KEJABA giyat ing sawernane pakumpulan, kang arupa LSM apadene organisasi-organisasi/paguyuban seni, akeh TKI-HK kang uga nerusake pasinaone kang dhek nalika ing negarane dhewe kandheg amarga kurang wragat utawa krana sebab liyane. Lembaga pendidikan, saka kang arupa kursus: basa Inggris, komputer, lan manekawarna ketrampilan, ana uga kang wujud kuliyah nganti tekan tataran diploma 3 kaya dibukak dening saweneh perguruan tinggi Jakarta, lan LP3I (Lembaga Pendidikan dan Pengembangan Profesi Indonesia.
Astutik asal desa Ngepring, Kec. Dongko, Trenggalek, ngaku semangate sinau sangsaya makantar-kantar bareng dijanjeni mengko yen wis entuk ijasah D3 bisa dadi TKI ing Amerika kanthi bayaran luwih gedhe tinimbang ing HK. Eli Ismawati, asal Desa Kauman, Ponorogo, malah ngleboni rong werna kursus, yakuwi kursus basa Inggris lan kursus komputer. Hartanti, kang asal desa Badegan, Ponorogo, cita-citane malah kepengin dadi programer komputer. ’’Tapi saiki jik mandheg, Mas. Merga kalah karo adhik-adhik. Dhuwite kanggo nerusake sekolahe adhik-adhik neng Indo wae dhisik. Muga-muga mengko aku bisa nerusake kursus,’’ mangkono pratelane Hartanti.
Biyuh, dadi programer? Aja gumun dhisik, ta! Yen mung dadi operator wae, para TKI HK kuwi ora usah kursus wae wis padha bisa. Biasane, wiwitane mlebu warnet saperlu chatting, diajari kanca sapepadhane TKI, lha saka kono saya dina ora mung bisa chatting, nanging uga banjur bisa nulis nganggo program Microsoft Word, bisa ngoperasekake Photoshop kanggo ngedit foto, lan sapiturute. Ewon cacahe TKI HK kang malah duwe blog utawa situs-web dhewe. Ninik Lestari, asal Desa Kupuk, Kecamatan Bungkal, Ponorogo, upamane, ora tau gothang bukak e-mail-e saben dina. Kajaba iki dheweke uga tansah ngreti kabar apa-apa saka tlatah Ponorogo sakupenge kang bisa dideleng kanthi mbukak internet.
Kanyatan iku luwih saka kang sajake dibayangake Prof Dr Setya Yuwana Sudikan nalika ing Festival Sastra Buruh 2007 (Blitar, 30 April – 1 Mei) kandha, ’’Aku salut karo para TKI HK kang saiki padha sengkut nulis, gawe buku, lan kang luwih penting maneh pranyata ora gagap teknologi. Kahanan iki kosokbalen karo para mahasiswa ing kene, aja maneh seneng nulis, dikongkon maca wae keset. Internet ya akeh kang ora mudheng, padha ora duwe e-mail. Lha, ajamaneh mahasiswane. Dhosene wae ya akeh kang ora wanuh karo kang jenenge internet kuwi, kok!’’ kurang luwihe mangkono lamon dijarwakake.
Kajaba kursus komputer lan basa Inggris, tibake uga ana kang melu kursus ketrampilan rias penganten. Malah, ana uga TKI-HK kang nyewa apartemen saperlu kanggo papan bukak kursus rias penganten yen dina Minggu utawa dina libur liyane. Lha, kanggo nambah pengasilan maneh, apartemen kang disewa iku uga banjur disewakake kayadene omah kos, kanggo menehi papan para TKI kang lagi nunggu pakaryan anyar ing majikan anyar. Wartawan Liberty jare uga ana kang tau nginep kene. Kang nulis laporan iki (Bonari, Red) uga nyewa kamar ing kene, HKD 100/sedina (wiwit tanggal 11 – 21 Juni 2007). TKI-HK kang klebu kreatif iki, Mbak Yayuk, asal saka Kabupaten Malang.
Kursus komputer neng HK biasane diecer saben program. Upamane pengin blajar ngetik nganggo program Microsoft Word, racak-racake cukup dinyangi ping 7 – 10. Lha, saben saenyangan mbayare kurang-luwihe HKD 100 utawa udakara Rp 100.000. Yen nganti ping 10 nyangan lagi bisa, ateges ngentekake wektu udakara rong wulan setengah, jalaran para TKI-HK kuwi bisane mlebu kursus utawa kuliyah mung yen dina Minggu utawa dina libur. []
Sumber: JB
0 urun rembug:
Post a Comment