Saturday 29 December 2007

PANORAMA WENGI GEMBRING

gumlethak wewayangan garing
ing poncot kamar daktunggu ublik
sumilir angin saka njaba ngabarake udan
liwat cendhela dakungak rembulan
klumut
mung tintrim
ing wengi gembring
atiku lan atimu wus tata semandhing
dadi siji dadi gumlethak dadi
wewayangan garing


ratriratri, 1993
ja, 1 nov 93

0 urun rembug: