Sunday 18 March 2012

Sastrawan Jawa: Mati Karepe, Urip Karepe

”Miturut panemuku sawijining uwong disebut pengarang utawa sastrawan iku awit dheweke ngasilake karya. Yen sawijining pengarang wis ora ngasilake karya, ateges dheweke wis mati kreatifitase. Mula perlu digolekake tamba, supaya kreatifitase urip maneh.” [Sumono Sandy Asmoro, Panjebar Semangat, Nomer 8, 25 Februari 2012]

Miturut panemuku (Bonari), uwong diarani seniman, sastrawan, pengarang … dening uwong liyane. Sakweruhku durung ana uwong protes, upamane, ”Kok aku wis ora diarani sastrawan?” Mulane, apa paedahe canthuk-lawung nganti keraya-raya nggolekake tamba gegayutan karo pati lan uripe wong liya ing donyane kasusastran? Kejaba yen kang kawogan kuwi bengok-bengok njaluk tulung, ”Iki piye aku lara nemen utawa wis sawatara suwe mati kadidene sastrawan!”

Wong urip kuwi merdika, kanthi cathetan, kamardikane diwatesi dening hak-e liyan lan maneka warna aturan tinulis apadene kang ora tinulis kang ana ing satengahe bebrayan. Ora ana kang mangeni, apa seweneh uwong arep milih profesi ”sastrawan” utawa blantik pulsa, utawa linca-linci saka profesi siji menyang profesi seje.

Leres Budi Santosa tau nulis, ”Pengarang Sastra Jawa: Pengarang Numpang Lewat” (Jawa Pos Minggu, 28 April 2002) iku wujud kayadene lapuran asil sarasehan ing Graha Pena, Jawa Pos Surabaya. Kang kabeber ing tulisan iku mung kahanan kang gumelar, ora ana karep ngina utawa ngluputake pawongan kang diarani wus mandheg ngripta.

Sawijining wektu, mung aku lali sumbere, ana saweneh sastrawan Indonesia nampa pitakon, kurang-luwihe mengkene, ”Geneya kok ndika mandheg ngripta?” lan wangsulan kanthi ukara ngemu pitakon, ”Apa ora luwih becik aku mandheg ing kene tinimbang mung nggrujugake larahan menyang donyaning kasusatran….?” Tegese, manut ”sastrawan mandheg” kuwi, kahanane malah bakal kurang prayoga lamon dheweke meksa mbabar karya kang kuwalitase sangsaya mlorot. Iku panemu kang asifat subyektif. Ya bener, nanging ora ateges kang duwe panemu kosokbalen bisa enggal diluputake. Tumrap pengarang utawa sastrawan kang duwe panemu mangkono, malah kanthi mandheg ing titi-wanci kang dirasa becik iku dheweke aweh pakurmatan marang donyaning kasusastran. Yen kanthi mandheg kuwi nyatane dheweke malah sangsaya kocap, ya sok mangkono kuwi donyaning kasusastran, kang diwadani dening Pak Budi Darma, ”Dunia sastra, dunia jungkir balik!”

Mula, miturut panemuku, wong arep leren ngarang apa arep mbacut kuwi urusane sowang-sowang. Nganggo basa sing kasar, mati karepe, urip karepe. Apa pedahe srengen yen bisane mung kandheg srengen, mung bisa alok? Apa pamarentah lan utawa bebadan liyane wis aweh subsidi, tunjangan, bayaran marang pengarang mandheg kuwi? Apamaneh sapepadhane pengarang?

Ana maneh pratelane Sumono Sandy Asmoro sing luwih lucu, klaya kang tau dipethik dening Sunarko Budiman iki:

’’Bos, aku seneng nek ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe aku ora trima. Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh. Manut petungku sasuwene iki KBJ – KSJ padha, mung kanggo mbukak kasus beberapa gelintir wong supaya ketok duwe pamor maneh, sawetara iku sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’

(Sunarko Budiman: Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18, April, Tahun 2010)

Yen ora trima tenan ya gek ndang kelah, ta? Lha, sing arep digawe kuwi mengko pasal saka ngendi, ya?

Nuwun.

Ing Sadhengah Papan Ana Preman?

Tembung ”preman” miturut Wikipedia asale saka basa Landa ”vrijman” (= wong merdika). Ana uga kang negesi, ”wong kang pengin merdika” dhek nalikane bangsa iki isih karegem dening penjajah: Walanda. Teges kang becik iku banjur owah dadi ala sairing karo trekahe wong-wong rosa, kuwat otote, tur mbokmanawa linambaran kasekten pisan, kang banjur nggunakake kekuwatan lan kasektene kanggo tindak kadurakan. Yen preman biyen kepengin dadi ”wong merdika” saka regemane bangsa (penjajah) Walanda, tembung ”merdika” tumrap preman jaman saiki sajake mengku teges bisa (bebas/merdika) nindakake apa wae kanggo kepentingane dhewe, utawa kanggo kepentingane golongane.

Premanisme kuwi bisa diarani panjilmane watak adigang adigung adiguna. Kadidene watak kang ala mbokmanawa anane ya mbarengi utawa sapantaran karo peradaban-e manungsa. Cekake, premanisme kuwi wis ana wiwit jaman ja-majuja, wiwit jamane para nabi, jamane para wali, nganti seprene, jamane para lali (akeh wong lali) iki. Kang kerep kocap upamane Brandhal Lokajaya kang ora liya ya Raden Sahid kang sawise mertobat banjur ing tembene dadi Sunan Kalijaga. Saka tanah sabrang ana crita ngenani Samson, Robin Hood, lan liya-liyane. Ing kene, sapa kang ora tepung karo crita Si Pitung, Sarip Tambak Oso, Jaka Sembung? Jeneng-jeneng kang kasebut kuwi mau, senajan ingaran preman isih ninggalake gegambaran becik, sok malah dianggep pahlawan dening bebrayan. Beda banget karo keh-kehane preman jaman saiki, kang ngamalake watak adigang-adigung-adiguna mung kanggo awake/golongane dhewe, senajan isih ana conto: Hercules, kang ing televisi sawatara wektu kepungkur ngaku yen sasuwene dadi preman durung tau gawe pepati, lan saiki malah wis adeg yayasan pendidikan, lan nulungi wong sekeng amrih bisa sekolah kanthi gratis.

Conto liyane: HM Ramdhan Effendy kang luwih karan kanthi jeneng Anton Medan, sawuse mertobat banjur dadi juru dhakwah. Ana maneh tilas preman kang dadi penyanyi, ana kang banjur dadi pengusaha sukses, lan ora sethithik kang dadi politisi. Mbokmanawa, kejaba ana kang leren mreman sawise dadi politisi, uga ana kang lagi mreman sawise dadi politisi. Merga, yen gegandhengan karo laku premanisme, ora ngemungake wong-wong ”merdika” (kawaosa: pengangguran) kang bisa nindakake. Malahan, yen bener pandumuk manawa petrus (penembak misterius) kang nuwuhake akeh pepati dhek taun 80-an kae utusane pamarentah, ya ateges pamarentah sok uga nindakake premanisme. Nibakake ukum sawenang-wenang, tanpa proses pengadilan, iku rak cengkah karo paugeran kaya kang kinandhut ing pratelan manawa negara iki negara ukum, ta? Kamangka ciri menjilane preman iku ya manggon ing olehe ora maelu ukum, apa kuwi ukum kang tinulis lan/utawa kang ora tinulis kang lumaku ing bebrayan. Utawa, yen ana ukum kang diugemi, ya kuwi ukume dhewe, utawa ukum kang mung nguntungake golongane.

Kang banget mrihatinake lan agawe miris, saiki preman kerep nuduhake tindak wengise tanpa tedheng aling-aling, ing wektu lan papan kang bisa disekseni wong akeh kaya kang kelakon ing RSPAD Jakarta dhek 23 Februari kang sagedhagan wong loro tilar donya lan wong papat liyane nandhang tatu nemen. Sakdurunge kuwi, Irzen Octa (50) ditemokake wis tilar donya ing Gedung Menara Jamsostek, Jakarta Selatan (Selasa 29 Maret 2011), kang banjur kabukten manawa patine almarhum amarga dipulasara dening jurutagih. Jurutagih iku kudune bisa dadi pakaryan kang mulya, lamon kanthi becik bisa ngelingake yen kang utang wis wayahe nyaur, lan ora nggunakake cara-cara kasar kang malah nuwuhake pepati ngono kuwi. Nanging, kosokbaline, uga ana pawarta kang ngabarake anane jurutagih kang tilar donya merga dipulasara liyan.

Ketangkepe John Key uga sangsaya nuduhake lamon donyane preman ing negara iki wis dadi prekara kang ora kena dianggep entheng.

Laku degsiya, aniaya marang sapepadha manungsa, upamaa ora dumadi ing ngarep irung, saiki tansah ngebaki pakabaran saben dina. Kajaba ditindakake dening paraga-paraga kang pantes sinebut preman kaya kang wus katur mau, pasulayan jroning kulawarga, tawuran padha siswa, mahasiswa karo mahasiswa, prasasat ora ana lerene. Ing sawenehe desa, para warga padha sambat, rumangsa keganggu katentreman batine awit saploke ana paguron (beladhiri) anyar bola-bali dumadi tawuran.

Kang luwih agawe mrinding maneh yaiku bebadan, pakumpulan, utawa organisasi resmi kang saben-saben nuduhake yen wus kepanjingan premanisme. Kaya gawe aturan dhewe lan malah marakake tumpang suh karo aturane negara. Uga, bebadan/organisasi kang nggunakake gendera etnis, kang kudune bisa agawe ayem kanthi ngungalake samubarang kang becik khas etnise kuwi, nyatane malah saben-saben ya gawe dhak-dhakan tawuran karo golongan liya. Coba, kepriye yen kaya ngono kuwi?

Kahanane dadi sangsaya nrenyuhake, saben-saben dumadi dredah pancabakah ing antarane golongan-golongan kang wus kapanjingan premanisme kuwi nganti nuwuhake pepati. Kang aran aparat keamanan sajak isih gampang diarah lenane. Upama wis samapta sadurunge palagan mangalad-alad, wusanane kaya trima nyisih amarga kalah cacah. Kerep dikandhakake, aparat keamanan, pulisi, tansah kewuhan amarga yen kang padha ”kerah” kuwi kaladuk dikerengi, kanthi nggunakake bedhil mimis wesi (dudu mimis karet utawa mimis banyu) mengko malah pulisine sing kena pidana pelanggaran hak asasi. Dene yen ora dikerengi, dadine ya ajeg ampyak awur-awur paten-pinaten ngono kuwi.

Embuh kepriyea wae ubete, kang aran rakyat kuwi butuhe aman. Apa ora kebangeten yen urip wis kecingkrangan, isih dibruki rasa ora aman? Mesthi aran kebangeten yen, mligine ing kutha-kutha, rada wengi sithik wae uwong wis ora wani mlaku dhewekan ing kampung/lingkungane dhewe. Kahanan mangkono iku rak padha karo nalika ditrapake ”jam malam” ing mangsa darurat.perang, ta?

Yen sasuwene iki kaya luwih akeh kang ndumuk bab angele golek pegaweyan kanthi bayaran kang murwat lan urip kang kecingkrangan dadi dhak-dhakan laire premanisme, uga aja dilalekake, ukum kang ora dijejegake dening aparat-e dhewe akeh sumbang-surunge marang babar-tumangkare preman/premanisme. Lha, kepriye yen para paraga kang kudune dadi agul-agule bangsa/negara kanggo ngadhepi premanisme kuwi nyatane malah wis akeh kang kepanjingan suksmane preman?

Rakyat wis kerep ditatoni batine kanthi tontonan kanyatan: maling cilik dipatrapi ukuman abot, kosokbaline maling gedhe dipatrapi ukuman entheng. Nggih, ta? Mula ayo padha dititeni, angger ukum/pengadilan isih mung kaya oplet kang disopiri wong mendem, ya ing kono bakal kelakon jaman kencana-rukmine para preman.

Saiki kari pilih endi: dadi wong merdika saka kahanan kang sarwa nyumpekake, kang kebak laku durjana, merdika saka rasa ora aman kang didhedher para preman, apa merdika kaya preman, kang urip sakepenake dhewe? Wong-wong kang ninggalake kondom pating tlecek ing Gedung DPR-RI kuwi ya vrij man, lho! Ya kuwi, wong-wong kang kepengin bebas, sakepenake (ngisor) udele dhewe-dhewe! [Bonari Nabonenar, Sekretaris Organisasi Pengarang Sastra Jawa]

Wis kapacak ing Suara Merdeka

Monday 5 March 2012

KLAMBI ABANG BOTEN DHAHAR DAGING

 FOTO: TITAH RAHAYU

Iki tau kedadeyan tenan, jaman isih enom biyen, sok melu besanan. Wong neng desa, yen bisanan wong atusan ndlidir padha mlaku ndlamak. Arane pangombyong besan, tekane mesthi tinampa kanthi gupuh, suguh, aruh, dening omahan sabrayate.

Lha, sing dadi liding crita iki, wong enom kuwi sok aneh-aneh, njarag kancane. Upamane ngene, nalika salaman karo salah sijine panampa tamu, sambi bisik-bisik, "Nuwun sewu, ingkang ngagem rasukan abrit (klambi abang) ngajeng nika boten dhahar ulam/daging, nggih?"

Tekan wayahe metu sega, bisane rawon utawa kare, diladekke langsung nyang saben tamu, ora imbal-imbalan (jalan ranting) kaya umume saiki, pas Si Klambi Abang disuguhi sega sayur tewel karo lawuh endhog ceplok. Segane diwadhahi piring isih nganggo dilemeki godhong gedhang. Mesthi wae Si Klambi Abang ya tolah-toleh, nyawangi mbaka siji kancane sapa sing kira-kira duwe pokal gawe ngono kuwi.

Mbareng acara wis bubaran, neng ndalan padha rame. Si Klambi Abang dadi ngreti sapa sing gawe dhak-dhakan. Misuh-misuh, ning sambi jegagakan. Ing batin, "Titenana mengko yen wayahe besanan nggone Si Anu."

Saturday 3 March 2012

Rada Bingung: KIWA lan TENGEN


Nganti seprene, aku ajeg leren mikir yen diabani supaya ”klik kiwa” utawa ”klik tengen” ing nalikane migunakake tikusan (=tetikus, mouse). Tumrap wong ora kedhe (kidal) kaya aku iki rak tikusan kuwi dicekel nganggo tangan tengen.

Lha, nanging ing tikusan kuwi ana papan kanggo nge-klik sisih ”kiwa” (nggon driji panuding) banjur ana gunyeran (scroll?) biasane uga dioperasekake nganggo panuding, lan papan kanggo nge-klik sisih ”tengen” (papane driji panunggul).

Mbokmanawa amarga kang banget luwih kerep kango iku papan nge-klik kang sisih kiwa, mula sajroning pikiran rak otomatis banjur kuwi sing ”ketengen” [kiwa dadi ”(ke)tengen”]. Sajake iku kang ndadekake aaku ajeg ndadak leren mikir yen diabani supaya nge-klik tengen utawa kiwa. Dospundi ndika? [bon]

Thursday 1 March 2012

AYO GAWE BUKU


Adhedhasar keputusan Rapat OPSJ (Organisasi Pengarang Sastra Jawa) ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (ing Surakarta) 25 Februari 2012, ”Penerbitan buku sastra Jawa sebisa mungkin mempertimbangkan prinsip regenerasi, di samping apresiasi terhadap mereka yang telah memiliki pergumulan lama di jagat kreasi sastra Jawa,” (Keputusan Rapat, Nomer 4) pramila sumangga sami anyengkuyung ayahan menika.

Kangge miwiti ayahan menika, para mahasiswa/i ingkang remen ngripta geguritan lan/utawi crita cekak saget ngintunaken karyanipun dhumateng “Panitia” lumantar pos-setrum: sastrajawa@yahoo.com utawi sastrajawa@gmail.com kanthi wewaton:

A. Pangripta

(1) ngantos wulan Mei 2012 taksih mahasiswa/i (diploma, S-1, S-2, S-3) lan/utawi umuripun dereng langkung saking 25 taun.

(2) WNI utawi WN pundi kemawon

(3) saget ngintunaken guritan lan/utawi crita cekak langkung saking setunggal (salajengipun badhe dipunpilih dening Panitia)

(3) Sarujuk kaliyan paugeran ingkang dipundamel dening Panitia

B. Karya

(1) wujudipun geguritan lan/utawi crita cekak

(2) saget riptan enggal utawi ingkang sampun nate kapacak ing ariwarti/kalawarti utawi babaran sanesipun kejawi buku

(3) temanipun bebas, sauger boten ngandhut samukawis bab ingkang saget dados dhak-dhakan dumadinipun dredah prekawis suku, ras, lan agami

(4) boten awujud utawi kenthel raos propaganda partai utawi ingkang sairip punika

(5) ngginakaken basa Jawa, kalebet basa Jawa Surabaya, Tegal, Banyumas, Suriname, Sala, Yogya, Bojonegoro, lan sanes-sanesipun

(6) kaserat mawi font Cambria utawi Times New Roman ukuran 14 utawi 16, spasi 1 (padhet), rata kering (kiri), lan boten prelu kinanthenan gambar utawi rerenggan sanesipun

(7) kasimpen wujud file kanthi format RTF lan kakintun mawi attachment dhumateng alamat: sastrajawa@yahoo.com utawi sastrajawa@gmail.com kinanthenan FOTO lan BIODATA pangriptanipun lan asil scan kartu Mahasiswa utawi KTP kangge mbuktekaken yen pangripta taksih dereng yuswa sanginggilipun 25 taun lan/utawi taksih mahasiswa/i

(8) Naskah dipunentosi Panitia ngantos satelat-telatipun 21 April 2012, awit kaangkah 20 Mei 2012 sampun saget wujud buku

C. Pangripta – OPSJ – Penerbit

(1) OPSJ badhe ngragati lan nggandheng penerbit anggota IKAPI kangge mbabar buku menika

(2) Pangripta badhe nampi hak-ipun wujud ”royalty” ingkang mangke badhe dipunrembag malih, kadospundi teknis-ipun. Upaminipun, menapa “royalty” saget dipun sarujuki dipunwujudaken (arupi) buku, saengga saget langsung kacaosaken, boten ngentosi pajengipun buku

(3) OPSJ lan para pangripta purun saiyeg-saekapraya ngupaya amrih buku ingkang kababar dados buku laris, kanthi ”gerakan adol buku” upaminipun, lan ngawontenaken acara sarasehan (bedhah buku) ing kampus-kampus, sanggar, saha komunitas sanesipun.

(4) OPSJ badhe yasa (mangun) kacamaya (laman) amrih sangsaya jembar tebanipun wara-wara bab buku menika mangke

(5) Sakderengipun ngintunaken karyanipun, pangripta saget miterang, bokbilih wonten bab-bab ingkang dereng kacetha ing andharan menika. Nuwun.


Malang, 1 Maret 2012

BONARI NABONENAR
sekretaris OPSJ

”Kandhang Bubrah Gagrag Anyar”

Sawijing wektu, Suparto Brata kang wis nyekseni gumelare kahanan wiwit Jaman Landa, Jaman Jepang, nganti tumapake Jaman ”Umyeg” iki, ngudarasa. Wis lali kepriye tembung mbaka tembunge, mung kira-kira mengkene, ”Negara iki bisa digambarake kayadene lagi koncatan Bathara Wisnu, dewa kang njaga rahayuning bawana. Kamangka Bathara Syiwa apadene Bathara Brahma padhadene sengkude nandangi ayahane: nyipta lan ngrusak. Gedhong kantor, omah, kreteg, dalan, lan manekawarna wewangunan digawe, nanging sajak keladuk akeh kang kaselak rusak sakdurunge tumeka ing umure.

Apamaneh yen wewangunan kuwi aran ”Rumah Sederhana” (RS) lan luwih-luwih ”Rumah Sangat Sederhana” (RSS). Akeh kang ambruk sakdurunge dipanggoni! Uga akeh kang bleger omahe katon apik, nanging drainase utawa tatanan ilen-ilene ora digarap kanthi becik. Wusanane, yen udan ora pati deres wae got utawa kalenane padha amber, banyune mblabar lan ngelebi dalane. Kamangka kang aran (dalan) aspal iku gelis banget rusake yen saben-saben dimungsuh banyu. Bola-bali ditambal, nanging uga bola-bali rusak maneh. Mula, senajan katone kerep didandani, samubarang kang rusak kuwi, kaya mung sakeplasan olehe katon becik.

Yen ana kang bola-bali ndandani, nambal, lan sapiturute, apa kuwi dudu pengawak Bathara Wisnu? Sakeplasan bisa uga katon kaya mengkono. Nanging, satemene kang nambal, kang sulam, kang dndan, kuwi kabeh ya klebu gawe: gawe tambalan, gawe sulaman. Sajroning negara iki, miturut pamawase Pak Parto mau, anane mung wong gawe karo wong ngrusak. Dalan digawe, diaspal alus. Lagi dadi wis dirusak, nganggo kendharaan nggawa momotan kliwat taker. Utawa dijoglangi kanggo mendhem kabel tilpun. Prasasat durung rampung olehe mendhem kabel tilpun, keselak didhudhah utawa dibongkar maneh jalaran ana proyek nandur pipa ledheng (saka PDAM). Mengkono sateruse. Bongkar-pasang kaya ora ana uwise.

Partai politik didegake, banjur dirusak kanthi maneka cara. Janji-janji politik digawe, lan gelis rusake amarga mung dietog kandheg ing janji wae. Angger ditagih, kaya gampang wae olehe wangsulan kanthi ukara kang wujud janji anyar. Mengkono sateruse.

Kang aran perda (peraturan daerah) malah akeh kang dadi ing kahanan ”rusak” (upamane cengkah karo UU) lan ora bisa di-sah-ake dening Mendagri, utawa enggal dijabel sawise sawatara wektu ditrapake. Perda iku uga bisa rusak lamon sawise disahake ora ditrapake kanthi becik, lan kang kaya mengkene iki padatane banjur dijuluki ”macan kertas”. Kamangka, kanggo nglairake perda siji wae dibutuhake wragat atusan yuta rupiyah. Kang gawe perda sok uga malah sangsaya seneng, awit saben gawe perda ana ongkose, ana kalodhangan ”studi banding” kang uga ateges: dhuwit.

Dhuwit! Saiki iki samubarang prekara tuk lan jog-jogane kaya ora ana liyane dhuwit. Unen-unen, ”Jer basuki mawa beya,” mesthi ora kapratelakake kanggo ngombyongi trekah nuku kalungguhan/jabatan, nuku suwara ing pemilu, kanggo nekuk ukum, lan sapanunggalane. Merga saiki kaya wis mratah bab kang mangkono kuwi, mula banjur dibutuhake beya alias dhuwit, banget luwih akeh tinimbang apa mesthine. Kabutuhan (dhuwit) kang matikel-tikel luwih akeh saka apa mesthine kuwi sengara bisane ditutup kanthi cara apa mesthine. Mula, banjur padha nempuh dalan utawa cara kang ora samesthine.

Kang diarani dalan golek dhuwit kang samesthine kuwi ya nyambutgawe, adol tenaga, adol barang, nenandur, lan sapiturute. Pokoke nyambutgawe, ngetokke kringet. Kuwi tembung gampange, senajan akeh wong nyambut gawe, kang malah luwih gedhe bayare, ora (pati) ngetokake kringet. Amarga kudu akeh lungguh ing njero ruwangan kang disentrong AC. Sing dikarepke ing kene: nempuh cara (nyambutgawe) kang miturut basa agama-ne: kalal (halal), dudu cara (nyambutgawe) kang: karam (haram). Dadi, ora angger nyambutgawe. Lha, kuwi yen urip lan kahanan lumaku kanthi apa mesthine. Gandheng urip padinan wis kebacut lumaku ora kaya mesthine, butuh prabeya tikel-tekuk luwih akehe, mula banjur mratah ”pegaweyan” kang ora kalal, wiwit saka colong-jupuk, ngrampog, ngglembuk, korupsi lan sogok-sinogok, blantik narkoba, blantik manungsa (lha iya, saiki kuwi ya mratah wong ngedol-tinukokake sapepadhane wong/manungsa, lho!) lan sapiturute.

Panandhang saka njomplange kabutuhan (dhuwit) kang bisa diranggeh karo kang kudu diwetokake (ditanjakake) kuwi ora mung prekarane wong saiki. Mula ing bebrayan Jawa ana kang diarani pesugihan. Merga kepengin gelis sugih, ora kangelan olehe keklumpuk bandha, akeh wong wani nempuh cara pesugihan senajan ditanting kudu gelem numbalake sapepadhaning manungsa, sanak kadang utawa malah anake dhewe. Ana kang ngingu thuyul, nyi blorong, ngecakake aji jaran panoleh, babi ngepet, lan sapanunggalane, nganti uga ana kang ingaran aji kandhang bubrah.

Babi ngepet, thuyul, nyi blorong, saiki kaya-kaya ngejawantah ing trekah culika ngenthit dhuwite nasabah bank, nyedhot dhuwit saka kertu ATM, nyedhot pulsa tilpun, lan sapiturute. Dene kang saiki nedheng-nedhenge dadi rembug rame ing pekabaran, obrolan warung kopi, lan cecaturan online, yaiku kang dakarani Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar, kang prebawane banget ngedab-edabi, nganti kaya-kaya ndadekake negara iki: negara kandhang bubrah!

Asline, kang ing bebrayan Jawa ingaran pesugihan kandhang bubrah iku bisa katitik saka laku: saben-saben ndandani omahe, senajan ora ana kang rusak lan prelu enggal didandani. Pokoke ana wae pawadane, apa ngganti payon, ngganti cendhela, nambah kamar, lan sapiturute. Pokoke mbubrah-lan ndandani kuwi wis dadi syarat-lakune aji pesugihan kandhang bubrah, kang ing jaman modern iki kaya-kaya ngejawantah dadi Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar.

Nitik apa kang kaandharake ing ngarep mau, kaya klebu nalar manawa Kreteg Kutai Kartanegara kang diresmekake kanthi jeneng ”Jembatan Gerbang Dayaku” iku mung umur 11 taun. Wiwit dibangun 1995, rampung 2001, lan ambruk 26 November 2012. Yen kretege kang ambruk bisa digawe maneh. Yen kelangan bandha-donya, bisa golek maneh. Nanging, nyawa kang dadi bebantene Aji Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar -- manawa mengko kabukten saperangan dhuwit kang kudune ditanjakake kanggo mangun kreteg kuwi mau dienthit kana-kene-- ora bakal bisa diijoli. Yen kepengin conto kang wus cetha, kari ngetung wae pira cacahe pangarsaning paprentahan dalah pejabat andhahane kang wus kinunjara awit saka trekahe ngorupsi ”proyek pembangunan.”

Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar kang saiki paling kemata (nyolok) yaiku kang dumadi ing Senayan, Jakarta, saka rencana mbangun gedhong anyar, ndadani ruwang rapat, kursi impor-- kang banjur diganti kursi Jepara, kakus larang, lan pananggalan (kalender) kang miturut etungane anggota dewan saka Partai Gerindra, Akbar Faisal, saben eksemplar-e rega satus ewu rupiyah luwih. Kalender kang dicetak dening saweneh penerbitan majalah abasa Jawa ing Surabaya, rega ecerane ora nganti Rp 25 ewu. Kamangka kuwi wis full-colour, ana dina lan pasaran, ngemot penanggalan Jawa lan penanggalan Masehi. Lha, apa wigatine nyithak Kalender Larang Cap Senayan kuwi, sajroning kahanan ing bebrayan akeh bocah sekolah kang ora kuwat tuku buku, malah akeh kang ora bisa sekolah merga kabotan nyangga wragate, utawa sing sekolahane ambruk katiyup barat gedhe?

Angger para agul-agul ing Senayan isih ngungalake Aji Kandhang Bubrah Gagrag Anyar-e, istingarah bakal sangsaya akeh bocah kang kengelan menyang sekolahan, ora bisa tuku buku, lan sapiturute. Bakal sangsaya tambah cacahe wong mlarat, cacahe wong bodho. Merga urip mubra-mubru lan sarwa kecukupan wis ana sing makili.*

Wis kapacak ing kaca Pamomong, Suara Merdeka