Monday 26 December 2011

KSJ III: Biyen Oposisi kok Saiki Kongsi?

Akeh pitakon kang sairip utawa malah presis kaya irah-irahane tulisan iki. Mula, sinambi ngeling-aling lelakone Konggres Sastra Jawa (KSJ) wiwit sepisanan (2001) nganti kang lagi wae digelar (28 – 30 Oktober 2011) muga-muga tulisan iki bisa atur katrangan kang trawaca, geneya kok ngono, geneya kok ngene.

Satemene, sebutan ”oposisi” apadene ”kongsi” kuwi rasane keladuk ”politis”. Nanging, sumangga kepriye olehe arep ngarani. Ana maneh kang tansah ngarep-arep supaya KSJ tansah bisa ngemban ayahan kadidene ”lembaga kontrol” tumrap Kongres Basa Jawa (KBJ) lan sokur-sokur uga tumrap kawicaksanan liyane saka Pamarentah kang gegayutan karo prakara basa lan sastra Jawa. Aran-aranan ”lembaga kontrol” iku satemene ya krasa kemelipen. Kok kaya dewan (perwakilan rakyat) wae! –senajan ta, sagaduk-gaduke KSJ tansah nindakake ”fungsi kontrol” kuwi, kanthi maneka-warna cara, klebu ngontrol saka njero, kanthi gelem melu kadhapuk dadi perangane Panitia KBJ. Mula, wiwit KSJ I nganti KSJ III, tansah ana paraga/pawongan saka unsur KSJ kang melu dhapuk dadi perangane Panitia KBJ. Geneya pitakon ”Biyen oposisi kok saiki dadi kongsi,” iku lagi njengat saiki?

Apa amarga KSJ III nampa sumbangan prabeya saka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Bojonegoro lan saka Pemerintah Provinsi Jawa Timur, kajaba saka priyantun lan bebadan swasta? Yen ditlusur, ing taun 2006 nalika bakal digelar KSJ II, Panitia KBJ III ya nawakake sumbangan dana. Mung, nalika kuwi saelingku dikantheni panjaluk, aja nggunakake tembung ”Konggres.” Rapat Panitia KSJ II banjur kabotan nampani sumbangan iku. Malah, merga kadhung kecenthok ing rasa, nalika dijabel panjaluk (nggunakake tembung ”Konggres”) lan sumbangan prabeya bakal diwenehake, Panitia KSJ II ya panggah wegah nampani. Iku bisa dadi titikan lamon sambung-rembug antarane Panitia KSJ II lan Panitia KBJ IV iku ora dumadi kanthi becik. Conto liyane, nalika sawatara paraga saka Panitia KSJ II bakal sapatemon karo Panitia KBJ IV ing Surabaya saprelu ngrembug usulan kanggo mbabar buku-buku sastra Jawa, wurung kalakon senajan sing ditilpun saka Ngayogyakarta budhal sadeg-sanyet.

Beda banget karo Panitia KBJ V, kang wiwit diwangun, wis nggoleki paraga saka unsur KSJ saprelu diajak rembugan. Kadang Sugeng Adipitoyo kang sawijining wektu mbarengi Prof Dr Djoko Saryono (Ketua Pelakasana KBJ V) nilpun ngene, ”Mas, sampeyan iki neng endi, arep takparani karo Pak Djoko Saryono.” We lhadalah! Ya gage olehku mangsuli, ”Wah, yen ngono carane aku bisa kuwalat, Mas. Sesuk wae yen Pak Djoko Saryono wis kondur menyang Malang taksowanane!”

Tenan, kelakon sapatemon karo Prof Dr Djoko Saryono M.Hum ing Kampus Universitas Negeri Malang. Rembugan ngalor-ngidul prakara lelakone KBJ lan KSJ. Pepuntopning rembug, Prof Djoko Saryono nelakake pamanggihe manawa anane Konggres Sastra Jawa kang wektune meh padha lan ing papan kang ora adoh karo Kongres Basa Jawa ora prelu didadekake prakara, kepara malah bisaa saiyeg-saekapraya amrih kabeh bisa kelakon kanthi lancar lan ngasilake pancadan kanggo ngranggeh gegayuhane. Mulane banjur disambung maneh rembugan karo sawatara paraga saka unsur KSJ. Mapan ing ruwang rapate salah sijine Asisten Gubernur Jatim, wektu kuwi saka ka unsur KSJ sing teka: Daniel Tito (Sragen), Dhanu Priyo Prabowo (Yogyakarta), Bonari Nabonenar (Malang), JFX Hoeri (Bojonegoro), Aris Sudaryanto alias Pakdhe Uban (Bojonegoro). Sing diulemi padha-padha lumantar SMS nanging ora bisa teka, Sucipto Hadi Purnomo (Semarang).

Apa kanthi mangkono para paraga saka unsur KSJ kuwi banjur kaya wong kang padha kesrimpung daya kritis-e? Mbokmanawa ora. Pratelan-pratelane Daniel Tito kang tkok-slorok, blak-blakan, upamane nalika mitakonake, ”Apa KBJ V iki mengko mung bakal kaya KBJ-KBJ sakdurunge kang katone mung kaya wong ngeceh-eceh dhuwit,” takkira bisa dadi titikan manawa para penggiat KSJ iku durung mlenceng saka gegayuhane sakawit.

Sepisan maneh, lamon dhek taun 2006 kae Panitia KSJ II gelem nampani, dhuwit bantuwan kuwi cetha saka Panitia KBJ V. Dene Panitia KSJ III ora mung arep nampani, nanging malah nyuwun bantuwan saka Pamarentah Provinsi Jawa Timur (ora saka Panitia KBJ V), merga sadhar yen rakyat kuwi duwe hak kanggo melu nanjakake dhuwit ”tabungane” kang disimpen (kanthi cara mbayar pajek lan sapiturute) lan diatur carane nggunakke dening Pamarentah. Ewadene isih ana sing mitakonake, ”Biyen oposisi kok saiki dadi kongsi?” mesthi iku pitakon ngemu pandakwa kang muncul saka pawongan kang ora bisa kanthi trawaca ngaweruhi apa kang satemene wis ditindakake dening para paraga pengiat KSJ kang uga kadhapuk dadi perangane Panitia KBJ V –sakdurunge, sajrone, lan mengko sakwise KBJ V kagelar.

Cekake, arepa dikayangapa, Panitia KBJ V kang wis gelem sapejagong karo (Panitia) KSJ III. Kuwi kudu dianggep sawijining kemajuan. Wis mundhak apik (ing tataran komunikasi) tinimbang KBJ-KBJ sakdurunge. Prekara asile jagongan utawa rembugan kuwi isih ngalor-ngidul, sairing lumakune wektu kudu tansah dijaga amrih dadi sangsaya becik. Syukur ora malah padha bali nglare, manjing kaya wong jothakan maneh. Mesthine iki ya salaras karo unen-unen pitutur, ”Yen ana rembug dirembug.” Ya merga ngajeni kang wis kasdu ngajak rembugan kuwi mula Panitia KSJ III ora kabotan nampani lan malah nyuwun sumbangan prabeya saka Pamarentah Provinsi Jawa Timur, lan senajan sabanjure entuk kabar manawa tibane etungan mung, utawa malah ora ana --separone kang nate ditawakake marang Panitia KSJ II dening Panitia KBJ IV (Semarang, 2006). Muga-muga iku bisa nambahi titikan manawa wong-wong KSJ kuwi ora mata-dhuwiten.

Kanthi mangkono uga, para paraga penggiat KSJ nuduhake manawa maneka kritik lan panyaruwe kang wis kasuntak sasuwene iki ora mung linandhesan semangat waton sulaya, ora mung ben ketok gagah dadi pemberontak. Panyaruwe iku uga ora mung katindakake saka njaba, saka kadohan, nanging uga nalika mapan ing sajerone Panitia (KBJ V). Terus apa titikane yen panyaruwe kuwi wis katindakake? Mbokmanawa sairing lumakune wektu kabeh mengko bakal kabuka. Yen saiki dijlentreh, sajake malah kurang prayoga, malah bakal katon kaya kaladuk ngalem awake dhewe.

Kang prelu dicathet maneh, yakuwi kanyatan manawa ing sajroning swasana ”dialog” kang lagi kawangun kuwi mesthi ora kabeh kawicaksanan kang sasuwene iki kabiji kurang prayoga banjur malik grembyang kaya kang dikarepake para pengritik. Mesthi ana proses. Lha, mulane, ayo saiki padaha melu dititeni, angger tindak lanjut-e KBJ V iki mengko isih panggah kaya sawise KBJ-KBJ sakdurunge: mung ana program sosialisasi lan banjur: sepi mamring, ya ayo aja kendhat-kendhat aweh panyaruwe. Syukur yen ana gerakan swadaya masyarakat kanggo bab-bab kang tundhone nggelak ajune basa lan sastra Jawa kaya kang ditindakake Suparto Brata kanthi mbabar buku-bukune, yen prelu malah ”mbayari wong kanggo maca bukune” kaya kang diandharake ing saweneh acara mapag tumapake KBJ V ing TVRI Jawa Timur sawatara wektu kepungkur, kaya kang wus katindakake sanggar-sanggar apadene paguyuban-paguyuban pamarsudi basa, sastra, lan kabudayan Jawa.

Mbokmanawa kanthi melu ngontrol kepriye lan apa kang bakal katindakake dening Pamarentah (Daerah) gegayutan karo Keputusan lan Rekomendasi KBJ V, bebrayan Jawa wiwit 2012 nganti 2015 utawa 2016 bisa nggolong-nggiligake suwara: sarujuk apa ora Program Pamarentah Provinsi Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Provinsi DIY kang aran Kongres Basa Jawa iku mengko bisa diterusake apa kudu diendhgegake ing Surabaya wingi kuwi wae. [Bonari Nabonenar, Ketua Panitia KSJ III, perangane Panitia KBJ V. –Tulisan iki panemu pribadine dhewe.]


Cathetan: sepisanan digiyarake lumantar Suara Merdeka

FOTO: DHANU PRIYO PRABOWO

0 urun rembug: