Saturday 29 December 2007

WONG PENGGURIT

wong penggurit nyungging purbaning kayun
wus tugel tatah sapirangpirang
sajroning sepi sajroning samun
kaendahan dudu srana dudu jangka
tansah luput digegantha

wong penggurit nyungging purbaning kayun
wus tugel tatah sapirangpirang
dadi tatu dadi tatal
dadi tangis mantra sing dirapal
sajroning sepi sajroning samun
kaendahan dudu srana dudu jangka
tansah luput digegantha

wong penggurit nyungging purbaning kayun
sajroning sepi sajroning samun
sapupuh geguritan ditatah dadi maesan
wong penggurit mati ninggal aran


8 mei 1991
JB

0 urun rembug: