Saturday 29 December 2007

KANGEN (1)

mung kangen
kang bakal methukake siaku
lan siramu

ing ndhuwur pasuketan sumilir angin
nglilirake siaku saka wuru
ngeloni sitresna tresnane siaku
kang wus gilig
atos
garing
kepanggang kangen
kangene siaku marang siramu
kang godhong godhonge padha gogrog kumleyang
kabuncang sepi
sepine siaku kang pinusus saka kangen
kang bakal methukake siaku
lan siramu

29 november 1990

0 urun rembug: