Saturday 29 December 2007

NOMNOMAN NYABRANG RIL

ing poncot kutha sepi kumlebat
sajak kesusu nomnoman lakune kebat
ana jangkrik ngerik
rembulan ngilo ing beninge langit
ana kreta dawa nggendring ngumbar swara
nomnoman nyabrang rel
ing poncot kutha
ana jangrik ngerik
ana tangis kerantaranta


1992

0 urun rembug: