Sunday 30 December 2007

CANGKRIMAN PARIKENA

(1)

dudu dewa dudu ratu
satriya dudu wayang
wong!
dudu bocah bajang
dudu wong sukerta
teka nawu segara
nggulung langit
nguntal rembulan
gunung
pabrik
bank
lan real estat
sapa iku
yen dudu buta?


(2)

sengkuni dudu drona dudu
dadi janaka janaka palsu
ngaku kresna ngawu-awu
sapa iku
yen dudu aku?


1999

0 urun rembug: