Thursday 1 March 2012

”Kandhang Bubrah Gagrag Anyar”

Sawijing wektu, Suparto Brata kang wis nyekseni gumelare kahanan wiwit Jaman Landa, Jaman Jepang, nganti tumapake Jaman ”Umyeg” iki, ngudarasa. Wis lali kepriye tembung mbaka tembunge, mung kira-kira mengkene, ”Negara iki bisa digambarake kayadene lagi koncatan Bathara Wisnu, dewa kang njaga rahayuning bawana. Kamangka Bathara Syiwa apadene Bathara Brahma padhadene sengkude nandangi ayahane: nyipta lan ngrusak. Gedhong kantor, omah, kreteg, dalan, lan manekawarna wewangunan digawe, nanging sajak keladuk akeh kang kaselak rusak sakdurunge tumeka ing umure.

Apamaneh yen wewangunan kuwi aran ”Rumah Sederhana” (RS) lan luwih-luwih ”Rumah Sangat Sederhana” (RSS). Akeh kang ambruk sakdurunge dipanggoni! Uga akeh kang bleger omahe katon apik, nanging drainase utawa tatanan ilen-ilene ora digarap kanthi becik. Wusanane, yen udan ora pati deres wae got utawa kalenane padha amber, banyune mblabar lan ngelebi dalane. Kamangka kang aran (dalan) aspal iku gelis banget rusake yen saben-saben dimungsuh banyu. Bola-bali ditambal, nanging uga bola-bali rusak maneh. Mula, senajan katone kerep didandani, samubarang kang rusak kuwi, kaya mung sakeplasan olehe katon becik.

Yen ana kang bola-bali ndandani, nambal, lan sapiturute, apa kuwi dudu pengawak Bathara Wisnu? Sakeplasan bisa uga katon kaya mengkono. Nanging, satemene kang nambal, kang sulam, kang dndan, kuwi kabeh ya klebu gawe: gawe tambalan, gawe sulaman. Sajroning negara iki, miturut pamawase Pak Parto mau, anane mung wong gawe karo wong ngrusak. Dalan digawe, diaspal alus. Lagi dadi wis dirusak, nganggo kendharaan nggawa momotan kliwat taker. Utawa dijoglangi kanggo mendhem kabel tilpun. Prasasat durung rampung olehe mendhem kabel tilpun, keselak didhudhah utawa dibongkar maneh jalaran ana proyek nandur pipa ledheng (saka PDAM). Mengkono sateruse. Bongkar-pasang kaya ora ana uwise.

Partai politik didegake, banjur dirusak kanthi maneka cara. Janji-janji politik digawe, lan gelis rusake amarga mung dietog kandheg ing janji wae. Angger ditagih, kaya gampang wae olehe wangsulan kanthi ukara kang wujud janji anyar. Mengkono sateruse.

Kang aran perda (peraturan daerah) malah akeh kang dadi ing kahanan ”rusak” (upamane cengkah karo UU) lan ora bisa di-sah-ake dening Mendagri, utawa enggal dijabel sawise sawatara wektu ditrapake. Perda iku uga bisa rusak lamon sawise disahake ora ditrapake kanthi becik, lan kang kaya mengkene iki padatane banjur dijuluki ”macan kertas”. Kamangka, kanggo nglairake perda siji wae dibutuhake wragat atusan yuta rupiyah. Kang gawe perda sok uga malah sangsaya seneng, awit saben gawe perda ana ongkose, ana kalodhangan ”studi banding” kang uga ateges: dhuwit.

Dhuwit! Saiki iki samubarang prekara tuk lan jog-jogane kaya ora ana liyane dhuwit. Unen-unen, ”Jer basuki mawa beya,” mesthi ora kapratelakake kanggo ngombyongi trekah nuku kalungguhan/jabatan, nuku suwara ing pemilu, kanggo nekuk ukum, lan sapanunggalane. Merga saiki kaya wis mratah bab kang mangkono kuwi, mula banjur dibutuhake beya alias dhuwit, banget luwih akeh tinimbang apa mesthine. Kabutuhan (dhuwit) kang matikel-tikel luwih akeh saka apa mesthine kuwi sengara bisane ditutup kanthi cara apa mesthine. Mula, banjur padha nempuh dalan utawa cara kang ora samesthine.

Kang diarani dalan golek dhuwit kang samesthine kuwi ya nyambutgawe, adol tenaga, adol barang, nenandur, lan sapiturute. Pokoke nyambutgawe, ngetokke kringet. Kuwi tembung gampange, senajan akeh wong nyambut gawe, kang malah luwih gedhe bayare, ora (pati) ngetokake kringet. Amarga kudu akeh lungguh ing njero ruwangan kang disentrong AC. Sing dikarepke ing kene: nempuh cara (nyambutgawe) kang miturut basa agama-ne: kalal (halal), dudu cara (nyambutgawe) kang: karam (haram). Dadi, ora angger nyambutgawe. Lha, kuwi yen urip lan kahanan lumaku kanthi apa mesthine. Gandheng urip padinan wis kebacut lumaku ora kaya mesthine, butuh prabeya tikel-tekuk luwih akehe, mula banjur mratah ”pegaweyan” kang ora kalal, wiwit saka colong-jupuk, ngrampog, ngglembuk, korupsi lan sogok-sinogok, blantik narkoba, blantik manungsa (lha iya, saiki kuwi ya mratah wong ngedol-tinukokake sapepadhane wong/manungsa, lho!) lan sapiturute.

Panandhang saka njomplange kabutuhan (dhuwit) kang bisa diranggeh karo kang kudu diwetokake (ditanjakake) kuwi ora mung prekarane wong saiki. Mula ing bebrayan Jawa ana kang diarani pesugihan. Merga kepengin gelis sugih, ora kangelan olehe keklumpuk bandha, akeh wong wani nempuh cara pesugihan senajan ditanting kudu gelem numbalake sapepadhaning manungsa, sanak kadang utawa malah anake dhewe. Ana kang ngingu thuyul, nyi blorong, ngecakake aji jaran panoleh, babi ngepet, lan sapanunggalane, nganti uga ana kang ingaran aji kandhang bubrah.

Babi ngepet, thuyul, nyi blorong, saiki kaya-kaya ngejawantah ing trekah culika ngenthit dhuwite nasabah bank, nyedhot dhuwit saka kertu ATM, nyedhot pulsa tilpun, lan sapiturute. Dene kang saiki nedheng-nedhenge dadi rembug rame ing pekabaran, obrolan warung kopi, lan cecaturan online, yaiku kang dakarani Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar, kang prebawane banget ngedab-edabi, nganti kaya-kaya ndadekake negara iki: negara kandhang bubrah!

Asline, kang ing bebrayan Jawa ingaran pesugihan kandhang bubrah iku bisa katitik saka laku: saben-saben ndandani omahe, senajan ora ana kang rusak lan prelu enggal didandani. Pokoke ana wae pawadane, apa ngganti payon, ngganti cendhela, nambah kamar, lan sapiturute. Pokoke mbubrah-lan ndandani kuwi wis dadi syarat-lakune aji pesugihan kandhang bubrah, kang ing jaman modern iki kaya-kaya ngejawantah dadi Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar.

Nitik apa kang kaandharake ing ngarep mau, kaya klebu nalar manawa Kreteg Kutai Kartanegara kang diresmekake kanthi jeneng ”Jembatan Gerbang Dayaku” iku mung umur 11 taun. Wiwit dibangun 1995, rampung 2001, lan ambruk 26 November 2012. Yen kretege kang ambruk bisa digawe maneh. Yen kelangan bandha-donya, bisa golek maneh. Nanging, nyawa kang dadi bebantene Aji Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar -- manawa mengko kabukten saperangan dhuwit kang kudune ditanjakake kanggo mangun kreteg kuwi mau dienthit kana-kene-- ora bakal bisa diijoli. Yen kepengin conto kang wus cetha, kari ngetung wae pira cacahe pangarsaning paprentahan dalah pejabat andhahane kang wus kinunjara awit saka trekahe ngorupsi ”proyek pembangunan.”

Pesugihan Kandhang Bubrah Gagrag Anyar kang saiki paling kemata (nyolok) yaiku kang dumadi ing Senayan, Jakarta, saka rencana mbangun gedhong anyar, ndadani ruwang rapat, kursi impor-- kang banjur diganti kursi Jepara, kakus larang, lan pananggalan (kalender) kang miturut etungane anggota dewan saka Partai Gerindra, Akbar Faisal, saben eksemplar-e rega satus ewu rupiyah luwih. Kalender kang dicetak dening saweneh penerbitan majalah abasa Jawa ing Surabaya, rega ecerane ora nganti Rp 25 ewu. Kamangka kuwi wis full-colour, ana dina lan pasaran, ngemot penanggalan Jawa lan penanggalan Masehi. Lha, apa wigatine nyithak Kalender Larang Cap Senayan kuwi, sajroning kahanan ing bebrayan akeh bocah sekolah kang ora kuwat tuku buku, malah akeh kang ora bisa sekolah merga kabotan nyangga wragate, utawa sing sekolahane ambruk katiyup barat gedhe?

Angger para agul-agul ing Senayan isih ngungalake Aji Kandhang Bubrah Gagrag Anyar-e, istingarah bakal sangsaya akeh bocah kang kengelan menyang sekolahan, ora bisa tuku buku, lan sapiturute. Bakal sangsaya tambah cacahe wong mlarat, cacahe wong bodho. Merga urip mubra-mubru lan sarwa kecukupan wis ana sing makili.*

Wis kapacak ing kaca Pamomong, Suara Merdeka

0 urun rembug: