Sunday 30 December 2007

NUMPAK ANGKUTAN ING HONG KONG



Yen Santai Numpak Teng Teng
Yen Kesusu Numpak MTR




DHEK taun 2005 nalika sepisanan penulis entuk kalodhangan menyang Hong Kong, sawise sedina sawengi ngalor-ngidol dipandhu dening kadang (TKI kang nembe libur) dina-dina candhake penulis wis wani cal-cul dhewe, kanthi numpak sepur ndlusup (sepur kang nembus bumi lan kala-kala malah liwat ing sangisore banyu segara) kang disebut MTR (Mass Transportation Railway=angkutan massal kang liwat ril). Mangka, neng Jakarta wae isih durung wani clurat-clurut kaya ngono kuwi. Geneya?

YEN panjenengan lagi sepisan neng Hong Kong, aja lali nggawa kartu namane tuan rumah, kanca, penginepan utawa hotel kang ana tulisane kanthi huruf China kang nuduhake alamate. Jalaran, senajan panjenengan bisa basa Inggris, keh-kehane wong Hong Kong iku sajake ora bisa basa Inggris. Upama bisaa logate ya beda banget karo basa Inggris kang diwulangake neng sekolahan. Lha, mula saka kuwi, yen ana bingunge sawayah-wayah, cukup nuduhake kartu nama kuwi menyang sopir taksi, dijamin bakal diterake menyang alamat liwat dalan kang paling cedhak. Jare kanca-kanca kang wus tetaunan urip neng Hong Kong, selawase ora nate ngalami diubeng-ubengake sopir taksi kang mung murih argone molor.

Kang gawe eram maneh, Hong Kong kuwi senajan papane legok-geneng, lan akeh segarane, sistem transportasine jan tumata banget. Ing dharat ana bis tumpuk, minibus, taksi, lan teng teng. Kang diarani teng teng iku satemene mirip bis tumpuk, mung yen teng teng liwat ril lan nganggo tenaga listrik kayadene trem. Ril kang diliwati teng-teng iku dadi siji karo ratan kang diliwati kendaraan liyane. Kang gawe eram maneh, senajan ing jaman maju kaya ngene, kendaraan teng teng kang uga diperang dadi rong ruwangan (ngisor ndhuwur) iku isih migunakake bahan saka kayu kanggo ram-raman kaca lan payone. Kajaba iku isih ana MTR (yen kudu dijawakake ya: sepur ndlusup), lan sepur njedhul (ora kakehan liwat njero lemah utawa ngisor segara) kang diarani KCR.

Ing segara ana angkutan umum kang diarani prau. Numpak prahu krasa luwih nyenengake, jalaran kajaba rikat fasilitase uga mewah, kursi babut lan hawa kang diadhemake nganggo mesin (AC), tur bisa nikmati endahe sesawangan: gedhung-gedhung njara langit lan gunung-gunung ijo royo-royo.
Fasilitas angkutan umum jan murakabi tenan, saengga yen panjenengan ngadeg setengah jam ngono wae ing pinggir ratan kang paling rame, paling-paling mung nemokake siji-loro sepedha motor kang liwat. Ngono wae paling-paling kang numpaki polisi kang lagi patroli. Kendaraan pribadhi cacahe ya ora akeh, mbokmanawa malah sethithik banget yen dibandhingake karo wilangane penduduk. Kejaba sarana angkutan umum wis nyukupi, jare rerasanane wong-wong kang kober jagongan karo penulis, duwe kendaraan pribadi kuwi malah repot olehe markir (biaya parkir ya larang) lan pajege ya gedhe. Mula aja gumun yen neng Hong Kong ketemu sawenehing direktur numpak kendaraan umum.

Padha-padha kendaraan dharat, sawise taksi, sepur ndlusup iku klebu paling larang, jalaran rikat, lan kudu melu nanggung retribusi kanggo ngrumat infrastruktur kang ya mesthi larang kuwi. Sistem pembayarane ya kepetung adil tenan. Upamane numpak saka stasiun siji menyang stasiun candhake kang lete padha-padha sepuluh kilometere kang liwat njero lemah biasa mbayare luwih murah tinimbang kang liwat ngisore segara.
Sepur ndlusup iku ora tau leren simpangan. Dadi, upamane kang nuju ngalor iku dalane mligi, kosokbaline kang nuju ngidul dalane ya mligi. Lete wektu budhal antarane sepur ngarep karo mburine sok mung prasasat ora nganti samenit. Racak-racake rong menit utawa telung menit. Dadi kabeh sarwa rikat. Lawange mbukak lan nutup kanthi otomatis. Mula aja pisan-pisan nganyur neng stasiun, kejaba mepet tembok kang ora kedalanan. Yen nganyur bisa diparani satpam, dikongkon minggir utawa dikandhani yen ora oleh mandheg. Ajamaneh mandheg, ing mangsa rame, esuk utawa sore, yen mlaku alon wae isa kesrempat-srempet, jalaran wus dadi tradisine, penumpang utawa calon penumpang sepur ndlusup iku wong-wong kang padha pengin cepet.

Rada santai sithik ya numpak bis. Lan kang luwih santai maneh numpak teng teng. Teng-teng iku lakune pancen paling alon ing antarane kendaraan dharat. Carane mbayar? Bisa tuku tiket sekali jalan, lan tumrap kang ora bisa rembugan basa Kantones kaya penulis iki, kang paling gampang ya nganggo kartu langganan, jenenge patadong, utawa octopas. Wangune saemper kertu ATM. Carane nggunakake ya gampang, ing saben mlebu stasiun mesthi ana lawangan kang dipasangi papan kanggo nutulake patadong. Enake, senajan disimpen neng njero dhompet, cukup dhompete kang ditemplekake wis kewaca dening mesin kanthi aweh tandha uni mak ’thut’, lan lawang bakal mbukak kanthi otomatis. Mengko yen arep metu saka stasiun patadong kudu ditutulake meneh, lan ing kono bakal kewaca, sik duwe saldo pira, utawa malah minus. Yen wis minus, kudu ndang diisi ulang. Bisa ing konter stasiun, uga bisa ing toko-toko pitu sewelas (seven elleven). Patadong iku bisa kanggo numpak bis, numpak MTR, KCR, teng teng, lan numpak prahu. O, isih ana maneh gunane, waton isih ana saldone, bisa kanggo ‘blanja’ ing toko 7elleven.

Nalika lagi sedina sawengi neng Hong Kong, aku wis wani ucul dhewe. Penulis pengin weruh kantore ATKI (Asosiasi Tenaga Kerja Indonesia) ing Jordan. Saka Causeway Bay numpak MTR ngliwati stasiun Wan Chai, Tsim Tsa Choi, Admiralty. Mudhun neng Admiralty nanging ora metu saka stasiun, mung saperlu oper MTR kang nyimpang menyang Jordan. Ora usah dipandhu, waton bisa maca ing njero sepur ndlusup kuwi wis ana tandhane, wis tekan ngendi, tandhane yen arep mandheg ing stasiun ngendi, klebu katrangan ngenani lawang sisih kiwa apa sisih tengen kang mengko mbukak. Uga ana tandhane yen sepur bakal mandheg ing stasiun kang para penumpang bisa mudhun saperlu oper menyang sepur kang seje jalur. Senajan ora bisa nyawang njaba, neng njero sepur ndlusup tansah bisa ngaweruhi lagi tekan ngendi.

Ing ratan biasa yen arep numpak bis ya ngono. Mandhega neng setopan ngendi wae, ing kono bakal tinemu papan kang ana tulisan huruf Latin (basa Inggris) kang nuduhake bis nomor pira wae kang mandheg neng kono, lan bis-bis iku bakal ngliwati laladan ngendi wae. Jan gampang banget pokoke. Mung, nalika ana kang takon, ’’Piye, seneng ora, yen ing Pulo Jawa sistem transportasine nggenah keya neng Hong Kong kene?’’ wangsulanku, ’’Kang cetha, ora seneng yen urip saka ngreditake motor!’’ [Bonari Nabonenar]

Sumber: JB

0 urun rembug: