Saturday 29 December 2007

SANDIWARA

dumadakan
katrem ing sandiwara topeng
rembugan nganggo ukaraukara
angel dijarwakake
takkancani sliramu nyisil kwaci
ngumbar angenangen nguber
kang tansah ora kecandhak

wis wengi
sliramu ngajak bali
neng teras takambung lambemu
mambu kembang mlathi

dumadakan
saka gegemanmu mrucut
moratmarit
kwaci!


24 februari 1988

0 urun rembug: