Saturday 29 December 2007

SMS SAKA TIRTONADI

: kagem pak roeswardiyatmo


aja pisan-pisan aku takon lungkrah kesele
saben dina nggaritake guritan
antarane tirtonadi – wonogiri
budhal – bali
ya kuwi pawongan murah esem
sithik mentes pangandikane
sing bisa ngemong
nursyahid sing seneng gojeg
tito sing seneng ngeyel
lan sing pawakan janaka ning banjur makantar-kantar
yen wis ngomongake sastra jawa
(muga gusti allah paring papan sing mulya
kagem mas poer sing dhisik katimbalan)

iki guritan tamba kangen
sisan gawe ngabarake yen aku isih ana
isih seneng mbarangake geguritan
bareng jayus, bareng trinil, lan widodo
pak parto, pak harmono, lan pak hoery

’’adhuh, dhik bonari
tekane kabar dadi ngangeni
kapan ke wonogiri?’’

isih daksimpen sms kuwi
sms saka tirtonadi
saka hp sing dicekel pawongan ra duwe kesel
saben dina nggaritake guritan
antarane tirtonadi – wonogiri
budhal – bali


Surabaya, November 2003
JB

0 urun rembug: