Monday 22 November 2010

RAPAT DIBATALKAN

Demikianlah, setelah melesat dengan kecepatan cahaya, Petruk (dadi Anggota Dewan Perwakilan Wayang) sampailah di Alang-alang Kumitir. Itu wilayah yang sudah sangat jauh dari atmosfir. Sebuah papan segede billboard perusahaan rokok ternama berkilauan karena dicipta dari kencanamurni, bertuliskan: ’’Selamat datang di Kadewatan.’’ Jika Anda belum paham makna kata ’’kadewatan’’ itu adalah wilayah pemukiman para dewa. Petruk pun segera disambut Bathara Narada. Ialah dewa yang suka latah memulai setiap perkataannya dengan, ’’Prekencong, prekencong waru dhoyong ditegor uwong. Pak pak pong, pak pak pong rakyate omahe gedheg kok wakile omahe gedhong….’’ Tidak seperti biasanya, Bathara Narada yang biasanya tampil jenaka, kali ini methentheng seperti sedang menahan amarah.

’’Truk?’’

’’Inggih sembah kula konjuk Pukulun.’’

’’Sembah gundhulmu kuwi!’’

’’…..??’’

’’Mengapa kamu sudah ada di sini, sepagi ini?’’

’’Berdasarkan email yang sahaya terima dari Kadewatan….’’

’’Guoblog! Kowe wis ora bisa mbedakke email asli karo spam ya?’’

’’Lhadalah.’’

’’Iki langit Sapapat ya Truk! Yen Petruk ora owah saka padatan, yen durung ketempelan brekasakan, kudune ora bisa tekan kene. Piye lehmu munggah nyang langit kanthi kahanan resik tur waras-wiris mengkene iki? Lha kok bunyik tilas keslomot wae ora. Aja meneh mlocot keslomot, lha mambu awu wae ora. Gunungmu njeblug kok kowe isih byayakan turut kene ki arep ngapa, Truk?’’

’’Ha rak wonten uleman Rapat Koordinasi Proyek Memayu Hayuning Bawana….’’

’’Memayu ayune udelmu bodong kuwi ya? Rapat wis dibatalake, Truk. Urusana wargamu Pucuk Pecukilan sing padha pating bilulung golek papan pangungsen kae. Lekna matamu ben dhamang pating bilulunge para kawula. Tilingna kupingmu ben krungu jerit-tangise para kawula.’’

Petruk njegreg. Batine bingung. Bathara Narada tanggap, mula njur nambah katrangan.

’’Wektu iki Kadewatan sepi Truk. Para dewa tumurun ambyur nyang marcapada kang lagi nandhang dhuhkita. Iki aku ya meh budhal, ngenteni jemputan. Tapi pesawate isih diganti swiwine. Mula ndang balia, ya Truk! Kandhakna marang para kawula kabeh kang lagi ora kbalabak ing prahara, yen arep sowan para dewa ora sah numpak pesawat ndedel ngawiyat, kae lho para dewa padha melu repot neng pesisir lan gunung-gunung….’’

Dlang tak tung tung….. [Bonari Nabonenar]