Tuesday 11 December 2012

Aja Dumeh Babu*

"Jalan Lain ke Jogja" novel karyane Asih Aspalia, PRT asal Blitar ing Taiwan

Ing artikata.com tembung ‘’babu’’ iku mengku teges: ‘’perempuan yang bekerja sebagai pembantu (pelayan) di rumah tangga orang” (wong wadon kang makarya kadidene rewang ing omahe wong liya). YEN tembung 'babu' kasebut, kuping sok dadi keri, utawa malah dadi lara. Tembug iku kaangep kasar, ngasorake, beda karo tembung, 'pramuwisma', domestic helper (=rewang), domestic worker (= pekerja rumah tangga dicekak: PRT).

Basa Jawa sajak kangelan nemokake tembung kang trep, kang surasane presis karo kang kinandhut ing sebutan pungkasan kuwi mau: domestic worker/PRT. Apa, coba? Ing tataran nasional wae ya isih diarani 'PRT' utawa 'rewang'. Ajamaneh ing Indonesia, Hongkong kang kepetung negara kang luwih maju wae undang-undang/peraturan kang diwetokake departemen tenaga kerjane ya ngarani 'PRT' kadidene domestic helper utawa pembantu rumah tangga.

Eloke, senajan ing Hongkong sebutane domestic helper nanging cak-cakane luwih pas yen diarani domestic worker utawa PRT. Sababe, ing Hongkong ana aturan baku mligi ngenani pekerja rumah tangga: pira bayarane, apa hak-hake, lan apa wae kang dadi kuwajibane (pakaryan kang kudu ditindakake), klebu hak libur ing dina Minggu (bisa diganti dina liya) lan ing dina-dina tinamtu liyane, upamane ing 'hari besar nasional' utawa 'hari besar keagamaan'.

Ing bab libur, ora beda karo pegawe negri ing Indonesia, ta? Bayaran (resmi)-ne PRT ing Hongkong iku 3740 dolar Hongkong (HKD). Kanthi kurs saiki 1 HKD = Rp 1.180, kuwi padha karo Rp 4.413.200. Yen pegawai negri ing Indonesia kuwi golongan pira ya? Kanyatane ya akeh sing sangisore kuwi nampane, merga pancen majikane nyalahi aturan utawa isih kepotong cicilan utang kanggo wragat budhale biyen. Nanging, kanthi bayaran resmi samono kuwi, mapan lan mangan wis melu majikan, senajan cak-cakane ya akeh sing olah-olah dhewe amarga kangen olah-olahan khas Indonesia.

Mbaleni prakara sebutan, PRT uga sinebut kadidene pakaryan ing 'sektor informal'. Apa kang mangkono iku ora klebu ing wewengkon 'kelirumologi' ngampil tembunge Pak Jaya Suprana? Apa kulawarga iku dudu lembaga resmi (formal) yen: duwe NPWP, duwe kartu keluarga, lan sapiturute? Mengko gek aran-aranan 'sektor informal' kuwi mung linandhesan wawasan manawa keh-kehane PRT ing Indonesia iki dipleter pegaweyan lan dibayar sakarepe tuan/nyonya majikan? Rak durung ana ta UU PRT ing Indonesia? Perda PRT wae, sajake lagi Pemda DIY kang duwe.

Sawatara wektu kepungkur Ketua DPR Marzuki Alie aweh pratelan, kurang-luwihe, manawa: PRT asal Indonesia ing mancanagara ngucemake bangsa (menjatuhkan martabat bangsa). Merga krasa banget olehe nggebyah uyah kuwi, mula akeh PRT ing Hongkong padha kemropok. Malah ana kang mitakonake, "Kok sing disalahke malah PRTne, geneya dudu Pamarentah kang ora becus nyedhiyani lapangan kerja kang cukup kanggo rakyate?" Anazkia PRT asal Indonesia ing Malaysia, lumantar situs-e (anazkia.com) mrotes pratelan kuwi, nganti Marzuki Alie nglonggarake wektu kanggo langsung aweh wangsulan.

Jaman saiki, bakal gedhe lupute wong kang nganggep manawa PRT kuwi mesthi mendho, lan sarwa kekurangan. Ana kang budhal saka Indonesia wis sarjana, lho! Contone, Dhenok (asal Malang) kang banjur nulis buku kumpulan crita cekak (Abasa Indonesia) Majikanku Empu Sendok (Alfina, Surabaya, 1996) budhal menyang Hongkong sawise lulus sarjana saka FPOK IKIP Malang.

Etik Juwita (Blitar) kang tau nampa anugerah sastra Pena Kencana 2008, sawise nyambutgawe ing Hongkong saiki nggethu kuliyah ing Jurusan Sastra Inggris Universitas Gajayana, Malang. Ing Hongkong, kejaba akeh kang ngleboni pendidikan 'Kejar Paket', uga akeh kang dadi mahasiswi Program Diploma (pantoge Diploma 3).

Saka Hongkong akeh kang banjur bali menyang Tanah Jawa lan dadi wong pilih tandhing jroning nindakake 'proyek kabecikan'. Maria Bo Niok (Wonosobo) adeg kapustakan Istana Rumbia ing desane, lan gawe rintisan UKM kanthi produk merek 'Marie Singkong Rasa Gadung'.
buku karyane para buruh migran utawa PRT asal Indonesia kang makarya ing luwar negri

Ing Banyuwangi ana Eni Kusuma. Sawise sawatara taun ing Hongkong, ibu kang saiki wis peputra siji kuwi nerusake suksese mbabar buku motivasi Anda Luar Biasa!!! kanthi adeg PAUD lan bimbel ing bumi klairene.

Ing Ngawi ana Nadia Cahyani, tau dadi Pemimpin Redaksi Majalah Iqro kang dibabar dening Dhompet Dhuafa Hongkong, saiki wiwit adeg perpustakaan, bukak leslesan gratis kanggo para siswa sakiwa-tengene, lan ngajak para ibu tumandang, usaha produktif, nggawe manekawarna kripik.

Ing Cilacap ana Perpustakaan Wiwawi kang diedegake dening Pendar Bw, ing Kediri ana Pondhok Maos Cendhani kang dibangun dening Muntamah Sekar Cendhani, kang kayadene Pendar Bw, saiki isih nyambutgawe ing Hongkong.

Para PRT asal Indonesia ing Hongkong, kahanane pancen beda banget yen dibandhingake karo kang ana ing negara-negara Timur Tengah utawa ing Malaysia. Ing Singapura duwe dina libur, nanging ora bebas kaya ing Hongkong. Ing Hongkong, para pekerja migran bisa ngedegake organisasi resmi. Yen mung paguyuban seni/tari wae, ing Hongkong cacahe puluhan rangkep. Lan kang agawe mongkog, pranyata isih akeh kang nengenake olehe nguri-uri seni/tari tradhisional: ngremo, jaipong, klebu jaranan campursari. Ana Sanggar Budaya Indonesia kang diembani KJRI-HK, ana Sekarbumi (Seni Karya Buruh Migran), Alexa Dancer, Arimby Dancer, DIF Dancer, Borneo Dancer, lan liyaliyane.

Eloke, kejaba Sanggar Budaya Indonesia kang sinengkuyung dening KJRI-HK, paguyuban-paguyuban seni (tari) kuwi mentas saka eguhe dhewe-dhewe, ora ana kang dibantu dening pamarentah. Kamangka, ora saben pentas mung ditonton dening sapepadhane warga Indonesia ing kana, nanging kerep ana acara pentas antarbangsa kang wujud lomba utawa pagelaran kanggo mengeti dina kang penting. Tegese, senajan diaranana PRT, para 'domestic worker' (ora mung) ing Hongkong kuwi uga wenang sinebut duta budaya bangsa, kang kanthi suka-rila mromosekake kaskayane kabudayan Indonesia ing negara manca.

Haryati (asal Malang) kang luwih kawentar kanthi julukan Anggie Camat kang tau pinercaya dadi Ketua Sanggar Budaya Indonesia ing Hongkong uga ngandhakake manawa olehe gumregut ngleluri seni/tari tradisional ing negara manca kuwi kesurung dening rasa tresna marang budaya bangsane lan kepengin bisa ngenalake marang bangsa seje.

Annie (asal Sragen) kang uga sengkut ing donyane seni tari ing Hongkong, kandha yen saben wong minggu sepisan mesthi ana tanggapan. Mulane ora mung penarine, senajan juru paes lan kang nyewakake sandhangan tari ya melu kelarisan. Anik Purwaningsih (asal Wonosobo) malahan kandha yen dheweke ora mung dadi juru paes, nanging uga bukak kursus rias penganten ing Hongkong. Senajan sing kursus mung wong siji-loro, Anik uga rumangsa marem, ngelingi yen kabisane kuwi ora mung bakal dicakake ing Hongkong, nanging diangkah uga bisaa dadi kabisan kang bisa diterusake mengko yen wis bali menyang Tanah Jawa.

Ing donyane kasusastran, Forum Lingkar Pena (FLP) ya bukak cabang ing Hongkong. Mula aja gumun yen sajroning setaun ana puluhan buku karyane para pekerja rumah tangga asal Indonesia ing nagara iku.

Saperangan dicetak ing Hongkong, nanging uga ana kang kacetak ing Indonesia. Apa kang mangkono iku dudu gerakan literasi kang ngedap-edapi? Durung maneh yen dicritakake kridhaning para PRT asal Indonesia ing internet. Kajaba Anazkia (anazkia.com) ing Malaysia, ing Hongkong ana Sri Lestari (asal Blora) kang duwe: babungeblog.blogspot.com kanthi isi tulisan-tulisan 'mletik' kang bobote bisa diadu karo karyane para sarjana. Iku ya mung saderma kanggo conto. Liyane, isih akeh.

Cekake, aja dumeh. Aja nyepelekake PRT, kang nalika para anggota DPR/DPRD padha mothah njaluk ditukokake laptop, wongwong kang kerep 'dikasari' nganggo sebutan 'babu' iku malah wis padha duwe komputer tablet kang tumetes langsung saka kringete dhewe.*

*) Kapacak ing Suara Merdeka

0 urun rembug: