Aggonku kenal dheweke durung pati suwe; durung luwih saka telung wulan. Nanging, antarane aku lan dheweke wis kayadene kakang karo adhine. Tenan, ora mandra-mandra yen aku lan dheweke kuwi mung sedulur ketemu gedhe.
’’Tenan lho, Mas, saiki sampeyan wis takanggep sedulurku dhewe. Takanggep masku dhewe, wong nyatane aku iki ya ora duwe sedulur tuwa. Sampeyan rak ora kabotan ta?’’ ngono sing ditulis ana surate sing lagi wae taktampa dhek wingi sore.
Yen didadekake mase ngono wae takkira ya ra kabotan, kepara malah seneng rasaning atiku. Nanging ya kuwi, bareng dianggep sedulur tuwa; wah, rasane abot sanggane. Satleraman pancen ora ana bedane antarane 'mas' karo 'sedulur tuwa' kuwi. Nanging ing rasaku, kuwi beda banget. Rasane, yen didadekake mase atiku sing mundhak gedhe; nanging yen didadekake sedulure tuwa mesthi wae mung tanggung jawabku sing kudu takgedhekake. Ya iki sing marahi aku rada kabotan.
Dheweke isih kelas loro es-em-a, sakelas karo adhiku. Aku kenal dheweke nalika ing sawijining dina kudu marani adhiku menyang sekolahan, merga ana urusan kulawarga. Jenenge sing tenan ngono cukup dawa: Sulis Setyowati Nilamsari. Nanging aku dikon nyeluk, ’’Lis,’’ ngono wae.
’’Sampeyan apa mase Mbak Mastik?’’ pitakone.
’’He, eh,’’ wangsulanku.
Jan ora rugi tenan kok, nggonku duwe adhi Mastik kuwi. Dheweke pinter, pikirane banter; klebu pinter nggolek-nggolekake kangmase. Critane Mastik, nalika dheweke mentas dadi juwara lomba ngarang sasekolahan, bocah ayu sing jenenge Sulis Setyowati Nilamsari kuwi nyedhaki dheweke, njaluk wuruk kepriye carane ngarang. Diwangsuli dening Mastik, adhiku sing pinter tenan kuwi, ’’Yen sampeyan pengin ngerti carane ngarang, carane nulis, luwih becik takon masku wae. Sing minggu kepungkur marani aku kae lho! Kanggone Mas Bon, karanganku kuwi mesthiisih akeh banget cacade.’’
Nalika Lis arep dolan nyang omahku, enggal dheweke dielingake dening Mastik, menawa tujuane bakal methuki aku, aku mesthi ora ana ngomah jalaran isih kuliah neng kutha. Aku kaget campur bungah nalika Lis kirim surat. Dheweke kandha blaka-suta yen meri karo Mastik sing wis takajari carane ngarang.
’’Yen mengko aku isa gawe crita, gawe geguritan lan liya-liyane sing ngisi majalah dinding ing sekolahanku rak ora njur dimonopoli Mbak Mastik, ta?!’’ kandhane jroning surat.
Enggal wae surat kuwi takbalesi. Nanging ora akeh sing bisa takkandhakake, kejaba nggenahake, apa pancen bener dheweke kepengin dadi sastrawati mudha. Uga takelingake, yen ing salumahing bumi sakurebing langit iki kira-kira wae ora ana wong sing ngudang anake supaya yen wis gedhe dadi pengarang, apamaneh penyair!
Kuwi njur ditampa salah dening Lis. Ing surat sing dikirimake sabanjure, dheweke nguring-uring aku. “Durung dadi sastrawan misuwur wae wis juwal mahal,” kandhane manasake dhadha. Nanging yen takrasak-rasakake, aku ora kena njur nyalahake Lis. Aku eling, yen ndonya iki bakal anyep lan sepi lamun ora ana salah tampa kaya ngono kuwi. Mula dheweke banjur takarih-arih supaya ora nutugake anggone nesu. Alhamdulillah, nyatane banjur kasil.
’’Wulan ngarep iki ana kancaku sing bakal ulang taun. Dheweke njaluk supaya aku nyiapake guritan, sing kudu tak waca jroning acara ulang taune kuwi. Mbok tulung, aku sampeyan gawekne guritan kuwi, yen sampeyan wegah diarani jual mahal!’’
Wah, iki ana kesempatan kanggo nebus kesalahanku. Age-age takkirim ake guritan-guritan, lan malah tak tambahi crita-crita sing nate taktulis. Sengaja takpilihake guritan-guritan lan crita-crita sing cakrike kaya surat sing dikirimake cah wadon kanggo kekasihe.
Rasane aku kepengin banget mulih; banjur ngejak Mastik dolan nyang omahe Lis. Aku kepengin ndang ngrungokake, piye komentare Lis marang guritin-guritan lan crita-crita sing takkirimake kuwi. Nanging kekarepan kuwi kedhisikan dening surate Lis:
’’Guritan-guritan sampeyan apik-apik banget, nganti aku ora ngerti tegese! Lan crita-crita kuwi, endi tunggale? Saiki aku lagi percaya yen sampeyan pancen pinter ngarang tenan. Nanging kok ora nate nampang ana majalah utawa surat kabar?! Eman lho, yen crita-crita sing apik-apik kaya ngono kuwi mung diwaca dening wong-wong sing ra ngerti sastra kaya aku iki!’’
Atiku mbedhodhok oleh pengalembana. Kathik sing ngalembana cah ayu sing nggemesake tenan kuwi. Ora maido; prawan tanggung!
Nanging sing ngagetake, kandhane Lis, ’’Sampeyan kok ngerti-ngerti wae ya, yen sing ulang taun kuwi….. ah, isin aku!’’
Iku wis takbayangake sadurunge. Ning nyatane aku isih kaget bareng Lis dhewe sing kandha. Lan bisa dibayangake sepira dawane nggonku unjal ambegan nalika ing surat can dhake Lis nulis, ’’Saiki, antarane aku lan dheweke sing takkadho guritan sampeyan kae, wis dadi crita lawas! Lan aku wis siap nampa owah-owahane kahanan iki amarga pitutur-pitutur sampeyan. Aku ora duwe cita-cita dadi sastrawati kaya sing sampeyan kandhakake kae, nanging apa salahe yen arang kadhing aku bisa nulis, yen sampeyan gelem muruki? Aku wis kebacut tresna karo sastra. Tenan! Suk yen ketekan nerusake aku mesthi milih jurusan sastra, kok. Oh, iya, saiki malah Mbak Mastik sing meri karo aku. Jarene, sampeyan luwih kerep nulis surat kanggo aku tinimbang kanggo dheweke.’’
Jroning wektu ora nganti telung wulan wae aku klakon nulis selawe surat kanggo Lis. Semono uga surat sing taktampa saka dheweke. Ya ing surate sing keri dhewe kuwi dheweke omong terus terang yen kepengin nganggep aku iki kayo dene mase dhewe. Aku dianggep sedulure tuwa, jalaran manut pangrasane, aku wis aweh pitutur lan semangat, ngluwihi sing bisa ditindakake dening sedulur tuwa kanggo adhine.
’’Aku wis jawab karo mbak Mastik kok, Mas, ben wiwit saiki pokoke aku ngundang: Mas. Rak ora kabotan ta?’’
Ora nganggo taksuwe-suwe, mau bengi aku nulis balesane. Rasane rada kaku. Entuk telung lembar, sawise takwaca, ukara-ukara sing takrakit ora ana sing nyocogi. Njur aku nemu akal. Aku mbayangake manawa lagi nulis surat kanggo Mastik:
Lis
Assalamualaikum,
Suratmu sing amplope wama biru kae wis tak tampa. Aku wis maca bola-bali. Ora amarga angel nggonku negesi, ning ya marga seneng kuwi! Yen aku koksuwun supaya negesake guritan-guritan sing nate takkirimake kae, wah, piye ya? Aku ra duwe dhuplikate je!
Aku seneng Lis, oh, iya….. Dhik Lis, yen sliramu bener-bener wiwit nyenengi sastra. Percayaa, sastra kuwi mujudake salah sijine piranti sing kena kanggo ngasah lan ngalusake bebudene manungsa. Wong iku, Dhik Lis, nadyan pintera njara langit, yen budine candhala mesthi enggal bakal ilang kamanungsane. Dhik Lis ora perlu kaget yen ing jaman nuklir iki akeh wong pinter, akeh wong wasis, waskitha, nanging padha wegah melu njejegake jejering kautaman. Saiki akeh para sarjana sing ora sujana, nanging malah durjana.
Aku seneng dene slirarnu gelem nguntal pituturku. Pitutur kuwi kaya dene pil, obat sing manawa jodho bisa marasake lelara: apa wae! Jaman saiki Dhik Lis, arang banget wong sing tedhas pitutur kaya sliramu kuwi. Iki tenan lho. Ora mung ngalem!
Ngrembug bab sastra maneh; sastra kuwi pancen bisa ngalusake bebudene manungsa. Mulane keh-kehane sastrawan kuwi landhep panggraitane. Buktine: aku ngerti sadurunge sliramu ngaku dhewe, sapa satemene sing bakal mbokkadho guritan kuwi. Hahaha…..! Sombong sithik ra apa-apa ya? Ah, ora kok. Mung guyon!
Ing jagad modem iki, nulis kuwi, nulis apa wae, pancen saya dadi kebutuhan. Luwih-luwih kanggone wong sing ambyur ing donyaning pendidikan kaya sliramu kuwi.
Yen kepengin bisa nulis kanthi becik, luwih dhisik kudu seneng maca. Maca kuwi gandhengane nulls. Bocah cilik kae ora bakal isa omong yen luwih dhisik ora ngrungokake. Semono uga, sapa wae ora bakal bisa nulis yen luwih dhisik ora maca. Sing diarani maca kuwi ya ora ngemungake maca buku thok, nanging uga klebu maca kahanan!
Nulis kuwi ora ana resepe; ora sah nganggo resep kaya sliramu yen lagi masak ngana kae. Dhik Lis isa masak apa ora?! Iki mau masak apa? Mbok jajal tak tilikane. Kasinen ora?! Haha…!
Nulis kuwi ora sah nganggo resep kayadene bocah cilik sing sinau ngomong kae ya ora nganggo resep. Sing penting, kudu dikulinakake. Sing penting kebiasaan. Keistimewaane penulis utawa pengarang, utawa sastrawan kuwi manggon ana ing ketlatenane. Ora dadi ukuran, duwe bakat apa ora; jalaran kabeh uwong kuwi duwe bakat nulis, kayadene kabeh uwong kuwi nduwe bakat omong.
Obat sregep sing ampuh kanggone aku ya kuwi: ngulinakake nulis ing buku harian. Iku nyenengake. Apa wae sing bisa ditulis ing buku harian? Huaakehh! Antarane: Kegiatan, wiwit tangi turu esuk --Dhik Lis yen tangi jam pira? Jam papat apa jam pitu?-- nganti arep mapan turu bengi. Terus, acara-acara penting, kaya ta: ulang taun, rujakan, kemping, lan liya-liyane. Yen mangkel karo pak/bu guru ing sekolahan, ora perlu dirasani karo kancane. Cukup ditulis ing buku harian wae. Dhik Lis kudu eling yen pegaweyan ngrasani kuwi dosane gedhe. Nanging yen bahan sing mesthine digawe ngrasani kuwi njur ditulis ing buku harian malah bakal oleh ganjaran lamon banjur digunakake kanthi becik. Lan isih saambreg maneh bab-bab sing bisa ditulis ing buku harian kuwi.
Sejene buku harian, kegiatan sing diarani korespondensi utawa surat-suratan ngene iki ya akeh paedahe. Sejene kena kanggo nambah pengalaman lan njembarake wawasan uga kena kena kanggo ajang latihan nulis. Mulane ndang nguntala pil sregep, terus nyoba miwiti nulis; terus….. teruuusss…. teeerrruuus………..!
Wassalamualaikum!
Bonniearry* []
Sumber: JB
0 urun rembug:
Post a Comment