Sunday 30 December 2007

CANDHIWURUNG

satemene aku pengin ijen wae lunga
menyang adoh napak tilase sepisepi
sing saya adoh ninggalake kajatene
jalaran sepi sepi sing daktata bolabali
ambruk sadurunge aku mutusake
ngupadi sepi sepi seje sing gampang
daktata dadi candhi papan sujarahku
rina wengi dakgambari daktulisi
nganggo aksara sandi satemene aku
iki pengin gawe prasasti ing asepi
sepiku dhewe sing daktata sepisan
dadi candhi kanggo ngandhakake yen
aku nate teka ana salumahe impen
titiyoni ing poncote wengi tintrim
satemene aku ngerti saka adrengku
sepisepiku bolabali ambruk lan aku
jugar ora nate bisa semedi maneges
karsaning widhi wong wong rame
alok kenthong lesung alu blendrong
watuwatu dibalangake wong aku saya
sambate sambatku kepengin nglaras
sepisepiku dhewe mangkat menyang
adoh napak tilase sepisepi menyang
adoh nglaras sejatine sepisepi ing
poncoting wengi tintrim wengi sing
saya wengi saya tintrim saya sepi
saya sumilir angin sing sawenehing
godhonge dakpethik daktulisi sari
sarining aksara sandi satemene aku
ora nate ana awit iki mung wantah
candhi wurung sing ing kene candhi
candhi liyane mepetaku anelikung


1992
JB

0 urun rembug: