Saturday 29 December 2007

SUKERTA

lan bocah bajang kuwi dijenengake sukerta
lair kinarung ing kalibaya

palagan saya rame
sukerta saya ora kawruhan kabar kabure

ana tangis layung layung
tangise bapa tangise biyung
banget kedhuwung

dewi kunthi mbrebes mili
luhe kaliasih
anglarung sedhih

ing kurusetra karna kari kuwandhane
mung sukerta
saya ora kawruhan kabar kabure


1992

0 urun rembug: