Sunday, 18 March 2012

Sastrawan Jawa: Mati Karepe, Urip Karepe

”Miturut panemuku sawijining uwong disebut pengarang utawa sastrawan iku awit dheweke ngasilake karya. Yen sawijining pengarang wis ora ngasilake karya, ateges dheweke wis mati kreatifitase. Mula perlu digolekake tamba, supaya kreatifitase urip maneh.” [Sumono Sandy Asmoro, Panjebar Semangat, Nomer 8, 25 Februari 2012]

Miturut panemuku (Bonari), uwong diarani seniman, sastrawan, pengarang … dening uwong liyane. Sakweruhku durung ana uwong protes, upamane, ”Kok aku wis ora diarani sastrawan?” Mulane, apa paedahe canthuk-lawung nganti keraya-raya nggolekake tamba gegayutan karo pati lan uripe wong liya ing donyane kasusastran? Kejaba yen kang kawogan kuwi bengok-bengok njaluk tulung, ”Iki piye aku lara nemen utawa wis sawatara suwe mati kadidene sastrawan!”

Wong urip kuwi merdika, kanthi cathetan, kamardikane diwatesi dening hak-e liyan lan maneka warna aturan tinulis apadene kang ora tinulis kang ana ing satengahe bebrayan. Ora ana kang mangeni, apa seweneh uwong arep milih profesi ”sastrawan” utawa blantik pulsa, utawa linca-linci saka profesi siji menyang profesi seje.

Leres Budi Santosa tau nulis, ”Pengarang Sastra Jawa: Pengarang Numpang Lewat” (Jawa Pos Minggu, 28 April 2002) iku wujud kayadene lapuran asil sarasehan ing Graha Pena, Jawa Pos Surabaya. Kang kabeber ing tulisan iku mung kahanan kang gumelar, ora ana karep ngina utawa ngluputake pawongan kang diarani wus mandheg ngripta.

Sawijining wektu, mung aku lali sumbere, ana saweneh sastrawan Indonesia nampa pitakon, kurang-luwihe mengkene, ”Geneya kok ndika mandheg ngripta?” lan wangsulan kanthi ukara ngemu pitakon, ”Apa ora luwih becik aku mandheg ing kene tinimbang mung nggrujugake larahan menyang donyaning kasusatran….?” Tegese, manut ”sastrawan mandheg” kuwi, kahanane malah bakal kurang prayoga lamon dheweke meksa mbabar karya kang kuwalitase sangsaya mlorot. Iku panemu kang asifat subyektif. Ya bener, nanging ora ateges kang duwe panemu kosokbalen bisa enggal diluputake. Tumrap pengarang utawa sastrawan kang duwe panemu mangkono, malah kanthi mandheg ing titi-wanci kang dirasa becik iku dheweke aweh pakurmatan marang donyaning kasusastran. Yen kanthi mandheg kuwi nyatane dheweke malah sangsaya kocap, ya sok mangkono kuwi donyaning kasusastran, kang diwadani dening Pak Budi Darma, ”Dunia sastra, dunia jungkir balik!”

Mula, miturut panemuku, wong arep leren ngarang apa arep mbacut kuwi urusane sowang-sowang. Nganggo basa sing kasar, mati karepe, urip karepe. Apa pedahe srengen yen bisane mung kandheg srengen, mung bisa alok? Apa pamarentah lan utawa bebadan liyane wis aweh subsidi, tunjangan, bayaran marang pengarang mandheg kuwi? Apamaneh sapepadhane pengarang?

Ana maneh pratelane Sumono Sandy Asmoro sing luwih lucu, klaya kang tau dipethik dening Sunarko Budiman iki:

’’Bos, aku seneng nek ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe aku ora trima. Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh. Manut petungku sasuwene iki KBJ – KSJ padha, mung kanggo mbukak kasus beberapa gelintir wong supaya ketok duwe pamor maneh, sawetara iku sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’

(Sunarko Budiman: Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18, April, Tahun 2010)

Yen ora trima tenan ya gek ndang kelah, ta? Lha, sing arep digawe kuwi mengko pasal saka ngendi, ya?

Nuwun.
piye?:

3 urun rembug:

Salam Dari Pacitan http://www.facebook.com/groups/suarapacitan/

Dados sastrawan menika mbetahaken kasiapan lan kemampuan kang mateng supdos langgeng anggenipun dados sastrawan sejati. Pramila saking menika, taksih katah piyantun ingkang namung coba-coba dados sastrawan kang akhire mbuh jluntrunge. Ning kula sanget bombong wonten sastrawan kados kang bonari niki. saktemene wiwit angsal buku babat pacitan kang panjenengan ripta, kula sadar, bilih taksih katah piyantun kang peduli lan angleluri budhaya jawi, Kados Panjenengan Menika...