Saturday 29 December 2007

LANGIT (2)

daktembangake gurit iki sambi mencok
ing sorote lintang wengi padhang
wulan randhat nyidhat padhete wewayangan

daktembangake gurit iki sambi njembarake kalangan
mula iki pancen tembang lan dudu tangise wong
kelangan rembulan tatu dicaplok buta edan

ing tintrime wengi
aku mung saderma manuk
ngenam susuh saka putihe langit


1992

0 urun rembug: