Sunday 18 March 2012

Ing Sadhengah Papan Ana Preman?

Tembung ”preman” miturut Wikipedia asale saka basa Landa ”vrijman” (= wong merdika). Ana uga kang negesi, ”wong kang pengin merdika” dhek nalikane bangsa iki isih karegem dening penjajah: Walanda. Teges kang becik iku banjur owah dadi ala sairing karo trekahe wong-wong rosa, kuwat otote, tur mbokmanawa linambaran kasekten pisan, kang banjur nggunakake kekuwatan lan kasektene kanggo tindak kadurakan. Yen preman biyen kepengin dadi ”wong merdika” saka regemane bangsa (penjajah) Walanda, tembung ”merdika” tumrap preman jaman saiki sajake mengku teges bisa (bebas/merdika) nindakake apa wae kanggo kepentingane dhewe, utawa kanggo kepentingane golongane.

Premanisme kuwi bisa diarani panjilmane watak adigang adigung adiguna. Kadidene watak kang ala mbokmanawa anane ya mbarengi utawa sapantaran karo peradaban-e manungsa. Cekake, premanisme kuwi wis ana wiwit jaman ja-majuja, wiwit jamane para nabi, jamane para wali, nganti seprene, jamane para lali (akeh wong lali) iki. Kang kerep kocap upamane Brandhal Lokajaya kang ora liya ya Raden Sahid kang sawise mertobat banjur ing tembene dadi Sunan Kalijaga. Saka tanah sabrang ana crita ngenani Samson, Robin Hood, lan liya-liyane. Ing kene, sapa kang ora tepung karo crita Si Pitung, Sarip Tambak Oso, Jaka Sembung? Jeneng-jeneng kang kasebut kuwi mau, senajan ingaran preman isih ninggalake gegambaran becik, sok malah dianggep pahlawan dening bebrayan. Beda banget karo keh-kehane preman jaman saiki, kang ngamalake watak adigang-adigung-adiguna mung kanggo awake/golongane dhewe, senajan isih ana conto: Hercules, kang ing televisi sawatara wektu kepungkur ngaku yen sasuwene dadi preman durung tau gawe pepati, lan saiki malah wis adeg yayasan pendidikan, lan nulungi wong sekeng amrih bisa sekolah kanthi gratis.

Conto liyane: HM Ramdhan Effendy kang luwih karan kanthi jeneng Anton Medan, sawuse mertobat banjur dadi juru dhakwah. Ana maneh tilas preman kang dadi penyanyi, ana kang banjur dadi pengusaha sukses, lan ora sethithik kang dadi politisi. Mbokmanawa, kejaba ana kang leren mreman sawise dadi politisi, uga ana kang lagi mreman sawise dadi politisi. Merga, yen gegandhengan karo laku premanisme, ora ngemungake wong-wong ”merdika” (kawaosa: pengangguran) kang bisa nindakake. Malahan, yen bener pandumuk manawa petrus (penembak misterius) kang nuwuhake akeh pepati dhek taun 80-an kae utusane pamarentah, ya ateges pamarentah sok uga nindakake premanisme. Nibakake ukum sawenang-wenang, tanpa proses pengadilan, iku rak cengkah karo paugeran kaya kang kinandhut ing pratelan manawa negara iki negara ukum, ta? Kamangka ciri menjilane preman iku ya manggon ing olehe ora maelu ukum, apa kuwi ukum kang tinulis lan/utawa kang ora tinulis kang lumaku ing bebrayan. Utawa, yen ana ukum kang diugemi, ya kuwi ukume dhewe, utawa ukum kang mung nguntungake golongane.

Kang banget mrihatinake lan agawe miris, saiki preman kerep nuduhake tindak wengise tanpa tedheng aling-aling, ing wektu lan papan kang bisa disekseni wong akeh kaya kang kelakon ing RSPAD Jakarta dhek 23 Februari kang sagedhagan wong loro tilar donya lan wong papat liyane nandhang tatu nemen. Sakdurunge kuwi, Irzen Octa (50) ditemokake wis tilar donya ing Gedung Menara Jamsostek, Jakarta Selatan (Selasa 29 Maret 2011), kang banjur kabukten manawa patine almarhum amarga dipulasara dening jurutagih. Jurutagih iku kudune bisa dadi pakaryan kang mulya, lamon kanthi becik bisa ngelingake yen kang utang wis wayahe nyaur, lan ora nggunakake cara-cara kasar kang malah nuwuhake pepati ngono kuwi. Nanging, kosokbaline, uga ana pawarta kang ngabarake anane jurutagih kang tilar donya merga dipulasara liyan.

Ketangkepe John Key uga sangsaya nuduhake lamon donyane preman ing negara iki wis dadi prekara kang ora kena dianggep entheng.

Laku degsiya, aniaya marang sapepadha manungsa, upamaa ora dumadi ing ngarep irung, saiki tansah ngebaki pakabaran saben dina. Kajaba ditindakake dening paraga-paraga kang pantes sinebut preman kaya kang wus katur mau, pasulayan jroning kulawarga, tawuran padha siswa, mahasiswa karo mahasiswa, prasasat ora ana lerene. Ing sawenehe desa, para warga padha sambat, rumangsa keganggu katentreman batine awit saploke ana paguron (beladhiri) anyar bola-bali dumadi tawuran.

Kang luwih agawe mrinding maneh yaiku bebadan, pakumpulan, utawa organisasi resmi kang saben-saben nuduhake yen wus kepanjingan premanisme. Kaya gawe aturan dhewe lan malah marakake tumpang suh karo aturane negara. Uga, bebadan/organisasi kang nggunakake gendera etnis, kang kudune bisa agawe ayem kanthi ngungalake samubarang kang becik khas etnise kuwi, nyatane malah saben-saben ya gawe dhak-dhakan tawuran karo golongan liya. Coba, kepriye yen kaya ngono kuwi?

Kahanane dadi sangsaya nrenyuhake, saben-saben dumadi dredah pancabakah ing antarane golongan-golongan kang wus kapanjingan premanisme kuwi nganti nuwuhake pepati. Kang aran aparat keamanan sajak isih gampang diarah lenane. Upama wis samapta sadurunge palagan mangalad-alad, wusanane kaya trima nyisih amarga kalah cacah. Kerep dikandhakake, aparat keamanan, pulisi, tansah kewuhan amarga yen kang padha ”kerah” kuwi kaladuk dikerengi, kanthi nggunakake bedhil mimis wesi (dudu mimis karet utawa mimis banyu) mengko malah pulisine sing kena pidana pelanggaran hak asasi. Dene yen ora dikerengi, dadine ya ajeg ampyak awur-awur paten-pinaten ngono kuwi.

Embuh kepriyea wae ubete, kang aran rakyat kuwi butuhe aman. Apa ora kebangeten yen urip wis kecingkrangan, isih dibruki rasa ora aman? Mesthi aran kebangeten yen, mligine ing kutha-kutha, rada wengi sithik wae uwong wis ora wani mlaku dhewekan ing kampung/lingkungane dhewe. Kahanan mangkono iku rak padha karo nalika ditrapake ”jam malam” ing mangsa darurat.perang, ta?

Yen sasuwene iki kaya luwih akeh kang ndumuk bab angele golek pegaweyan kanthi bayaran kang murwat lan urip kang kecingkrangan dadi dhak-dhakan laire premanisme, uga aja dilalekake, ukum kang ora dijejegake dening aparat-e dhewe akeh sumbang-surunge marang babar-tumangkare preman/premanisme. Lha, kepriye yen para paraga kang kudune dadi agul-agule bangsa/negara kanggo ngadhepi premanisme kuwi nyatane malah wis akeh kang kepanjingan suksmane preman?

Rakyat wis kerep ditatoni batine kanthi tontonan kanyatan: maling cilik dipatrapi ukuman abot, kosokbaline maling gedhe dipatrapi ukuman entheng. Nggih, ta? Mula ayo padha dititeni, angger ukum/pengadilan isih mung kaya oplet kang disopiri wong mendem, ya ing kono bakal kelakon jaman kencana-rukmine para preman.

Saiki kari pilih endi: dadi wong merdika saka kahanan kang sarwa nyumpekake, kang kebak laku durjana, merdika saka rasa ora aman kang didhedher para preman, apa merdika kaya preman, kang urip sakepenake dhewe? Wong-wong kang ninggalake kondom pating tlecek ing Gedung DPR-RI kuwi ya vrij man, lho! Ya kuwi, wong-wong kang kepengin bebas, sakepenake (ngisor) udele dhewe-dhewe! [Bonari Nabonenar, Sekretaris Organisasi Pengarang Sastra Jawa]

Wis kapacak ing Suara Merdeka

0 urun rembug: