Wednesday 12 December 2012

Pamarentah Nggembosi Programe Dhewe

ing Prakara: Ejaan Basa Jawa ing Aksara Latin

Atur tulisan ringkes iki wiwit diracik sinambi ngeling-eling lelakon sawatara taun kepungkur, nalika lumantar SMS (short message system) –sumangga yen arep dijawakake dadi KTT (kitir tilpun tangan)—saka saweneh sesepuh sawijining sanggar sastra Jawa. Isine ora mung nylekit, nanging melehake sakayange
Nanging, tibane malah dadi gungan saka pinisepuh marang kang luwih enom, dadi panyaruwe kang kasurung rasa tresna. Kang dadi tuke prekara nalika kuwi sawijining kaset campursari abasa Jawa kang sumebar ing Jawa Timur. Ing CD kuwi, saben ana aksara kang kudune tinulis ’a’ diganti dadi ’o’ upamane: ’aja’ dadi ’ojo’, ’kulawarga’ dadi ’kulowargo’.

Kamangka nakah asli kang diaturake marang produser kaset ora kaya mangkono. Lha, geneya kok dadine malah ngisin-isini ngono kuwi? Pranyata, pihak produser yakin banget yen naskah asli saka penulis-e kuwi luput, mula kudu ’dibenerake’ tanpa (dianggep ora prelu) nganggo taren. Ngono kuwi rak ya banjur ngelingake marang sawijining ’teori’, ”Ing negarane wong edan, yen ana wong siji-loro kang isih waras malah bakal dianggep utawa diarani edan.”

Isih saka Jawa Timur, ana tim penulis kang dhek semana mbabar buku kanthi irah-irahan Among Roso ditambahi Monografi Pengabdian Imam Utomo. Geneya kok ora ditulis ”Among Rasa” kamangka ing sajroning tim iku ana penggurit, jurnalis, redaktur saweneh majalah basa Jawa, kang bisa ngelingake manawa panulise kuwi mau luput. Pranyata, ing kene dumadi lelakon: wong siji kang bener dikalahake wong salah kang luwih akeh lan luwih kuwasa.

Pamarentah Kabupaten Ponorogo uga tau gawe baliho kanthi tulisan, ”Manunggale cipto, roso, karso agawe rahayuning Bumi Reyog,” –kudune tinulis, ”Manunggale cipta, rasa, karsa, agawe rahayuning Bumi Reyog.” Mesthine ing bab gegandhengan sikap-e pamarentah marang tatatulise basa Jawa, Pamarentah Kabupaten Ponorogo iku ora ngijeni. Akeh (lembaga) pamarentah saka tataran desa tekan provinsi kang sawiyah-wiyah marang basa Jawa kanthi nulisake sakarepe udele. Kanyatan kang mangkono iku nuduhake manawa pamarentah pranyata malah nggembosi utawa nindakake bab kang lelawanan karo program-e: nguri-uri, nglestarekake basa Jawa kang wis diwragati ora sethithik.

Iku banget mrihatinake, ngelingi yen basa Jawa kuwi satemene basa kang ’sugih’ kang uga ora sethithik sumbang-surunge marang ajuning basa Indonesia. Bisa uga diibarateke bumi (Nuswantara) kang subur, nanging ora dirumat kanthi becik, kepara malah dianiaya. Pawadan ”waton komunikatif” kerep dadi tamenge para pihak kang gawe rusak iku.


Sawise prasasat kelangan aksarane (carakan) basa Jawa sansaya rusak ora mung merga akeh kang ora nggatekake tatatulise ing aksara latin, ananging uga ing pandhapuking tembung-tembung, kaya kang ditindakake KPU (Komisi Pemilihan Umum) Jawa Tengah kanthi ukara, ”Ayo sareng-sareng ke Pilgub Jateng 2013.” Apa ora luwih nges nggunakake ’sesarengan’ tinimbang ’sareng-sareng’ (bareng-bareng)? Apa uga mung waton narik kawigaten dene banjur dipilih tembung ’ke’ lan nyisihake tembung ’tumuju’ utawa ’menyang’? Kareben diarani gaul ngono apa piye? Ana maneh semboyan, ”Bali ndeso mbangun ndeso,” kuwi gaweyane sapa?

Sajake kaluputan-kaluputan iku dumadi amarga ora ngreti lan kurang ing rasa andarbeni. Banjur tuwuh pitakon, senajan ta mung dijatah 40- 45 menit saben seminggune kanggo wulangan basa Jawa ing sekolahan (kelas 1 – 9) –ing Jawa Tengah malah tekan kelas 12? --utawa sajroning 6 – 9 taun iku kepriye kok nganti ora ana tilase? Mbokmanawa, wangsulane ora mung iki: ”Sajroning perang lumawan tumindak aniaya marang basa Jawa, para guru kudu adhep-adhepan karo ”wadyabala sewu negara” kang dumadi saka: pamarentah kang nggembosi programe dhewe mau, CD/VCD campursari/tembang Jawa kang cakepane tinulis kanthi sakarepe dhewe, langkane bahan/wacan abasa Jawa, lan liya-liyane.


Kanthi mangkono, satemene kabar manawa wulangan basa Jawa bakal disuwak saka sekolahan ora kudu ditampa kadidene kabar kang nyedhihake, sauger ana cara liya kang tumemen anggone nandangi.

Cara liya kang (sapa ngreti malah) luwih ampuh iku kaya ta: nyuburake papan utawa ngurup-urupi babare buku-buku wacan abasa Jawa, mepaki perpustakaan sekolahan kanthi sawernane buku basa Jawa, mbabar kalawarti mligi kanggo para siswa/remaja, lan sapiturute. Coba takona marang para penulis/pengarang/sastrawan Jawa, apa kang luwih nyababake padha dadi penulis/pengarang kang bisa ngugemi tatatulis basa Jawa (kanthi aksara latin) kuwi? Amarga padha tau sekolah, apa amarga padha seneng memaca? Sumangga.*

wus kapacak ing Solopos

0 urun rembug: