Rembulan isih wutuh neng Panggul, sawenehe kutha kecamatan watara 50-an kilometer sakidul-kulone Trenggalek. Rasaku kaya wong urban kang dumadakan keseret menyang kenangan mangsa cilikan. Lakuku kaya kapuk kesampar barat mangsa pitu. Aku, ujug-ujug, wis neng kene meneh. Neng Panggul, tlatah kang kerep disubya-subya para penyair, luwih-luwih dening penyair kang lagi nandhang kangen sawise suwe kontal saka bumi kelairane iki. Embuh, ngapa kok ujug-ujug aku wis neng kene. Nasip? Ah, crita ora bisa dadi dawa yen durung-durung dipunggel nganggo tembung iku.
Rembulan isih wutuh neng Panggul, senajan ombak Samodra Kidul ora waleh-waleh ngrangsang, jumlegur, tansah kebak semangat. Isih wutuh, senajan wengi kari sesigar. Isih sumringah, nalika wong-wong wis padha pasrah kebandhang impene dhewe-dhewe.
Sore mau aku teka kene, numpang bis jurusan Lorok. Ya. Wiwit sore mau, aku isih panggah neng kene. Neng sandhing pasar ngematake sepi. Ngematake tintrim, tintrime Panggul ing tengahe wengi. Sore mau aku durung mbayangake yen bakal nemokake swasana kaya ngene, kayadene olehku dhek wingi ya durung ngira yen mau sore aku bakal tekan kene. Yen aku wegah diarani kentir, sapa ta wonge kang satemene ora kentir? Wiwit sore mau aku adhep-adhepan karo prekara pilihan. Aku duwe kanca akeh neng kene. Kabeh mesthi ora kabotan yen mung taknunuti sewengi rong wengi wae. Apamaneh wis padha suwene ora kepethuk. Mesthine malah seneng, isa dha kangen-kangenan.
Mas Tom, dheweke padha karo aku, seneng ngrungokake siaran wayang kulit ing radio. Mempeng dijak melekan, sambi crita ngalor-ngidul, bab apa wae, luwih-luwih ngenani ruwet-rentenge wong urip. Yen ora kepalangan perlu liya, ngobrol karo Mas Tom angel pedhote. Mas Tom omahe gedhe. Tur ya cedhak. Prasasat mung rong jangkah saka terminal sandhing pasar iki. Ning, ora. Aku ora sida niyat nginep nggone Mas Tom. Jangkrik! Prekaraku mung sepele. Aku wedi yen Mas Tom takon ngene: ’’Kapan rabi?!’’
Pilihan liyane, nggone Wandi. Neng Bodag, sandhing SMA. Saka terminal kene arahe ngalor. Rada adoh. Yen mbecak ya sewuan rupiyah. Yen sore mau pilihanku tiba mrana, aku bisa nunut colt, mung rong atus rupiyah. Dheweke ya klebu kanca sinarawedi. Nyambutgawene neng SMA Bodag kono. Manggone ing perumahan guru. Dadi, isa bebas. Upamaa ora kepethuk Wandi-ne aku mesthi bisa ditampa kanca-kancane kang prasasat kabeh wis taktepungi kanthi becik. Mung wediku, yen Wandi nyritakake alemane sir-sirane, nyritakake rencana-rencanane mbangun urip karo Markilah kang ayune ora ndlomok kuwi. Byuh!
Ah, tibake upama nyang nggone Edi, nyang nggone Andri, nyang nggone Eko, kang takwedeni kok padha wae: prekara rabi, lan penggaweyan. “Wis rabi apa durung? Kapan? Nyambutgawe neng endi saiki?” Iku pitakon-pitakon kang paling takwedeni. Semprul tenan ane!
Nganti aku trima dadi bancaKane nyamuk, neng kene. Neng terminal, sandhing Pasar Panggul. Ning, angen-angenku keplantrang nganti adoh banget, nganti aku ora kober ngurusi nyamuk. Tegese, nganti lali yen awakku lagi nglempruk persis gombal amoh. Lagi eling, persis nalika ana wong liwat kluntrung-kluntrung neng sandhingku. Lanang, edan.
’’Mas, rokoke, Mas!’’ Alhamdulillah. Dheweke ngakoni, yen aku iki waras. Takdudutake rekok saeler. Terus diakep digawa kluntrung-kluntrung ninggalake aku. Embuh, neng endi olehe arep nyumet rokoke kuwi. Kedadeyan iki kaya tan kena ora, nguncalake angen-angenku menyang papan kang aduuuooohh banget. Nganti sawatara suwene aku katrem ing angen-angen aeng, angel diterangake. Nganti weruh-weruh ing sisihku wis ana kang lungguh. Wadon, tur isih enom.Takwaspadakake. Dheweke nglamun. Mesthi angen-angene kentir embuh menyang endi, kaya kang lagi wae takalami. Prasasate, ana asu keraha ing sandhinge, dheweke ya ora bakal ngreken. Aja dikandhakake kebacut asyik olehe nglamun, ning kandhakna: keladuk adoh olehe kabandhang angen-angene dhewe.
Edan? O, aku yakin dheweke waras. Malah, banget luwih-waras tinimbang racak-racake wongwong kang ngaku lan diakoni waras ing lingkungane. Ah! Kok aku saya ketarik dening dheweke. Utawa, satemene malah dheweke kang luwih dhisik ketarik marang aku.
Aku yakin yen aku tau kenal dheweke. Ah, ora mung trima kenal Dheweke kaya-kaya wis nyawiji karo ayang-ayangku, ngetutake menyang endi wae paranku. Embuh, aku kang nggawa dheweke, apa dheweke kang ngetutake aku. Dheweke kaya ayang-ayang tenan, caket, cedhak, ning adoooh….. banget.
Embuh, iki mau piye lan sapa kang miwiti. Kok, ujug-ujug aku wis gayeng ijol-ijolan crita karo dheweke. Malah, ora mung ijol-ijolan crita. Luwih akeh. Luwih akeh taker-bobote saka mung ijol-ijolan crita.
’’Aku nresnani dheweke.’’ Edian, tanpa rasa sedhih dheweke ngucap mengkono. Tanpa rasa sedhih, tanpa geter.
’’Saiki?’’ Ngono pitakonku. Eh, embuh, iku pitakon, apa protes.
’’Ya biyen, ya saiki: Ya mbesuk. Selawase. Tresna sejati mapan ing sanjabane wektu. Sanjabane wektu lan panggonan.’’
’’Ah, muga-muga kowe ora kentir ing romantisme kang bisa nggrogoti jiwa-ragamu.’’
’’Aku ora preduli. Digrogotana, dijejuwinga, aku panggah tresna.’’
’’Nanging dheweke wis rabi kayo wong liya.’’
’’Pancen biyen aku nate mrayogakake mengkono. Senajan iku ora mrenthul saka telenge ati weningku. Aku wedi yen ora bisa ngladeni dheweke kanthi becik. Aku iki wanita kang wis ora wutuh. Aku cacat. Diarani wadon mung blegerku. Nanging penguritanku wis dijupuk merga kudu dioperasi, lan kanthimengkono aku wis ora bisa duwe anak.’’
’’Ah, kok cilaka temen nasipmu. Kowe nresnani wong kang ora tresna karo kowe.’’
’’Wis takkandhakake, tresnaku tresna tanpa syarat. Bah dheweke tresna, bah ora, aku panggah tresna. Kowe aja panggah ngengkel. Tresna angel diterangake nganggo aturan sebab-akibat.’’
’’Ning kowe ya tresna aku ta?’’
’’Aja takon ngono. Aku ora bisa mangsuli. Lan sajake ora bakal bisa mangsuli.’’
’’Saya dipenging, aku malah bakal saya ngengkel. Ing prekara liya-liyane aku precaya marang kejujuranmu. Ning anggere wis tekan bab iki, tekan pitakon: satemene kowe tresna aku apa ora, rumangsaku kok tansah ana kang nggrenjel. Kowe wis crita yen tumanggapmu marang aku biyen kae mbokgawe-gawe. Nggo nglegakake atine mbahmu lan atine wong-wong kang ngarep-arep aku lan kowe tresnan-tresnanan. Saka rumangsaku malah luwih akeh kang satemene ora kokgawe-gawe. Spontan, murni. Lan kowe tansah mungkiri iku kabeh. Aku tansah krasa, satemene kowe tresna aku.’’
’’Kuwi hak sampeyan. Aku ora bisa nyampuri.’’
’’Apa kowe satemene pengin meruhi wujude tresna sejatiku?’’
’’Tresna iku ora duwe wujud.’’
’’Maksudku,tresnaku kang tanpa syarat. Kang ora nuntut. Bah kowe tresna, bah ora, bah embuh kono maneh, pokoke aku tresna....’’
’’Rasane aku wis ora duwe pepenginan. Apamaneh pepenginan kang kaya mengkono iku.’’
’’Ora duwe pepenginan? Iku nonsen! Lha, ngapa yahmene kowe tekan kene?’’
’’Iki mung kebeneran. Ora takjarag. Aku ora bisa turu. Njut aku metu. Mlaku-mlaku, nganti tekan kene.’’
’’Ah, mokal kowe ora apal, yen saben-saben malem dina klairanmu ngene iki aku ajeg teka mrene.’’
’’Apal. Malah aku wis nyang nggone Mas Tom: Uga nyang nggone Edi. Ora kepethuk sampeyan. Ning aku yakin sampeyan tekan rene.’’
’’La.. lha…. Lha….! Lha, kuwi jenenge pengin! Pengin ketemu aku. Hayo, saiki aja ngaku!’’
Meneng. Dheweke meneng. Ora wangsulan. Ora nanggapi kandhaku. Kanthi basa kang ora kinucap, ya ora. Ah! Ya ben. Dheweke ora tresna aku mbok ya ben. Lha, ning kok dadi kaya ngene, ya? Rasane tresnaku marang dheweke malah dadi saya ngrembuyung nalika dakbayangake yen dheweke babarpisan ora tresna aku. Jangkrik, jangkrik!
Wengine wis entek. Wis ganti esuk. Srengenge mlethek. Aku melek, nalika bis --sajake bis kang taktumpaki wingi-- saka Lorok mandheg. Ah! Dheweke wis ora ana ing kene, wis ora ungkep-ungkep ing pangkonku maneh. Embuh mabur nyang endi, ngetutake angin, ngetutake wangine kangen. Ya kangene dhewe. Embuh, kangen nyang sapa.
Aku isih panggah neng kene. Ning rasane kaya wis adoh banget olehku keplantrang. Adoh banget. Aduuuuooh…. banget. Keplantrang, nguber dheweke kang yen cedhak rasane adoh, ning yen adoh rasane cedhak. Kerep, senajan dheweke iku prasasat wis dadi saperangane getih dagingku, aku pangling. Apa dheweke iku ya dheweke? Yen pancen iya, dadia sapaa wae dheweke, dadia apa wae, ya dheweke iku kang dakburu rina-wengi, ing impen, lan ing kanyatan. Kaya mau kuwi, kira-kira satemene ngono aku ya mung kepethuk dheweke sajrone impen. Ah, embuh. Embuh. Embuuuuuuuhhh.....!!! Saya kecut ambune kringetku, saya wangi ambune kangenku.
Aku kudu ndang raup. []
3 September 1993
Sumber: Jaya Baya
1 urun rembug:
Siipp... Bagus ceritanya. Wangine kangenku... Ciiieee...ciieee..
Post a Comment