Saturday 29 December 2007

WELINGKU NGGER ANAKKU

anakku
cukup entenana wae tumurune wahyu slamet
jroning tapabratamu neng alas saya wingit
mendhung tumlawung
sapa ngerti bakal tiba dadi udan
nyuburake bumi sapa ngerti dadi banjir bandhang
ngludhesake alas roban wit-witan bosah-baseh
mulane dadia suket wae memasri taman mulane
dadia grimis wae nyegerake kembangkembang
anakku
cukup dadia watu ora kadhemen ora kepanasen
dening rendheng kecimpleng lan ketiga aking
aja pisanpisan pengin dadi gunung kabuntel
alas saya wingit saya kebak
kewan galak ngoningone dhemit julig
lan pisanpisan aja tidhatidha nadyan geter
pater bisa dadi pratandha enggal tumurune wahyu slamet
slamet sadawaning laku bisa uga aweh pratandha bakal
njebluge gunung gunung neng njero dhadhamu
anakku
cukup entenana wae tumurune wahyu slamet
jroning tapabratamu neng alas saya wingit
kanthi setya
setya tuhu
amung kuwi lantarane angger bisa dadi ratu
angratoni jagad cilik jagad ayem jagad tentrem
jagad cekli
endah
asri


6 september 1987
JB

0 urun rembug: