Saturday 29 December 2007

PANGGUL (2)

aja njingkat kaya prawan kencur
yen dakambung lambemu panggul
aja mitambuh
aku kebelet kangen
ayo bareng nggulung wengi iki
ben aku bisa kateg langen ing segaramu
ayo bareng nombokake wengi iki
kanggo mapag esuk:
wayahe ngedum impen oleholehan


24 juli 1988

0 urun rembug: