Wednesday 12 December 2012

Ajining Dhiri Dumunung Aneng Lathi

Yen ana pilihan tokoh nasional kang paling kerep gawe pratelan njumbulake, mbokmanawa juwarane Pak Marzuki Alie, kang saiki nglenggahi dhampar Ketua DPR-RI kuwi. Saka pratelane ngenani wong-wong kang dedunung ing pesisir kang bisa katrajang tsunami, ngenani Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) kang yen ”ora bisa ngene ora bisa ngono” luwih becik dibubarake wae, ngenani pramuwisma kang makarya ing luwar negri (domestic worker) kang diarani ngucemake martabate bangsa (Indonesia), lan kang saiki isih kebul-kebul prakara koruptor kang diarani dumadi saka para pinter… kang bisa saka pawiyatan luhur kaya ta: UGM (Universitas Gajah Mada), ITB (Institut Teknik Bandung), UI (Universitas Indonesia).

Akeh wong njumbul utawa kaget. Nganti saweneh mahasiswa program doktor UI, David Tobing, mrekarakake pratelan iku menyang pengadilan. Kaya wus bisa dibadhe, sawise Marzuki Alie njlentrehake apa kang dikarepake kanthi pratelan kang njumbulake kuwi, tanpa utawa tinambahan pratelan manawa dheweke rumangsa keduwung lan nyuwun pangapura, prekarane ora bakal ngambra-ambra. Enggal sirep, nganti mengko ing sawijining wektu, tanpa kanyana-nyana, dumadakan gawe pratelan anyar kang njumbulake maneh.

Uwal saka bener apa lupute, upamane yen winawas kanthi nalar akademik, pratelan-pratelan kang njumbulake kuwi cetha wus marakake ora kepenake (atine) liyan. Tegese, Pak Marzuki Alie kuwi kebangeten olehe sembrana, kaladuk ceplas-ceplos, kang tundhone luput olehe (kudune tansah) ”amemangun karyenak tyasing sasama.” (Pupuh Sinom, Wedhatama, KGPAA Mangkunegara IV). Mung etungan jam saka kawetune pratelan manawa pramuwisma asal Indonesia kang makarya ing negara manca kuwi ngucemake martabate bangsa (Indonesia) mbrudhul pratelan kang ngunek-unekake Ketua DPR-RI kuwi, saka kang rada alus nganti tekan kang kasar banget. Protes saka para pramuwisma asal Indonesia ing negara manca marang Pak Marzuki iku sumebar ing situs jejaring sosial, lan sawatara pramuwisma ing Malaysia, ing Hong Kong, malah gawe tulisan mirunggan ing blog-e.

Wektu iki cacahe pramuwisma asal Indonesia ing Hong Kong wis nyedhaki angka 150 ewu. Puluhan ewu embuh rangkep pira, kang wis padha melek internet. Lan bisa dibayangake kayangapa kemropoke atine para wanita kang ing negarane dhewe (yen ngepasi libur lan bali menyang bumi klairane) kerep dikuya-kuya (diuber-uber calo terminal/bandara), kang dening pamarentah diarani ”pahlawan (devisa),” lha kok dening Ketua DPR-e malah dianggep ngucemake bangsane? Apa ora malah pamarentah, bebarengan karo para wakil rakyat (DPR) kang ora kasil njaga amrih aja nganti ana rakyat kang keplayu menyang luwar negri mung luru pegaweyan kadidene batur utawa rewang kuwi kang kudune dadi underaning sabab kang marakake bangsa iki yen ta iyaa banjur ingaran Bangsa Kuli?

Kanyatan manawa padatane umyeg kang kajalaran saka pratelane Pak Marzuki banjur sirep sawise dijlentrehake iku uga bisa dadi titikan manawa kadidene pemimpin, basa pasrawungan (komunikasi) kang digunakake kurang titis. Mula banjur ora efektif. Malah mung ngentek-enteki wektu kanggo medharake maneh kanthi luwih trawaca. Kang ’entek’ ora mung wektune pak Marzuki kadidene pribadi apadene Ketua DPR-RI, nanging uga wektu lan papan pakabaran, kaladuk akeh kang mung kanggo ngabarake umyeg prakara pratelan nuwuhake seling-surup kuwi. Kabar liya kang kudune luwih wigati malah dadi kurang papan/wektu kanggo nggiyarake.

Rakyat kang uripe sangsaya sangsara, para pejabat kang dinakwa korup, pratikele pamarentah kanggo ngawekani sangsaya tambahe pengangguran, lan liya-liyane kaya-kaya sangsaya ora kawruhan jluntrunge, merga kamera lan kawigatene juruwarta kaya karebut dening kang padha udreg mung prakara omongan. Mengko gek pancen dijarag: kanggo ”ngulur wektu” lan kanggo nylimur rakyat kang tambah dina sangsaya getem-getem dening kabar ala kang saben-saben sumebar saka ”Senayan” saka bab nglipus ing wayahe sidang, malah ana kang nyambi nonton video/foto saru, kadurjanan ing Badan Anggaran kuwi, nganti tekan kanyatan manawa akeh anggotane kang kegeret prakara korupsi? Yen ta ana kang duwe panyakrabawa nganti tekan kono, ya kuwi rak isih klebu ing unen-unen, ”Janma limpad seprapat tamat.” Wong nyatane ya bisa dinalar. Mula, cara jago tinjune ngono rak bebadan kang aran DPR-RI kuwi kaya-kaya wis babak-belur diundhamana rakyat (kang diwakili).

Mbokmanawa pancen dibutuhake anane prakara anyar kanggo ngaling-alingi prakara kang luwih baku, lan ibarate jago tinju, upama kebacut ”kalah angka” ya kang bisa diupayakake mung aja nganti ”kalah KO”, rak ya ngono!

Apamaneh kang diarani keceplos, kepleset ilat, utawa aweh pratelan kang dadi seling-surup lan wis ora bisa dijlentgrehake maneh awit dhasare pancen wis luput, bisane rampung udreg mung yen pratelan kuwi mau dijabel, sinartan atur nyuwun ngapura. Yen pejabat publik nganti kepengkok ing bab kang mangkono iki, apamaneh ora pisan-pindho teges ora nuhoni unen-unen, ”Sabda pandhita ratu, sepisan dadi ora kena bola-bali.” Ingatase wong lumrah wae, yen bola-bali njabel omongane dhewe bisa kucem lan ora kinurmat, apamaneh yen pemimpin. Ya ing kene iki sajake mapan tumibane unen-unen, ”Ajining dhiri dumunung ana ing lathi.”

Ing satengahe bebrayan Jawa isih kerep kawetu ukara iki, ”Yen kebo-sapi sing dicekel dhadhunge, nanging yen manungsa sing dicekel omongane.” Ukara kuwi mau uga nuduhake sepira wigatine pratelan utawa omongan. Bedane, ukara kang disebut pungkasan kuwi mau mung kerep kawetu ing lisan, dene ukara sadurunge, ”Ajining dhiri dumunung aneng lathi, ajining driya dumunung aneng busana,” sajak banget diaji-aji, dipepetri dening bebrayan Jawa kanthi tinulisake ing boman, manjila ing antarane ukiran wangun tetuwuhan lan kekembangan. Mula dhek isih akeh omah gebyog, tulisan, ”Ajining dhiri…” –lan sateruse kuwi mau meh mesthi bisa diprangguli ing boman, saliyane tulisan, ”Sugeng rawuh,” utawa dibacutake dadi, ”Sugeng rawuh para tamu.”

uga iki pancen lagi nemahi jaman kang para pemimpin ing satengah-tengahe bebrayan agung wis angel dicekel omongane. Sing kerep kawetu malah ”esuk dhele sore tempe.” Wis olehe omong marakake lara atine rakyat, isih ditambah mencla-mencle pisan! Kamangka, yen kewan kebo-sapi kang dicekel dhadhunge. Yen manungsa kang dicekel omongane. Lha, yen para pemimpin lan mligine anggota Dewan Perwakilan Rakyat niku gek sing ajeng dicepeng napane? Arep dicekel partaine, lha wong nyatane ya akeh sing kerep ngolah-ngalih partai. Repot ta, nggih?*


Wus kapacak ing: Suara Merdeka

0 urun rembug: