Tuesday, 11 May 2010

Bonari Nabonenar Markus-e Sastra Jawa?

Sawise maca andharane Kang Narko (Narko ’’Sodrun’’ Budiman) Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18 Tahun 2010, aku banjur kirim SMS marang: R Djaka Prakosa (anggota Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa V kang uga Wakil Ketua PPSJS), JFX Hoery (Ketua PSJB), Suparto Brata, Tiwiek SA, Sucipto Hadi Purnomo, Keliek SW, Sunarko Budiman (Ketua Sanggar Triwida, ya kang nulis andharan kuwi mau), mengkene: ’’Iki soal Sumono menuding ada Markus di Sastra Jawa seperti dalam tulisane Narko, yen ora dicethakake malah dadi pitenah. Atau Sumono ingin mengatakan baik penggiat KBJ maupun KSJ adalah Markus? Wah!’’

Wangsulan kang daktampa werna-werna. Ana kang, ’’Wah kula mboten nggagas sing ngaten niku. Sing penting mencintai sastra jawa tanpa syarat!’’ Pak Hoery nelakake olehe ora sarujuk karo matrape tembung ’markus’, lan Pak Parto (Suparto Brata)malah ngeles kanthi paring kabar manawa bukune Sumono Layang Panantang bakal dibedhah ing Kampus Lidah (dhek tanggal 30 April wingi kae).

Geneya kok dakarani bisa dadi pitenah? Tembung ’markus’ (cekakan saka: makelar kasus) mono saiki pancen lagi munggah godhong (naik daun) kanggo ngarani paraga-paraga kang nindakake kadurakan kanthi mbiyantu para durjana amrih ora kesrimpet ukum, kang tundhone mung murih dum-duman rejeki saka para koruptor lan saandhahane. Saking mratahe markus, pamarentah kongang jibeg nganti banjur mangun bebadan Satgas Pemberantasan Mafia Hukum kang jejibahane klebu mbrastha para markus kuwi. Cekak-aose, markus kuwi leletheging jagad, ya leletheging bumi Nuswantara Indonesia Raya iki. Yen bener uga ana ing Basa Jawa (neng kene takganti Sastra Jawa) kaya pandakwane Sumono liwat Kang Narko, ya lelethege Sastra Jawa. Mulane, becike aja gumampang nuding saweneh pihak kadidene Markus Sastra Jawa, kejaba wis pawitan bukti kang trawaca.

Ing tulisane kuwi, Kang Narko (Ketua Sanggar Triwida) satemene mung dhapur madulake pandakwane Sumono, kang coba diringkes ing pratelan, ’’ 1) ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, 2) Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, 3) Sasuwene iki KBJ – KSJ padha, lan kaping 4) Sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’

Satleraman kaya-kaya pandakwa kuwi tumuju marang para panyengkuyung KBJ (Kongres Basa Jawa) apadene panyengkuyung KSJ (Kongres Sastra Jawa). Kang kasebut pungkasan kuwi (KSJ) sasuwene iki dianggep nandhingi anane KBJ. Lhah , kok kabeh ’’dimungsuhi’’? Nanging, yen diwaca kanthi rada tliti tibake ketemu, malah satemene cetha banget sapa pawongan kang dituju. Pratelan ing angka 3 lan 4 kuwi satemene mung dhapur aling-aling, mbokmenawa kareben ora melok.

Coba ta, kira-kira sapa pawongan kang ketoke mikir lan tumandang kanggo Sastra Jawa, nanging tibake mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, ’’kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh,’’ (?). Tekan kene pancen isih durung cetha sapa kang didadekake tersangka dening Sumono kang sajake diamini Kang Narko kuwi. Nanging, mangga dipun semak pratelan menika: ’’Lha iki sing kudu dipetani maneh, sapa sing saiki pamore wis mlorot banjur ada-ada gawe ’kasus’ , supaya ditanggapi, dadi polemik rame ing majalah (ora mungkin neng Tv, sebab sastra Jawa ora payu didol neng Tv). Jenenge wis suwe kasilep jamane Century, kagerus ulegane Gayus, kepingin diungkit-ungkit maneh. Iya yen ana sing nanggapi, yen ora? Utawa ada-ada gawe kajatan sing ’’berbau sastra Jawa’’ mapan ing panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa. Jebule mung dadi makelare basa (sastra) Jawa.’’

Sok sapaa kang rada tlaten njingglengi pekabaran ngenani kegiyatan Sastra Jawa mesthi bakal enggal dhamang menawa paraga markus kang dikarepake ing tulisane Kang Narko iku ora liya Bonari Nabonenar, kang ing tanggal 4 – 5 Agustus 2009 wingi gawe ada-ada nggelar Festival Sastra Jawa dan Desa, ing papan kang pancen diakoni ’’sangat terpencil’’ dening kang padha rawuh saka Jakarta, Yogya, Semarang, Banyuwangi, lan liya-liyane, yakuwi Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek (saget kawaos ing: http://ppsjs.blogspot.com/2009/10/penulis-sastra-jawa-ngumpul-ing.html).

Kang banget keladuk kuwi olehe ngarani manawa Desa Cakul ora tau kambon Sastra Jawa. Kok ngono? Sastra Jawa Kuwi apa? Apa Desa kang duwe bocah wis juwara nasional dhalang wayang kulit, sing tau duwe grup wayang uwong lan ludruk, sing isih duwe tradisi tayuban, sing duwe sindhen embuh papat apa lima kuwi bisa sakepenake udele diarani ora tau kambon sastra Jawa? Takkira iku pratelan kang degsiya. Tur malah nuduhake cupete pamawas. Apa dikira yen kang diarani Sastra Jawa kuwi mung geguritan lan crita cekak utawa crita landhung kang kapacak ing majalah?

Entuk Jeneng lan Jenang

Kang Narko uga pratela, ’’Dadi pendhekare kongres! Jenenge mumbul (embuh entuk bathi material apa ora?) ora mikiri kongres sing wragade yutan mau tumanja apa ora? Asil keputusane ana tindak-lanjute napa mboten? Ditanggapi positif lan karya nyata saka pemerintah daerah apa ora?’’ kang sangsaya nuduhake manawa kang digasak kanthi degsiya kuwi dudu KBJ, nanging KSJ. Bocah isih umbelen wae prasasate rak ngreti yen KBJ kuwi ngentekake wragat takerane M (milyar) ora mung ’yutan’ kaya KSJ.

Bonari Nabonenar nyatane entuk jeneng tenan, senajan durung tinampakake, dheweke wis diwartakake bakal nampa Rancage taun iki. Senajan wis ana sing ngarani mung saderma utah-utahan saka RM Yunani Prawiranegara (suwargi) –awit ana aturan Rancage ora bisa ditampakake marang kang wus sumare?—mesthine Yayasan Rancage ora angger. Senajan Rancage kuwi yasan pribadine Pak Ayip Rosidi, mesthi ora bakal kanthi sengaja ngucemake jenenge kanthi aweh Rancage marang wong pengawak Markus. Tur, mesthine malah ana wewaton gumathok geneya Bonari kang banjur dipilih.

Asline, Bonari dhewe rumangsa durung pantes nampa Rancage. Mula senajan ngreti yen kang nintingi para nominator ing laladan basal an sastra Jawa iku Bu Sri Widati Pradopo, nganti saiki durung kawetu matur apa-apa, saking olehe pekewuh. Nanging, mbareng maca andharane Kang Narko bab Markus ing Basa Jawa kuwi saiki Bonari wis manteb, bakal nampani sambi mbatin takon, apa mengko Kang Narko konsekuen karo kang dikandhakake, banjur nulad Mochtar Lubis, yen ora kleru, mbalekake Ramon Magsaysay bareng pirang-pirang taun candhake hadhiah kuwi tumiba marang pawongan kang miturut pamawase ora pantes nampa, yakuwi Pramoedya Ananta Tour. Yen ora gelem mbalekake, tegese Kang Narko ya rumangsa ayem awor karo golongane pawongan kang miturut dheweke Markus kuwi, ta?

Apa Kang Narko isih arep ngendha kanthi kandha ngene, ’’Lho, aku ora ngarani yen Bonari kuwi markus, kok!’’ Yen pranyata kaya mangkono takkira debat terbuka bakal luwih gelis ngrampungi prekara iki tinimbang dadi polemik kedawan-dawan ing majalah. Mesakake kang padha maca yen mung disuguhi udreg nyithengan mengkene iki.

Saora-orane, muga-muga kadangku tuwa Kang Narko ’’Sodrun Tenan’’ enggal paring katrangan kang luwih trawaca, mumpung geni kang dicipratake durung mobal tekan ngendi-endi, awit iki wis ana kang wiwit nglelimbang bakal ngajokake gugatan class action, Wong Cakul, kang didakwa ora tau kambon sastra Jawa kuwi. Nuwun. [Bonari nabonenar, sastrajawa@yahoo.com]


Panjebar Semangat No 20, 2010
piye?:

3 urun rembug:

Mbok, aja kerah wae. Padha2 sastrawan jawa kok eker2an. Apa lali yen sastra kuwi kanggo ngelusake pambudi lan ati. Njur yen lagi padha kerah, budi lan netra atine ana ngendhi.Coba tha padha diangen2 dhewe..

yen mung tekan padudon ora masalah. apameneh yen para pihak padhadene kepengin mbuktekake jantraning pamikir lan pangrasane. yen mung krana alasan "sastra kuwi ngalusake pambudine manungsa" ... la agama kuwi sing jare memayu hayuning bawana wae ya sok dadi perang paten-pinaten... ngono kuwi piye jal?