Saturday 29 December 2007

TENGAH WENGI

ana begawan
kentir ing bengawan
banyune kimplah-kimplah
tanggule bedhah
ana begawan
ora duwe lara ora duwe susah
hoalah
hoalah
sang begawan ora duwe omah
lunga lan baline
ilang lan ketemune
manjing dadi sawiji
--banyu bening aja dicemplungi


panggul, juli 1993jb-52, 29 agust 1993

0 urun rembug: