Thursday 14 April 2011

Lomba Ngarang Crita kanggo Siswa

Iki ana lomba ngarang crita kanggo para Siswa, dicepaki hadiah Rp 7.000.000 (pitung yhuta rupiyah). Sing nganakake lomba iki Yayasan Saworo Tino Triatmo (YASATRI).
Carane melu lomba:[1] Irah-irahan: bebas, [2] Tema: Ngudi kas kayaning budaya Jawa kanggo ngawekani laku brangasan ing madyaning para mudha. [3] Crita diketik MS Word 97-2003, ora luwih saka 5 kaca ukuran folio, spasi 1, font 11 (watara 2000 – 3000 tembung). [4] Asli asil karya pribadi para siswa durung dipacak ing media, dikanthi surat pengantar/katrangan kepala sekolah. [5] Dikirim sakdurunge 31 JULI 2011 marang pengurus YASATRI kanthi alamat email: bs2751950@yahoo.com utawa bs2751950@gmail.com. Hadiah lomba Rp 7.000.000 iku kanggo juara siji nganti teka juara harapan. [b]

1 urun rembug:

Wah..... kanggo sing rodo tuwo lombane nopo mboten wonten nggih..... kersane wonten uneg-uneg engkang saget kaserat... hehehe