Sunday, 30 December 2007

Salah Kaprah Panganggep ngenani Pengiriman Tenaga Kerja menyang Luwar Negri

aku lunga nyambung nyawa
awit kebangeten negaraku Indonesia
awit produksine negara
mung ngekspor manungsa
kanggo tumbale negara

Iku pada pungkasane guritan kanthi irah-irahan Wis Daktinggal kang karipta dening Suripan Sadi Hutomo ing Bogor, 20 Agustus 1998, lan banjur kapacak ing majalah Panjebar Semangat (kang dikliping kadang Slamet Sri Purnanto, eman dene ora dikatutake bukti tanggal lan nomer pirane). Iku pratelan kabudayan kang dakkira wantah nyuwarakake uneg-unege pra TKI kang makarya ing luwar negri, ing endi wae, kang makarya ing sektor formal (perusahaan, industri) apadene kang makarya ing sektor informal utawa sektor domestik, kang uga kerep sinebut pramuwisma.

Saiba becike lamon para narapraja, luwih-luwih kang cekel jabatan kang melu urun gawe abang-ijone program-program pamarentah gegayutan karo nasibe para TKI, bisa maca guritan kuwi sawutuhe. Mesthine banjur bisa mawasdhiri, mitakonake maneh, lan sokur-sokur banjur ngonangi manawa satemene akeh program kang cengkah karo semangat kamardikan, amanat penderitaan rakyat, karo unen-unen: wajibe negara ngayomi rakyate.

Ing buku Catatan Harian Seorang Pramuwisma karyane Rini Widyawati kang kababar JP-BOOKS (Surabaya, 2005) mantan TKI Hong Kong kang saiki nerusake nyantrik ing padhepokane sastrawati kaloka Ratna Indraswari Ibrahim (ing Malang, Jawa Timur) iku kandha, yen ta ing Indonesia bisa entuk pakaryan kanthi bayaran 400 ewu wae saben wulane, dheweke pilih nyambutgawe ing Indonesia lan ora kudu nganti keplayu tekan Hong Kong. Pancen, UMK (Upah Minimum Kota/Kabupaten) saiki racake wis luwih saka Rp 500 ewu. Nanging, pira cacahe pengangguran kang bisa ditampung dening lapangan kerja kang sumadiya ing Indonesia? Ajamaneh kang mung lulusan SMP utawa SMA, kang duwe ijasah sarjana wae mumbruk sangsaya matumpuk-tumpuk.

Ing majalah iki biyen aku tau nglapurake lelakone kadang Welas Subagyo asal Tulungagung kang karo bojone urip ing Singapura, malah wis diakoni kadidene padunung maton (penduduk tetap) lan entuk jatah apartemen saka negara. Olehe makarya uga ing sektor formal, ing Dinas Pariwisata-ne Singapura. Ewadene, Mas Welas ngaku, angger nonton Upacara 17 Agustus liwat televisi, wong sakloron (karo bojone) ajeg banjur tetangisan. Kandhane, padha nangis keranta-ranta bareng ngelingi manawa Indonesia Raya kuwi satemene ora mung lagu kebangsaan-e. ’’Indonesia kuwi negara gedhe, negara sugih, adoh banget sungsate yen dibandhingake karo Singapura. Nanging, yagene kok aku lan bojoku nganti keplantrang tekan kene, ninggalake anak lan wongtuwa ing Indonesia?’’ mangkono pitakone Welas Subagyo.

Tegese, yen gelem blaka, senajan katone seneng, pacakane ngetren, majikane ora kejem, lan bayarane ngalah-ngalahake pejabat (golongan ngisoran) ing Indonesia, para TKI kuwi satemene nyimpen tangis. Luwih-luwih kang nasibe nyata-nyata sangsara, nemu majikan kang kejem, dibayar sangisore standar kang wis diatur dening undang-undang, lan diulihake menyang Indonesia (diinterminit) sadurunge entek mangsa kontrake, sadurunge bisa nglunasi utange menyang PJTKI (Pengerah Jasa Tenaga Kerja Indonesia).

Hong Kong, kang kerep disebut-sebut kadidene negara kang paling becik tumangkepe marang para tenaga kerja asing (klebu marang para pramuwisma asal Indonesia) pancen duwe undang-undang kang sipate ngayomi. Mung wae, miturut cathetane Asosiasi Tenaga Kerja Indonesia (ATKI) Hong Kong, isih akeh pramuwisma asal Indonesia kang dening majikane dibayar sangisore standar, lan uga ora sethithik kang nemu majikan kang kejem. Miturut cathetane Depnakertrans kang dipethik Jawa Pos (28/8/07), sajroning wektu setahun iki TKI kang mati ana 36 (Malaysia), 18 (Arab Saudi), 12 (Singapura), 9 (Taiwan) 7 (Jordania), 5 (Hong Kong), 3 (Kuwait), lan 1 (Jepang).

Nitik kanyatan kaya mengkono kuwi, becike para pejabat ora enggal ayem lamon kepethuk TKI ing luwar negri kang kandha manawa wis krasan kaya kang dilapurake kadang Eko Mulyanto ing kaca 34 lan 35 (Jaya Baya No. 01, Minggu I, September 2007). Sesawangan kang kosokbalen karo kang gumelar ing Victoria Park, Star Ferry, Peak Trem, apadene ing warnet-warnet, bisa ditemokake ing selter-selter. Ing kono akeh TKI kang lagi nampa nasib ala, dikejemi majikane: dikamplengi nganti bengep praupane, malah uga ana kang disetlika barang.

Kanthi mengkono, negara (Indonesia) kudune mawas lamon kawicaksanan ngirimake TKI menyang luwar negri kuwi mung sipat darurat. Becike ana gegayuhan, ing sawijining wektu mengko, taun pira ngono, Indonesia iki wus mandheg olehe ngirimake TKI.

Semangat kang tansah makantar-kantar kanggo ngirim saakeh-akehe TKI menyang luwar negri (ambok diembel-embeli tembung-tembung: manut prosedur legal, kang luwih terdidik, lan sapiturute) panggah wae cengkah karo semangat kamardikan. Iku mung keplok karo semangat inlander. Lha, mulane, jenenge lembagane wae PJTKI, bisa diolor dadi: Pengerah Jasa Tenaga Kerja Indonesia, bisa uga dadi: Perusahaan Tenaga Kerja Indonesia. Pengerah, iku mengku teges pihak kang (tugase) ngerigake, dadi semangate ya semangat ngglontor saakeh-akehe TKI menyang luwar negri. Apamaneh yen diarani Perusahaan, cetha wela-wela lamon iku lembaga kang digawe kanggo ngeruk bebathen saakeh-akehe.

Eloke, ing bab ngirim TKI menyang luwar negri kuwi Depnakertrans banjur mrecaya lembaga kang aran PJTKI, kang padha nampa bathi saka olehe nglatih lan menehi utangan para calon TKI. Kasare tembung, ing tatacara iku satemene mono dumadi dol-tinuku utawa bebakulan manungsa.

Mula, para TKI kang kanthi polatan sumringah ngaku urip kepenak lan krasan ing mancanegara iku satemene ora pati beda karo kakek-ninek biyen (dhek sadurunge Indonesia merdika) kang ngaku urip kepenak melu Landa utawa Jepang. Ajamaneh rakyat biyasa, biyen kuwi ya akeh pejabat kang duwe panemu kaya ngono. Saiki ya ngono, sajake akeh pajabat kang nganggep manawa bisa ngirim saakeh-akehe TKI menyang luwar negri lan nampa remiten trilyunan rupiah kuwi sawijining prestasi kang ngedap-edapi. [Bonari Nabonenar, Pemimpin Redaksi Majalah Peduli kang dibabar kanggo para TKI-HK]

Sumber: JB
piye?:

0 urun rembug: