Thursday 1 December 2011

JLEGUR

user identiti: bonari
password: *******

jlegur!
ambyur telenging talaga
rembulan klumut
lintang klumut
pedhut kasaput warna lumut
kaladuk sengsem mbacut kepencut

jlegur!
ambyur ing bening tirta
yen ditaker sengseming lumban asmara
mung saglugut pinara sasra
wis ben cupumanik astagina
ginawa sapa
cinidra sapa
sengsem lelumban ing talaga
dadi kecebong ya ora apa-apa
jleg!

Sawojajar, November 2011


0 urun rembug: