Saturday 29 December 2007

WACANEN GURIT IKI

wacanen gurit iki nimas
ing njero kamarmu kang sepi
kang jare angin wengi angganda wangi
wacanen nimas
wacanen
ing njero kamarmu kang sepi
yen ana kang kumlebat
ya kuwi aku
kang sasuwene iki kedhungsangan
nglari wangine tresnamu
turut gununggunung lan samodraning asepi

yen gununggunung jugrug
yen samodra rob
gage wacanen gurit iki
kareben sampurna sindhungriwut

yen ana tembang sasirepe prahara
ya kuwi tembangtangisku
tembang pangruwating dhuhkitaku

yen aku nembang
nimas
wacanen gurit iki


des 90
JB

0 urun rembug: