Saturday 29 December 2007

SADERMA PENGGURIT

aku mung saderma penggurit
mlayokake larane ati karerujit
sambi nguber wektu kang terus mlesat pindha thathit
sambi ngetog sakeh dayaning wiradat
aku mung saderma penggurit
kalamangsa keladuk ngugung ati wuyung
nganti lena
nganti kentir ing bantering ukara
ukaraku dhewe
aku mung saderma penggurit
kalamangsa keladuk sengsem nyawang langit
lali awan kakehan ayahan
lali wengi tawa impen titiyoni
aku mung saderma penggurit
ora kedawan panjangka
ora kedawan panggantha
luwung aku bisa nembang ura-ura
nalika batin kudu nangis
luwung aku bisa nembang pangkur
julajuli surabaya
nalika batin kudu njerit
aku mung saderma penggurit
yen keladuk ukaraku
aja gething aja sengit


panggul, september 1994
spm, 20 nov 94

0 urun rembug: