Friday, 30 September 2011

Saemper Pasewakan

Ing kalangane para pengarang/penggurit, sok keprungu ukara mengkene: ’’Pengarang (utawa) penggurit Si Anu kae kok saiki ora tau metu tulisane ya?’’ Kebacute rembug, njur ditambahi ukara pitakon, ’’Gek-gek wis ora ana?’’ Utawa, tembung kasare, ’’wis mati.’’ Sing diarani pengarang utawa penggurit kuwi, diarani ana ya amarga olehe ngarang utawa nggurit. Dene yen wis ora ngarang maneh, utawa wis ora nggurit maneh, pancene ya bisa diarani wis ora ana (karyane), utawa wis mati (kreativitase). Buku kembang setaman guritan lan crita cekak iki kababar kanggo ngregengake gumelare Konggres Sastra Jawa (KSJ) III (Bojonegoro, 28 – 30 Oktober 2011). Mula, kabeh guritan lan crita cekak kapacak sajroning buku iki ora adhedhasar tintingan utawa seleksi, nanging adhedhasar uleman lan sok sapaa wae kang rumangsa kegugah dening kegiyatan (KSJ III) iki. Sawatara wulan sadurunge, wara-wara wis disebarake, mligine lumantar kacamaya kang maujud kanthi anane sambungan internet. Wong 200-an, malah luwih, diulemi dening Panitia. Nanging, nganti tumekaning titi bahan buku kudu wis mlebu percetakan, kang kasil kaimpun ana 40 crita cekak meh ora ganep, lan guritan saka penggurit cacah 74.

Mbokmenawa saemper yen ngestreni pasamuwan, adhakane ya milih klambi sing paling becik, macak mlipis, sakehe guritan apadene crita cekak kang kakirimake marang Panitia iki ya kang paling apik/prayoga miturut pengarang/penggurite. Mula, buku kembang setaman iki ya saemper pasamuwan, kang dirawuhi: saka para dhugdheng-e Sastra Jawa Gagrag Anyar nganti kang kena ingaran isih belajar, saka kang wis yuswa pensiunan puluhan taun nganti tekan bocah pelajar. Iki uga ngemu pawarta kang agawe bombong, awit kanthi mangkono cetha yen Sastra Jawa (Gagrag Anyar) ora bakal enggal cures, awit kabukten manawa proses regenerasi isih terus lumaku.

Muga-muga buku kembang setaman iki uga dadi tandha anane sambung paseduluran ing antarane para pengarang lan penggurit, dadi tandha mata kanggo para dwija, para siswa, lan sok sapaa wae kang ngaku tresna marang basa, sastra, budaya Jawa.

Ing wasana, atur panuwun katur marang para penggurit lan pengarang kang wus kersa nyumbangake karyane, ewadene malah isih ditarik iyuran, lan kanthi suka-rena maringake. Atur panuwun uga katur marang Dinas Pariwisata dan Budaya Kabupaten Bojonegoro, Yayasan Saworo Tino Triatmo, Pak JFX Hoery, Pakdhe Uban, Mas Sucipto Hadi Purnomo, Mas Dhanu Priyo Prabowo, Kang Arim Kamandaka, Dhimas Wahyu Hariyanto, lan kabeh Panitia KSJ III kang wis keraya-raya awit saking kepengine mujudake impen mbabar buku iki. Muga-muga kabeh iki gedhe paedahe.

Nuwun.


Bonari Nabonenar
piye?:

0 urun rembug: