriami, bola-bali aku apadene Sriami di­semoni. Nganti ing sawijining wektu terang dhawuhe, ’’Le, kowe kuwi wis gedhe. Simbah ngerti yen jaman saiki ngono jamane kebo nu­su gudel. Simbah mung bisa mangestoni, yen kowe wis seneng tenan. Dhasare Sri kuwi bibite ya apik, bobote ya abot, bebetane kowe ya wis weruh dhewe. Terusna Le, terusna. Nanging aja lali matur ibu bapakmu. Mengko tiwas kadhung, yen ibu ba­pakmu ora sarujuk rak ya ra kepenak.’’

’’Rak lucu ta Mbah, bilih kula mothah nyuwun rabi? Tiyang kuliah mawon dereng cekap ngaten kok.’’

’’Lha, kowe seneng te­nan ora?’’

’’Duka penjenengan, Mbah.’’

’’Woo, rupamu!’’

Simbah katon seneng nali­ka aku teka. Ora maido, jalaran sawise ditilar Mbah Kakung karo tengah taun ke­pungkur, mesthi wae mbah putri kuwi rumangsa kesepen. Yu Nisroh, pembantune sim­bah kuwi jan keladuk temen. Wonge mueneng banget, angel dijak guyonan. Kamangka simbah kuwi karemane guyon lan sembranan, senajan wis sepuh. Ing omah gedhe mag­rong-magrong kuwi ora ana wong liya kejaba Yu Nisroh lan simbah. Arang kadhing ketambahan aku.

Dina candhake kaya kang wis takrencana, aku menyang omahe Sriami. Dinane Ming­gu. Lan saka keparenge bapak lan ibune, Sriami takjak dolan, kaya biasane, golek iwak nyang pesisir Konang, nunggu mentase jaring. Kang takgumuni, Sriami sajake ora karep ing ati. Nanging uga ura wegah nalika takkandha ni yen dheweke arep tak jak nyang Konang. Sajak lagi ana bob kang wigati, kang penting, kang lagi dipikir­ake. Dheweke malih ora akeh omonge, ora akeh guyune kaya padatane. Iki mesthi ana masalah kang kudu enggal bisa dirampungake, batinku.
Sidane aku budhal me­nyang Konang karo Sembadraku. Sadawane dalan ora ana kang mbukaki rembug. Ora apa kang dikandhakake, keja­ba mung gremeng-gremeng neng njero atine dhewe-dhe­we. Dadine kaya lagi jothakan.
Ing pesisir wis rada rame uwong. Pancen usume metu tongkol; kathik sedhela ma­neh, kandhane salah sijine bakul iwak kang taktakoni, jaringe bakal mentas. Aku banjur lungguh, lendheh-­lendheh watu marmer saanak gajah kang mesthing dierah saka Sanggung. Taklirik, Sriami niru apa kang tak tindakake, lungguh ing sisihku karo mbukaki maja­lah kesayangane.

Aku nyawang segara, om­bak, lan watu karang. Nanging angen-angenku tekan ngendi­-endi.
’’Ayo Sri, nyedhaki wong njaring kae?’’ Ujug-ujug aku ajak-ajak. Rasane pancen ora ana ukara kang luwib becik, kang kena tak gawe ngrubah suwasana.

’’Meng­ko woe, yen jaringe wis mentas.’’ Ngono wangsulane Sembadraku kuwi tanpa nganggo nyawang aku. Dhe­weke isih menthelengi ma­jalahe, kamangka aku dhewe yakin yen dheweke ora maca majalah kuwi kanthi becik.
’’Apa sampeyan kang nulis iki?’’ pitakone karo numpang­ake majalah kuwi ing pang­konku. Ana kang krasa aneh jroning pitakone kuwi. Nya­tane wong aku iki ora mung pisan pindho nulis neng maja­lah kang disenengi kuwi, lan dheweke ya wis ngerti yen aku iki seneng crita. Biasane yen karanganku dimuat dhe­weke mung alok, ’’Mas, cri­tamu dhek wingi kae jan ra­me tenan.’’ Utawa, ’’Mas, critamu iki kurang muyeg, kang iki cengeng,’’ lan sapiturute, ora kathik nganggo neges-neges sapa kang nulis sapa kang nga­rang. Nyatane kang ditulis sa­durunge crita kuwi diwiwiti ya jenengku, kathik takkira jenengku iki saindonesia ora ana kang madhani. Mulane aku ora banjur mang­suli pitakone kuwi kanthi tembung: iya utawa dudu, malah wangsulanku arupa pi­takon, ’’Ana apa ta, kok ndadak neges-neges?’’

Majalah kuwi isih medhag-­medhag ing pangkonku. Kang dikarepake Sembadraku kuwi sawijining crita cekak kanthi irah-irahan Sawijining Wengi Sangisore Wulan Ndadari. Kang nulis pancen aku! Isine crita, yakuwi sawijining pa­wongan, aku, kang ing sawi­jining wengi lagi sengsem andon tresna karo kenya aran Dartik.
’’Ngono wae kok dikan­dhak-kandhakake wong a­keh.’’

Sriami nutuh aku, nanging ukara kuwi kaya-kaya ditu­jokake marang awake dhewe. Aku rada kaget, senajan yakin yen dheweke durung bisa milah-milahake antarane kanyatan ing alam gumelar iki lan kanyatan ing jagading crita.

’’Kuwi rak mung crita ta Sri! Lha, apa kowe ora melu seneng yen aku isa crita ngono kuwi? Apa kowe ora seneng yen mbesuk kowe klakon nduwe bojo pengarang peng-pengan?’’ pangarih-arih­ku, ngedhem-dhemi atine.

’’Halah! Pancen sampeyan arep pamer yen nate duwe putri ayu, ya Dartik kuwi! Aku ngerti jenenge tenan ngo­no Windarti. Kang ngandhani kancaku neng sekolahan, adhine kanca sampeyan. Dheweke ya wis maca crita iki. Sampe­yan kuwi, yen trah arep rabi kenya Surabaya mbok uwis, ndang, ra sah game ontran­-ontran. Aku ya ra apa-apa kok.’’
’’Sareh, Sri! Beningna dhi­sik pikirmu. Aku ora nate tepungan karo wong kang je­nenge Windarti, Sri! Yen ngo­noa, kuwi mung crita. Crita Srii…! Crita karanganku wae.’’

’’Aku ngerti. Aku ngerti, kuwi mung crita. Nadyan kang dikandhakake dening kancaku kuwi kanggone aku ya mung crita. Nanging kang­gone wong-wong kang nyipati dhewe nalika sampeyan lagi sengsem-sengseme karo Win­darti kuwi, kang mesthi ora akeh bedane karo kang sam­peyan critakake ing Sawi­jining Wengi Sangisore Wu­Ian Ndadari iki, mesthi kuwi kabeh dudu crita sawantah. Aku ngerti kuwi mung crita, crita sejarah!’’

’’Tenan Sri, kuwi mung crita. Apa kowe ora per­caya?’’

’’Aku ngerti, Mas, kuwi mung crita. Lan aku percaya. Ning ya karana nggonku percaya kuwi, kang njalari aku dadi keranta-rania.’’

’’Lho, yen wis genah ma­nawa kuwi kabeh mung crita rak njur ora sah dipikir ta?’’

’’Dhawuhe guruku, Mas, pengarang kuwi, kang gaweh­ane nulis crita, senengane pancen ndadekake siji anta­rane angen-angen lan ka­sunyatan. Aku mbayangake kang lucu-lucu nalika kuwi kabeh diterangake dening gn­ruku. Nanging saiki aku ne­moni contone neng sampe­yan, lan nyatane pait yen dirasakake. Blas ora ana lucune. Sampeyan aja mbayangake yen aku ora ngerti apa-apa ngenani Win­darti kuwi. Data-datane leng­kap, wiwit asal-usul nganti biografine, klebu kang nyri­takake hubungane karo sam­peyan. Aku ngerti uga, ning nuwun sewu lho Mas, na­lika ditinggal Windarti kuwi meh wae sampeyan setres, ta? Njur sampeyan dhek sema­na terus ketemu aku. Wektu kuwi, aku kanggone sampe­yan mung ora luwih saka kanca kang kena kanggo ngi­langi rasa sepi. Aku ngerti kuwi kabeh, Mas. Nanging karana nggonku isih mambu pupuk lempuyang, manawa ora karana gedhene tresnaku karo sampeyan, aku ora nate nyujanani kahanan. Kanthi crita sampeyan kuwi aku ma­lih ngerti yen sampeyan luwih isa jujur, isa terus terang karo liyan tinimbang karo aku. Embuh yen sejatine sampe­yan kepengin crita karo aku, nanging arep terus terang ora mentala. Iku lho, Mas, kang marahi aku keranta-ranta.’’

Aku bingung, kaya jaka klanthung kelangan lurung. Piye nggonku bakal bisa njlentrehake nganti dheweke bisa nam­pa yen kabeh kang takgam­barake ing Sawijining Wengi Sangisore Wulan Ndadari mung sawijihing impen? Ka­mangka kuwi kabeh mung impenku, ya impene wong kang lagi ngimpi dadi penga­rang! Aku ora wedi kelang­an dheweke jalaran ing an­tarane aku lan dheweke ana tali kang luwih dene kuwat, kang ora kena dipedhot ma­nawa salah siji ana kang ke­pingin mbandhang sakepenak­e awit yen manut pikirane aku iki ora nresnani dheweke kanthi sawutuhe tresnaku. Dheweke mesthi nganggep yen tresnaku marang dheweke mung turahane kang wis nate takpasrahake ma­rang Windarti.

Aku pancen nate andon tresna karo kenya aran Dar­tik, dudu Windarti. Nanging kang andon tresna kuwi dudu aku kang crita iki, nanging aku kang nate tak critakake kuwi. Kamangka antarane aku kang crita lan aku kang takcritakake, urip ing jagad kang beda. Jagadku iki seje karo jagade aku kang takcritakake, seje karo jagade Dartik. Kanthi mangkono mesthine ora ana alasan kang­go nyujanani sesambungan tresna antarane aku lan Dar­tik kuwi, anggere isa milaih-milahake jagad kang beda-beda. Nanging piye anggonku nggamblangake iki ka­beh marang Sembadraku ku­wi?

’’Apa kowe weruh dhe­we Sri, karo kang kandhamu jenenge Windarti kuwi?’’

’’Durung. Ning, kapan-ka­pan aku mesthi bakal ketemu dheweke.’’

’’Lan kowe nganggep yen crita Sawijining Wengi Sangi­sore Wulan Ndadari kuwi nyata-nvata nate kedadeyan?’’

’’Mesthine, kasunyatane malah luwih saka kuwi!’’

’’Kowe yakin tenan?’’

’’Yakin!’’

’’Yen ngonoa, kang kok yakini kuwi ora beda karo kang takcritakake kuwi. Ka­beh mung alelandhesan angen-angen. Saiki timbang angel-angel, ngenge wae Sri: bayang­na, wulan ndadari kuwi ana ngendi panggonane. Upamane awake dhewe iki duwe gega­yuhan bakal padha dene nge­sok katresnan ana sangisore wulan ndadari kuwi, apa bisa klakon? Mokal Sri, kuwi sawi­jining bab kang mokal banget kelakone. Ya kaya kang takcritakake kuwi. Ora bakal klakon, kejaba yen mung jro­ning crita!’’ []

sumber: JB

terus....?

LUKISAN PHOTO

LAGI pisan iki dheweke lengang-lengeng. Mula­ne katon isih rada ki­kuk, bingung, goreh. Sedhe­la-sedhela mbukak lemari, dhudhah-dhudhah kaya lagi ana kang digoleki. Pancen ana. Dheweke mentas wae kelangan. Ya amarga kelangan kuwi, mulane nganti lengang-le­ngeng.

Apa kang ilang? Yen di­anggep sepele ya sepele. Ning, yen dianggep wigati ya pen­ting. Lukisan photone wong kang banget ditresnani. Na­lika kelangan uwonge wae, biyen, ora nganti lengang-­lengeng kaya saiki kuwi. Bi­yen ngono pancen dijarag. Njur sekarone padha pepi­sahan, bali manjing kanca sawantah. Taline katresnan wis diudhari kaya dene ngu­dhari tali wangsul, sinendhal mayang.

Kuwi ditindakake Prawi­nandar patang taun kepung­kur. Setaun sawise kedadeyan kang ora kena dilalekake ku­wi Prawinandar dhewe lagi sadhar, manawa karana tu­mindake kuwi ora mung wong liya, mung Sriamsari wae kang dadi kurban, nanging uga awake dhewe. Nyatane dheweke tansah jugar ang­gone bakal nyedhaki prawan kang diangkah bisa ngganteni kalungguhane Sriam­sari, ngrenggani taman sari ing njero dhadhane.
Prawinandar rumangsa ora isa golek gantine Sriamsari. Sebabe? Sriamsari kuwi mung siji. Bali nyang Sriamsari, ngluruh thiklek kecemplung kalen, ya mokal. Ma­lah bisa nambahi tatune Sriamsa­ri. Kamangka tatu lawase wae durung karuhan yen wis mari babar pisan. Nanging kang penting: wegah isin; gengsi!
Nganti ing sawijining wek­tu, Prawinandar eling yen nate diwenehi photo dening Sriamsari. Photone Sriamsari kuwi njur dilukis. Bisa per­sis, awit dheweke pancen wa­sis nglukis. Ya kanthi lantaran lukis­an photo kuwi Prawinandar bisa nyambung tali kang nate dipedhot dhewe. Dheweke klakon balen karo Sriamsari
Lelakon-lelakon endah kang wis katut ilining wektu banjur ditemokake maneh. Saben bengi sadurunge turu ora lali dheweke ngrakit crita kanggo prawan kang nyata wis dadi gegantilaning atine kuwi. Pokoke Prawinandar wis bisa bebarengan karo Sriamsari maneh. Sriamsari kang wis manjing ana ing njero angen­-angene.

Kanggone kang waras, kahanane Prawinandar kuwi bisa nuwuhake lelucon kang tekane bareng karo rasa we­las mesakake. Aku wae ya ku­du ngguyu. Lan banjur nggu­yu tenan. Ngguyu-ngguyu we­las.
Prawinandar wis owah sa­ka padatane. Saiki anggone ora waras saya nemen, sabu­bare pacare, kekasihe, gegan­tilaning atine, ya lukisan photo kuwi ilang embuh parane. Kabeh kanca cedhak­e, kanca rakete, kang kerep saba menyang omahe, disu­janani. Aku barang, mesthi wae.

’’Kowe apa weruh?’’ pitakone marang aku.

’’Kowe lagi ngimpi. Lan aja kokterus-terusake olehmu ngimpi. Delengen, taman sari kuwi saiki malah dadi alas gung liwang-liwung. Kamarmu wis kebacut dadi gudhang kebak barang-pating blasah, pating slengkrah.’’

’’Kabeh bakal bali temata becik yen lukisan kuwi wis ketemu.’’

’’Ora usah digagas nemen-nemen. Mbokmanawa iku malah luwih becik kanggone kowe, Ndar! Kowe malah kudu mbuwang peng­angen-angen, mbuwang lukis­an kang wis ilang kuwi kang adoh. Kowe kudu nresnani Sriamsari kang sanyatane. Dhek mau bengi aku mentas ketemu dheweke. Babarpisan aku lan dheweke ora ngrem­buk perkara kowe. Nanging saka glagat lan pasemone aku bisa nggrayahi apa kang lagi dipikir lan dirasakake. Dhe­weke isih ngenteni tekamu. Apa kowe ora mesakake? Apa kowe isih kepengin nu­ruti karepmu dhewe?’’

Bengi kang endah yakuwi padhange rembulan kang tu­miba ing salumahe bumi kanthi sawutuhe. Angin sumilir mbabar arum sarining kem­bang. Ana maneh kang luwih endah, kanggone Prawinandar, yakuwi nalika angin nggawa lesus, rembulan um­petan ing walike mega ngampak-ampak. Udan deres kaya diperes. Ing kahanan kaya ngono kuwi dheweke mlaku-mlaku sakepenake. Udan deres ora direwes. Kamangka adheme ra ilok-ilok. Angin saya gedhe. Udan saya gedhe. Tekade Prawinandar saya gedhe.

Tekan pinggir kali gedhe Prawinandar nyopot klam­bine, disampirake ing papah gedhang. Nyawang banyu kang mili banter, dheweke rumang­sa cilik. Umpama nyemplung wani, njur ngetutake iline banyu kang sajak ngawe-awe kuwi, mesthi ora ana kang weruh. Klambine kang disam­pirake ing papah gedhang kuwi cukup kanggo titikan.

Dheweke wis ancang-an­cang arep mlumpat, ambyur ing banyu gedhe kang saya banter iline kuwi. Ning, sanalika dhe­weke kaget krungu pangun­dangku. Kanthi gemeter dhe­weke ngucap, ’’Apuranen ya, aku meh wae tega karo kowe.­ Aku wis ngukum awakku dhewe. Saiki mumpung aku isih bisa ngrungok­ake, enggal soken sakabehing pangrasamu. Aku pancen luput. Aku iki pengecut.’’ Kan­thi tatag Prawinandar pasrah. Uga pasrah nalika taktuntun bali. Nanging, kaya wong bubar kesurupan, nganti pirang-pirang dina awake lemes, ketambahan saka olehe ora doyan mangan pisan. Prawinandar lara. Nganti, ing sawijining wektu, kaya ora kawruhan sangkane, Sriamsari teka ngendhangi.

’’Yagene sampeyan lara?’’ pitakone Sriamsari lirih.

’’Iki dadia sawijining paukuman kang tak tibakake kanggo awakku dhewe. Ning aku e­klas lair batin. Malah rasane isih kurang murwat.’’

’’Rak isih luwih lara aku, ta?’’

’’Mulane kuwi!’’

’’Mas Win, nyatane aku dhewe isih ana pakunjaran. Kakurung dening rasaku dhe­we. Rasa gething kuwi wis bola-bali taktandur ing tilas omah suwung kang saiki dadi ara-ara njembrung jalaran sampeyan tinggalake. Ning nyatane ora gelem thukul. Malah dadi rabuk. Ngrabuk katresnan kang saya suwe saya ngrembuyung. Ya tres­naku kang saya ngrembuyung kuwi kang ngeyom-yomi ati­ku. Malah aku dhewe rumang­sa ketlikung neng njerone rasa-pangrasa kang saya suwe saya ruwet. Aku ora bisa ngendhaleni rasa-pangrasaku dhewe. Yen saikii aku nganti tekan kene, mau kuwi, aku dhewe ya njumbul. Kok, dumadakan aku wis neng kene.’’

’’Oh…’’

’’Mmmmh…’’

’’…………..’’

’’?????????’’

’’!!!!!!!!!!!!’’

’’Aja, Mas Win! Sampeyan kudu eling, awake dhewe iki lagi ana ngendi.’’

’’Ana njerone pangimpen!’’ pam­bengokku.

Prawinandar metu saka ka­mar. Njur mlebu maneh. Dhe­weke kaget nalika weruh lukisan photone Sriamsari bali cemanthel ana ing panggon­an sakawit. Luwih kaget ma­neh bareng sadhar yen Sri­amsari wis lunga embuh menyang endi. Wiwitane dikira nggodha kanthi umpetan. Nganti su­we nggone nggoleki, dicelak-­celuki, nyatane panggah ora sumaur. Sriamsari wis lunga tenan. Embuh parane. Ora ana kang ngerti, kejaba aku. Ning sa­upama Prawinandar takon, mokal yen takkandhani. Eman. Mesakake Sriamsari, ya me­sakake Prawinandar dhewe.

Embuh nganti kapan ke­karone bisa sapatemon ma­neh. Yen lukisan.photo kuwi wis ilang maneh?? []


Surabaya, Februai, 1987

Sumber: JB

terus....?

JAKA DURUNG DUWE SIM

PAS surup ana pit montor mbandhang liwat ngarep omahe Simul. Swarane seru mbengung, ngumandhang ngratani kampung. Bantere kaya disa­watake. Pas neng ngarep omahe Simul gas-gasane di­sendhal-sendhal, sajak digawe-­gawe. Digawe ngece. Kupinge Simul kang wis sumriwing brebegen swarane dadi tansa­ya panas. Atine Simul luwih panas maneh. Dhadhane ke­mrungsung. Jalaran, kang nge­but kuwi pancen Jaka. Pit montore isih gres, anyar klenyar-klenyar. Dhasare Jaka pancen anake wong sugih, wong gedhe sekentol; seje ka­ro wong tuwane Simul kang gedhene mung sajenthike wong gering.

Nanging Simul ora dadi panas atine merga Jaka duwe pit montor anyar. Uga ora merga Jaka seneng ngebut liwat dalan ngarep omahe. Yen tiba nganti benjut rak ya disangga-sangga dhewe. Lha. Kang marakake dhadha­ne Simul dadi kemrungsung ora ana liya kejaba kembang pepujaning atine: Nunik, kang katut kebandhang kegiwang Jaka. Mangka wis karotengah taun Simul lan Nunik beba­rengan nglaras tembang-tem­bang ing sumilire angin mba­bar arum gandaning katresnan. Tresnane Simul marang Nunik prasasat wis katali sutra jingga; mung kutahe ge­tihe kang bisa misahake. Mung kari ngenteni dadine kembar mayang; kari ngenteni tiba­ning mangsakala. Simul ora nate ngira ora nate ngimpi yen kedadeyane bakal kaya ngono.

’’Piye Mul, yen ngono iku?’’ pitakone Nuryanto, kan­ca rakete Simul, sawijining wektu ngemu panyurung, se­tengah nantang ati lanange.

’’Upama kowe piye?’’

’’Sikat wae! Apa wedi karo bapake?’’

’’Ya ora ngono. Aku ya isih eling yen aku iki lanang, lan ya ora wedi getih. Ning rak kabeh iku sarana­ne dipikir luwih dhisik.’’

’’Yen dadak dipikir, iku jenenge ya isih mamang!’’

’’Ya ora. Saiki coba ta, takbelanana nganti bundhas wong Nunik dhewe ya se­neng, kok. Arep piye? Apa ora malah bakal ngeler wirang? Wong aku karo Nunik kuwi ya durung dikembarmayangi. Aku duwe hak apa?’’
’’Dadi kowe wis trima di­enyek kaya ngono kuwi?’’

’’Ya ditrimak-trimakake. Jane ya panas rasane ati iki. Nanging arep piye ma­neh? Rak ora ana kang bisa disalahake. Nyatane Nunik se­neng diboncengake pit mon­tor, kok. Mangka wedhus gudhig­en wae aku ora duwe. Karo­dene yen Nunik dhewe pe­ngin pindhah tangan kuwi rak ya hake, wong aku ya pari­basane durung nyekel es-te-­en-ka-ne.’’
Simul pancen mung lagi bisa ngelus dhadha; ngelus­-elus dhadhane kang selot kemrungsung. Luwih-Luwih yen wis tiba wayah bengi, nalika dheweke niba-tangi ing sepi-sepine dhewe.

Lan bengi kuwi, rembulan sesigar medhangkrang neng tengah langit dikepung abyore lintang-lintang. Angin sumi­lir dlusupan ing sela-selane gegodhongan. Jaka mban­dhangake pit montore nasak sepi-sepine wengi ing padesan. Hawa wengi saya adhem; marakake Nunik tambah kang­set olehe ngethapel ing bon­cengan.

’’Aja banter-banter Mas. Adhem ki lho!’’

’’Adhem pa wedi?’’

’’Ya adhem ya wedi. Sam­peyan mau kok ya ra ngga­wa helem ta?’’

’’Lali.’’

’’Sampeyan kuwi kok ya le sembrana. Sampeyan rak du­rung duwe SIM ta? Yen ngan­ti ketangkep piye, hayo!’’
’’Mandhak bengi-bengi wae kok.’’

’’Kok bengine. Yen ana apa-apane? Yen awake dhewe nganti tiba, nganti nemen; apa ore banjur konangan yen awake dhewe ora nganggo helem? Mangka sampeyan du­rung duwe SIM. Tinimbang dhuwit nggo mbayar dhen­dhan apa ora angur nggo ra­gad temantenan? Iku yen mung didhendha. Yen sam­peyan nganti mlebu pakun­jaran apa ra ya aku melu kelangan?’’

’’Ya pendongane aja nganti tiba. Aja nganti konangan.’’

’’Mulane aja banter-banter. Wedi tenan aku, Mas!’’

Dielingake kaya ngono, Ja­ka malah saya ndadra. Pit montore malah saya dibanterake. Mangka saya mlebu kam­pung dalane saya nggronjal. Nunik saya wedi. Rumangsa panyaruwene ora direwes, Nunik saya ngethapel sambi nyiwel dhadhane Jaka. Nanging Jaka malah saya seneng. Ora saya seneng merga ciwelane, ning saya seneng merga kethapel­ane.

’’Mas!’’

’’Hm.’’

’’Wedi ki lho, aku!’’

’’Ora usah wedi. Wis ta, percayaa karo aku.’’

’’Wis percaya. Ning pang­gah wedi kok!’’

’’Yen alon-alon ora ndang teka.’’

’’Ayo bali mulih wae, Mas!’’

’’Lho, kok bali, isih yah mene wae lho!’’

’’Hhhh...’’

Pit montor saka jinis pa­ling mutakhir kuwi saya mbe­rung; saya ninggalake kam­pung. Tujuwane: Sendhang Tirtarasa; watara selawe kilo saka desa Pagermanglung. Sendhang iku wis kondhang, lan saya kesuwur pinangka pa­pan wisata. Kok bengi-bengi? Bengi-bengi ya rame, senajan mapane ing tengah alas gung linang-liwung. Malah luwih akeh kang mara ing wayah bengi; sababe yen awan padha megawe. Lan maneh, banyu­ne sendhang kang dianggep marakake awet enom iku ora pati duwe khasiyat yen wa­yah awan.

Wengi saya nggremet. Adhem saya ngeket. Lintang­-lintang lan rembulan sesigar kungkum neng jero sendhang. Angin sumilir mbabar arum gandane kembang. Kembang mbarang-mbarang.

’’Nik?’’

’’Hm.’’

’’Wis teka!’’

Jaka milang-miling nggolek papan kanggo markirake pit montore. Dumadakan ana luwak liwat nyabrang dalan. Jaka dadi kaget gedandapan. Sikile midak rem, ning ta­ngane malah nyendhal gas-gasan. Pit montor mberung sanalika, monting, lan banjur nyasak grumbul sawise nglumpati kalenan sapinggire dalan. Wong loro bareng tiba cekakaran. Rembulan sesigar me­sem. Lintang-lintang uga me­sem. Nunik prembik-prembik nangis kelaran. Lara merga nandhang tatu. Getih seger netes-netes saka tatune. Jaka mung kebarut-barut.

’’Wis, ora usah nangis. Mung tatu ngono wae kok,’’ kandhane Jaka karo nyoba nangekake Nunik. Rembulan sesigar lan lintang-lintang saya me­sem. Nunik bisa ngadeg, na­nging mlakune sajak angel.

’’Mas, ayo bali wae!’’

’’Lara banget, Dhik?’’

’’Perih!” surnaure Nunik sambi mringis, mrecing nyangga rasa.

Nunik lungguh neng watu nalika Jaka nangekake pit montore. Pit montor diuripi, njut wong loro bareng bali nyasak tintrime wengi. Teka omah wis wengi banget. La­wang wis kancingan. Sadu­runge pamitan Jaka mbisiki Nunik supaya ora ngetarak-­ngetarakake olehe mentas gulung-koming neng grumbul­an­.

Tatune Nunik kang wiwit­ane dianggep sepele nyatane saya suwe ora malah saya mari. Kanthi sesidheman Nunik mertamba nyang dhokteran. Sejene iku uga pijet. Ora mung pisan pindho. Kerep. Nanging sajak panggah ora ana asile. Rasane awake saya ora karu-karuwan. Nganti wusanane dheweke pasrah, ora bisa maneh nutup-nutupi olehe saya ora sigrak kaya biasa­ne. Lan, ora bisa ora blaka nalika dheweke didhedhes wong tuwane­.

’’Ngono kok ya ra kandha dhek anu dhek anu. Ya yen mung tatu biasa wae. Yen nganti gegar otak piye, co­ba!’’ Bapake Nunik nutuh.

Sedhela wae kabar ngenani kahanane Nunik iku wis su­mebar warata saindenging kampung. Simul uga wis kru­ngu, dikandhani Nuryanto.

’’Mul, wis krungu kabar?’’

’’Kabar apa?’’

’’Kacilakan. Nunik kaci­lakan!’’

’’He!! Lha, wingi aku ketok dheweke neng pasar. Kapan?’’

’’Wis suwe. Mung, maune isih digawe wadi.”

’’Lho. Kok…’’

’’Kira-kira wiwitane ora pati dirasakake. Mangka sa­jake gegar otak.’’

’’Sepedhah montor? Karo Jaka?”

’’Ya.’’

’’Gegar otak tenan?’’

’’Kang iku durung dipes­thekake. Isih ngenteni ka­trangan resmi saka dhokter. Kang wis cetha, dhukun kang nate mijeti kandha --wonge dhewe wingenane kandha nyang aku-- yen wetenge Nunik kengser lan angel dibenakake. Ning, kang luwih bahaya maneh yen gegar otak tenan.’’

’’Apa ora nggawe helem?’’

’’Kira-kira ora. Ning puluh nggawea helem, wong Jaka kuwi durung duwe SIM kok. Harak ya panggah gedhe redanane!’’

’’Ya ngono iku oleh-olehe yen mung mburu penake. Durung duwe SIM kok wis wani-wanine nimpaki pit montore!’’
’’Kathik, ora heleman pisan!’’

Simul lan Nuryanto nggu­yu bebarengan. Ngguyu-nggu­yu welas. Welas marang kang lagi kebulet buntute kacila­kan. []


Sumber: JB

terus....?

CRITA KANGGO LIS

Aggonku kenal dheweke durung pati suwe; du­rung luwih saka telung wulan. Nanging, antarane aku lan dheweke wis kayadene kakang karo adhine. Tenan, ora mandra-mandra yen aku lan dheweke kuwi mung sedulur ketemu gedhe.

’’Tenan lho, Mas, saiki sampeyan wis takanggep sedulurku dhewe. Takanggep masku dhewe, wong nyatane aku iki ya ora duwe sedulur tuwa. Sampe­yan rak ora kabotan ta?’’ ngono sing ditulis ana surate sing lagi wae taktampa dhek wi­ngi sore.

Yen didadekake mase ngo­no wae takkira ya ra kabot­an, kepara malah seneng ra­saning atiku. Nanging ya kuwi, bareng dianggep sedulur tuwa; wah, rasane abot sanggane. Satleraman pan­cen ora ana bedane antarane 'mas' karo 'sedulur tuwa' kuwi. Nanging ing rasaku, kuwi beda banget. Rasane, yen didadekake mase atiku sing mun­dhak gedhe; nanging yen di­dadekake sedulure tuwa mes­thi wae mung tanggung jawabku sing kudu takgedhekake. Ya iki sing marahi aku rada kabotan.

Dheweke isih kelas loro es-em-a, sakelas karo adhiku. Aku kenal dheweke nalika ing sawijining dina kudu marani adhiku menyang sekolahan, merga ana u­rusan kulawarga. Jenenge sing tenan ngono cukup dawa: Su­lis Setyowati Nilamsari. Na­nging aku dikon nyeluk, ’’Lis,’’ ngono wae.

’’Sampeyan apa mase Mbak Mastik?’’ pitakon­e.

’’He, eh,’’ wangsulanku.

Jan ora rugi tenan kok, nggonku duwe adhi Mastik kuwi. Dheweke pinter, pikir­ane banter; klebu pinter nggolek-nggolekake kangmase. Critane Mastik, nalika dheweke mentas dadi juwara lomba ngarang sasekolahan, bocah ayu sing jenenge Sulis Setyowati Ni­lamsari kuwi nyedhaki dhe­weke, njaluk wuruk kepriye carane ngarang. Di­wangsuli dening Mastik, adhi­ku sing pinter tenan kuwi, ’’Yen sampeyan pengin nger­ti carane ngarang, carane nu­lis, luwih becik takon masku wae. Sing minggu kepungkur marani aku kae lho! Kanggo­ne Mas Bon, karanganku kuwi mesthiisih akeh banget cacade.’’

Nalika Lis arep dolan nyang omahku, enggal dhe­weke dielingake dening Mas­tik, menawa tujuane bakal methuki aku, aku mesthi ora ana ngomah jalaran isih kuli­ah neng kutha. Aku kaget campur bungah nalika Lis kirim surat. Dhe­weke kandha blaka-suta yen meri karo Mastik sing wis takajari carane ngarang.

’’Yen mengko aku isa gawe crita, gawe geguritan lan liya-liyane sing ngisi ma­jalah dinding ing sekolah­anku rak ora njur dimono­poli Mbak Mastik, ta?!’’ kandhane jroning surat.

Enggal wae surat kuwi takbalesi. Nanging ora akeh sing bisa takkandhakake, kejaba nggenahake, apa pancen bener dheweke kepengin dadi sastrawati mudha. Uga takeling­ake, yen ing salumahing bumi sakurebing langit iki kira-kira wae ora ana wong sing ngu­dang anake supaya yen wis gedhe dadi pengarang, apamaneh penyair!

Kuwi njur ditampa salah dening Lis. Ing surat sing di­kirimake sabanjure, dheweke nguring-uring aku. “Durung dadi sastrawan misuwur wae wis juwal mahal,” kandhane manasake dhadha. Nanging yen takrasak-rasakake, aku ora kena njur nyalahake Lis. Aku eling, yen ndonya iki bakal anyep lan sepi lamun ora ana salah tampa kaya ngono kuwi. Mula dheweke banjur takarih-arih supaya ora nutugake anggone nesu. Alhamdulillah, nyatane banjur kasil.

’’Wulan ngarep iki ana kan­caku sing bakal ulang taun. Dheweke njaluk supaya aku nyiapake guritan, sing kudu tak waca jroning a­cara ulang taune kuwi. Mbok tulung, aku sampeyan gawek­ne guritan kuwi, yen sampeyan wegah diarani ju­al mahal!’’

Wah, iki ana ke­sempatan kanggo nebus ke­salahanku. Age-age takkirim ake guritan-guritan, lan ma­lah tak tambahi crita-crita sing nate taktulis. Sengaja takpilih­ake guritan-guritan lan crita-­crita sing cakrike kaya surat­ sing dikirimake cah wadon kanggo kekasihe.

Rasane aku kepengin banget mulih; banjur ngejak Mastik dolan nyang omahe Lis. Aku kepengin ndang ngrungokake, piye komenta­re Lis marang guritin-gurit­an lan crita-crita sing takkirimake kuwi. Nanging ke­karepan kuwi kedhisikan de­ning surate Lis:

’’Guritan-guritan sampe­yan apik-apik banget, ngan­ti aku ora ngerti tegese! Lan crita-crita kuwi, endi tung­gale? Saiki aku lagi percaya yen sampeyan pancen pinter ngarang tenan. Nanging kok ora nate nampang ana majalah utawa surat kabar?! Eman lho, yen crita-crita sing apik-apik kaya ngono kuwi mung diwaca dening wong-wong sing ra ngerti sastra kaya aku iki!’’

Atiku mbedhodhok oleh pengalembana. Kathik sing ngalembana cah ayu sing nggemesake tenan kuwi. Ora maido; prawan tanggung!

Nanging sing ngagetake, kandhane Lis, ’’Sampeyan kok ngerti-ngerti wae ya, yen sing ulang taun kuwi….. ah, isin aku!’’

Iku wis takbayang­ake sadurunge. Ning nyatane a­ku isih kaget bareng Lis dhe­we sing kandha. Lan bisa dibayangake se­pira dawane nggonku unjal ambegan nalika ing surat can dhake Lis nulis, ’’Saiki, an­tarane aku lan dheweke sing takkadho guritan sampeyan kae, wis dadi crita lawas! Lan aku wis siap nampa owah-­owahane kahanan iki amar­ga pitutur-pitutur sampeyan. Aku ora duwe cita-cita dadi sastrawati kaya sing sampe­yan kandhakake kae, nanging apa salahe yen arang kadhing aku bisa nulis, yen sampeyan gelem muruki? Aku wis keba­cut tresna karo sastra. Tenan! Suk yen ketekan nerusake aku mesthi milih jurusan sastra, kok. Oh, iya, saiki malah Mbak Mastik sing meri karo aku. Jarene, sampeyan luwih kerep nu­lis surat kanggo aku tinim­bang kanggo dheweke.’’

Jroning wektu ora nganti telung wulan wae aku klakon nulis selawe surat kanggo Lis. Semono uga surat sing taktampa saka dheweke. Ya ing surate sing keri dhewe kuwi dheweke omong terus terang yen kepengin nganggep aku iki kayo dene mase dhewe. Aku dianggep sedulure tuwa, jalaran manut pangrasane, a­ku wis aweh pitutur lan se­mangat, ngluwihi sing bisa di­tindakake dening sedulur tu­wa kanggo adhine.

’’Aku wis jawab karo mbak Mastik kok, Mas, ben wiwit saiki pokoke aku ngun­dang: Mas. Rak ora kabotan ta?’’
Ora nganggo taksuwe-su­we, mau bengi aku nulis ba­lesane. Rasane rada kaku. En­tuk telung lembar, sawise takwaca, ukara-ukara sing takrakit ora ana sing nyocogi. Njur aku nemu akal. Aku mbayangake manawa lagi nulis surat kanggo Mastik:

Lis
Assalamualaikum,
Suratmu sing amplope wama biru kae wis tak tam­pa. Aku wis maca bola-bali. Ora amarga a­ngel nggonku negesi, ning ya marga seneng kuwi! Yen aku koksuwun supaya negesake guritan-guritan sing nate takkirimake kae, wah, piye ya? Aku ra duwe dhuplikate je!

Aku seneng Lis, oh, iya….. Dhik Lis, yen sliramu bener-bener wiwit nyenengi sastra. Percayaa, sastra kuwi mujudake salah sijine piranti sing kena kanggo ngasah lan ngalusake bebudene manung­sa. Wong iku, Dhik Lis, na­dyan pintera njara langit, yen budine candhala mesthi eng­gal bakal ilang kamanungsa­ne. Dhik Lis ora perlu kaget yen ing jaman nuklir iki akeh wong pinter, akeh wong wa­sis, waskitha, nanging padha wegah melu njejegake jejering kauta­man. Saiki akeh para sarja­na sing ora sujana, nanging malah durjana.
Aku seneng dene slirarnu gelem nguntal pituturku. Pitutur kuwi kaya dene pil, obat sing manawa jodho bisa marasake lelara: apa wae! Jaman sa­iki Dhik Lis, arang banget wong sing tedhas pitutur kaya sliramu kuwi. Iki tenan lho. Ora mung ngalem!

Ngrembug bab sastra ma­neh; sastra kuwi pancen bisa ngalusake bebudene manung­sa. Mulane keh-kehane sastra­wan kuwi landhep panggraita­ne. Buktine: aku ngerti sadu­runge sliramu ngaku dhewe, sapa satemene sing bakal mbokkadho guritan kuwi. Hahaha…..! Sombong sithik ra apa-apa ya? Ah, ora kok. Mung guyon!
Ing jagad modem iki, nulis kuwi, nulis apa wae, pancen saya dadi kebu­tuhan. Luwih-luwih kanggone wong sing ambyur ing donyaning pendidikan kaya slira­mu kuwi.

Yen kepengin bisa nulis kanthi becik, luwih dhisik ku­du seneng maca. Maca kuwi gandhengane nulls. Bocah cilik kae ora bakal isa omong yen luwih dhisik ora ngru­ngokake. Semono uga, sapa wae ora bakal bisa nulis yen luwih dhisik ora maca. Sing diarani maca kuwi ya ora ngemungake maca buku thok, nanging uga klebu maca kaha­nan!
Nulis kuwi ora ana resepe; ora sah nganggo resep kaya sliramu yen lagi masak ngana kae. Dhik Lis isa masak apa ora?! Iki mau masak apa? Mbok jajal tak tilikane. Ka­sinen ora?! Haha…!

Nulis kuwi ora sah ngang­go resep kayadene bocah ci­lik sing sinau ngomong kae ya ora nganggo resep. Sing pen­ting, kudu dikulinakake. Sing penting kebiasaan. Keistime­waane penulis utawa penga­rang, utawa sastrawan kuwi manggon ana ing ketlatenane. Ora dadi ukuran, duwe bakat apa ora; jalaran kabeh uwong kuwi duwe bakat nulis, kayadene kabeh uwong kuwi ndu­we bakat omong.

Obat sregep sing ampuh kanggone aku ya kuwi: ngu­linakake nulis ing buku ha­rian. Iku nyenengake. Apa wae sing bisa ditulis ing buku harian? Huaakehh! Antarane: Kegiat­an, wiwit tangi turu esuk --Dhik Lis yen tangi jam pi­ra? Jam papat apa jam pitu?-- nganti arep mapan turu bengi. Terus, acara-acara penting, kaya ta: ulang taun, rujakan, kemping, lan liya-liyane. Yen mangkel karo pak/bu guru ing sekolahan, ora perlu dirasani karo kancane. Cukup di­tulis ing buku harian wae. Dhik Lis kudu eling yen pega­weyan ngrasani kuwi dosane gedhe. Nanging yen bahan sing mesthine digawe ngrasa­ni kuwi njur ditulis ing bu­ku harian malah bakal oleh ganjaran lamon banjur digu­nakake kanthi becik. Lan isih saambreg maneh bab-bab sing bisa ditulis ing buku harian kuwi.
Sejene buku harian, kegiat­an sing diarani koresponden­si utawa surat-suratan ngene iki ya akeh paedahe. Se­jene kena kanggo nambah pengalaman lan njembarake wawasan uga kena kena kanggo ajang latihan nulis. Mulane ndang nguntala pil sregep, te­rus nyoba miwiti nulis; terus….. teruuusss…. teeerrruuus………..!
Wassalamualaikum!

Bonniearry* []


Sumber: JB

terus....?

TIBA ING PANGKON

SAELINGKU, babarpisan aku durung nate kandha nge­ne, ’’Tyas, aku tresna kowe!’’ Yen ing sawijining wektu kang wis rada suwe kelakone aku banjur nampa layang saka Tyas kang ngandhakake yen dheweke babarpisan ora duwe pawitan tresna marang aku ke­jaba tresnane adhi marang kangmase, kuwi pancen beja­ku. Tenan. Sajake pancen ma­nut garikang pepesthenku, aku kudu nate ditampik sadurunge aku dhewe nelakake katresnan­ku. Lan, yen banjur Tyas kang kudu dadi paraga kang nampik katresnan kang durung nate takpratelakake kuwi, mesthine ya pancen kudu kaya ngono manut garikang pepesthen. Mung wong gemblung kang percaya yen ing jagad pasra­wungan iki kakehan bab kang mung sarwa kebeneran duma­dine.

Wiwit indhil-indhil dening wong tuwaku aku dingenger­ake kulawargane Tyas. Jala­rane klasik banget, wong tu­waku kliwat sekeng, kathik se­dulurku kemriyeg.

’’Wong ngenger mono Le, pawitane mata picek kuping budheg. Kowe kena lali karo wong tuwamu kang ora kuwat dadi wong tuwamu iki, nanging aja pisan-pisan lali karo Gusti Allah. Ora, Le. Sateme­ne kok ora kuwat ngono ya ora. Mung, kanggo dina tem­bemu sajake iki luwih becik. Anggepen kabeh iki pinangka tapa bratamu.’’

Angger keli­ngan, aku dhewe njut mikir, bocah saumur-umuranku nalika semana kae, kok wis bisa dadi trenyuh dening ukara-ukara pitutur kaya ngo­no kuwi.

Nyatane aku banjur kena di­upamakake lulus saka panda­daran. Ora ketang saka pawiyatan swasta, aku banjur wenang nyandhang gelar insinyur. Dadi, jenengku dadi: Ir Nabonenar. Insinyur Nabone­nar!

Wong tuwane Tyas, kang wiwit biyen mula wis takang­gep kayadene wong tuwaku dhewe, pancen wong kang paling berjasa marang aku, sawise bapa biyungku dhewe. Aku duwe utang budi kang mesthi ora bakal bisa taksaur nganggo apa wae. Mulane yen aku banjur mutusake nuruti pamrayoga amrih aku saya ngraketake sesambunganku karo Tyas, ora mung minang­ka kangmas lan adhi, nanging kayadene wong sakloron kang ajar urip bebarengan, kuwi uga ora takjarag kadidene tindak males budi. Kudune ngono.

Nalika kuwi aku wis wiwit nggarap skripsi. Tyas, jenenge ngono Respati Asrining­tyas-- isih kelas loro SMA, na­nging mesthine ya wis sawatara suwe olehe duwe pakulinan nggarap sari! “Nanging apa Tyas dhewe bakal bisa nimba­ngi katresnanku, saupama aku tresna?” ngono pitakon kang thukul sajroning batinku.

Dhasar wong lanang. Ngerti yen entuk angin kang jenenge Insinyur Nabonenar iki mesthi was saya ngglibet. Tak glibeti, katone Tyas kok ya mathuk, katitik saka sambutane kang saya hangat. Yen ana wektu longgar lan aku sambang nyang omahe, kang satemene wis ora ana bedane karo omahku dhewe, prasasat bokong durung nganti semeleh dheweke wis gupuh nyepakake pinas githel (kopi panas legi kenthel) lan nyamikan kare­manku. Njut yen ora bapak, ya ibune, utusan menyang endi ngono, kang kaya-kaya kudu karo aku. Tyas dhewe ya enggah-enggih mawon, kanthi babarpisan ora ngatonake gla­gat pasemon lamun dheweke kepeksa. Mulane selot suwe selot tambah kuwanenku. Aku selot ngglibet!

Ing sawijining wengi nalika wulan ndadari, ing jero kamare, tanpa ancang-ancang, pipine taksun wani. E, lha kok dheweke njingkat.

’’Biyasa,’’ batinku, ’’prawan kencur mesthi lageyane ngono!’’

Nganti wusanane, tanpa kanyana-nyana, taktampani layange kang ngandhakake yen dheweke babarpisan ora duwe pawitan tresna marang aku, kejaba tresnane adhi marang kangmase. Aku kongang step. Untunge, ora kedlarung-dla­rung. Malah nalika kudu gawe layang wangsulan, gampang wae olehku gawe ukara.
Takkandhakake yen wong beja mono ora kaya Damar­wulan kang entuk kanugrahan saka Gusti Allah, nampani katres­nane Sang Ayu Kencanawu­ngu. “Nanging kuwi wis dadi dongeng. Ewasemono, mesthine ora bakal ana dongenge Damarwulan Ngemis Katresnan!”

Durung nganti seminggu saka olehku ngirimake layang wangsulan kuwi, aku nampa kabar saka sumber kang banget pinarcaya, yen satemene Tyas wis sambung tresna karo Mas Budi. Mesthine diceluk Pak, wong kuwi gurune. Nanging embuh saka dayane apa, embuh diujuk-ujuki dhe­mit kuburan embuh pive, kok rasane aku malah saya wani ngglibeti Tyas. Malah saya ku­rangajar, saya wani ancang-an­cang ngesun pipine!

’’Hssphhhmm….!’’

’’!!!!!’’

’’Sssssst!’’

’’Hhhh….!’’

’’Kok...... ?’’

’’Gak entuk!’’

’’Mosok kangmas gak entuk ngesun adhike!’’

Aku lan dheweke, nyatane pancen dudu kangmas lan adhine. Raiku saya cedhak kayo irunge. Irungku saya cedhak karo irunge. Lambeku saya cedhak kayo lambene. Saya cedhak. Saya cedhak!

’’Sthpphhzz....!!’’

’’Maass!!’’

’’Apa?’’

’’Mbuh…!’’

Angger kelingan kuwi, atiku banget trenyuh. Luwih-luwih yen kelingan Astunik, kanca kuliah, kanca mbangun tresna, kang impene takbuyarake merga aku kepilut gebyare Tyas. Ealah. Wiwit biyen mula kok angger kang jeneng getun kuwi mesthi ketemu mburi! Menyang endi wae aku, rasane tansah dietutake, diuber, dosa! Aku banget keduwung.

’’O, aku iki lagi mapan ing sisih ugendine laladan katres­nan, kang mujudake laladan kanugrahane Gusti tumrap kawulane, ya?’’ ngono swarane tangisku.

Gelarku tambah. Kang mau­ne mung it, dadi Ir Ng K Yen ditulis jangkep, jenengku dadi: Nabonenar Ir Ng K Ora Ir Nabonenar Ng K wong yen didawakake kudu dadi: Nabonenar, Insinyur Ngang­gur Kethekur! Ndilalah ker­sane Allah, golek gaweyan kang cundhuk karo insinyurku angele kok ya ora jamak.

Apa iki walat? Pamales saka Gusti Kang Akarya Jagad? Mu­ga-muga wae ngono. Apama­neh kang bisa diarep-arep de­ning wong, titah, kang wis tumindak salah kejaba pau­kuman? Mung sajroning pakunjaran sapa wae bisa nge­nam impen sarwa endah sajro­ning pangarep-arep luwar saka pakunjaran. Langit lan lintang-lintang meh ora ana apa-apane kanggone wong kang sanyatane utawa mung saka rumangsaku, tansah mapan sanjabaning pakunjaran.
Rasane pancen aku lagi kudu mapan ing jagad dhedhet lelimengan. Yen mbaka sithik aku bisa ngrasakake kanik­matan, kaendahan, ing jagad dhedhet lelimengan iki, apa iki pratandha yen aku bakal utawa malah-wis wiwit nyim­pang saka kabecikan? Aku ora ngerti. Tenan, Ora ngerti, aku!

Uga, nalika sanjabaning pangimpenku ana barang ge­dhe, abot,atos, tiba ing pang­konktu, aku babarpisan ora ngerti: lintang apa watu!

’’Mas Nenar?’’ dumadakan Tyas nyaruwe kanthi tembung kang diucapake kanthi lagu kang kongang nuwuhake swasana kebak misteri.

’’Entuk, yen aku takon?’’

’’Lho, kok?’’

’’Kudu diwangsuli lho, ya!’’

’’E, ya nontok-nontok pita­kone, ta, Ning pancen wajibe wong ditakoni mono aweh wangsulan, ora ketang, yen angel ya digawe pe-er dhisik.’’ Aku ngerti, menyang endi juntrunge pitakon kuwi. Na­nging bab kuwi malah takjaga amrih ora kinawruhan.

’’Mas Nenar, racake apa anu ta, wong lanang kuwi ora bisa setya?’’

Lho. Rak tenan! Saya ga­wang-gawang juntrunge per­karane!

’’Wah, pitakonmu ilmiah banget! Wangsulan kang prati­tis mung bisa diwenehake sawise nganakake panaliten kang mbutuhake wektu lan wragat omber.’’

Njut jinem. Suwe. Suwe banget, saora-orane kanggo ukurane wong sakloron kang lagi sape­jagong.

’’Mas Nenar?’’

’’Hm......’’

’’Sampeyan apa isih ngarep­-arep aku?’’

’’Bleeggh!’’

Barang gedhe, abot, atos, tiba ing pangkon­ku. Aku klenger. Tenan, kle­nger. Klenger tenan!! Aku ora wani ngandhakake kepriye pisambat­ku. Hayo, sapa kang ngerti? []


Sumber: Mekar Sari

terus....?

WONG LORO PADHA NGANGGO KLAMBI IJO

LATIHAN njoged kang dianakake saben di­na: Senen, Rebo, lan Setu, nyata wis ngraketake Ayu Mawarsari karo Bayu Argantana. Raket sesambung­an pasrawungane. Raket jalaran kerep ketemu, jalaran ke­rep bebarengan budhal menyang lan bali saka papan latihan. Sesambungan antara­ne kang nglatih lan kang dila­tih kang maune kaku, Saki, wis ora. Ora kaku maneh.

Nyata bab kuwi ndadek­ake kemerene kanca-kancane Ayu. Tenan. Emane, ngetung siji-siji kang dadi runtik atine kuwi mung bakal nglanturake crita iki. Ora! Karodene ya kanggo apa ngenalake kang padha ngingu uler neng njero ati kuwi. Eman-eman. Tenan.

’’Mas Bayu dereng kondur teng Yoja?’’

’’Yen aku bali apa arep melu?’’ batine Bayu, ’’O, upama gelem melu, mesthi wae banjur dadi tambah se­neng atiku. Yen ora, malah rasane kok aras-arasen bali, ngono! O, bocah kok ayune, hm, ayu kathik sajeneng-jenenge pisan. Ayu jenenge, ayu rupane, ayu ati­ne. O, irunge, hm, mbok aku disilihi sedhela wae!’’

Se­pisan maneh, tembung-tem­bung kuwi mau mung kan­dheg neng pambatinane Bayu wae. Yen ana kang banjur kelair, kuwi tembung-tembung seje.

’’Ah, kok panggah krama wae ta? Coba, yen aku banjur mangsuli nganggo krama ing­gil, kepriye ... hara!’’
Ayu dhewe sajak isih ka­ton rada kikuk. Bocah Pang­gul kang nyata ayu manis kuwi ngrumangsani yen tem­bung-tembung kramane wae isih kalah alus karo tembung-­tembung ngokone Bayu.

’’Iya, Mas. Ning, anu lho, ya ngene iki. Kaku! O, iya, jare anu Mas, neng Yoja kuwi, wong misuh wae kudu nganggo tembung krama, malah krama inggil. Beda banget ya Mas, karo basane wong kene, basane wong adoh kampus cedhak kakus. Neng Yoja ora ana Mas ya, kakus kang paling dawa sangalam donya kaya neng kene?’’

’’Hehehehe…! Hm, ya ana! Mung, luwih arang apa luwih kerep digunakake, kuwi seje perka­rane.’’

’’O, iya Mas. Pitakonku mau durung diwangsuli. Ka­pan sampeyan bali nyang Yoja?’’

’’Ya, yen ka-ka-en-e wis rampung.’’

’’Ngenteni rampunge, mangka telung wulan. Apa ora selak kangen?’’

’’Wingenane, bapak, ibu, lan adhiku wis mrene. Mau esuk lagi bali.’’

’’Lha, adhik sampeyan kang sijine maneh?’’

’’Lho, kok ngerti yen adhiku ana loro? Enjang kuliah neng Jakarta, dadi ora bisa melu dolan mrene.’’

’’Dudu kang kuwi, Mas?’’

’’Lha, kang endi?’’

’’Kang sijine maneh.’’

Bayu lagi sambung karo kang dikarepake Ayu.

’’O, yen kang kuwi, malah aku mesthi banjur kangen yen bali menyang Yoja.’’

’’????’’

’’Bocahe malah neng es­em-a kene jare!’’

’’O, sampeyan pindhahake mrene ta. Sampeyan apa, mm, utawa si adhi kuwi mau, apa duwe sedulur neng kene? Pokoke pindhah satu­tuge wae. Yen mung telung wulan, ee, kok ya olehe ke­bacut!’’

’’Lho. Ora. Ora pindhah kok.’’

’’O, lagi nerusake, mm, dhaptar lebonan wingi ku­wi?’’

’’Dakkandhani ya? Ning ja kaget. Tenan. Kaget mono njalari lara. Neng njero dha­dha. Angel tambanane.’’

’’Mung kuwi?’’

’’Apane?’’

’’Kang bakal sampeyan kandhakake mau.’’

’’Ora. Kuwi lagi ancang­-ancang. Ngene: adhiku kang siji iki, kang sekolah neng es-em-a Panggul, pancen adhiku kang ayu dhewe. Ayu sembarange. Tenan. Wong je­nenge wae ya….. Ayu!’’

Sakala lambene Ayu ge­meter, kaprebawan dening jejantunge kang mesthi wae luwih gemeter. Ora ana perlu­ne dheweke nyalahake ble­dheg kang mentas nyamber. Nyabet pipine kang dumadakan katon semburat. Abang tomat. Legi­ne? Wooo, manis!

Kuwi kabeh mung jalaran. Wiwitan. Pambuka. Lan, mes­thi dudu Bagus Argantana kang anggota Senat neng Fa­kultase yen banjur mbutuhake wektu suwe kanggo nga­jak Ayu ambyur nyang intine lelakon. Ya, lelakone wong sakloron kang sengsem lelum­ban neng telenging katresnan.

’’Mas Bagus, sesuk dina Minggu. Dolan nyang Pelang ya?’’

Saiki Ayu wis wani ajak­-ajak. Malah, kandhane Siti Kamsiah --kancane Bagus kang saka jurusan Sandiwara kuwi-- wis wani ngalem barang. Wah!

’’Lho, sesuk rak latihan ta?’’

’’Ya, bubare aja wengi-­wengi!’’

’’Yen wiwite wae wis jam telu?’’

’’Gampang, Mas. Sesuk wi­wit jam siji. Mengko aku kang ngandhani kanca-kanca. Pokoke tanggung beres!’’

’’Yen ngono tenan, bakal seneng banget, aku!’’

Lho, rak tenan. Ayu wis wani nyiwel mas Baguse!

’’Wis ping pira Mas, sam­peyan dolan menyang Pe­lang?’’

’’Ping pindho. Arep ping telu iki.’’

’’Wis mlebu guwa Kere?’’

’’Durung. Mm ... uwis??’’

’’Uwis. Hmm, njerone, huapiik banget.’’

’’Ora wedi?’’

’’Ora.’’

’’Ana kancane?’’

’’Ya, ana, ta!’’

’’Lha, kuwi apa!!’’

’’Apane, Mas?’’

’’Kancane kuwi! Kang ma­rahi wani. Ora wedi. Malah seneng!’’

’’Mesthi wae. Nggo apa su­sah digawa mrana?’’

’’Lho, kok!’’

’’Iya.’’

’’Ora ana kang medeni?’’

’’Ana.’’

’’Apa?’’

’’Ombak.’’

’’He!’’

’’Wis ta, Mas. Pokoke sesuk wae!’’

’’Apane?’’

’’Bola-bali kok, apa, apa­ne!’’

’’Lho, lha, iya.Terus apa? Liyane apa lan apane? Hee?’’

’’Embuh, ah!’’

’’Lho, kok embuh!’’

’’Hhhhhh……!’’

’’?????’’

’’Mmmm!’’

’’Ah.’’

’’Hhhh!’’

’’Sesuk, ya?’’

’’Wedi, Mas!’’

’’Senajan ana kancane?’’

’’Embuh, ah!’’

’’Bola-bali kok: embuh ah!’’

’’Ya ben. Kae lho, kanca-kanca wis padha teka!’’

Latihan njoged diwiwiti, neng latar Kadhikbudan keca­matan Panggul. Kang nglatih Bayu Argantana, mahasiswa ka-ka-en saka sawijining pawiyatan luhur ing Ngayogya­karta, dibantu dening Siti Kamsiah, kancane. Kang latihan akeh. Ana yen mung sela­we wae. Kathik, embuh pan­cen dijarag apa piye, kabeh prawan kemambung kanthi prejengan --rata-rata-- saka klas bintang iklan televisi utawa aktris sinetron. Tenan. Lan, ing antarane kang huayu-huayu kuwi; Ayu Mawarsari pancen kang huayu dhewe.

Ayu wiwit ngipatake sam­pure kang banjur nyempyok wiramaning gamelan. Nyempyok ati loro kang wis dhepleng dadi siji. Ayu ngigel. Ngigel saati-atine, ya atine kang lagi ketaman sengsem. Nyawang egolane, wo, jantunge sapa kang ora kaya gogrog? Tenan, kok!

Dina Minggu. Bubar latihan, Ayu sida ngethapel ing boncengan, diplayokake Bayu menyang pesisir Pelang nganggo sepedha montor bebek wetonan paling anyar. Kang luwih pas: Ayu lan Bayu mlayokake ati loro kang wis dhepleng dadi siji. Ah, emane, kok ora ana kang ngelikake manawa kekarone budhal nganggo klambi ijo. Mangka kuwi klebu walerane gisik Pelang, walerane jagad.

Crita ngenani nom-noman kaya Ayu lan Bayu kuwi --kang dolan menyang Pelang nganggo klambi ijo njur ne­mahi kacilakan-- dudu crita ngayawara. Ya, kacila­kan cilik, ya, kacilakan gedhe. Tenan. Hm, gek piye yen bocah loro kuwi wis tekan puthuk ing sandhinge sungapan Pelang. Gek piye yen se­karone ilang ing antarane ijone suket, ijone gegrumbul­an, ijone langit, ijone banyu segara? Piye yen sekarone kerem ing telenging ati loro kang wis dhepleng dadi siji, dadi ijo royo-royo kuwi?

Lho, rak tenan! Lagi ungak-ungak guwa Kere, se­karone dipapagake macan sa­montor tengki gedhene. Nyri­takake lelakon sabanjure, jan mesakake. Mung, bareng wis surup durung padha bali, desa Bodhag dadi geger. Dudu gegere wong ngoyak macan, ning gegere nggoleki kang wayahe wis neng ngomah kok durung teka-teka. Bareng ana kang kandha yen lungane bareng lan padha nganggo klambi ijo, gegere tambah rame. Kanca-­kancane Bayu, kanca-kancane Ayu, kabeh padha bingung pating bilulung. Pak Lurah saandhahane katut melu kon­trang-kantring. Ya, saora-orane pikirane. Ana kang marani Mbah Dhukun, ana kang nyu­sul menyang Konang, ana kang nyusul menyang Pelang. Nampa kabar yen bocah sakloron ngidul parane kanthi klambi ijo, akeh kang banjur dadi pupus pengarep-arepe.

Yen wayah ngisak ana bo­cah loro teka nganggo klambi ijo, kuwi pancen ya Bayu karo Ayu. Dudu arwahe. Bo­cah nom-noman kang isih padha cupet nalare alok, ’’Huuu, malati gombale mukiya! Genah Mas Bayu nganggo klambi ijo, ya, bisa bali wu­tuh ngono kok!’’ e, ya ora kena dipaido.

Njur kepriye crita sanya­tane ngenani macan kang mapagake bocah loro neng Guwa Kere kuwi? Lha, ya kuwi! Untunge, ya, untunge kok macan kuwi wis ompong. Jan, ompong. Sa­king tuwane kira-kira wae. Ning, bocah loro kuwi ka­dhung diameti. Mula saka ku­wi, sadurunge Bayu bali me­nyang Ngayogya, saka pamra­yogane Pak Lurah, wong tu­wane Ayu merlokake nanggap wayang kulit saperlu murwakala kang padha nate kumpul neng njero cang­keme ma­can. []


Sumber; JB

terus....?

SAWIJINING DINA ING PESISIR KARANGGANGSA

’’Mas, jane ngono sampe­yan ki temenan apa ora ta?’’

’’Lha, rumangsamu apa e­thok-ethok?’’

Dheweke banjur ndhing­kluk, sajak rumangsa salah de­ning pitakon kang mentas wae diucapake. Kuwi mesthi ora bakal kedadean lamun dheweke be­ner anggone nanggapi wangsulanku kang uga arupa pitakon kuwi.

Pesisir Karanggangsa dadi seksi. Nyekseni sakabehing tindak, sakabehing rembug kang gegayutan karo aku lan dhe­weke. Manuk kang padha ngoceh kanggo mahargya tekane esuk, semut kang isih padha umpetan sa­ngisore suket, ombak dham­pyak-dhampyak, lan srenge­nge kang katon sigrak, sajak kesengsem nyekseni sepasang nom-noman kang lagi keban­jut rasa asmara.

’’Tenan, Mas, aku ora nyu­janani tulukang sedyamu. Aku ngerti yen sampeyan dudu go­longane wong lanang kang se­neng iseng. Ning ya kuwi, takjaluk sampeyan was isaa ndu­ga apa kang saiki lagi takra­sakake.’’

’’Mesthi Sri. Aku uga ngrasakake angete srengenge esuk iki, angete dhadhamu, angete dhadhaku dhewe, angete atimu, angete atiku dhewe, angete katresnane awake dhewe iki.’’

’’Dudu kuwi! Sampeyan kuwi lho; kok malah mba­nyol. Kene omong tenanan kok ditumpangi deklamasi.’’

Kira-kira wae saking ge­mese, githokku digablog rosa nganti aku pringisan. Nalika dheweke katon rada limpe, arep takciwel pipine ora mentala. Eman aluse! Eh, tenane, ora wani. Ning, banjur kaya entuk kasekten ndadak, aku dadi wani. Wani ngesun barang, malah! Nyatane, nalika takambung, dheweke ora endha. Malah merem dhapet.

’’Mas, aku wedi.’’

’’Wedi apa?’’

’’Ora wedi apa-apa.’’

’’Lho!’’

’’Wedi kelangan sampe­yan.’’

’’Ora usah wedi, Sri. Ora, ­ora yen aku nganti mentala ninggalake kowe. Ya mung kowe wong kang paling taktresnani. He, Sri! Aja kaya wong arep nangis ngono. Ma­lah bingung aku mengko.’’
Dheweke prembik-prem­bik. Mripate katon wiwit ka­ca-kaca. Age-age kacu kang digegem kenceng takre­but alus-alusan banjur takga­we ngusapi luh kang wiwit nelesi pipine.
Nalika angete srengenge dadi panas, dheweke lagi wi­wit bisa nata rasane.

’’Sri?’’

’’Hmmm.’’

’’Suk ora usah rene maneh wae ya?’’

’’Lha, piye?’’

’’Wong nyatane awakmu ora dadi seneng, ning malah tangisan ngono kok.’’

’’Kang marahi ya sapa!’’ Dheweke wiwit ngalem, lan tambah cengeng; mesthi wae!

’’Kang marahi sapa piye ta? Wong nangis karep-karepe dhewe ngono kok. Jane ngono awakmu mau tak kapakne ta?’’

’’Mentas wae dilakoni ngo­no kok wis lali!’’

’’Sri! Mentas ngapa aku mau?’’

’’Kang marahi aku nangis?’’

’’He eh.’’

’’Ning aja kandha-kandha lho Mas! Mundhak didukani bapak.’’

’’Ora.’’

’’Ya kuwi man Mas, kang marahi aku nangis.’’

Wis genah, wangsulan iku ndadekake bi­ngungku. Wong mung diambung was kok njur nangis. Apa ru­mangsa keduwung, apa isin karo semut? Isin karo manuk? Isin karo watu-watu karang kae? Apa malah keranta-ranta marga senenge, aku ya ora ngerti! Yen ngono kuwi nangis marga seneng, ha­rak malah repot yen suk kla­kon dadi bojoku! Apa dheweke kuwat nangis saben dina?

’’Ya wis Sri! Yen pancen dadi karepmu kang kaya mau kae ora bakal takambali ma­neh. Kamangka yen manut karepku, ngono kuwi mung nggambarake sepira gedhene katresnan marang awakmu.’’

’’Aku wis ngerti kuwi ka­beh, Mas. Ya marga kuwi mula banjur tuwuh rasa wedi jroning atiku. Sepira ba­kal larane mengko yen wis te­ka titiwancine sampeyan ning galake aku.’’

’’Jane ngono awakmu ku­wi percaya tenan apa ora ta, marang aku?’’

’’Yen ora percaya apa aku gelem sampeyan ajak rene ba­rang?’’

’’Lha, iya!’’

Bakal bojoku iki pancen lancar tenan kok pikirane. Ora kliru anggonku ngetog karosan ngesok katresnan ma­rang dheweke. Nate aku udur-­uduran perkara cengeng lan ngaleme wong wadon karo dheweke. Aku ngandhakake yen ing ngalem lan cengenge dumunung keringkihane wa­nita. Dheweke ora trims. Ma­nut dheweke, malah ing kono dumunung kekuwatane wani­ta. Lan ing bab iki aku kudu trima kalah, awit nadyan dikayangapa dheweke mesthi luwih ngerti sakabehane nge­nani wanita, tinimbang aku. Aku kalah, nanging aku ma­lah seneng dene kepinterane bakal bojoku ora ketutupan ayune. Nanging apa iya bener dheweke mengko dadi bojoku tenan? Ah, pitakon iki du­rung wayahe takpikirake; apa maneh ngelingi yen lair, jo­dho, lan tibaning pati kuwi wis digarisake nalika menung­sane durung lair ing slam do­nya!

Aku mung bisa ndedonga, muga-muga ya Sri Windarti iki kang dening Gusti Kang Maha Kuwasa dicadhangake dadi bojoku. Saben-saben bubar ndonga ngono kuwi mes­thi banjur thukul sawijining pitakon jroning batinku: Apa kang wis kebacut digarisake dening kodrat kuwi isih kena diwiradati?

Urip iki kebak pita­kon. Saupama pitakon-pita­kon kuwi awujud barang ka­sat mripat kang mbutuhake panggonan, mesthi wae me­nungsa ing alam donya iki enggal ludes kaendhih dening pitakon-pitakone dhewe.

Saya panas. Githokku di­gablog maneh nalika dheweke ngonangi aku lagi nglamun. Nalika arep dipindhoni, ta­ngane tak tampani.

’’Kepanasen kaya ngene kok ya isih kober nglamun ki jane ngono kang sampeyan la­munke kuwi sapa ta, Mas?’’

’’Apa kono ra krasa?’’

’’Krasa panas, ning ra krasa yen dilamunke!’’

’’O, kepanasen ta!’’

’’Mas, ayo nyang ngisor uwit kae?’’

’’Yuk!’’

Ing ngisor uwit:

’’Mas?’’

’’Apa? Arep nangis maneh?’’

’’Ora. Tak takon ya?’’

’’Ndang. Takona!’’

’’Awake dhewe iki kok neng kene ta?’’

’’Kok kaya bocah cilik ta? Wong wis diniyati wiwit rong minggu kepungkur ngono kok.’’

’’Iya, ning kok njur aku te­rus karo sampeyan? Sampe­yan kuwi apaku, lha rene iki mau perlune ya apa?’’

’’Sliramu kuwi sir-siranku, Dhiajeng, wong ayu!’’ Saking gemesku, irunge takpithet. ’’Rene iki mau jane ngono arep sir-siran. Ora arep padu!’’

’’Sir-siran kuwi apa ta?’’

’’Embuh Sri! Kok kaya bocah cilik wae. Lha, yen ma­nut karepmu ya apa, sir-siran kuwi!’’

’’Ya embuh mas. Yen nger­ti apa ya aku takon. Aku ora bisa nerangake Mas. Nanging aku bisa ngrasakake. Bisa ngrasakake yen pisah karo sampe­yan kuwi atiku njur dadi se­dhih, njur kangen. Kamangka aku ngerti yen sampeyan ku­wi wong liyan ndrayan; dudu sanakku, ya dudu kadangku. Uga ora bisa takterangake apa sebabe aku manut wae sampeyan ajak dolan rene. Kamangka upamane, iki mung upama lho Mas ya, upama aku sampeyan rudapeksa neng kene, nadyan sampeyan pateni pisan, ora ana kang bakal bisa nulungi, nge­lingi kene iki papan sepi kaya ngene.’’

’’Ya kuwi kang diarani tres­na! Ora perlu diterangake ma­neh. Awake dhewe tekan ke­ne iki ya amarga tresna kuwi!’’

Aku lan dheweke banjur padha ngguyu bebarengan. Cekikikan kaya manuk kang lagi gegojegan ing sandhuwure uwit, pang-pang, lan gegodhongan. Taksawang dheweke wis lega. Sajak wis ora ana maneh pitakon-pitakon kang temangsang ing nje­ro atine. Nanging tibake pitakon-pitakon kang kebacut lunga kuwi malah nggodha aku. Jroning wektu sedhela wae thukul pitakon-pitakon anyar; nindhihi pitakon-pitakon sadurunge. Apa sejatine tresna kuwi? Apa ana katres­nan kang seje rasane karo kang lagi tak rasakake iki, lamun tresna kuwi pancen mung ke­na dirasakake lan angel di­terangake? Apa aku Ian dhe­weke bakal kuwat ngangkat katresnan iki menyang san­dhuwure bangunan balewis­ma? Apa sangune wong be­brayan kuwi? Apa ta sate­mene bebrayan kuwi? Apa kabeh kuwi padha karo tres­na, angel diterangake?

Aja maneh mangsuli pita­kon bolah ruwet kaya ngono kuwi; sejatine pitakon: Apa aku iki wis nresnani Sri Win­darti kanthi sejatine tresna, apa tresnaku iki mung karana rasa sepi; sepine ati lanangku, iku wae durung nate bisa takwangsuli!

Anggonku umpetan ing ngisor uwit karo Sri Windarti nyatane banjur konangan sre­ngenge. Panase ora keconggah ngobong pitakon-pitakon kang tansah nggodha aku; ora ke­conggah ngalumake godhong­godhong lan kembang-kem­bange katresnanku marang Sri Windarti. []


Sumber: JB

terus....?

KEMBANG KANG MEKAR ING KETIGA AKING




’’JENENGKU Bonapid. O­mahku pucuk gu­nung cedhak langit. Dalane munggah-mudhun na­sak alas jurang gupit. Bayang­na! Angger rendhenge teka dalan-dalan ing kampungku dadi akeh jenange kaya ba­kale rotimu. Kabeh katon ijo royo-royo. Ning ya kuwi. Yen ketiga kaya ngene iki a­las lan gunung-gunung kang ngupeng kampungku dadi gundhul tholo-tholo. Dikepeti dening angin kang teka saka pesisir kidul.’’

’’Omah sampeyan cedhak pesisir? Ngendi kuwi?’’

’’Nggalek! Ning saka ku­thane isih seket kilometer dohe!’’

’’Oooo. . . wong Nggalek; hhhmmmnnnzzztttzsm.’’

’’Aku ngerti, batinmu mbacutake: . . . panganane se­ga gaplek, rupane elek, am­bune kaya telek. Ah, kuwi pa­rikan kuna. Angger uwong bi­sa. Nanging, yen parikan kuwi metu saka lambemu, ing njero kupingku mesthi dadi tembang kang wis kesuwen olehku ngangeni.’’

’’Gaplek…..? Apa kuwi?’’

’’Singkong!! Lan durung karuan yen rotimu luwih e­nak tinimbang kangkongku.’’

Panase kaya bakal ngobong jagad. Wong-wong pa­ting sliwer. Ora ana kang ora adus kringet. Upama ana, pangonane mesthi mumpet; lan ora tau ngelak utawa nge­lih senajan awake ora metu kringete. Kamangka mesthine, kringete dhewe luwih e­nak tinimbang apa wae. Aku lan dheweke isih enak-enak lungguhan wae. Ethok-ethok, wong satemene ora enak merga panase. Panase srengenge. Panas ing endi-endi.

Panas! Lan ora ana kang bisa ngayomi. Senajan ing nje­ro omah pisan, mesthi ora betah sumuke, yen ora ana ase-ne. Kamangka yen ing njero kamar kang ana ase-ne aku malah gampang masuk angin. Maklum wae, wong ndesa! Jane ya tau urip neng kutha, najan mung se­dhela, neng Malang kana. Ning ra nganti kenal kang je­nenge ase kuwi, wong ha­wane alam wae adheme wis ra jamak. Kosok balen, yen karo Surabaya iki!

Wong-wong terus pating sliwer sangisore langit kang nganti kaya leder merga pa­nase. Padha repot karo urus­ane dhewe-dhewe. Srikutan wae tanganku ngusapi kri­nget kang dleweran turut pi­pi. Embuh yen kecampuran eluh. Ning, babarpisan aku o­ra rumangsa nangis.

’’Panas?’’ pitakone.

’’Papas!’’

Dheweke ngguyu. ’’Iki a­dhem,’’ aloke, kamangka dhewek­e ya kringeten. ’’Ndhuk kene gak ana maneh kang luwih adhem timbangane iki.’’

’’Yen rendheng?! Yen u­sum udan?!’’

’’Malah luwih panas. Lu­wih sumuk. Ya iki Surabaya. Kang panas, lan saya panas. Yen adhem. . . rak dudu Su­rabaya!’’

’’Ah, tenane!!’’

’’Ah, kandhani kok!!’’

’’Yen ngono aku bali mu­lih wae. Nyang ndesa; hawa­ne seger.’’

’’???’’

’’Neng kene ora betah pa­nase!’’

’’Iya. Kuwi aku wis nger­ti. Ning, angin apa kang maune nggawa sampeyan nganti teka kutha iki?’’

’’Ah, saiki isih angel nggon ku mangsuli pitakon kaya ago no kuwi. Nadyan wis awan. Nadyan srengenge wis neng ndhuwur mbun-mbunan.’’

’’Kamangka neng desa sampeyan kuwi, mesthine, ma­nut crita kang nate tak ru­ngu lan kang wis kebacut takpercaya, kahanane tansah ayem tentrem. Sapa wae bisa mangan saka wulu-wetune bumi kang tansah kejaga kasuburane. Neng kene, yen ora duwe dhuwit kudu trima kali­ren.’’

’’Oh, iya. Jenengmu sa­pa?’’

’’Paitun.’’

’’Ah, ra percaya aku. Cah kutha kok jenenge Paitun. Ah, nyemoni. Neng desaku wae arang-arang cah wadon nganggo jeneng kaya ngono kuwi. Kang pasaran ya bangsa­ne: Sri, Eni, Yayuk, Endang, Nanik, Putri, Rina, lan sapi­turute.’’

’’Percaya apa ora dudu u­rusanku. Hak sampeyan. Ning rak ora bakal klakon sampe­yan ngundang aku nganggo jeneng saliyane kang wis takkandhakake kuwi. Perkara je­neng wae kok diurus.’’

’’Hhmmmnzstsnm…! Mes­thi awakmu kuwi ora asli kutha kene. Genah yen paling-paling ya wong neneka kaya aku iki, wong kang kendhang saka karang-padesan. Mung wae aku kalah dhisik. Iya pa ra?!’’

’’Yen ra percaya, iki lho, ka-te-pe-ku.’’

’’Ah, kuwi rak mung gawe­yane manungsa.’’

’’Ya uwis. Upama ra perca­ya tenan, aku ya ra bakal pa­theken.’’

’’Jajal, yen pancen awak­mu asli kene, aku jaken nyang omahmu, kenalna aku karo wong tuwamu.’’

’’Ora bisa. Wong arep minggat wae kangelan ngerah lim­pene, kok diejak bali mulih.’’

’’Lho, awakmu mau ming­gat, ta!!’’

Dheweke ora wang­sulan. Mung banjur ndhing­kluk. Sajak ana kang lagi di­pikirake, ana kang lagi di­enam sajroning pikire. Aku o­ra bisa piye-piye saliyane ngumbar dheweke mikirake perkara kang aku ya blas ora ngerti. Mesakake. Ibu lan ba­pake mesthi kaya kucing kobong buntute olehe nggoleki anake kang wis dadi prawan ke­mambung iki. Ah, ora kena takpekak, aku ya katut melu mbayangake apa kang lagi wae kedadeyan ing kulawargane, nganti dheweke minggat; tega ninggalake wong-wong kang kudune pa­ling ditresnani.

Olehe nganti gelem ming­gat kuwi pantese mentas di­sengeni wong tuwane. Ning yen katitik saka pacakane kang sarwa prasaja, pantese dheweke ora duwe bakat di­sengeni wong tuwa. Solah-­bawane, pantese dheweke ya ora tau nyel-nyelan.
Apa mentas brantayuda karo sedulure kang wis padhadene dadi prawane? Lha, iki lagi klebu nalar, jalaran saiki pancen lagi usume rebutan pacar. Kamangka yen wis ke­bentus perkara siji kuwi, ja­gad pancen bisa dadi peteng dhedhet. Dhedhet lelimengan. Jagad bisa dadi sagodhong rambutan. Ah, mesakake dheweke. Jan mesakake. Ning, a­pa kang bisa taktindakake?

’’Sampeyan sida bali mu­lih?’’ pitakone ngagetake. ’’Aku melu.’’

’’Lhoo!’’

’’Entuk pa ora?!’’

’’Nek entuke ki, ya entuk­entuk wae. Ning, piye yen mengko malah aku kang kena perkara merga kedakwa mla­yokake awakmu? Kamangka awakmu mesthi ora nggawa surat-surat ganep kang ngesahake olehmu minggat iki. Lan isih akeh maneh bab kang kena takgawe alasan, manawa senajan aku ora ka­botan mbokeloni, panggah kurang prayoga yen melu a­ku menyang ndesa. Upama­ne: ing desaku mengko awakmu mesthi kadhe­men. Yen arep adus kudu mlaku rong kilo adohe, ka­thik isih kudu antri. Aduse neng belik ora ana aling­-alinge. Mulane aduse wong wadon kaya awakmu kuwi, ben aja isin, yen esuk kudu sadurunge padhang, yen sore ngenteni surup pisan. Lha, ing wektu-wektu kaya ngo­no kuwi adheme ora jamak. Kamangka prawan kaya awakmu kuwi yen arang-arang a­dus ya ora becik. Sejene ngo­no, awakmu apa doyan sega thiwul; sega kang digawe saka kangkong? Mulane…’’

’’Pokoke aku melu, yen sampeyan ra kabotan.’’

’’Wahh!!’’

’’Mengko yen digoleki wong tuwamu?!’’

’’Ah, wong tuwaku ora ba­kal kelangan.’’

’’Lho.’’

’’Wis ta, pokoke aku sida melu. Melu sampeyan!’’

’’Lha, yen kang nggo­leki pacarmu??’’

Dheweke ndhingkluk ma­neh. Genah yen pangrasane kesodhog tembung kang lagi wae takucapake. Lho, rak tenan ta? Ora luput panggraitaku. Dheweke mentas rebutan pacar karo sedulure. Saora-orane mesthi jibeg pi­kire amarga barang gawat kuwi. Mesakake! Jan mesak­ake tenan! Wis suwe anggon­ku mesakake marang kahananku dhewe. Ning dheweke lu­wih mesakake. Ndeleng kaha­nane kaya ngono kuwi, sapa kang ora banjur thukul rasa welase? Kaya kang lagi taka­lami iki. Nganti rasa welasku ngluwihi takeran kang sak­mesthine. Dumadakan aku wis katut ndhingkluk. Meh wae, yen ora ndang takgawe ndhelak, eluhku ceblok. Ah, aku wong lanang kok. Ora pantes nangis!

Takranggeh pundhake, takjejegake. Takpandeng mripate kanthi pitakon kang angel yen taklesanake. Uga kaya ngono kang ditindakake. Alukang pangrasane nyatane banjur bisa njarwakake sasmi­taku.
’’Aku ora duwe pacar. Yen bojo, upama aku ora sida minggat iki, wulan ngarep iki aku wis kudu du­we...!’’

Pitakon sajrone batinku ungkel-ungkelan, nunjang palang, nalika dheweke me­neng sawatara. Kaya la­gi nglari ukara-ukara kang ing mbatine manggon banget jerone. Upama ora takempet, aku wis kaya wartawan ngu­ber pawarta lagi nemokake sumber. Ben longgar olehe bakal ngetokake uneg-unege. Yen bola-bali taktakoni harak malah ora bisa tharik­-tharik kaya kang wis dienam sajroning batine, olehe ngetokake uneg-uneg kuwi.

’’Mung emane, bakal bojoku kuwi, kangmasku dhewe. Oh, iya, sampeyan mau rak durung ngerti ta, la­rah-larahe critaku iki?’’ Me­neng sawatara, njur bacute, ’’Aku iki rak a­sale biyen bocah yatim, kang dipundhut bapak-ibu saka ru­mah sakit paling gedhe ing kutha iki. Wong tuwaku kang satemene, embuh sapa, senajan bapak-ibu ya ora ngerti. Aku dhewe, olehku ngerti bab iki ya durung suwe, sa­bubare kangmas mblakakake kersane yen aku arep diepek dhewe kuwi. Ngono kuwi cri­tane, ning aku ora bisa nam­pa. Ing pangrasaku bapak-ibu kuwi ya bapak ibuku, lan kangmas kuwi ya kangmasku. Senajan kahanan kang satemene ora kaya ngono, ning, ana ing panganggepku, bapak-ibu kuwi ngluwihi wong tuwaku dhewe. Rumangsaku aku ya wis cukup ngabekti marang penjenengane kaya dene nga­bektine anak marang wong tuwane. Ya mung ing perka­ra siji iki, tenan, aku ora bisa nglakoni. Ya kuwi kang markake aku minggat. Ning, sampe­yan ora perlu kuwatir yen aku ora duwe surat kete­rangan kang ganep. Kabeh wis takgawa, amrih lancare lakuku.’’

’’Sik, ta! Masmu kuwi sa­pa jenenge?’’

’’Danu. Ganepe, Danu Su­prayoga.’’

’’Ko sik! Alamate omah­mu?’’

’’Lho!! Mengko gek sam­peyan arep nglapurake aku?!’’

’’Ora!’’

’’Tenaaann??’’

’’Tenan!’’

’’Sumpahh??’’

’’Sumpah!!’’

’’Demi Allah??’’

’’Ya uwis, tak kandhakake. Ning tenan lho, iki patohane nyawa. Jalan Imam Bonjol nomer pitulikur.’’

Lap! Tratap! Piye nggon­ku ora kaget? Genah mase kuwi tibake isih kancaku dhe­we. Danu kuwi bocahe gagah ­prakosa. Neng kampus biyen, angger ana kegiyatan mesthi a­na dheweke. Mung kang nyo­long pethek yakuwi olehe ke­laduk alim yen adhep-adhep­an karo cewek. Eee, tibake…! Mula ya sarjanane wae ku­mlod. Lha, wong nyatane ana kang ngurubake sema­ngate! Eman, akhire mesak­ake! Wis meh ana telung ta­un nggonku ora ketemu dhe­weke.

Neng njero bis takumbar wae dheweke nglipus ing pangkonku. Sajake pancen lagi ke­sel lair-batin. ’’Danu, aku du­du Dasamuka,’’ pambengoke batinku. Lan marang kulawarga kang ana ndesa, ’’Iki lho, panjaluk kuwi wis takleksanani. Mung wae, bocahe dhewe durung taktari. Man­dhak kepengin duwe mantu saka kutha wae kok nganti kaya nyidham!’’

Sajake aku pancen bakal bisa nresnani dheweke, kan­thi tresna kang metu saka prenthuling atiku dhewe. Lha, Danu?! Ah, rasane jagad mung kari sagodhong ram­butan.

Bareng wis ganep seming­gu olehe ana ndesa:

’’Piye, krasan?’’

’’Krasan. Krasan banget.’’

’’Nganti kapan?’’

’’Nganti kapana wae.’’

’’Panggah krasan??’’

’’Panggah krasan!’’

’’Tennaan…..??’’

’’Tenan.’’

’’Sumpah??’’

’’Sumpah!’’

’’Demi cinta??’’

Dheweke meneng wae. Aku wis ngerti wangsul­ane.
Gegodhongan padha go­grog kasempyok angin ketiga dawa. Mung uwit siji kuwi kang malah saya angrembu­yung. Kembange padha me­kar, ambabar ganda arum. Ya kuwi uwit sajrone atiku kang selot ngrembuyung lan mrambat tekan atine! []


Dhangkluthuk, 1987
Tau kamot ing majalah Jaya Baya

terus....?

WANGINE KANGEN

Rembulan isih wutuh neng Panggul, sawenehe kutha kecamatan watara 50-an kilometer sakidul-kulone Trenggalek. Rasaku kaya wong urban kang dumadakan keseret menyang kenangan mangsa cilikan. Lakuku kaya kapuk kesampar barat mangsa pitu. Aku, ujug-ujug, wis neng kene meneh. Neng Panggul, tlatah kang kerep disubya-subya para penyair, luwih-luwih dening penyair kang lagi nandhang kangen sawise suwe kontal saka bumi kelairane iki. Embuh, ngapa kok ujug-ujug aku wis neng kene. Nasip? Ah, crita ora bisa dadi dawa yen durung-durung dipunggel nganggo tembung iku.

Rembulan isih wutuh neng Panggul, senajan ombak Samodra Kidul ora waleh-waleh ngrangsang, jumlegur, tansah kebak semangat. Isih wutuh, senajan wengi kari sesigar. Isih sumringah, nalika wong-wong wis padha pasrah kebandhang impene dhewe-dhewe.

Sore mau aku teka kene, numpang bis jurusan Lorok. Ya. Wiwit sore mau, aku isih panggah neng kene. Neng sandhing pasar ngematake sepi. Ngematake tintrim, tintrime Panggul ing tengahe wengi. Sore mau aku durung mbayangake yen bakal nemokake swasana kaya ngene, kayadene olehku dhek wingi ya durung ngira yen mau sore aku bakal tekan kene. Yen aku wegah diarani kentir, sapa ta wonge kang satemene ora kentir? Wiwit sore mau aku adhep-adhepan karo prekara pilihan. Aku duwe kanca akeh neng kene. Kabeh mesthi ora kabotan yen mung taknunuti sewengi rong wengi wae. Apamaneh wis padha suwene ora kepethuk. Mesthine malah seneng, isa dha kangen-kangenan.

Mas Tom, dheweke padha karo aku, seneng ngrungokake siaran wayang kulit ing radio. Mempeng dijak melekan, sambi crita ngalor-ngidul, bab apa wae, luwih-luwih ngenani ruwet-rentenge wong urip. Yen ora kepalangan perlu liya, ngobrol karo Mas Tom angel pedhote. Mas Tom omahe gedhe. Tur ya cedhak. Prasasat mung rong jangkah saka terminal sandhing pasar iki. Ning, ora. Aku ora sida niyat nginep nggone Mas Tom. Jangkrik! Prekaraku mung sepele. Aku wedi yen Mas Tom takon ngene: ’’Kapan rabi?!’’

Pilihan liyane, nggone Wandi. Neng Bodag, sandhing SMA. Saka terminal kene arahe ngalor. Rada adoh. Yen mbecak ya sewuan rupiyah. Yen sore mau pilihanku tiba mrana, aku bisa nunut colt, mung rong atus rupiyah. Dheweke ya klebu kanca sinarawedi. Nyambutgawene neng SMA Bodag kono. Manggone ing perumahan guru. Dadi, isa bebas. Upamaa ora kepethuk Wandi-ne aku mesthi bisa ditampa kanca-kancane kang prasasat kabeh wis taktepungi kanthi becik. Mung wediku, yen Wandi nyritakake alemane sir-sirane, nyritakake rencana-rencanane mbangun urip karo Markilah kang ayune ora ndlomok kuwi. Byuh!

Ah, tibake upama nyang nggone Edi, nyang nggone Andri, nyang nggone Eko, kang takwedeni kok padha wae: prekara rabi, lan penggaweyan. “Wis rabi apa durung? Kapan? Nyambutgawe neng endi saiki?” Iku pitakon-pitakon kang paling takwedeni. Semprul tenan ane!

Nganti aku trima dadi bancaKane nyamuk, neng kene. Neng terminal, sandhing Pasar Panggul. Ning, angen-angenku keplantrang nganti adoh banget, nganti aku ora kober ngurusi nyamuk. Tegese, nganti lali yen awakku lagi nglempruk persis gombal amoh. Lagi eling, persis nalika ana wong liwat kluntrung-kluntrung neng sandhingku. Lanang, edan.

’’Mas, rokoke, Mas!’’ Alhamdulillah. Dheweke ngakoni, yen aku iki waras. Takdudutake rekok saeler. Terus diakep digawa kluntrung-kluntrung ninggalake aku. Embuh, neng endi olehe arep nyumet rokoke kuwi. Kedadeyan iki kaya tan kena ora, nguncalake angen-angenku menyang papan kang aduuuooohh banget. Nganti sawatara suwene aku katrem ing angen-angen aeng, angel diterangake. Nganti weruh-weruh ing sisihku wis ana kang lungguh. Wadon, tur isih enom.Takwaspadakake. Dheweke nglamun. Mesthi angen-angene kentir embuh menyang endi, kaya kang lagi wae takalami. Prasasate, ana asu keraha ing sandhinge, dheweke ya ora bakal ngreken. Aja dikandhakake kebacut asyik olehe nglamun, ning kandhakna: keladuk adoh olehe kabandhang angen-angene dhewe.

Edan? O, aku yakin dheweke waras. Malah, banget luwih-waras tinimbang racak-racake wongwong kang ngaku lan diakoni waras ing lingkungane. Ah! Kok aku saya ketarik dening dheweke. Utawa, satemene malah dheweke kang luwih dhisik ketarik marang aku.
Aku yakin yen aku tau kenal dheweke. Ah, ora mung trima kenal Dheweke kaya-kaya wis nyawiji karo ayang-ayangku, ngetutake menyang endi wae paranku. Embuh, aku kang nggawa dheweke, apa dheweke kang ngetutake aku. Dheweke kaya ayang-ayang tenan, caket, cedhak, ning adoooh….. banget.

Embuh, iki mau piye lan sapa kang miwiti. Kok, ujug-ujug aku wis gayeng ijol-ijolan crita karo dheweke. Malah, ora mung ijol-ijolan crita. Luwih akeh. Luwih akeh taker-bobote saka mung ijol-ijolan crita.

’’Aku nresnani dheweke.’’ Edian, tanpa rasa sedhih dheweke ngucap mengkono. Tanpa rasa sedhih, tanpa geter.

’’Saiki?’’ Ngono pitakonku. Eh, embuh, iku pitakon, apa protes.

’’Ya biyen, ya saiki: Ya mbesuk. Selawase. Tresna sejati mapan ing sanjabane wektu. Sanjabane wektu lan panggonan.’’

’’Ah, muga-muga kowe ora kentir ing romantisme kang bisa nggrogoti jiwa-ragamu.’’

’’Aku ora preduli. Digrogotana, dijejuwinga, aku panggah tresna.’’

’’Nanging dheweke wis rabi kayo wong liya.’’

’’Pancen biyen aku nate mrayogakake mengkono. Senajan iku ora mrenthul saka telenge ati weningku. Aku wedi yen ora bisa ngladeni dheweke kanthi becik. Aku iki wanita kang wis ora wutuh. Aku cacat. Diarani wadon mung blegerku. Nanging penguritanku wis dijupuk merga kudu dioperasi, lan kanthimengkono aku wis ora bisa duwe anak.’’

’’Ah, kok cilaka temen nasipmu. Kowe nresnani wong kang ora tresna karo kowe.’’

’’Wis takkandhakake, tresnaku tresna tanpa syarat. Bah dheweke tresna, bah ora, aku panggah tresna. Kowe aja panggah ngengkel. Tresna angel diterangake nganggo aturan sebab-akibat.’’

’’Ning kowe ya tresna aku ta?’’

’’Aja takon ngono. Aku ora bisa mangsuli. Lan sajake ora bakal bisa mangsuli.’’

’’Saya dipenging, aku malah bakal saya ngengkel. Ing prekara liya-liyane aku precaya marang kejujuranmu. Ning anggere wis tekan bab iki, tekan pitakon: satemene kowe tresna aku apa ora, rumangsaku kok tansah ana kang nggrenjel. Kowe wis crita yen tumanggapmu marang aku biyen kae mbokgawe-gawe. Nggo nglegakake atine mbahmu lan atine wong-wong kang ngarep-arep aku lan kowe tresnan-tresnanan. Saka rumangsaku malah luwih akeh kang satemene ora kokgawe-gawe. Spontan, murni. Lan kowe tansah mungkiri iku kabeh. Aku tansah krasa, satemene kowe tresna aku.’’

’’Kuwi hak sampeyan. Aku ora bisa nyampuri.’’

’’Apa kowe satemene pengin meruhi wujude tresna sejatiku?’’

’’Tresna iku ora duwe wujud.’’

’’Maksudku,tresnaku kang tanpa syarat. Kang ora nuntut. Bah kowe tresna, bah ora, bah embuh kono maneh, pokoke aku tresna....’’

’’Rasane aku wis ora duwe pepenginan. Apamaneh pepenginan kang kaya mengkono iku.’’

’’Ora duwe pepenginan? Iku nonsen! Lha, ngapa yahmene kowe tekan kene?’’

’’Iki mung kebeneran. Ora takjarag. Aku ora bisa turu. Njut aku metu. Mlaku-mlaku, nganti tekan kene.’’

’’Ah, mokal kowe ora apal, yen saben-saben malem dina klairanmu ngene iki aku ajeg teka mrene.’’

’’Apal. Malah aku wis nyang nggone Mas Tom: Uga nyang nggone Edi. Ora kepethuk sampeyan. Ning aku yakin sampeyan tekan rene.’’
’’La.. lha…. Lha….! Lha, kuwi jenenge pengin! Pengin ketemu aku. Hayo, saiki aja ngaku!’’

Meneng. Dheweke meneng. Ora wangsulan. Ora nanggapi kandhaku. Kanthi basa kang ora kinucap, ya ora. Ah! Ya ben. Dheweke ora tresna aku mbok ya ben. Lha, ning kok dadi kaya ngene, ya? Rasane tresnaku marang dheweke malah dadi saya ngrembuyung nalika dakbayangake yen dheweke babarpisan ora tresna aku. Jangkrik, jangkrik!

Wengine wis entek. Wis ganti esuk. Srengenge mlethek. Aku melek, nalika bis --sajake bis kang taktumpaki wingi-- saka Lorok mandheg. Ah! Dheweke wis ora ana ing kene, wis ora ungkep-ungkep ing pangkonku maneh. Embuh mabur nyang endi, ngetutake angin, ngetutake wangine kangen. Ya kangene dhewe. Embuh, kangen nyang sapa.

Aku isih panggah neng kene. Ning rasane kaya wis adoh banget olehku keplantrang. Adoh banget. Aduuuuooh…. banget. Keplantrang, nguber dheweke kang yen cedhak rasane adoh, ning yen adoh rasane cedhak. Kerep, senajan dheweke iku prasasat wis dadi saperangane getih dagingku, aku pangling. Apa dheweke iku ya dheweke? Yen pancen iya, dadia sapaa wae dheweke, dadia apa wae, ya dheweke iku kang dakburu rina-wengi, ing impen, lan ing kanyatan. Kaya mau kuwi, kira-kira satemene ngono aku ya mung kepethuk dheweke sajrone impen. Ah, embuh. Embuh. Embuuuuuuuhhh.....!!! Saya kecut ambune kringetku, saya wangi ambune kangenku.
Aku kudu ndang raup. []


3 September 1993

Sumber: Jaya Baya

terus....?
 

JUNTRUNGAN: | Sanggarmaya Sastra Jawa Modern | forumbudaya buruhmigran indonesia | forumpembaca majalahpeduli | Kampung Halamanku | Departemen Koperasi-UKM | Menko Kesra | Departemen Perindustrian | Departemen Perdagangan | Departemen Kehutanan | Badan POM | Departemen Kehakiman | Departemen Pariwisata | Departemen Pertanian | Jawa Tengah | Jawa Timur | Pemda Yogyakarta | Badan Pertanahan Nasional | MEDIA: Jawa Pos | Kompas | Detik | Suara Merdeka | Kedaulatan Rakyat | Solopos | Surya | Sinar Harapan | PERORANGAN: | R Giryadi | Suparto Brata | Siti Aminah | Mashuri | Budi Darma | Etik | Rie | Singkar | warungfiksi | Dana |