Saturday 29 December 2007

LAMON-LAMON

lamon aku dadi godhong kumleyang
tiba ing kali buthek
najan pasrah aku isih ngangen-angen
lamon aku dadi angin
ngelus aluse wengi tintrim
nggiring rembulan tatu
mesthine luwih beja dadi sorot
lintang-lintang kumrelip
madhangi angen-angen
kalimput ampakampak lelimengan

lamon esuk ora tansah bali
teka kaya wingiwingi
njereng tatu
lan angin nyebulake perih
nyang ati
saiba tintrim
saiba sepi

embuh lamon
aku lan sliramu wis ora bisa ngalamun


14 september 1995
spm, 151095

0 urun rembug: