Sunday 30 December 2007

AKU LAN SIRAMU

jalaran siramu mitraraketku
aku ngreti sepira mbambinge jurang ing atimu
ati kang wus dadi rojahrajeh kebak tatu
kang, kandhamu, dadi endah
kaya rembulan pupuran mega tipis
ing wengi grimis

jalaran siramu kancasinarawediku
aku ngreti sepira jerone teleng ing atimu
ati kang lirpamane sendhang bawera
bebasan tanpa tepi widadari rinawengi
tansah sesuci adus banyu kembang mlathi

jalaran aku iki apawaemu
aku ngreti nglangute impenmu
impen kang tansah mobatmabit
katut sumilire angin wengi
kang, kandhamu, wus gogrog dadi
pirangpirang pupuh geguritan

lan aku bakal ngerti luwih akeh
lamon ing sawijining wektu
siramu nampani tekaku:
aku dudu apapamu
aku dudu sapasapa
kayadene, satemene, siramu
iku dudu apaapaku
dudu sapasapaku

aku
lan siramu
mung tembungtembung kanggo nggampangake
rembugan ing wayah sumpek
nalika aku lan siramu kakurung dening raga
pakunjaran ing panguwasaning wektu lan panggonan


5 juni 1989

0 urun rembug: