Saturday 18 February 2012

"Tanggul Kabudayan Jawa Wis Jebol"


Nganti saiki, saben-saben ing gang-gang kang nylempit satengahe kutha gedhe kaya Surabaya, isih bisa diprangguli wong duwe gawe, kanthi adeg terob, mbunteti dalan/gang, lan nyetel kaset gamelan, utawa ludruk, utawa lagu-lagu, kanthi sound-system kang marakake suwarane jemlegur mbrebegi para tangga. Bisa dititik, iku pakulinan gawan saka desa. Nalare? Ing desa, pomahan ora padhet kaya ing kutha. Luwih-luwih dhek biyen, sadurunge wara-wara bisa dicithak/tinulis kanthi gampang, sadurunge bisa disiyarake –merga durung ana-- stasiun radio ora resmi, suwara jumlegur saka unen-unen hiburan (sadurunge mratah salon malah sound-system-e nanggo corong kang wangune memper kukusan, dipasang ing wit kang dhuwur utawa dicagaki pring) uga diangkah dadia sarana kanggo ngelingake --lan nuduhake prenahe—manawa wektu iku ana kang duwe gawe: ngundang sing padha arep buwuh utawa mbecek.


Ing, kutha gedhe, kang pomahane padhet, ora mung tepung tarirtis, nanging malah adu tembok kaya saiki, nyetel kaset kanthi suwara jumlegur ngono kuwi cetha ngganggu para tangga. Tur, yen diangkah dadi pituduh prenahe kang duwe gawe, ing layang ulem rak bisa digambar kanthi cetha. Nanging, tradhisi mengkono iku isih ana nganti saiki.

Mbokmenawa kang kaya mangkono iku kena diarani kadidene saweneh wohe ’budaya urban’. Bukti liyane manawa tradisi gawan saka desa angel ditinggalake dening bebrayan kang wus puluhan –utawa malah atusan—taun tuwuh ing kutha yaiku isih akehe pasar-pasar krempyeng, senajan secara sistemik kaendhih dening supermarket/swalayan. Papan sakupenge Mesjid Akbar Surabaya, upamane, dumadakan saben dina Akad dadi pasar krempyeng kang ngedap-edapi ramene.

Jamane wis sarwa super market
ing desamu dol tinuku panggah nyang-nyangan
golek bathi serepis kringet dleweran


Larik-larik guritane YSH iku kaya-kaya masang garis, pager, misahake kahanan kang kosokbalen antarane ing desa lan ing kutha. Kamangka, kanyatan wadhage ora kaya mangkono. Mung, yen olehe nyawang nganggo kacamata konsep budaya, pancen, mbokmanawa desa lan kutha kuwi, ing papan-papan kang diarani Jakarta, Surabaya, Bandung, lan sapiturute, wis campursari, saresmi, kawin, curiga manjing warangka, warangka manjing curiga.

Yen ngrembug prekara urbanisasi, keh-kehane pikiran banjur nyalahake wong-wong kang ndalidir saka desa-ngadesa gemrudug ngebyoki kutha, kanthi maneka-warna alasan, nanging kang paling dhisik didumuk biasane: ekonomi. Urbanisasi tinengeran kanthi undhake cacah padunung kutha saka saliyane sebab anane bayi kang lair ing kono, yaiku kanthi anane (akeh) wong kang padha neka saka karang padesan. Kejaba iku, satemene uga bisa disababake anane pemekaran wilayah (kutha). Wong-wong saka desa mili nyang kutha, kutha cilik apadene kutha gedhe. Kutha cilik uga banjur dadi kutha gedhe. Kutha gedhe sangsaya mekar. Mula banjur ana sebutan ’’kutha satelit’’. Malahan, sing maune desa kluthuk adoh lor adoh kidul bisa wae prasasat kaya disulap, dumadakan dadi kutha, yen konangan lan dikedhuk emas utawa lenga patrane.

Banjur thukul kabudayan urban. Budaya kutha kang tuwuh saka ketemune antarane ’’gawan saka desa’’ lan kahanan utawa kanyatan, adat-istiadat, tata-cara panguripan bebrayan kutha kang wis ngrembuyung sadurunge ketekan wong-wong saka desa. Mula banjur ana acara festival kang bisa dirunut saka adat padesan: metri desa, baritan, upacara panen, lan sapiturute.

Awit saka pamawas kang prasasat tansah linambaran babagan ekonomi, thukule kabudayan urban kuwi banjur kaladuk kerep ditibakake marang kang sarwa nyedhihake, upamane sangsaya akehe wong mlarat ing kutha-kutha, panguripan kang saya wengis, kadurjanan kang sangsaya mundhak, ya kerepe, ya jinise, ya bobote. Kamangka, budaya kuwi tansah thukul, ngrembaka, kanthi sendhal-sinendhal antarane kang lawas lawan kang anyar, antarane konvensi lawan inovasi kang kerep uga dipengawaki (antarane) kaum tuwa lawan kaum enom. Kanthi mengkono kabudayan lumaku kayadene layangan kang diundha nganggo tali, ora kaya layangan pedhot.

Saka lelakone Jaka Tingkir numpak gethek nut ilining bengawan kaya kacetha ing Babat Tanah Jawa lan kanyatan jaman modern ing alam Indonesia Merdika kacihna manawa kahanan gumelar kang kita prangguli dinane iki mujudake woh saka campursarine desa lan kutha, kang embuh kanthi trep apa rada mleset diarani urbanisasi kuwi. Saiki, coba ayo diwaspadakake, saka para pemimpin kang paling pucuk, para presiden, menteri, lan pejabat ndhuwuran liyane kuwi, mung pira cacahe kang ora asal saka desa?

Kanthi mangkono, senajan dikayangapaa kemrungsunge panguripan ing kutha-kutha gedhe, isih tansah ana pangarep-arep menepake rasa, entuk ngoyak nanging sareh, banter nanging ora grusa-grusu –isih ana rasa kangen marang laku urip guyup kebak rasa paseduluran kaya patrape wong desa, ora individualis kaya kang wus didadekake ciri-ne wong kutha, lan sapiturute. Mbokmanawa ya rasa kangen kang mengkono kuwi kang nyurung mayuta-yuta wong saben taun ngendhangi desa klairane: mudik, aja nganti diarani, ’’Wit kang lali marang oyote.’’

Wis telung windu tlatah iki dak tinggal
ngluru pangupa jiwa ing telenge nuswantara
Nanging atiku ora bakal bisa owal jalaran
Ari-ariku kependem ing bumi Kalitidu
Paribasane ragaku oncat tekan pucuke donya
Aku tansah wit kang ora bisa lali oyote
[Wit Kang Ora Lali Oyot]


Iku kang wujud laku wadhag. Dene laku batine, kaya kang bisa diprangguli ing meh saben guritan kang kababar ing buku iki, ing kene kaya-kaya saben wektu si ’’aku lirik’’ utawa ’’sang aku’’ tansah wira-wiri antarane desa, bumi kalairan, lan kutha papan dununge saiki. Mulane, saka Jakarta ginuritake gunung-gunung kang kurdha, nagih janji…

Gunung-gunung nagih janji marang driji kang nate nulis
proyek lestari, tangan kang nate nebang jutaan hektar alas
cangkem kang mangan wit-witan, godhong, lan kembang
[Gunung-gunung Nagih Janji, Jakarta, 2010]


Ora prelu nyemak suwe-suwe kanggo ngawruhi, ngrasakake, manawa guritan-guritane Yusuf Susilo Hartono (YSH) kebak rasa-pangrasane wong urban. Mesthi iku dudu barang aeng, merga penggurite, YSH, lair ing saweneh desa kang kepetung adoh saka kutha kabupaten kang adoh saka kutha, ibukota, Jakarta, punjering paprentahan Republik Indonesia, kang wis puluhan taun diguleti.

Nyadran

Guritan sesirah Nyadran ing buku iki ngungalake pawarta ngenani tumangkepe aku lirik marang adat lawas warisane para leluhur kang isih dileluri ing bebrayan desa kanthi sesaji lan slametan utawa kenduren ing papan-papan kramat kaya ta: kuburan, dhanyangan, mason (=belik kang banyune diaangsu). Ing larik-larik wiwitan kaya-kaya ora ana kang bakal diprekarakake.

Esem tansah ngrenggani lathi
sandhangan abang ijo biru kuning
anyar dadi kolase mranani

Ora lali sumur-sumur padha kawedhaki

papan panggonan sedhekah bumi
ora lali kuburan-kuburan kapaesan
kembang telon menyan
ora lali mbah danyang
melu kondangan


Nanging, larik sabanjure, ’’Jemah legi wanci bedhug/ ambeng nguleng ngleluri kabudayan/jarene?’’ Si ’Aku’ wiwit mitakonake. Banjur, ’’Dulur, apa prastawa mengkene iki/ jimat kang kudu dileluri?/ jimat kang kudu dimemetri/ minangka isining kabudayan mukti?’’

Iku dudu pitakon wantah, nanging satemene wujud tumanggap nulak utawa ngemohi adat utawa pakulinan run-tumurun kang satemene cengkah karo paugeran (agama) kang diugemi.
Ora mung adat warisan kang nuwuhake ’’konflik batin’’ nanging uga polah-tandange wong-wong (kutha) metropolitan. Nalika, ’’….wong-wong rebut dhucung get-jogedan,’’ si aku trima mung, ’’kepencil sangisore langit-Mu/rila urip mung ngombe tetese bun putih.’’ [Metropolitan, Jakarta, 1991]. Nitik rasa-pangrasa kang kaudhal ing larik-larik guritan sajroning buku iki, dudutane mbokmanawa ora ana liya kajaba ’’sang aku’’ milih papan ing ’’tlatah sintesa’’ antarane desa lan kutha, antarane tradisi lan modern (-isasi).

Tokyo Remeng-remeng

Guritan iku dadi guritan amarga tembung-tembung rinakit mawa rasa (gurit), ora mung waton nyuntak rasa-pangrasa. Ora mung wadhage kang wujud (tipografi) saemper guritan, nanging tumrape wong kang wus atul utawa kulina maca guritan, bakal enggal katitik, apa kang lagi diadhepi (diwaca) iku nyata-nyata guritan, apa mung ’pawarta’ kang tembung-tembunge ditata dadi larik-larik saemper guritan. Akeh ubarampen kang bisa digunakake kanggo ngrakit geguritan. Ana dhong-dhinging swara utawa guru lagu, guru wilangan, wirama, pralambang, sanepan, bebasan, lan isih huwakeh maneh.

Kang aran guru wilangan, cak-cakane ing guritan (gagrag anyar) mesthi beda karo ing guritan klasik (tembang). Mula takkira kurang trep yen ana kag kandha manawa etungan guru wilangan iku mung diprelokake nalika ngrumpaka tembang. Senajan ora ana aturan kang gumathok ngenani guru wilangan iku, penggurit kang ngrakit geguritan sinambi jroning batin ngentha-entha kepriye yen guritan iku diwaca/diwacakake ing kono mesthine kanthi otomatis petung mngenani guru wilangan iku tumanja.

Mung, cak-cakane (sajroning ngripta guritan) mesthi ora kaya jurumasak kang lagi matrapake sawernane bahan kelaebu bumbon. Tumrape penggurit, kabeh ubarampen kuwi mau mesthi wis manuksma, manjing, anyarira, sajiwa, sadurunge rinipta kang ponang gurit.

Ora mung semangate, guritan-guritan kang kababar ing buku iki uga kebak warna saka donyaning budaya klasik, sastra (Jawa) klasik, saka babagan othak-athik mathuk – ’’Gedhang susu,.ilang gedhange kari susune’’ [Gedhang Susu]-- parikan, wangsalan, pasemon, lan sapiturute, klebu macak unen-unen lawas kanthi tatanan anyar, saka: ’’sapa salah kudu seleh,’’ dadi : ’’wong salah ora gelem seleh.’’ [Kidung Pangeling-eling].

Ana maneh parikan kang disuguhake kanthi nyuplik larik pisanan, ’’Klemben-klemben roti-roti,’’ kanthi ora macak larik sabanjure: ’’biyen biyen, saiki saiki,’’ mesthine kanthi panganggep manawa kang padha maca wis padha ngreti bacute ukara parikan kuwi. Malah kurang prayoga yen di-blak-ake sawutuhe. Eloke guritan sesirah Tokyo Remeng-remeng iki, mung kanthi nyuplik larik-larik kapisane parikan kang wus dadi apalane bebrayan (Jawa), penggurit ora mung kasil nyendhal para maca marang parikan-parikan sawutuhe, nanging uga marang crita, sejarah kang nandhes banget ora mung ing batine wong Jawa, nanging uga ing batine wong (bangsa) Indonesia.

Mbengok, Takon, Ndudut

Cekak-cukupe, gumuruh ombaking rasa kang kaprebawan saka campuhe ’’kang tradisi’’ karo ’’kang modern (-isasi)’’ kawistara banget ing meh saben guritan ing buku iki. Lan ing underan gumuruhing rasa iku ’’sang aku’’ kaya-kaya wis ora bisa ngempet pembengok: ’’Tanggul kabudayan Jawa wis jebol ambrol luwih gedhe tsunami,’’ [BOJO(NE)NEGORO]. Lan, sadurunge mratelakake dudutane, Indonesia-sia-sia, ’’sang aku’’ nelakake pitakon: Bangsa Apa Iki? –Mbokmanawa para maos kagungan wangsulane? Sumangga. [Bonari Nabonenar]


Cathetan:
1) Buku Guritan Ombak Wengi nampa Hadiah Rancage 2012

2) Yen ngresakaken bukunipun, kulaaturi sesambetan kaliyan Kangmas @Yusuf Susilo Hartono. Nuwun.

1 urun rembug:

jenengan gadah buku niki?
yen gadah tulung hubungi kula ing @litalintar
suwun