Sunday 30 December 2007

ANGIN (1)

mendahnea kepenake dadi angin
sumilir ngelus pucuk corong pabrik
ngoratarit rambute prawan kencur
mendahnea kepenake dadi angin
sindhungriwut ngontalake sapa sing gampang kepencut
mendahnea kepenake dadi angin
thethenguk ing selaselane napas saka dhadha melarmingkus
mendahnea kepenake dadi angin
nyebar ganda arume kembang kang nedheng mekar
ngabarake pawarta becik marang sapa wae

yen aku dadi angin
aku ora butuh ambegan


26 februari 1990

0 urun rembug: