Saturday 29 December 2007

ING IJONE GODHONG

ing ijone godhong, o, ing ijone godhong
semburat esemmu kaya semburate srengenge mencungul
mingslep kaya semburate eseme prawan kencur
kang dumadakan ketiban lara kangen

ing ijone godhong, o, ing ijone godhong
suwe, ya, suwe
luwih saka esuk tumekane sore
dakwaspadakake pasuryanmu dhuh meninge
dhuh meninge
dhuh!
ora kuwat aku mandeng mening kang luwih saka kuwe
ing ijone godhong, ya, ing ijone godhong

suwe, ya, suwe
luwih saka esuk tumekane sore
dakrangkul uwit kuwe sambi maspadakake
ijone godhong saya suwe saya ijo
saya godhong
saya ijo
saya godhong


5 april 1989

0 urun rembug: