Saturday 29 December 2007

MBILUNG

apa bisa aku dadi bratasena
ambyur telenge samodra
ngupadi gurit perwitasari
sejatining gurit
njur mentas
nglaras sejatining urip

gurit alit manjing gurit agung
kaya uwit ing alas gung liwangliwung
kaya banyu ing samodra
aku ambyur
telenge samodra
niru bratasena
njur mentas: klumut kebes

:satemene ngono aku iki amung mbilung
kecemplung kali


4 desember 1988

0 urun rembug: