Saturday 29 December 2007

NGENTENI

ngenteni mekare angin ing esuk tanpa sumringah
eseme srengenge temangsang angenangen garing
saka dayane dhuhkitaku saya methit ing dhuhkitamu
ngenteni pepadhang tumetes saka prenahe gegayauhan
kesandhung wajibe ngaurip kongang liyerliyer
ingelus atis saya samar wewangunan
ngenteni mekare kembang jayamulya
ing ndhuwur watu gilang
ing walike esuk
ana arum mangambar saka pangimpen
samar
lamatlamat keprungu pambengokmu
ing endi sliramu ngenteni
ing ndhuwur watu gilang tumlawung pangrasaku
nganti embuh
nganti alum kembang pisungsungku


8 mei 1991

0 urun rembug: