Sunday 30 December 2007

Wong Wadon Bojone Dewa

WADON kuwi mesem. Embuh sepira gedhene rasa seneng kang lagi ngrujug batine. Seneng saka jinis kang bisa kanthi gampang ngundang alok, “Semprul!” saka sok sapaa kang bisa ngonangi sawutuhe. Eseme wadon iku jan nuakal banget. Ponsel1 kang mau dililing-liling sambi mesam-mesem dirogoh maneh saka sak klambine merga muni thulalit-thulalit.

’’Alo?’’

’’Hm. Maya? Jeneng aslimu sapa ta?’’

’’Maya. Mayawati Sekaringtyas.’’

’’Wah. Apik banget jenengmu. Cocok karo ayumu kang marakake aku angel turu, ning, sedina sewengi ngimpi terus!’’

’’Ah! Ngimpi apa?’’

’’Ngimpi sesandhingan karo kowe, ing sawijining omah kang ing njerone mung ana aku karo kowe. Eh, ora. Ya ana kucing, ana manuk, ana cecak kang ngrungokake rembugane awake dhewe, kang tansah nguwasi apa saparipolahe awake dhewe. Omah kuwi mapan ing ereng-erenge gunung ijo kang hawane tansah seger, kang dadi papan pangayomane sawernane kewan, ya kang ambles bumi, kang laku dharat, lan maneka iber-iberan.’’

’’Dudu gunung gundhul…’’

’’Kang mung disaba manuk gundhul….’’

’’Ih, sampeyan nuakal banget!’’

’’Hm. Pancen, pawitanku ya mung nakalku iki kok. Kang kok kangeni rak ya nakalku ta?’’

’’Mas, apa Titok iku jeneng asli sampeyan ta? Titok sapa bacute?’’

’’Iya. Merga wong tuwaku biyen jare mung pengin duwe anak sitok thok, mula aku dijenengake Titok. Genepe: Titok Siberaniantok.’’

’’Hm. Jenenge sampeyan ya apik. Aneh, kaya wonge.’’

’’Yeh, rung kepethuk kok wis bisa ngarani aneh.’’

’’Lah, disawang gambare wae wis cetha, kok.’’

’’Mula ra kepengin kepethuk. Cukup nyawangi gambar wae!’’

’’Ora ngono! Suk Setu ta? Sida ta? Kabari aku yen sida, ngko ketemu neng endi, ya?’’

’’Inggih, Jeng!’’

’’Yeee…’’

’’Chpmsh…’’

’’Mmmmuach……’’

Sanalika praupane Maya, ya Mayawati Sekaringtyas, dadi sumringah mbrengangang. Batine sajak lagi kebegan rasa seneng kang marakake wadon kang pantes sinebut prawan tuwa kuwi rumangsa kaya iber ing awang-awang, kaya wadon among tapa kang tinampa pandongane, kinabulake panjaluke, malih dadi widodari aslendhang sutra, nganglang bawana angulati satriya bagus kang lagi mobal asmarane. Merga dheweke, widodari anyaran iku, mbokmanawa wis waleh langen asmara karo para dewa kang wis padha kelangan romantisme, kaya politikus kang kuwalat dadi robot, dadi kebo, dadi jaran, merga tansah geger rebutan kursi kencana.

Pipine Maya isih semburat abang tomat, kaya pipine Dewi Kunthi duk nalika bubar diambung Bathara Surya. Merga karoban sengsem, kaya Dewi Anjani kang lagi sengsem dolanan Cupu Manik Astagina. Bejane Maya, dheweke ora prelu kaya Dewi Anjani kang rebutan cupu karo sedulure, mancing dukane ramane ya Sang Resi Gotama, wekasan cupu manik kang bisa digawe nggegem bumi, bisa kanggo nyawang poncote jagad ngendi wae kang dikarepake, bisa kanggo ngundang dewa apadene dewi kuwi dibuwang adoh, tiba dadi tlaga, Dewi Anjani, lan sedulure, Sugriwa lan Subali, rebut dhisik ambyur ing kono saka isih padha adrenge pengin nguwasani cupu kuwi, wekasan padha gagar gegayuhane malah padha mentas salin rupa, amit-amit jabangbayi, padha dadi munyuk.

Saiki barang pusaka utawa jimat saemper Cupu Manik Astagina ngono kuwi wis dadi barang pabrikan, prasasat angger irung duwe, wong regane ya ora patia larang. Mula, Mayawati Sekaringtyas ora prelu rebutan cupu saka jinis kang kondhang kanthi sebutan ponsel kuwi karo sedulur-sedulure, wong kabeh padha duwe dhewe-dhewe. Uga rama lan ibune. Mula, uga ora kudu banjur semaput nyawang awake malih dadi bleger munyuk merga rebutan cupu, ora kudu tapa mataun-taun dadi tugu kanggo mulihake wujud sakawite kadidene manungsa, malah dheweke bisa salin rupa sadhengah wektu, sakepengine: sok ya malih dadi kucing gandhik neng kursi, dadi pitik, dadi cecak, dadi coro, dadi jaran, dadi wedhus, dadi asu, kang sakeplasan bisa bali dadi manungsa kanthi jeneng asline: Mayawati Sekaringtyas, utawa gawe jeneng kanglon: Banowati, Srikandhi, Ayu Utami2, Bawuk, Prawan Kencur, Kenya Ayu, Wedokanmu, Dewi Suseksi, Prawan Kasep, Widodari, Putri Kangen, Badgirl, lan liya-liyane. Mula, sejatine jeneng asline kuwi mung dadi penting kanggo urusan administrasi, bukak rekening, gawe katepe, lan sapiturute. Ing jagad kang mung kari sagegem iki dheweke bisa wae adu arep sapejagong karo wong papat utawa lima kang padhadene sambang doh: Panggul – Denpasar - Sidney - New Zealand - Singgapura - Yokohama, kanthi jeneng kanglon luwih saka siji.

Jan, pancen sekti tenan wong wadon Mayawati Sekaringtyas kuwi. Mbokmanawa banget luwih sekti tinimbang Randha Girah, Nini Pelet, utawa Mak Lampir. Paling banter Mak Lampir bisa mabur turut alas, turut kampung. Mangka Mayawati wis mabur tekan pojok jagad ngendi wae. Wingenane dawa budhal mabur menyang Nederland, wingi teka malah crita yen wis tekan Los Angeles. Lan, yen ora ana aral suk emben dheweke ya arep mabur menyang Mexico, kemit bayi, merga kancane nalika SMP biyen, Jathil Kusumaningati kang dirabi wong Mexico rong taun kepungkur, mentas nglairake.

Prekara mabur mrana-mrene nyang pojok jagad ngendi wae kuwi isih durung sepiraa. Sapa wae angger duwe sangu cukup ya bisa nglakoni. Lah, terus olehe dhuwit kuwi lho, saka ngendi? Mangka, ajamaneh kok pangkat, pegaweyan maton wae ora duwe kok. Gawene ya mung nglencer. Tur ya katone ora tau nyekel dhuwit akeh. Lho, ngono kok ya tekan ngendi-endi? Apa duwe aji thong-thong blanthong, mula banjur bisa mlebu kapal mabur senajan ora nggawa tiket? Terus, rak ya mesakake banget ta, saupama sopir taksi kang ngeterake saka Surabaya tekan Panggul3 kuwi tibake mung digendam?

Ana maneh gosip sumebar ngebaki kampung manawa sejatine ngono Mayawati iku dirabi jin sugih. Mula yen mung butuh dhuwit utawa mas-masan lan barang-barang larang liyane ngono wae ya kaya sulapan, sakedhepan wae bisa keturutan. Embuh ngayawara embuh tenan. Lha, kok rama ibune munggah kaji nganggo ONH Plus? Yen pancen duwe mantu jin harak ya aluwung numpaki mantune wae ta?

’’Lah, iku rak mung merga wegah diarani prawan tuwa!’’ cluluke Narko nalika wong-wong kang nekani arisane Sanggar Triwida4 padha ngrasani Mayawati.

’’Lho, dadi prawan tuwa kuwi, saiki dudu bab kang ngisin-isini lho Kang!” panrambule Siti, “malah prestasi kuwi!’’

’’Ya nek wis dilombakke kuwi prestasi!’’ Narko ngeyel.

Dredah antarane Siti karo Narko ora sida kedawan-dawan jalaran Jarot kang kawit mau aring karo notebook-e dumadakan mbengok, ’’Ikiiiii….. aku ketemu Maya!’’

“Ah, tenan pa piye, Rot?” pitakone Harwi sambi nyedhaki Jarot.

Kabeh padha semranthal nyedhaki Jarot. Saking semangate, Bagus malah nyampar gelas kang isih kebak teh anget.

Neng layar monitor notebook-e Jarot ana wong ayu mesam-mesem. Ya kuwi Mayawati Sekaringtyas. Saupama notebook-e Jarot mung tembre-tembre kang ora bisa nangkep gambare Mayawati –senajan wis ngglanik ngalor-ngidul-- mesthi wae Jarot ora bakal ngreti manawa lagi sapejagong karo Mayawati kang nalika isih SMA ngekos ing omah cedhak omahe kuwi, merga Mayawati nganggo jeneng kanglon Widodari.

’’Mbak Maya, eh iki mau ana kang ngrasani sampeyan lho!’’

’’Ngrasani apa Mas Jarot?’’

’’Ora ngrasani piye-piye, ning malah padha dhebat, merga Kang Narko ora precaya yen bojone sampeyan kuwi bangsa Jin.’’

’’Bener kuwi.’’

’’Bener piye?’’

’’Bojoku dudu jin.’’

’’Lha….’’

’’Dewa.’’

’’Oooo…’’

Jarot kaya bakul rujak kelarisan. Dirubung tepung gelang. Banjur jare Narko, ’’Wis, Rot, yen wani tulisen, takona, apa bener jenenge bojone Mayawati kuwi Rengkak? Maksude, Dewa Rengkak?’’
Wong-wong isih terus umyeg rasan-rasan. Ngrasani wong wadon bojone dewa. Mayawati Sekaringtyas? Wo, dudu. Mayawati iku prawan tuwa. Kang bojone Dewa iku Widodari. []

Ketintang, Desember 2003


versi indonesianya ada di CINTA MERAH JAMBU (Alfina, Surabaya 2006)

1 Tilpun selular utawa hand-phone, biasa dicekak HP.
2 Pengarang novel abasa Indonesia Saman lan Larung.
3 sawijining desa/kecamatan ing Pesisir Kidul, kebawah Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur.
4 Papan nyawijine para pengarang sastra Jawa, mligine kang dedunung ing Kabupaten Trenggalek, Tulungagung, lan Blitar.

6 urun rembug:

aku seneng sama crita2 basa jawa
kalok bisa diperbanyak ya mas
jadi aku bisa mblajar basa jawa lagi, gapapa ga pake kromo, aku malah seneng, hehehhe

wah iki penulise mesti yo doyan chatting, iyo tho kang??

"wah iki penulise mesti yo doyan chatting, iyo tho kang??"

sok doyan, sok mblenger:)

"aku seneng sama crita2 basa jawa
kalok bisa diperbanyak ya mas
jadi aku bisa mblajar basa jawa lagi, gapapa ga pake kromo, aku malah seneng, hehehhe"

basa jawa sing udu crita ya akeh ta, neng "sastra jawa" kuwi

Wah, mari maca crita cekak iki,kok ya rasane aku kepingin nulis. Senajan ora isa apik kaya tulisane mbak Rini T. Budiarti (aku maca cerkak'e mbak Rini nalika isih nang ndesa biyen. Ora weruh, apa saiki isih nulis cerkak basa Jawa?).
Untung nemu blog'e kang Bonari iki. Isa dadi tamba kangen. Suwun....

This comment has been removed by the author.