Saturday 29 December 2007

PASRAH

ora mung amarga jejer titah kudu sumarah
sumeblake pesthi
wus dakpasrahake sakabehku
marang lintanglintang srengenge lan rembulan
dakpasrahake marang langit marang buni kelairan
wus dakpasrahake sakabehku
tembang tatu lan tresnaku
wus dakpasrahake esem lan tangisku
embuh bakal ketampa apa mung bakal kesiya-siya
aku ora preduli
jalaran pancen aku ora duwe apa-apa
biyen iku rak mung rumangsa
saiki wus dakpasrahake sakabehku
rasa lan rumangsaku
dakpasrahake marang lintanglintang
srengenge lan rembulan
marang langit marang bunmi kelairan


surakarta, juli 1993
jb, 8 agust 93

0 urun rembug: