Sunday 30 December 2007

ANGIN (2)

aku iki salembar angin
sing kesuwek saka langit gembring
rontangranting
tiba ing ketiga kuru nggagangaking

pengin aku ngelus suket garing
lan nyebar kembange ing pinggir pekarangan
sadurunge moratmarit dening lesus sindhungriwut

aku iki salembar angin
sing keluntalunta ing bumi pangumbaran
nibatangi ing dhadha melarmingkus
ketlikung iga nggambange raga kuru kabuncang lesus
sing pinusus saka langit gembring
rontangranting

aku iki salembar angin
sing kesuwek saka langit gembring
rontangranting
tiba ngelus raga kuru nggagangaking
aku iki
salembar
angin


nov 90

0 urun rembug: