Saturday 29 December 2007

ANA TATU ING MELENGKU

coba sawangen tatu ing melengkuiki
yayi
aja ngupadi tangis kepipit rasa miris
jalaran mung ana sepi ing kene
rembulan nasak mega lakune lonlonan wae
aja pangling
yayi
sapa kae kentir ing angin sumilir
mecaki panandhang ngilani kacintrakan
wengi dadi rerungkudan grumbul wingit
papane singidan
begejil bekasakan
grimis rumiwis
teles
tatu gegodhongan
tembang
dudu
gurit
dudu
aja pangling
yayi
coba sawangen tatu ing melengku iki


1992

0 urun rembug: